A A A A A

Gusti Allah: [Laknat]


KAIMAMAN 20:9
Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.

PANGANDHARING TORET 28:15
“Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:

PANGENTASAN 21:17
Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.

YEREMIA 15:10
Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.

GALATI 3:13
Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”

PANGENTASAN 34:7
kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”

LUKAS 6:28
Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

WILANGAN 14:18
Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.

PURWANING DUMADI 3:17
Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.

WULANG BEBASAN 26:2
Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan, iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama.

PANGANDHARING TORET 5:9
Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;

GALATI 5:1
Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.

PANGENTASAN 20:5
Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,

2 KORINTA 5:17
Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.

1 YOKANAN 4:4
He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.

2 SAMUEL 16:5-8
[5] Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.[6] Sang Prabu Dawud lan para abdine Sang Prabu padha disawati watu, sanadyan sakehe wadyabala lan para prawira padha ngurung-urung ing sakiwa tengene.[7] Mangkene pangucape Simei, nalika ngipat-ipati: “Lungaa, lungaa he wong kang ngwutahake getih, wong dursila![8] Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”

PANGANDHARING TORET 21:23
jisime aja nganti nginep gumantung ing saka mau, nanging poma kakubura ing dina iku uga; awitdene wong kang kagantung iku kena ing laknate Gusti Allah; kowe aja nganti najisake tanah kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi duwekmu.”

PANGENTASAN 20:5-6
[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.

1 SAMUEL 17:43
Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.

YEHESKIEL 18:20
Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.

YEREMIA 31:29-30
[29] Ing wektu iku bakal ora ana wong kang ngucap maneh: Para bapa padha mangan woh mentah, anak-anake padha linu untune,[30] nanging: Saben wong bakal mati marga saka durakane dhewe; saben wong kang mangan woh mentah, untune dadi linu.

PANGENTASAN 20:6
nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.

PANGANDHARING TORET 18:10-12
[10] Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,[11] kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.[12] Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran yehuwah, Gusti Allahmu.

RUM 8:37-39
[37] Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.[38] Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana,[39] apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

1 PETRUS 5:8-9
[8] Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.[9] Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.

PURWANING DUMADI 3:17-19
[17] Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.[18] Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.[19] Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”

PURWANING DUMADI 4:10-12
[10] Pangandikane Sang Yehuwah: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getihe adhinira Abel sesambat marang Ingsun saka bumi.[11] Ing samengko sira kena ing ipat-ipat kabuwang adoh saka ing bumi kang wus ngangapake cangkeme nadhahi getihe adhinira Abel saka tanganira.[12] Samangsa sira ngolah bumi, pametune ora bakal samesthine, sira bakal kaya wong keplayu lan nglembara ana ing bumi.”

PURWANING DUMADI 9:18-27
[18] Para putrane Rama Nuh kang padha metu saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. Dene Kham iku bapakne Kanaan.[19] Telu iku mau padha putrane Rama Nuh, lan marga saka anane wong telu mau sajagad kabeh kaisenan ing wong.[20] Rama Nuh miwiti tetanen lan damel pakebonan anggur,[21] nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarube.[22] Bareng Kham, bapakne Kanaan, weruh kang ramane lukar, banjur nyaritakake bab iku marang sadulure karo pisan ana ing jaba.[23] Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.[24] Bareng Rama Nuh wungu sarta wurune wus ilang, miyarsa bab tumindake putrane wuragil marang sarirane,[25] tumuli ngandika: “Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para bature sadulure.”[26] Banjur ngandika maneh: “Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem, lan Kanaan iku dadia bature.[27] Gusti Allah njembarna papan padunungane Yafet, lan manggona ing tarube Sem, tuwin Kanaan iku dadia bature.”

