A A A A A

God: [Viruses / Diseases]


YESAYA 26:20
He bangsaku, lumebua ing kamarmu, sawuse lumebu lawange kancingen ndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu.

YEREMIA 25:32-33
[32] Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah, wewelak bakal tular-tumular saka bangsa siji marang bangsa sijine, prahara gedhe bakal ngamuk saka poncoting bumi.[33] Ing dina iku banjur bakal akeh wong mati glimpangan, kang pinejahan dening Sang Yehuwah, saka ing poncoting bumi tumeka ing poncoting bumi. Bakal padha ora ditangisi, ora dikukupi lan dipendhem, bakal padha dadi rabuk ing pategalan.

2 BABAD 7:13-14
[13] Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,[14] mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.

WAHYU 6:3-8
[3] Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap: “Mara ndelenga!”[4] Tumuli ana jaran liyane maju, ulese abang mbaranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha paten-pinatenan, lan uga kaparingan pedhang gedhe.[5] Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.[6] Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”[7] Lan nalika Sang Cempe nglethek segel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap: “Mara ndelenga!”[8] Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kang nunggang jenenge si Pati, lan dietutake dening teleng palimengan. Lan iku padha kaparingan panguwasa mateni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kewan-kewan galak ing bumi.

1 SAMUEL 5:6
Astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong Asdod sarta gawe bingunge wong-wong iku. Panjenengane ngganjar lelara wudun marang wong-wong iku, iya ing Asdod iya ing wewengkone.

2 KORINTA 4:7
Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka ing Gusti Allah, dudu saka awakku dhewe.

PANGENTASAN 20:3
Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.

YAKOBUS 4:10
Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.

MATEUS 6:24
“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

FILIPI 4:6
Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.

JABUR 103:2-3
[2] Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane![3] Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.

WILANGAN 11:31-33
[31] Tumuli ana angin midid kang asale saka Pangeran Yehuwah, kang nggawa manuk gemak saka ing pinggire segara banjur kasebar ana ing sadhuwure palereban sarta ing saubenge, ing keblat papat, nganti watara lakon sadina, dhuwure saka ing lemah watara rong asta.[32] Wong-wong banjur padha tumandang nglumpukake manuk gemak mau nganti sadina muput lan sawengi natas, dalah esuke iya sadina muput maneh; saben wong siji anggone nglumpukake sathithik-sathithike sapuluh homer, tumuli padha didhendheng disebar ana ing saubenge palereban.[33] Nalika daginge iku isih ana ing cangkem, durung nganti kamamah, banjur mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, padha kagebag ing wewelak kang abot banget dening Sang Yehuwah.

PANGENTASAN 9:8-11
[8] Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Sira padha njupuka angus ing pawon paleburan sagegem kebak, lan Musa banjur nyawurna angus mau ing awang-awang ana ing ngarepe Pringon.[9] Angus iku bakal malih dadi bledug lembut nyrambahi satanah Mesir kabeh, iku bakal njalari anane memala wudun kang mecah dadi koreng, ngenani manungsa lan kewan ing sawratane tanah Mesir.”[10] Nabi Musa lan Rama Harun banjur mundhut angus saka ing pawon paleburan, tumuli jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, anguse tumuli disawurake ing awang-awang dening Nabi Musa, temah ana memala wudun kang mecah ngoreng thukul ing badane manungsa lan kewan.[11] Para juru sihir nganti ora betah ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, marga saka memalane; awit para juru sihir iya padha ketaman wudun kayadene wong Mesir kabeh.

YAKOBUS 1:2-6
[2] He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna,[3] jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.[4] Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.[5] Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.[6] Mung bae panyuwune iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha bae karo ombaking sagara, kang katempuh ing angin mawalikan mrana-mrene.

WAHYU 9:15-19
[15] Malaekat papat kang padha kacawisake ngenteni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku tumuli diuculi, supaya padha mateni sapratelone umat manungsa.[16] Lan cacahe wadyabala jaranan iku rongpuluh ewu leksa; aku krungu pira cacahe.[17] Mungguh jarane lan kang padha nunggangi iku ana ing wahyu iki katone mangkene: padha nganggo kere, warnane abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhase jaran memper kaya endhasing singa, tuwin cangkeme ngetokake geni, lan pega sarta welirang.[18] Sapratelone umat manungsa padha dipateni dening wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkeme.[19] Awitdene dayane jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkeme lan buntute; amarga buntute iku kaya ula; padha nganggo endhas, iku kanggo nganakake karusakan.

