A A A A A

Gusti Allah: [Berkah Keuangan]


1 SAMUEL 2:7
Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih, Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.

2 KORINTA 8:9
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.

3 YOKANAN 1:2
He kekasihku, pandongaku muga kowe ginanjara slamet lan bagas kawarasan ing sakabehe, dikaya nyawamu iya slamet.

KOHELET 9:10
Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.

GALATI 6:9
Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.

PURWANING DUMADI 13:2
Anadene Rama Abram iku sugih raja-kaya, salaka lan mas.

HOSEA 4:6
UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.

YAKOBUS 5:12
Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja supata; dadia demi swarga dadia demi bumi utawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.

YOKANAN 6:12
Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!”

LUKAS 6:38
Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”

LUKAS 12:34
Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”

WULANG BEBASAN 10:22
Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.

WULANG BEBASAN 11:14
Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk, nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.

WULANG BEBASAN 19:17
Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.

WULANG BEBASAN 21:17
Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan, sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.

WULANG BEBASAN 22:9
Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine.

WULANG BEBASAN 28:22-27
[22] Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.[23] Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi, tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.[24] Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.[25] Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.[26] Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.[27] Sing sapa weweh marang wong miskin ora bakal kekurangan, nanging kang ngeremake mripate bakal kena ing ipat-ipat.

JABUR 24:1
Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

MATEUS 6:33
Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

MATEUS 23:23
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.

MATEUS 25:21
Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.

RUM 13:8
Kowe aja padha duwe utang apa-apa marang sapa bae, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Toret.

WULANG BEBASAN 3:9-10
[9] Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;[10] temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure.

JABUR 121:1-2
[1] Kidung jiyarah. Mripatku tumenga marang gunung-gunung; pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?[2] Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.

MARKUS 11:22-23
[22] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha kumandela marang Allah![23] Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon.

PURWANING DUMADI 1:26-27
[26] Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”[27] Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

2 KORINTA 9:6-8
[6] Iki gatekna: Wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wongkang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh.[7] Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.[8] Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.

LUKAS 14:28-30
[28] Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.[29] Supaya manawa wis rampung pandhemene, mangka ora bisa mbacutake, sakehe wong kang weruh aja nganti padha moyoki[30] mangkene: Wong iku ngadani gegawean, nanging kok ora bisa ngrampungake!

LUKAS 6:34-36
[34] Lan maneh manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke, iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padha ngutangi marang padha wong dosa, supaya padha tampane.[35] Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.[36] Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”

YAKOBUS 5:1-3
[1] Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe![2] Kasugihanmu wis bosok sarta sandhanganmu padha kamangsa ing renget.[3] Mas sarta salakamu kapangan ing timbrah lan timbrahe bakal dadi paseksen tumrap ing kowe kabeh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadene geni. Kowe wus numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.

PURWANING DUMADI 12:1-20
[1] Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira.[2] Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.[3] Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”[4] Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.[5] Dadine Rama Abram mboyongi kang garwa Sarai lan Lut kaponakane apadene sabarang kagungane sarta para abdi tumbasan saka ing Haran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan, lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan.[6] Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhake Sikhem, yaiku ing sacedhake wit terbantin ing More. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan.[7] Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.[8] Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.[9] Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.[10] Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.[11] Kacarita bareng tindake wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: “Lah ta, aku weruh yen kowe iku wanita kang endah ing warna,[12] samangsa wong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Iku somahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowe diuripi.[13] Bok iya kowe kandha yen sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowe, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowe.”[14] Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,[15] lan bareng para abdi daleme Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladekake menyang kedhatone Sang Prabu Pringon.[16] Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadene kuldi wadon lan unta.[17] Nanging Sang Yehuwah ndhawahake bebendu kang abot banget marang Sang Pringon dalah brayate marga saka Ibu Sarai garwane Rama Abram iku.[18] Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: “Apa kang sira tandukake marang ingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yen wong wadon iku somahira?[19] Yagene sira matur: Punika sadherek kawula, temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, ta iku somahira, gawanen lan mundura!”[20] sang Prabu Pringon banjur dhawuh marang abdine supaya ngeterake tindake Rama Abram dalah kang garwa apadene sabarang kagungane kabeh.

MATEUS 6:1-34
[1] “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.[2] Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.[3] Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen.[4] Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”[5] “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.[6] Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.[7] Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul.[8] Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur.[9] Marga saka iku ndedongaa mangkene: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken.[10] Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga.[11] Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.[12] Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.[13] Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.][14] Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.[15] Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.”[16] “Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.[17] Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,[18] supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”[19] “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.[20] Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.[21] Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.[22] Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.[23] Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”[24] “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.[25] Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan?[26] Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?[27] Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang?[28] Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih.[29] Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku.[30] Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel![31] Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?[32] Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.[33] Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.[34] Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

