A A A A A

Greja: [Diakon]


1 TIMOTEUS 3:1-13
[1] Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”[2] Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,[3] ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,[4] dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.[5] Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?[6] Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.[7] Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.[8] Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,[9] nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.[10] Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.[11] Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.[12] Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.[13] Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

FILIPI 1:1
Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.

LELAKONE PARA RASUL 6:1-7
[1] Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani, amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake.[2] Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah.[3] Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku[4] satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”[5] Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia.[6] Wong iku padha diajokake marang ing ngarsane para rasul, kang banjur padha ndongakake sarta numpangi asta.[7] Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.

RUM 16:1
Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,

TITUS 1:7
Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,

LELAKONE PARA RASUL 6:3
Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku

YOKANAN 8:32
sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”

EFESUS 4:11
Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,

LELAKONE PARA RASUL 20:28
Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak

YOKANAN 6:54
Sapa wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning jaman.

MARKUS 6:3
Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.

1 KORINTA 12:28
Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.

GALATI 1:19
Nanging aku ora ketemu rasul liyane siji-sijia, kajaba Yakobus, sadhereke Gusti.

MALEAKHI 1:11
Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

IBRANI 13:17
Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pangiridmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, sarta kang padha kudu ngunjukake tanggung-jawab. Kanthi patrap mangkono iku bakal padha nglakoni kalawan rena, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maedahi tumrap kowe.

YOKANAN 3:3-5
[3] Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”[4] Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?”[5] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.

IBRANI 12:14
Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.

LELAKONE PARA RASUL 6:4
satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”

1 TIMOTEUS 3:1-7
[1] Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”[2] Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,[3] ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,[4] dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.[5] Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?[6] Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.[7] Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.

1 TIMOTEUS 2:12
Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.

LELAKONE PARA RASUL 14:23
Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.

1 TIMOTEUS 5:17
Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.

IBRANI 13:7
Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.

TITUS 1:8
nanging seneng aweh pamondhokan, seneng marang samubarang kang becik, wicaksana, adil, saleh, bisa ngendhaleni dhiri

1 PETRUS 5:2
Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.

TITUS 1:6
yaiku para wong kang tanpa cacad, arabi siji, kang anak-anake padha laku pracaya lan ora bisa ditarka uripe ora pantes tuwin ora tumata.

1 TIMOTEUS 5:22
Aja kesusu numpangi tangan marang wong lan aja nganti katut-katut ing dosane wong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.

TITUS 1:5
Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe,

GALATI 4:19
He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981