A A A A A

Greja: [Guru Palsu]


YEHESKIEL 13:9
Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

YEREMIA 23:16
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: “Aja ngrungokake tembunge para nabi kang memeca marang sira! Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira, lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe, kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.

LUKAS 6:26
Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”

MATEUS 24:24
Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.

MATEUS 16:11-12
[11] Kapriye ta dene kowe kok padha ora mangreti, yen kang Dakkarepake iku dudu roti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspada marang ragine wong Farisi lan wong Saduki!”[12] Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.

2 TIMOTEUS 4:3-4
[3] Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.[4] Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.

2 TIMOTEUS 4:3-4
[3] Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.[4] Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.

LELAKONE PARA RASUL 20:28-30
[28] Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak[29] Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.[30] Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.

2 PETRUS 3:14-18
[14] Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.[15] Sarta kasabarane Gusti kita anggepen minangka kalonggaran tumrap kowe kabeh, supaya oleh karahayon, iya kaya sadulur kita Paulus kang kinasih anggone wis nulis layang marang kowe miturut saka anggone kaparingan kawicaksanan.[16] Iku kaetrapake ana ing layange kabeh, manawa ngrembug prakara-prakara iki. Layang-layange iku isi bab-bab kang angel, njalari wong-wong kang ora ngreti sarta ora kukuh imane, njungkir-balikake prakara iku mau, njalari karusakane dhewe, kayadene anggone tumindak tumrap tulisan-tulisan liyane.[17] Nanging kowe kabeh, para kekasih, sadurunge wis padha sumurup prakara iku. Mulane dipadha waspada, supaya aja nganti kelu ing panasarane wong murangsarak, sarta aja kelangan gondhelanmu kang kukuh.[18] Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.

1 YOKANAN 4:1-6
[1] Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.[2] Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.[3] Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohin Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.[4] He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.[5] Wong iku asale padha saka ing jagad, mulane kang diucapake iku iya prakara kadonyan, lan jagad iku ngrungokake ing pituture.[6] Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.

MATEUS 7:15-20
[15] “Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.[16] Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir?[17] Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.[18] Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.[19] Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.[20] Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.

2 PETRUS 1:12-21
[12] Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.[13] Sadurunge aku ninggal tarubing badanku iki anggonku tansah ngelingake kowe marang iku mau kabeh iku dakanggep dadi kawajibanku.[14] Jalaran aku sumurup, manawa aku bakal enggal ninggal tarubing badanku iki, kayadene kang wis kapangandikakake marang aku dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.[15] Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowe tansah padha ngeling-eling marang prakara iku mau kabeh.[16] Jalaran anggonku padha nyumurupake kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gusti kita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu, iku ora marga ngandel marang dongenge wong kang ora nyata, nanging aku kabeh iki padha dadi seksi ing bab kaluhurane.[17] Aku padha nyipati anggone Panjenengane tampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah Sang Rama, nalika katedhakan swara saka Kang Mahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSun kekasih, kang ndadekake keparenging panggalihingSun.”[18] Swara iku mau padha dakrungu tumurun saka ing swarga, nalika aku padha ndherek Panjenengane ana ing gunung kang suci.[19] Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalirake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.[20] Dene kang prelu dhewe kang kudu koksumurupi, yaiku manawa pamedhar-wangsit ing Kitab Suci ora kena ditegesi manut kareping manungsa dhewe,[21] jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wongwong banjur padha calathu atas asmaning Allah.

TITUS 1:6-16
[6] yaiku para wong kang tanpa cacad, arabi siji, kang anak-anake padha laku pracaya lan ora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin ora tumata.[7] Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,[8] nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri[9] sarta ngantepi ing pangandika kang satuhu, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata matemah bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinake marang para kang lumawan.[10] Amarga wus akeh wong kang uripe ora tumata, tukang ngoceh tanpa tanja, kang nasarake, luwih maneh saka panunggalane wong tetakan.[11] Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem cangkeme, awit iku gawe kisruh brayat akeh kalawan piwulange kang ora patut, supaya oleh kauntungan kang nistha.[12] Ana panunggalane, yaiku nabine dhewe, iku tau duwe ujar mangkene: “Wong Kreta iku salawase padha wong dora, kewan galak lan wong dremba kang kesed.”[13] Paseksen kang mangkono iku bener. Awit saka iku welehna kang banget, supaya pracayane dadi waras,[14] sarta aja maneh-maneh nggatekake marang dongeng-dongeng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang ngungkurake ing kayekten.[15] Tumraping wong kang resik, samubarang kabeh iku resik, nanging tumraping wong kang jember lan kang ora pracaya, ora ana barang siji bae kang resik, awit pikirane lan rumangsaning atine jember.[16] Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.

