A A A A A

Gusti Allah: [Kaelokan]


LELAKONE PARA RASUL 3:16
Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.

PANGANDHARING TORET 10:21
Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.

PANGENTASAN 15:26
pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”

YEREMIA 32:27
“Sanyatane, Ingsun iki Yehuwah, Gusti Allahe sakehing titah; apa ana barang kang mokal tumrap Ingsun?

YOKANAN 2:11
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.

LUKAS 18:27
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”

MARKUS 9:23
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”

MATEUS 17:20
Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemene pituturKu marang kowe: Saupama kowe duwe pangandel sawiji sawi bae, kowe bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kene mrana. Gununge iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowe. [

MATEUS 19:26
Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”

MATEUS 21:21
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.

RUM 15:18-19
[18] Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wus katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe,[19] marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.

LELAKONE PARA RASUL 19:11-12
[11] Gusti Allah ngawontenake mukjijat-mukjijat kang ngedab-edabi lumatar Rasul Paulus,[12] malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem dening Rasul Paulus ditumpangake ing wong lara, temahan mari larane sarta dhemite padha metu.

AYUB 5:8-9
[8] Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah, sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,[9] kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa, tuwin kaelokan tanpa wilangan;

EFESUS 3:20-21
[20] Iya Panjenengane, kang kuwaos nindakake luwih dening akeh tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang tumindak ana ing kita,[21] iya Panjenengane iku kang sayogya kacaosan kamulyan ana ing pasamuwan lan ing sajrone Sang Kristus Yesus, turun-tumurun nganti salawas-lawase. Amin.

LELAKONE PARA RASUL 4:29-31
[29] Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.[30] Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”[31] Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.

MARKUS 16:17-20
[17] Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.[18] Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”[19] Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah in satengene Gusti Allah.[20] Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.

LUKAS 9:13-17
[13] Nanging banjur padha dipangandikani: “Kowe bae padha menehana mangan!” Atur wangsulane: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih, kajawi ta manawi kawula lajeng sami kesah tumbas tetedhan kangge sadaya tiyang punika.”[14] Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang ewu. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabat: “Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyeket-nyeket.”[15] Para sakabat padha ngestokake dhawuh mau, kabeh wong dikon linggih.[16] Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.[17] Kabeh padha mangan nganti wareg. Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.

LUKAS 8:43-48
[43] Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.[44] Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.[45] Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”[46] Nangig Gusti Yesus ngandika: “Ana wong kang ndemek Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku.”[47] Bareng wong wadon iku mau ngreti, yen kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsane apadene tumuli mratelakake marang wong akeh, apa sababe ndemek Panjenengane sarta anggone sanalika banjur waras.[48] Gusti Yesus nuli ngandika marang wong mau: “He, anakKu, pangandelmu kang wis mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”

YOKANAN 4:46-54
[46] Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.[47] Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.[48] Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.”[49] Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.”[50] Pangandikane Gusti Yesus: “Balia, anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali.[51] Nalika isih ana ing dalan priyayi mau kapethuk abdi-abdine, kang padha nusul ngaturi pawarta, manawa anake urip.[52] Tumuli padha didangu, wayah apa anake wiwit waras. Ature: “Kala wingi wanci jam satunggal siyang, anggenipun mantun benter.”[53] Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.[54] Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981