A A A A A

Greja: [Penganiayaan Greja]


LELAKONE PARA RASUL 8:1
[1a] Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus. [1b] Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.

MATEUS 5:44
Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,

2 TIMOTEUS 3:12
Pancen saben wong kang nedya urip kalawan nindakake pangibadah ing sajroning Sang Kristus Yesus, iku bakal nandhang panganiaya.

YOKANAN 15:20
Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.

WAHYU 2:10
Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.

RUM 8:35
Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?

MATEUS 5:11
Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.

RUM 12:14
Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.

YOKANAN 5:16
Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.

MATEUS 5:10-12
[10] Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.[11] Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.[12] Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”

2 KORINTA 12:10
Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.

LELAKONE PARA RASUL 13:50
Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wanita-wanita kang kajen keringan kang bekti ing Allah sarta para panggedhe ing kutha kono lan banjur nenangi panguya-uya marang Rasul Paulus lan Barnabas, padha ditundhung saka ing wewengkon kono.

LELAKONE PARA RASUL 7:52
Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.

MARKUS 4:17
Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.

GALATI 4:29
Nanging padha kaya biyen, kang kalairake tata daging, nguya-uya marang kang kalairake tata Roh, samono uga saiki iki.

MARKUS 10:30
wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.

MATEUS 13:21
nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.

LELAKONE PARA RASUL 22:4
Punapa dene tiyang-tiyang ingkang sami ngenut margi punika sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-estri sami kula cepengi tuwin kula pasrahaken dhateng ing pakunjaran.

MATEUS 5:10
Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.

GALATI 6:12
Wong-wong kang cara lair seneng nonjolake awake dhewe, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisaa meksa kowe supaya tetak, karepe mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibe Sang Kristus.

LUKAS 21:12
Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.

MARKUS 10:29-30
[29] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe, sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakne, anak-anake utawa pategalane,[30] wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.

RUM 8:35-37
[35] Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?[36] Kaya kang wus katulisan: “Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sadinten muput, kawula sami kaanggep kados menda sembelehan.”[37] Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.

LELAKONE PARA RASUL 11:19-21
[19] Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.[20] Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.[21] Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.

LELAKONE PARA RASUL 9:4-5
[4] Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”[5] Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.

GALATI 5:11
Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur, manawa aku isih martakake bab tetak, geneya aku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono, dadi sandhungan kang marga saka salib iku wus kasingkirake.

MATEUS 10:23
Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.

MATEUS 5:12
Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”

1 TIMOTEUS 1:13
aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngreti, yaiku jalaran ora pracaya.

MATEUS 5:11-12
[11] Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.[12] Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”

LUKAS 11:49
Mulane kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalane iku ana saparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.

1 TESALONIKA 3:3-4
[3] supaya aja ana wong kang goyang pracayane marga saka anggone nandhang kasusahan-kasusahan iki. Kowe dhewe padha sumurup, yen kita iki padha kagadhangake mangkono.[4] Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowe wus padha dakkandhani, yen kita bakal padha ngrasakake sangsara. Sarta bab iki, kaya kang wus koksumurupi, wus kalakon.

IBRANI 11:36-38
[36] Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.[37] Padha dibenturi watu, digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo lulang wedhus gembel lan lulang wedhus jawa, padha kacingkrangan, disangsara sarta dikaniaya.[38] Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.

YOKANAN 15:20-21
[20] Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.[21] Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.

MATEUS 10:21-23
[21] Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.[22] Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.[23] Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.

MATEUS 24:8-10
[8] Nanging iku kabeh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepake jaman anyar.[9] Ing nalika iku kowe bakal dipasrahake supaya disiksa lan kowe bakal dipateni sarta bakal disengiti dening sakabehing bangsa marga saka jenengKu.[10] Ing kono bakal akeh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungake lan sengit-sinengitan.

LUKAS 21:12-19
[12] Nanging sadurunge iku kabeh, kowe bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowe bakal dipasrahake menyang ing papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ing ngarsane para ratu lan para panguwasa marga saka jenengKu.[13] Iku bakal dadi jalarane kowe kabeh bakal padha nglairake paseksen.[14] Mulane sing padha mantep bae, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kapriye anggonmu bakal mangsuli.[15] Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.[16] Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,[17] apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu.[18] Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang.[19] Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”

1 KORINTA 4:8-13
[8] Kowe iku wus padha wareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa aku kowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becike yen ta pancen nyata mangkono, manawa kowe wus padha dadi ratu, satemah aku iya padha melu dadi ratu karo kowe![9] Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.[10] Aku iki padha bodho awit saka Sang Kristus, nanging kowe padha wasis ana ing Sang Kristus. Aku padha apes, nanging kowe padha rosa. Kowe padha mulya, nanging aku padha ora kajen.[11] Nganti tumeka ing wektu iki aku padha nandhang luwe, ngelak, kawudan, digebugi sarta padha urip nglembara,[12] aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;[13] yen aku dipitenah, aku padha males sumeh; aku wis padha dadi leletheking jagad, padha karo kesede wong kabeh nganti tumeka saiki.

