A A A A A

God: [Trinity]


1 KORINTA 8:6
nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.

2 KORINTA 3:17
Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.

2 KORINTA 13:14
Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,

KOLOSE 2:9
Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,

YESAYA 9:6
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.

YESAYA 44:6
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.

YOKANAN 1:14
Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.

YOKANAN 10:30
Aku lan Sang Rama iku siji.”’

LUKAS 1:35
Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.

MATEUS 1:23
“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

MATEUS 28:19
Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,

MATEUS 3:16-17
[16] Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.[17] Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”

RUM 14:17-18
[17] Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.[18] Awit sapa kang ngladeni Sang Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparenge Gusti Allah sarta kajen ing wong.

LUKAS 3:21-22
[21] Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,[22] banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”

PURWANING DUMADI 1:1-2
[1] Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi.[2] Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.

YOKANAN 5:7-8
[7] Atur wangsulane sing lara: “Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyini kawula.”[8] Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!”

1 PETRUS 1:1-2
[1] Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Cilik lan Bitinia,[2] yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Fusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.

2 KORINTA 1:21-22
[21] Sabab Panjenengane kang wus nyantosakake aku kabeh bebarengan karo kowe ana ing patunggilane Sang Kristus, yaiku Gusti Allah kang wus njebadi,[22] lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.

1 KORINTA 12:4-6
[4] Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji.[5] Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.[6] Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.

EFESUS 4:4-6
[4] tunggal badan, lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,[5] tunggal Gusti, tunggal pracaya lan tunggal baptis,[6] tunggal Allah lan Ramane kabeh, Gusti Allah kang mengku kabeh, lumantar kabeh, lan ana ing kabeh.

KOLOSE 1:15-17
[15] Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,[16] marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;[17] Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;

YOKANAN 14:9-11
[9] Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula muga sami Paduka tedahi Sang Rama?[10] Apa kowe ora ngandel yen Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturake marang kowe iku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengane iku kang nindakake pandamele.[11] Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku.

FILIPI 2:5-8
[5] Ing sajrone anggonmu padha urip bebarenagn padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yesus,[6] kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,[7] nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.[8] Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib.

YOKANAN 10:30-36
[30] Aku lan Sang Rama iku siji.”’[31] Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh, arep kanggo mbenturi Panjenengane.[32] Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”[33] Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”[34] Gusti Yesus mangsuli: “Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah.[35] Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake --[36] kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981