2 PETRUS 2:1-22
[1] Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.[2] Sarta akehwon kang kelu ing pamblunthahe, tuwin marga saka pokal-gawene iku Marganing Kayekten bakal dicecamah.[3] Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang ngayawara.[4] Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;[5] sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagad ing jaman purwa, nanging mung milujengake Rama Nuh kang ngabarake kayekten karo wong pitu liyane, nalika Panjenengane ndhatengake banjir patopan kanggo jagade para wong mblasar;[6] mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,[7] nanging Panjenengane ngentasake Lut, kang mursid, lan tansah pegel atine awit uripe wong-wong padha ora mreduli marang angger-angger lan mung ansah nuruti hawa-nepsune bae,[8] -- jalaran wong mursid iku manggon ing satengahe wong-wong mau sarta ing sadina-dina sumurup lan krungu pratingkah-pratingkahe kang mblasar iku satemah atine kang mursid iku kaya kasiksa --[9] dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,[10] luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,[11] mangka para malaekat dhewe, sanadyan luwih peng-pengan sarta luwih kuwasa katimbang wong-wong iku, anggone nggugatake wong-wong mau ana ing ngarsaning Allah, padha ora nganggo tembung nyenyamah.[12] Nanging wong-wong iku padha bae karo kewan kang tinitahake dadi kewan dekepan sarta banjur dipateni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi, temahan marga saka panggawene kang duraka iki, bakal padha nemoni karusakan dhewe kaya kewan alasan,[13] sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.[14] Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat![15] Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.[16] Nanging Bileam kawelehake kalawan keras marga saka tumindake kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang ora bisa guneman banjur calathu kaya manungsa, sarta nyegah kabodhoane nabi iku.[17] Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kasadhiyanan panggonan kang peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi banget.[18] Jalaran wong-wong iku padha ngucapake tetembungan kang gumunggung nanging kothong, sarta migunakake hawa-nepsune kang tumuju ing laku bedhang kanggo mbebujuk marang wong kang lagi bae sumingkir saka ing wong-wong kang kesasar uripe.[19] Padha njanjeni kamardikan marang wong liya, mangka awake dhewe padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukake dening wong, iku iya dadi bature wong iku.[20] Sabab manawa wong-wong mau marga saka anggone wis wanuh marang Gusti sarta Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus, wis padha ngoncati ing jejembere donya, mangka banjur kasrimped maneh ing kono, iku wekasane alane ngluwihi sadurunge.[21] Jalaran saka iku luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake marang wong-wong mau.[22] Kaanane wong-wong iku nocogi unine paribasan kang bener mangkene, “Asu mbaleni utah-utahane, sarta babi kang wis adus bali maneh menyang ing pagupakane.”

MATEUS 23:1-29
[1] Gusti Yesus banjur ngadika marang wong akeh lan marang para sakabate:[2] “Para ahli Toret lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahane Nabi Musa.[3] Mulane padha nglakonana lan nuruta marang sakabehing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduke, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhewe.[4] Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem.[5] Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.[6] Padha linggih ing papan kang kajen dhewe ana ing pahargyan lan ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah.[7] Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.[8] Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur.[9] Apamaneh kowe aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga.[10] Kowe aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus.[11] Sing sapa dadi gedhe ana ing satengahmu iku dadia paladenmu.[12] Lan sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe bakal kaluhurake.”[13] “Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi. [[14] Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong lamis, amarga kowe padha nguntal omahe randha-randha nganti entek, nganggo pawadan ndedonga dawa-dawa, mulane kowe mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.][15] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, sabab kowe padha nyabrangi sagara lan ndlajahi dharatan, supaya oleh wong sing ngenut agamamu sanadyan munga siji bae, nanging yen wis mratobat, kokdadekake wong naraka, kang tikel pindho alane tinimbang kowe dhewe.[16] Bilai kowe, heh panuntun-panuntun picak, kang ngucap: Supata demi Padaleman Suci, iku ora absah; nanging kang sumpah demi emase Padelamenan Suci, sumpahe iku nancang.[17] Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase?[18] Apamaneh sing sapa sumpah demi misbyah, iku ora absah, nanging sumpah demi pisungsung kang ana ing misbyah iku kang nancang.[19] Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung?[20] Mulane sing sapa sumpah demi misbyah, iku sumpahe demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono.[21] Lan sing sapa sumpah demi Padaleman Suci, iku iya sumpah demi Padeleman Suci lan uga demi Kang adedalem ing kono.[22] Apadene sing sapa sumpah demi swarga, iku iya sumpah demi dhamparing Allah lan iya demi Kang lenggah ing kono.[23] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.[24] Heh, kowe, panuntun-panuntun kang picak, lemud kokjupuk saka ing omben-ombenmu, nanging unta kokuntal.[25] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.[26] Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.[27] Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, wong-wong lamis, sabab kowe iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabane pancen katon resik, nanging ing jerone kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna.[28] Samono uga kowe, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.[29] Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wong lamis, jalaran kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid,

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981