IBRANI 10:32-34
[32] Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,[33] iya nalika kowe padha kagawe tontonan anggonmu diwewada sarta dianiaya, iya nalika nglabuhi marang wong kang padha digawe kaya mangkono mau.[34] Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.

IBRANI 11:33-38
[33] kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa,[34] nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.[35] Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.[36] Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.[37] Padha dibenturi watu, digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo lulang wedhus gembel lan lulang wedhus jawa, padha kacingkrangan, disangsara sarta dikaniaya.[38] Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.

LELAKONE PARA RASUL 12:1-19
[1] Kira-kira ing wektu iku Sang Prabu Herodhes wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.[2] Panjenengane dhawuh nyedani Rasul Yakobus, sadhereke Rasul Yokanan, kalawan pedhang.[3] Bareng mirsa, yen bab iku ndadekake senenge atine wong Yahudi, banjur nglajengake tindake kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Rasul Petrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.[4] Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.[5] Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.[6] Nalika bengi sadurunge kaladekake marang ing ngarepe wong akeh dening Sang Prabu Herodhes, Rasul Petrus sare kaapit dening prajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajaba saka iku ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.[7] Dumadakan ana sawijining malaekate Pangeran jumeneng ing sacelake Rasul Petrus lan sel kono kapadhangan ing cahya. Malaekat mau banjur nyeblek Rasul Petrus, supaya wungu kalawan ngandika: “Enggal tangia!” Rantene nuli ucul saka ing astane Rasul Petrus.[8] Sang Malaekat banjur ngandika: “Sabukana lan enggonen trumpahmu!” Iku iya ditindakake. Sang Malaekat tumuli ngandika: “Jubahmu enggonen lan ngetutna aku!”[9] Panjenengane iya banjur tindak medal ndherekake malaekat sarta ora mirsa, yen apa kang ditindakake dening malaekat iku kalakon temenan, panyanane mirsa wahyu.[10] Bareng wis padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawange iku menga dhewe. Bareng wis rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan ing pungkasaning dalan; dumadakan malaekat mau banjur nilar panjenengane.[11] Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”[12] Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjur tindak menyang ing omahe Maryam, ibune Yokanan kang uga karang Markus. Ing kono akeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.[13] Bareng panjenengane nothok lawang regol, ana abdi wadon jenenge Rodhe teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.[14] Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.[15] Wong wadon iku banjur dicalathoni: “Kowe iku ngomyang.” Ewasamono tetep anggone matur, yen iku nyata temenan. Banjur padha calathu: “Iku malaekate.”[16] Nanging Rasul Petrus terus bae anggone thothok-thothok. Bareng padha ngengakake lawang lan ndeleng panjenengane, padha kagawokan.[17] Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.[18] Esuke para prajurit padha kagegeran, padha takon-tinakon apa baya kang wis kalakon ing ngatase Rasul Petrus iku.[19] Sang Prabu Herodhes banjur dhawuh nglari Rasul Petrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuh mriksa para kang jaga, kang wusanane padha dipateni. Sang Prabu nuli tindak saka ing Yudea menyang ing Kaisarea sarta lereb ana ing kono.

LELAKONE PARA RASUL 9:1-14
[1] Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,[2] lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.[3] Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.[4] Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”[5] Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.[6] Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”[7] Anadene wong-wong kang dadi kanthining lakune, padha njenger, marga pancen padha krungu swara mau, nanging ora ndeleng wong siji-sijia.[8] Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.[9] Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.[10] Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”[11] Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,[12] lan sajroning wahyu weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng maneh.”[13] Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,[14] saha anggenipun mriki punika kalayan mundhi panguwaos saking para pangajenging imam kangge nyepengi sadaya tiyang ingkang nyebut asma Paduka.”

GALATI 1:13
Sabab kowe wus padha krungu bab uripku biyen ana ing wewengkone agama Yahudi: luwih dening banget anggonku nguya-uya lan ngrusak Pasamuwaning Gusti Allah.

WAHYU 2:8-10
[8] “Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:[9] Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, -- ananging sira sugih -- apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.[10] Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.

LELAKONE PARA RASUL 26:9-11
[9] Sanadyan kadospundi kemawon, kawula piyambak nate nginten, bilih kawula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Gusti Yesus saking ing Nasaret.[10] Bab punika kawula tindakaken ugi wonten ing Yerusalem. Kawula boten namung nglebetaken para suci kemawon dhateng ing pakunjaran, sasampunipun kawula tampi panguwaos saking para pangajenging imam, nanging kawula inggih ngrujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah.[11] Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”

1 KORINTA 4:12
aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;

LELAKONE PARA RASUL 12:1
Kira-kira ing wektu iku Sang Prabu Herodhes wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.

FILIPI 3:6
mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981