IBRANI 13:15 |
Kang iku payo kita padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane. |
|
DHANIEL 2:20 |
Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane, |
|
JABUR 22:3 |
Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat, nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem. |
|
JABUR 34:1 |
Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles. |
|
2 SAMUEL 22:50 |
Pramila kawula badhe ngidungaken pamuji sokur, konjuk dhumateng Paduka, dhuh Sang Yehuwah, wonten ing antawisipun para bangsa, lan kawula badhe ngidungaken masmur kagem asma Paduka. |
|
JABUR 100:4 |
Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane. |
|
EFESUS 1:6 |
supaya pinujia sih-rahmate kang luhur, kang kaparingake marang kita ana ing Panjenengane kang kinasih. |
|
EFESUS 5:19 |
lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati. |
|
JABUR 150:6 |
Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Haleluya! |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |