A A A A A

God: [Unconditional Love]


1 YOKANAN 4:16-18
[16] Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.[17] Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.[18] Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.

1 PETRUS 4:8
Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.

KOLOSE 3:14
Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.

EFESUS 2:8
Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,

EFESUS 5:25
He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku

YEREMIA 31:3
Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane: Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.

YOKANAN 3:16
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

1 KORINTA 13:7
Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.

1 KORINTA 13:13
Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.

1 YOKANAN 3:1
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang ktia, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.

1 YOKANAN 3:16
Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.

1 YOKANAN 4:8
Sapa kang ora nindakake katresnan, iku ora wanuh karo Gusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan.

YOKANAN 14:21
Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”

YOKANAN 15:12-13
[12] PapakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.[13] Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.

LUKAS 6:27
“Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.

WULANG BEBASAN 10:12
Sengit marakake grejegan, katresnan nasabi sakehe panerak.

WULANG BEBASAN 17:17
Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.

RUM 3:23
Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

RUM 5:5-8
[5] Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.[6] Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.[7] Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --[8] Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

RUM 8:35
Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?

RUM 12:9-10
[9] Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.[10] Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.

TITUS 3:4-5
[4] Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,[5] ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,

1 YOKANAN 4:9-10
[9] Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.[10] Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.

YOKANAN 13:34-35
[34] Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.[35] Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”

1 KORINTA 13:4-7
[4] Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.[5] Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.[6] Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.[7] Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.

MATEUS 5:43-48
[43] “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira![44] Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,[45] supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.[46] Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?[47] Lan manawa kowe aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bare, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta?[48] Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”

1 KORINTA 1:1-13
[1] Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,[2] marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.[3] Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.[4] Aku tansah saos sokur marang Gusti Allahku bab ing ngatase kowe kabeh, awit saka sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang kowe ana ing Sang Kristus Yesus.[5] Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,[6] laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.[7] Satemah kowe padha ora kekurangan ing bab sadhengah ganjaran, sajrone kowe padha nganti-anti kebabare Gusti kita Yesus Kristus.[8] Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.[9] Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.[10] Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.[11] Sabab, para sadulurku, aku wis diwartani dening wong-wong saka brayate Khloe ing ngatase kowe kabeh, yen ing antaramu ana padudon.[12] Kang dakkarepake iku yaiku siji-sijine panunggalanmu calathu: Aku iki golongane Paulus! Aku golongane Apolos! Aku saka golongane Kefas! Utawa aku golongane Sang Kristus.[13] Apa Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981