A A A A A

Gusti Allah: [Prentah]


MARKUS 10:19
Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”

LUKAS 18:20
Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”

MATEUS 22:34-40
[34] Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.[35] Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:[36] “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”[37] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.[38] Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.[39] Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.[40] Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

RUM 13:9
Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!

MATEUS 19:16-19
[16] Ana sawijining wong sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?”[17] Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”[18] Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.[19] Sira ngajenana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadene awakira dhewe.”

MATEUS 22:36-40
[36] “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”[37] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.[38] Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.[39] Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.[40] Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

MATEUS 10:17-22
[17] Nanging sing waspada marang wong kabeh; sabab ana kang bakal ngladekake kowe marang pradata agama, kang banjur nyapu kowe ana ing papan-papan pangibadahe.[18] Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.[19] Anadene manawa kowe padha kalakon diladekake, aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kok aturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal kaparingake marang kowe.[20] Awit dudu kowe kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang ngandika lumantar kowe.[21] Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.[22] Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.

RUM 13:8-14
[8] Kowe aja padha duwe utang apa-apa marang sapa bae, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Toret.[9] Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe![10] Tresna iku ora nandukake piala marang sapadha-padha, mulane katresnan iku katetepane angger-anggering Toret.[11] Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.[12] Iki wus lingsir wengi, wus meh raina. Mulane payo kita padha ngrucat sakehing pratingkahing pepeteng, lan padha asikep gegamaning pepadhang![13] Payo kita padha lumaku kang patut, kang sembada kalawan raina, aja padha nguja memangan sarta endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.[14] Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.

MARKUS 12:28-34
[28] Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”[29] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji.[30] Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.[31] Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”[32] Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.[33] Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”[34] Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.

PANGENTASAN 34:28
Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.

PANGANDHARING TORET 4:13
Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.

PANGANDHARING TORET 10:4
Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.

PANGANDHARING TORET 5:7-22
[7] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[8] Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi.[9] Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;[10] nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.[11] Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.[12] Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.[13] Nem dina sira nyambuta gawe sarta nglakonana sapagaweanira kabeh,[14] nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Allahira; mulane sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan sapinira utawa kuldinira sarta sadhengah kewanira, utawa bangsa liya kang ana ing sajroning wewengkonira, supaya baturira lanang lan wadon iya bisaa ngaso kaya sira.[15] Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.[16] Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.[17] Sira aja memateni.[18] Sira aja laku bedhang.[19] Sira aja nyenyolong.[20] Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.[21] Sira aja melik bojone pepadhanira, sira aja melik omahe pepadhanira, utawa pategalane lan bature lanang utawa wadon, sapine utawa kuldine, lan sadhengah apa bae kang dadi duweke pepadhanira.[22] Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”

PANGANDHARING TORET 6:21
nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.

PANGANDHARING TORET 10:1-5
[1] “Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.[2] Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.[3] Aku banjur gawe pethi kayu sitah, lan natah papan watu loro kaya kang dhisik, tumuli aku munggah ing gunung karo nggawa papan loro mau.[4] Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.[5] Aku nuli mudhun saka ing gunung, sarta papane tumuli dakselehake ing sajrone pethi olehku gawe; iya ana ing kono sumelehe, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah marang aku.

PANGENTASAN 20:1-17
[1] Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:[2] “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.[3] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[4] Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.[7] Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.[8] Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,[9] nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,[10] nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.[11] Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.[12] Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.[13] Sira aja memateni.[14] Sira aja laku jina.[15] Sira aja nyenyolong.[16] Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.[17] Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

PANGENTASAN 24:12
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”

PANGENTASAN 34:10-29
[10] Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.[11] Nanging sira netepana prentahingSun marang sira ing dina iki. Lah Ingsun bakal nundhungi saka ngarepanira, wong Amori, wong Kanaan, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.[12] Poma, sira aja gawe prajanjian karo wong isine tanah kang bakal padha sira tekani iku, aja nganti wong iku padha dadi kala-jiret ana ing tengahira.[13] Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.[14] Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.[15] Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.[16] Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau.[17] Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.[18] Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.[19] Sadhengah kang lair dhisik dhewe, iku dadi kagunganingSun, uga sakehe kewanira kang lanang, pambarepe sapi utawa wedhus.[20] Nanging anake kuldi kang pambarep iku katebusa sarana cempe; saupama ora sira tebus, kaputunga cengele. Saben anakira pambarep kang lanang iku kudu sira tebus. Saben wong kang seba marang ing ngarsaningSun ora kena tanpa nggawa apa-apa.[21] Nem dina sira nyambuta gawe, nanging ing dina kapitu sira lerena; sanadyan ing mangsa mluku utawa panen sira iya kudu netepi dina palerenan iku.[22] Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.[23] Setaun rambah kaping telu sakehe wong lanang panunggalanira padha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,[24] awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.[25] Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.[26] Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”[27] Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”[28] Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.[29] Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.

PANGANDHARING TORET 6:4-9
[4] He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.[5] Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.[6] Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna,[7] lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.[8] Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,[9] apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.

PANGENTASAN 20:2-17
[2] “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.[3] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[4] Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.[7] Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.[8] Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,[9] nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,[10] nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.[11] Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.[12] Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.[13] Sira aja memateni.[14] Sira aja laku jina.[15] Sira aja nyenyolong.[16] Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.[17] Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

PANGENTASAN 31:18
Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.

YOKANAN 14:15
“Manawa kowe padha trena marang Aku, padha netepana pepakonKu,

MATEUS 19:18
Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.

YOKANAN 15:10
Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.

MATEUS 5:17
“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.

PANGENTASAN 32:15
Nabi Musa tumuli mundur, mandhap saka ing gunung karo ngasta papan angger-angger loro, papan kang padha kaseratan sisih loro pisan, ing ngarep lan ing buri.

YOKANAN 15:12-17
[12] PapakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.[13] Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.[14] Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.[15] Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.[16] Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.[17] Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”

PANGENTASAN 32:16
Papan loro mau yasane Gusti Allah, tulisane iya seratane Gusti Allah pribadi, kaukir ana ing papan mau.

PANGENTASAN 34:27
Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981