1 PARA RAJA 2:32-46
[32] Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.[33] Mulane getihe wong loro iku bakal tumempuh marang Yoab lan turun-turune ing salawas-lawase, nanging Rama Dawud lan para tedhak-turune lan kulawargane apadene dhampare bakal ginanjar slamet dening Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”[34] Sang Benaya bin Yoyadha banjur tindak, Senapati Yoab tinempuh lan kasedanan. Sawuse mangkono banjur kasarekake ing daleme piyambak ana ing pasamunan.[35] Sang Prabu tumuli misudha Sang Benaya bin Yoyadha dadi gegentine Sang Yoab, dadi senapati; tuwin Imam Zadhok kaangkat dening Sang Prabu dadi gegentine Imam Abyatar.[36] Sawuse mangkono Sang Nata nuli dhawuh nimbali Simei sarta dipangandikani mangkene: “Sira ngedegna omah kanggo sira ana ing Yerusalem banjur enggonana sarta sira aja metu saka ing kono arepa menyang ngendi bae.[37] Amarga sumurupa, samangsa sira metu lan nyabrang ing kali Kidron, sira mesthi bakal dipateni lan getihira bakal tumempuh marang sira dhewe.”[38] Simei banjur munjuk marang Sang Prabu: “Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem Sang Prabu punika.” Simei nuli manggon ana ing Yerusalem nganti antara lawas.[39] Nanging sawuse telung taun banjur kelakon ana bature Simei loro kang minggat menyang ing ngarsane Sang Prabu Akhis bin Maakha, ratu ing Gat; Simei nuli kawartanan: “Kauningana, abdi panjenengan kalih wonten ing Gat.”[40] Simei banjur enggal-enggal ngabah-abahi kuldine nuli mangkat menyang ing Gat, ing wewengkone Sang Prabu Akhis, nggoleki bature mau. Sawuse mangkono tumuli mulih kanthi nggawa batur-bature mau saka ing Gat.[41] Bareng Sang Prabu Suleman diunjuki uninga, manawa Simei mentas lunga saka ing Yerusalem menyang Gat lan saiki wus mulih,[42] Sang Prabu banjur utusan nimbali Simei kang tumuli dipangandikani mangkene: “Sira rak wus sundhawuhi sumpah demi Sang Yehuwah lan wus sunparingi pepeling mangkene: Iki sumurupana kang temenan, yaiku samangsa sira metu lan lunga menyanga ngendi bae, sira mesthi bakal kapatenan. Lan sira wus munjuk: Inggih sendika, adalem badhe nglampahi dhawuh dalem.[43] Yagene dene sira kok ora netepi sumpahira demi Sang Yehuwah iku lan uga dhawuh kang sunparingake marang sira?”[44] Sabanjure Sang Prabu ngandika marang Simei mangkene: “Sira dhewe sumurup ing sajrone atinira marang sakehing piala kang sira tandukake marang Sang Prabu Dawud, ramaningsun, mulane Sang Yehuwah wus nempuhake pialanira iku marang sira dhewe.[45] Nanging Sang Prabu Suleman muga kaberkahana lan muga dhampare Sang Prabu Dawud santosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah nganti ing salawas-lawase.”[46] Sang Prabu banjur paring dhawuh marang Benaya bin Yoyadha; Benaya nuli mundur, Simei ditigas nganti mati. Kaya mangkono karajan iku dadi santosa ana ing astane Sang Prabu Suleman.

AYUB 2:9
Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”

AYUB 19:17
Bojoku ora betah mambu ababku, sarta ambuku bacin tumrap para sadulurku tunggal bapa biyung.

AYUB 1:10
Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.

EFESUS 6:10-17
[10] Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.[11] Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.[13] Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.[14] Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,[15] sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;[16] sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,[17] karomaneh padha nampanana tetopong karahyon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,

MATEUS 5:22
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.

RUM 3:23
Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

PURWANING DUMADI 9:25
tumuli ngandika: “Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para bature sadulure.”

JABUR 104:9
Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi.

PURWANING DUMADI 6:12
Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

PURWANING DUMADI 7:20
Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

PURWANING DUMADI 8:5-9
[5] Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.[6] Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,[7] sarta nguculake manuk gagak, iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyu saka ing bumi.[8] Sawuse mangkono banjur ngeculake manuk dara, karsane ngyektosi apa banyune wus surud saka ing lumahing bumi,[9] nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.

PURWANING DUMADI 9:11
Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”

RUM 12:14
Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981