A A A A A

God: [Plans]


WULANG BEBASAN 19:21
Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh, nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.

YEREMIA 29:11
Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

WULANG BEBASAN 15:22
Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan, nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

JABUR 33:11
nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

WULANG BEBASAN 16:3
Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.

WULANG BEBASAN 21:5
Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.

JABUR 20:4
Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)

JABUR 33:10
Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa;

LUKAS 14:28
Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.

WULANG BEBASAN 16:9
Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.

RUM 8:28
Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.

FILIPI 1:6
Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.

YESAYA 14:26-27
[26] Yaiku rancangan kang wus kadamel tumrap salumahing bumi, lan yaiku asta kang kaayatake marang sakehe bangsa.[27] Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah wus ngrancang, sapa kang bisa murungake? Astane wus kaayatake? sapa kang bisa ngundurake?

YOKANAN 6:44
Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman.

JABUR 143:8
Kawula ing wanci enjing mugi kawedharana sih-kadarman Paduka, awit kawula kumandel dhumateng Paduka! Kawula mugi Paduka tedahaken margi ingkang kedah kawula ambah, awit nyawa kawula tumenga dhumateng Paduka.

WULANG BEBASAN 23:4
Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih, tinggalen karepmu kang mangkono iku;

JABUR 90:12
Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.

JABUR 3:31-32
[31] Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah, saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.[32] Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

YESAYA 46:3-11
[3] “Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub, he sakehe turune Israel kang isih kari, he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan, he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.[4] Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.[5] Sira bakal padha madhakake lan nandhing Ingsun karo sapa lan sira njejerake sapa, temah banjur padha?[6] Wong ngetokake emas saka ing kanthonge lan mbobot salaka kalawan timbangan, banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau, nuli disembah-sembah lan uga disujudi![7] Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak, dipikul lan diprenahake ing panggonane; allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane. Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsuli lan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.[8] Iku padha elingana lan padha rumangsaa wirang, padha timbang-timbangen ing sajroning ati, he para wong kang padha mbalela![9] Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna, manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane, Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun,[10] kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,[11] kang nimbali manuk galak saka ing wetan, lan wong kang nindakake putusaningSun kang asale saka nagara kang adoh. Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakake, Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudake.

YOKANAN 1:12-13
[12] Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,[13] kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

WAHYU 17:8
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.

AMOS 3:7
Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apa tanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.

YAKOBUS 4:1-17
[1] Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?[2] Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.[3] Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.[4] He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.[5] Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”[6] Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”[7] Marga saka iku padha nungkula marang Allah. Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowe![8] Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.[9] Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.[10] Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.[11] He para sadulurku, aja padha catur-cinatur ala! Sing sapa nyatur ala utawa ngadili sadulure, iku nacad sarta ngadili angger-angger, sarta manawa kowe ngadili angger-angger, dadine kowe dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakime.[12] Mung siji kang nganakake angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengane kang kuwaos nylametake sarta numpes. Nanging kowe iku sapa, dene kok ngadili pepadhamu?[13] Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,[14] mangka kowe padha ora sumurup apa kang bakal kalakon ing dina sesuk. Apa ta tegese uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhela banjur sirna.[15] Sabenere kowe kudu ngucap mangkene: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.”[16] Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.[17] Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.

WULANG BEBASAN 3:5-6
[5] Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.[6] Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

2 PETRUS 3:9
Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.

1 TIMOTEUS 2:4
kang ngarsakake, supaya wong kabeh padha kapitulungan rahayu lan padha oleh pangawruhing kayekten.

PURWANING DUMADI 1:26
Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”

MATEUS 28:18-20
[18] Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.[19] Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,[20] apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”

WULANG BEBASAN 6:6-8
[6] He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.[7] Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,[8] iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.

YEREMIA 1:5
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”

EFESUS 1:4
Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.

IBRANI 4:3
Amarga kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing palereman, kaya kang kapangandikakake dening Panjenengane: “Temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing paleremaningSun”, sanadyan pakaryane wus rampung wiwit nalika dumadining jagad.

RUM 3:10-18
[10] iya kaya kang wus katulisan, wiraose: “Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.[11] Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.[12] Kabeh wong padha nyleweng, kabeh tanpa guna, ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.[13] Gurunge iku kaya kubur menga, ilate dianggo nyenyidrani, lambene ngemu wisa.[14] Cangkeme kebak pangipat-ipat.[15] Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.[16] Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,[17] lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;[18] padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”

YESAYA 55:10-11
[10] Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan,[11] iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.

YESAYA 9:6-7
[6] Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.[7] Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.

PANGANDHARING TORET 29:29
Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”

RUM 9:22-24
[22] Lan kapriye saupama kagem ngatingalake bebendu lan nedahake panguwaose, Gusti Allah paring kasabaran kang gedhe marang para kang minangka wadhahing bebendu, kang wus kacadhangake marang karusakan,[23] mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?[24] Yaiku kita kang wus padha katimbalan, ora mung saka ing antarane wong Yahudi bae, nanging uga saka ing antarane bangsa-bangsa liya,

1 PETRUS 2:9-10
[9] Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.[10] Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.

RUM 8:18-25
[18] Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.[19] Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.[20] Awit sakehing tumitah wus katelukake marang kaapesan, ora saka karepe dhewe, nanging marga saka karsane Panjenengane kang nelukake,[21] ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.[22] Sabab kita padha sumurup, yen nganti saprene sakehing tumitah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakake larane wong nglarani arep nglairake jabang bayi.[23] Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.[24] Sabab kita padha kapitulungan rahayu ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang kasat mripat iku dudu pangarep-arep maneh, marga kapriye bisane isih ngarep-arep tumrap barang kang wis katon?[25] Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.

PANGENTASAN 20:1-17
[1] Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:[2] “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.[3] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[4] Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.[7] Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.[8] Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,[9] nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,[10] nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.[11] Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.[12] Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.[13] Sira aja memateni.[14] Sira aja laku jina.[15] Sira aja nyenyolong.[16] Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.[17] Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981