PANGANDHARING TORET 28:1-68
[1] “Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.[2] Manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kowe bakal ketekan sakehing berkah kang bakal dadi pandumanmu.[3] Kowe bakal kaberkahan ana ing jero kutha lan kaberkahan ana ing pategalan.[4] Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.[5] Bakal binerkahan kranjangmu lan wadah jladrenmu.[6] Bakal binerkahan samangsa kowe lumebu lan bakal kaberkahan samangsa metu.[7] Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.[8] Sang Yehuwah bakal ndhawuhake berkah tumrap ing lumbungmu lan tumrap samubarang kang koktandangi; kowe bakal kaberkahan ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.[9] Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.[10] Para bangsa ing salumahing bumi banjur bakal padha weruh yen asmane Sang Yehuwah kasebut tumrap kowe, temah bakal padha ering marang kowe.[11] Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing taja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.[12] Sang Yehuwah bakal mbikak pasimpenaning kamirahane kang luber, yaiku langit, supaya tanahmu kaparingan udan ing kala mangsane lan mberkahi sakehe pagaweanmu, temah kowe bakal ngutangi marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal utang.[13] Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;[14] apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”[15] “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:[16] Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan.[17] Bakal kena ing laknat kranjangmu lan wadhah jladrenmu.[18] Bakal kena ing laknat wohing wetenganmu lan pametuning palemahanmu, anak-anake sapimu lan wetengane wedhusmu.[19] Kowe bakal kena ing laknat samangsa lumebu, lan kena ing laknat samangsa metu.[20] Sang Yehuwah bakal ndhatengake laknat, dahuru lan bebendu ana ing antaranira tumrap sakehe pagawean kang sira tandangi, nganti sira tumpes lan sirna kanthi enggal, marga saka panggawenira kang ala, anggonira mungkur ninggal marang Ingsun.[21] Sang Yehuwah bakal ndhatengake pageblug pes marang kowe, nganti kowe kasirnakake saka ing tanah kang kokparani lan kokenggoni.[22] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu.[23] Langit kang ana ing sadhuwure sirahmu bakal dadi kaya tembaga lan tanah kang kokambah bakal dadi kaya wesi.[24] Sang Yehuwah bakal nurunake udan awu lan bledug ing nagaramu, kabeh mau bakal nibani kowe saka ing langit nganti tumeka ing satumpesmu.[25] Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi.[26] Jisimmu bakal dadi memangsane sarupane manuk ing awang-awang lan beburon ing bumi, sarta bakal ora ana kang nggusahi.[27] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari.[28] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara edan, wuta sarta bubrah ing nalar,[29] temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi.[30] Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe.[31] Sapimu bakal disembeleh ana ing ngarepmu, nanging kowe ora bakal mangan daginge; kuldimu bakal dirampas saka ing ngarepmu, lan ora bakal dibalekake marang kowe. Wedhusmu bakal padha kaulungake marang mungsuhmu, mangka bakal ora ana kang teka mitulungi kowe.[32] Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.[33] Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya.[34] Kowe bakal dadi owah engetan marga saka sesawangan kang kokdeleng.[35] Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari.[36] Sang Yehuwah bakal ngulungake kowe dalah rajamu kang kokadegake supaya mengku kowe, marang salah sawijining bangsa kang ora kokwanuhi, lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu; ana ing kana kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang rupa kayu lan watu.[37] Kowe bakal dadi bab kang marakake kaebatan, dadi pocapan lan pepoyokane para bangsa, ana ing wewengkon anggonmu bakal disingkirake dening Sang Yehuwah.[38] Pategalanmu bakal koksebari wiji akeh, nanging anggonmu ngundhuhi mung sathithik, marga bakal dipangani walang.[39] Kowe bakal gawe lan nanduri pakebonan anggur, nanging kowe ora bakal ngombe utawa nandho anggur, marga bakal dipangan uler.[40] Kowe bakal nduweni wit jaitun ana ing sawratane dhaerahmu, nanging kowe ora bisa nglengani awakmu, marga wohe jaitunmu bakal padha gogrog.[41] Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan.[42] Sakabehe wit-witanmu lan pametune palemahanmu bakal diebroki grombolan walang.[43] Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod.[44] Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.[45] Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;[46] iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”[47] “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,[48] mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.[49] Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;[50] bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah;[51] kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu.[52] Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.[53] Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.[54] Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,[55] nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.[56] Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon;[57] marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.[58] Manawa kowe ora nglakoni kanthi tumemen sakehe pangandika ing angger-anggering Toret kang katulisan ana ing kitab iki, lan kowe ora gelem ngajeni Asma kang mulya lan nggegirisi iki, yaiku marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,[59] Sang Yehuwah bakal ndhatengake wewelak kang elok marang kowe lan marang turunmu; wewelak kang nggegirisi lan suwe lan lelara mbebayani tur suwe.[60] Panjenengane iya bakal ndhatengake sakehe memala Mesir kang kokwedeni, kabeh iku bakal padha tumemplok ing awakmu,[61] uga sarupane lelara lan sarupane wewelak kang ora katulisan ana ing kitab Toret iki, iku bakal ditekakake dening Sang Yehuwah marang kowe nganti satumpesmu.[62] Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.[63] Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.[64] Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.[65] Ana ing antarane para bangsa iku kowe ora bakal oleh katentreman, sarta dlamakanmu bakal ora oleh aso; malah ing kono kowe bakal kaparingan ati kang semplah, mripat kang kebak rasa kangen sarta nyawa kang nggrantes.[66] Uripmu bakal kompal-kampul, awan lan bengi tansah was-was lan nguwatirake uripmu.[67] Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati.[68] Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981