A A A A A

God: [Time]


2 KORINTA 6:2
Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.

1 YOKANAN 2:17
Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.

KOHELET 3:11
Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake, malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti wekasan.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

YOKANAN 3:16
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

YOKANAN 9:4
Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.

WULANG BEBASAN 16:9
Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.

WULANG BEBASAN 21:5
Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.

WULANG BEBASAN 27:1
Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.

JABUR 31:15
Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”

JABUR 90:12
Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.

RUM 13:11
Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.

ESTER 4:14
Sebab sanadyan ing wekdal punika panjenengan dalem namung kendel kemawon, mesthi badhe wonten pangluwaran sarta pitulungan saking tiyang sanesipun tumrap tiyang Yahudi, dene panjenengan dalem sakulawarga dalem badhe sami tumpes. Sinten ingkang mangretos, bokmanawi inggih tumuju dhateng ing wekdal ingkang kados sapunika punika anggen panjenengan dalem angsal kalenggahaning prameswari.”

MARKUS 13:32-33
[32] Nanging mungguh dinane lan wayahe, iku ora ana wong kang sumurup, para malaekat ing swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama.”[33] “Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.

2 PETRUS 3:8-9
[8] Mung bae para kekasih, kowe aja padha kelalen prakara siji iki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadina iku prasasat sewu taun sarta sewu taun prasasat sadina.[9] Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.

KOLOSE 4:5-6
[5] Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.[6] Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.

EFESUS 5:15-17
[15] Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter,[16] lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.[17] Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.

1 TESALONIKA 5:1-3
[1] Nanging, para sadulur, mungguh mangsa lan wayahe ora prelu daktulis marang kowe,[2] amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.[3] Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani -- mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.

WULANG BEBASAN 6:6-8
[6] He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.[7] Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,[8] iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.

YAKOBUS 4:13-17
[13] Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,[14] mangka kowe padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhela banjur sirna.[15] Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”[16] Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.[17] Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

KOHELET 3:1-8
[1] Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.[2] Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur.[3] Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.[4] Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.[5] Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.[6] Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.[7] Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.[8] Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981