A A A A A

Church: [Pastors]


2 TIMOTEUS 4:2
Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.

LELAKONE PARA RASUL 20:28
Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak

IBRANI 13:17
Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pangiridmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, sarta kang padha kudu ngunjukake tanggung-jawab. Kanthi patrap mangkono iku bakal padha nglakoni kalawan rena, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maedahi tumrap kowe.

YAKOBUS 3:1
He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.

YEREMIA 3:15
Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten.

WULANG BEBASAN 23:27
Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero, lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut.

EFESUS 4:11-12
[11] Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,[12] supaya para suci padha kacawisna kanggo ayahan leladi, kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,

1 PETRUS 5:1-4
[1] Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake --:[2] Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.[3] Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.[4] Besuk manawa Sang Pangon Agung rawuh, kowe bakal padha nampani makuthaning kamulyan kan ora bisa alum.

TITUS 1:5-9
[5] Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe,[6] yaiku para wong kang tanpa cacad, arabi siji, kang anak-anake padha laku pracaya lan ora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin ora tumata.[7] Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,[8] nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri[9] sarta ngantepi ing pangandika kang satuhu, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinake marang para kang lumawan.

YEHESKIEL 34:1-10
[1] Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:[2] “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?[3] Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.[4] Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.[5] Marga saka mangkono tumuli padha buyar, awit ora ana pangone, temah banjur padha dadi mangsaning sakehe kewan alas. Wedhus-wedhusingSun padha buyar[6] lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.[7] Awit saka iku, he para pangon, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah:[8] Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,[9] awit saka iku he, para pangon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah:[10] Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak kang bakal dadi mungsuhe para pangon iku lan Ingsun bakal mundhut baline para wedhusingSun sarta bakal Sunkendeli anggone dadi pangoning wedhusingSun. Pangon-pangon iku ora bakal padha lestari bisa ngengon awake dhewe; Ingsun bakal nguwalake wedhus-wedhusingSun saka ing cangkeme, satemah ora dadi pakane maneh.

1 TIMOTEUS 3:1-13
[1] Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”[2] Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,[3] ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,[4] dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.[5] Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?[6] Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.[7] Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.[8] Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,[9] nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.[10] Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.[11] Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.[12] Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.[13] Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981