MARKUS 13:32-37
[32] Nanging mungguh dinane lan wayahe, iku ora ana wong kang sumurup, para malaekat ing swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama.”[33] “Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.[34] Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.[35] Mulane padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk.[36] iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.[37] Apa kang wis Dakpangandikakake marang kowe, iku Dakwarahake marang sakabehing wong: Padha meleka!”

JABUR 91:2-14
[2] iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”[3] Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni.[4] kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring siwiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.[5] Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan,[6] marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.[7] Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;[8] iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka.[9] Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,[10] Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;[11] awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.[12] Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.[13] Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.[14] “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.

LUKAS 21:5-38
[5] Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem dene nganggo rinengga ing watu-watu kang endah sarta pisungsung warna-warna, Gusti Yesus banjur ngandika:[6] “Apa kang padha kokdeleng iku bakal tumeka ing wektu ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane; kabeh bakal padha digempur.”[7] Wong-wong mau banjur padha matur pitakon: “Guru, benjing punapa kalampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhe kalampahan?”[8] Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.[9] Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”[10] Panjenengane banjur ngandika marang wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, karajan nglawan padha karajan,[11] lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.[12] Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.[13] Iku bakal dadi jalarane kowe kabeh bakal padha nglairake paseksen.[14] Mulane sing padha mantep bae, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kapriye anggonmu bakal mangsuli.[15] Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.[16] Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,[17] apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu.[18] Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang.[19] Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”[20] “Manawa kowe nyumurupi kutha Yerusalem kakepung ing wadyabala, mangretia, yen gempure wis cedhak.[21] Ing nalika iku wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padesan aja lumebu ing kutha maneh,[22] amarga yaiku mangsa tekane piwales, kang dadi kayektene sabarang kang wis katulisan kabeh.[23] Nanging mesakake banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhe ing saindenging nagara lan bangsa iki bakal tampa deduka.[24] Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”[25] “Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.[26] Wong-wong bakal padha semaput dening giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad; amarga kabeh panguwasaning langit bakal gonjing.[27] Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih mega, ngagem panguwasa lan kamulyan gedhe.[28] Anadene manawa iku kabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan tumengaa, amarga wis cedhak anggonmu bakal kaluwaran.”[29] Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae.[30] Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas.[31] Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak.[32] Aku pitutur marang kowe: Satemene jinis iki bakal ora sirna sadurunge iku mau kalakon kabeh.[33] Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna babar pisan.”[34] “Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.[35] Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki.[36] Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”[37] Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos lan lereb ana ing gunung kang aran gunung Zaitun.[38] Lan esuke wong-wong kabeh padha sowan ing ngarsane ana ing Padaleman Suci, ngrungokake pangandikane.

MATEUS 24:1-35
[1] Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.[2] Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”[3] Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”[4] Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong![5] Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.[6] Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.[7] Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan.[8] Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.[9] Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.[10] Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.[11] Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.[12] Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.[13] Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu.[14] Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”[15] “Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikane kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel -- sing sapa maca migatekna --[16] wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.[17] Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe.[18] lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangane.[19] Mesakake banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.[20] Nyenyuwuna, supaya anggonmu padha ngungsi aja pinuju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat.[21] Amarga ing wektu iku bakal kalakone panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagad nganti saprene lan kang bakal ora kalakon maneh.[22] Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.[23] Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen Kristus ana ing kene, utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel.[24] Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.[25] Eling-elingen, Aku wis ngandhani kowe bab iku mau sadurunge kalakon.[26] Mulane yen ana wong kandha marang kowe: Panjenengane ana ing ara-ara samun, kowe aja mrana. Utawa: Panjenengane ana ing kamar, aja ngandel.[27] Sabab kayadene cumlereting kilat saka ing wetan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa.[28] Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonane manuk garudha padha gegrombolan.”[29] “Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.[30] Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.[31] Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.[32] Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.[33] Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.[34] Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.[35] Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981