A A A A A

Church: [Holy Spirit]


PARA HAKIM 3:10-14
[10] Iku kaayoman ing Rohe Sang Yehuwah sarta dadi hakime wong Israel. Panjenengane majeng perang, Sang Yehuwah nuli ngulungake Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram mau ing astane, temah Sang Prabu Kusyan-Risyataim kawon.[11] Nagara kono tumuli tentrem, lawase patang puluh taun. Wasana Sang Otniel putrane Sang Kenas banjur seda.[12] Nanging wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala maneh ana ing paningale Sang Yehuwah; tumuli Sang Prabu Eglon, ratu ing Moab diparingi pangwasa dening Sang Yehuwah ngereh wong Israel, amarga bangsa iku padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.[13] Prabu Eglon mau asekuthon karo bani Amon lan bani Amalek. Banjur nglurug lan ngawonake wong Israel. Kutha Wit Kurma dibroki.[14] Wong Israel dadine padha ngawula marang Prabu Eglon, ratu ing Moab, lawase wolulas taun.

MATEUS 12:31-33
[31] Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.[32] Yen ana wong madoni Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman besuk.[33] Manawa uwite becik. wohe iya becik; manawa uwite ora becik, wohe iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohe.

LUKAS 24:45-49
[45] Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.[46] Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.[47] Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.[48] Dene kowe kang padha dadi seksine bab iku mau kabeh.[49] Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”

YOKANAN 3:6-8
[6] Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh.[7] Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.[8] Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”

RUM 8:2-6
[2] Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.[3] Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,[4] supaya ukume angger-angger katetepana ana ing kita, kang padha ora lumaku nuruti daging, nanging manut marang Sang Roh.[5] Sabab wong kang uripe kawengku ing daging, iku padha ngangen-angen kang mungguh ing daging; nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh.[6] Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.

2 KORINTA 5:16-18
[16] Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.[17] Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.[18] Lan kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunake kita kalawan Panjenengane lan kang wus masrahake ayahan karukunan iku marang aku kabeh.

1 BABAD 12:18-20
[18] Ing kono Sang Roh banjur menuhi Sang Amasai, tetindhihe wong telung puluh mau, temah unjuke: Kawula punika sami kagem paduka, dhuh Sang Dawud, saha sami ndherek paduka, dhuh putranipun Sang Isai! Tentrem-rahayu, tentrem-rahayu wontena ing paduka saha tentrem rahayu wontena ing pambantu paduka, sabab ingkang mitulungi paduka punika Gusti Allah paduka! Wong-wong mau banjur padha didadekake tetindhihing wadya-bala dening Sang Prabu Dawud.[19] Saka panunggalane Manasye uga ana kang padha mbalik mbiyantu Sang Prabu Dawud, nalika panjenengane bebarengan karo wong Filisti merangi Sang Prabu Saul. Lugune panjenengane iku ora sida mitulungi wong Filisti, sabab para ratu ing kutha-kuthane wong Filisti iku sawuse mutus, banjur ngesahake panjenengane, awit rembage mangkene: “Saged ugi mangke mbalik dhateng Saul, gustinipun, kalayan ngulungaken sirah kita.”[20] Nalika tindak menyang ing Ziklag suku Manasye ana saperangan kang mbalik marang ing panjenengane, yaiku: Sang Adnah, Yozabad, Yediael, Mikhael, Yozabad, Elihu lan Sang Siletai, para tetindhihe wadya-bala sewu saka suku Manasye.

JABUR 52:1-3
[1] Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulange Prabu Dawud,[2] naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.[3] He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala, ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?

MIKHA 3:8-10
[8] Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan, Rohe Pangeran Yehuwah, sarta kaadilan lan kasantosan, kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake lan marang Isarel bab dosane.[9] He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,[10] he, sira kang padha yasa Sion kalawan getih sarta Yerusalem kalawan daksiya!

LELAKONE PARA RASUL 2:1-5
[1] Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.[2] Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,[3] banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.[4] Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.[5] Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.

LUKAS 24:45-47
[45] Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.[46] Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.[47] Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.

1 YOKANAN 2:19-27
[19] Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.[20] Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.[21] Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.[22] Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku Sang Kristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelaki marang Sang Rama lan Sang Putra.[23] Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.[24] Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.[25] Anadene prasetya kang diprasetyakake dening Panjenengane piyambak marang kita iya iku urip langgeng.[26] Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab wong-wong kang sumedya nasarake kowe.[27] Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang -- lan piwulange iku nyata, ora goroh -- lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981