A A A A A

Church: [Womens Roles]


GALATI 3:28
Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.

1 TIMOTEUS 2:9-15
[9] Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,[10] nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.[11] Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.[12] Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.[13] Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.[14] Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.[15] Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

1 TIMOTEUS 2:12
Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.

PURWANING DUMADI 3:16
Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”

1 KORINTA 11:3
Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.

LUKAS 8:1-3
[1] Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,[2] lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna, yaiku Maryam kang karan Magdalena, kang wis katundhung dhemite pitu,[3] Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.

PURWANING DUMADI 2:18
Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”

EFESUS 5:22-33
[22] He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,[23] awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.[24] Awit saka iku kayadene pasamuwan sumuyud marang Sang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumrap ing samubarang kabeh.[25] He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku[26] supaya dadia suci, sarana diresiki nganggo padusan banyu kang kinanthenan pangandika[27] sarta kalawan mangkono banjur diprenahake ana ing ngarsane wus katon mancorong tanpa cacad lan ora njengkerut sapiturute, nanging wus dadi pasamuwan kang suci lan tanpa cacad.[28] Mangkono uga para wong lanang padha kawjiban tresna marang bojone kaya marang awake dhewe: Sing sapa tresna marang bjone iku awake dhewe kang ditresnani.[29] Marga ora tau ana wong nggethingi awake dhewe, malah diingoni lan diupakara padha kaya Sang Kristus marang pasamuwan,[30] awit kita iki gegelitaning sarirane.[31] Marga saka iku wong lanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lan rumaket marang bojone, temahan sakarone iku dadi daging siji.[32] Iki wewadi kang gedhe, nanging kang dakkarepake gegayutane Sang Kristus karo pasamuwane.[33] Dadi tumraping kowe: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhewe, dene para wong wadon padha ngajenana marang kang lanang.

1 TIMOTEUS 2:11-15
[11] Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.[12] Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.[13] Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.[14] Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.[15] Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

LUKAS 10:38-42
[38] Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.[39] Wong iku duwe sadulur wadon jenenge Maryam, iku linggih cedhak ing sampeyane Gusti lan tansah ngrungokake pangandikane,[40] dene Marta ribut banget anggone leladi, mulane banjur marek sarta munjuk: “Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadherek kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngrencangi kawula.”[41] Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,[42] mangka kang prelu iku mung siji: Maryam wis milih panduman kang becik dhewe, kang ora bakal kajupuk saka ing dheweke.”

TITUS 2:3-5
[3] Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

1 KORINTA 11:2-16
[2] Aku ngalem kowe, sabab ana ing samubarang prakara kowe padha tetep eling marang aku lan padha ngantepi piwulang kang dakwenehake marang kowe.[3] Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.[4] Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngremehake sirahe dhewe.[5] Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahe tanpa kekudhung, iku ngremehake sirahe dhewe, sabab padha bae karo wong wadon gundhul.[6] Sabab wong wadon manawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging manawa cukuran iku njalari remehing wong wadon, becike iya padha nganggoa kudhung.[7] Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.[8] Ujer wong lanang iku asale ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asale saka wong lanang.[9] Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.[10] Mulane wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawane ana ing sirahe, marga saka para malaekat.[11] Ewadene, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.[12] Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.[13] Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?[14] Saka kodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe, yen asor mungguhing wong lanang, samangsa rambute diingu dawa?[15] Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kajene. Awit rambut iku kaparingake minangka kudhung.[16] Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.

LELAKONE PARA RASUL 18:26
Anggone wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang ing omahe sarta diwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah.

1 KORINTA 14:33-35
[33] Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.[34] Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.[35] Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

1 TIMOTEUS 2:11
Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.

EFESUS 5:22-24
[22] He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,[23] awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.[24] Awit saka iku kayadene pasamuwan sumuyud marang Sang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumrap ing samubarang kabeh.

RUM 16:1
Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,

TITUS 2:4-5
[4] lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,[5] wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

EFESUS 5:22
He para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhewe kayadene marang Gusti,

1 TIMOTEUS 5:14
Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

MATEUS 27:55-56
[55] Ing kono ana wong wadon akeh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndherekake Gusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengane,[56] kayata: Maryam Magdalena, lan Maryam ibune Yakobus lan Yusuf, lan ibune anak-anake Zebedheus.

1 KORINTA 14:34-35
[34] Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.[35] Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

PARA HAKIM 4:4
Ing wektu semana kang ngakimi wong Israel Ibu Dhebora, nabi wanita garwane Sang Lapidot.

RUM 16:7
Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng lan aku, klebu wong kang kajen ana ing antarane para rasul, sarta kang anggone dadi Kristen sadurunge aku.

EFESUS 5:21
lan diandhap-asor ing antarane siji lans ijine ana ing sajrone wedi asih marang Sang Kristus.

TITUS 2:1
Nanging kowe iku martakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.

1 KORINTA 11:7
Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.

WULANG BEBASAN 31:10-31
[10] Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu? Dene ajine ngungkuli mutiara.[11] Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku, kang lanang ora tau kekurangan kauntungan.[12] Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe.[13] Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami, lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.[14] Kayadene prau-praune sudagar, nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.[15] Anggone tangi isih peteng, banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomah lan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon.[16] Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.[17] Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.[18] Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake, yen bengi damare ora mati.[19] Tangane ditumpangake ing jantra, drijine nyekel onthelane.[20] Tangane diulungake marang wong kang katindhes, ngulurake tangane marang wong mlarat.[21] Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju, marga wong saomah padha manganggo rangkep.[22] Gawe babut kanggo awake dhewe, pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.[23] Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.[24] Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol, sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.[25] Panganggone kekuwatan lan kaluhuran, tumrap dina buri mung gumuyu bae.[26] Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus.[27] Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate, lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.[28] Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu, dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:[29] Akeh wong wadon kang nindakake kautaman, nanging kowe ngungkuli iku kabeh.[30] Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.[31] Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!

1 TIMOTEUS 2:13-14
[13] Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.[14] Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.

1 TIMOTEUS 3:2
Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,

1 TIMOTEUS 3:11
Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

PURWANING DUMADI 1:27
Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

EFESUS 5:23
awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.

TITUS 2:3
Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik

1 PETRUS 3:7
Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.

KOLOSE 3:18-19
[18] He, para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatute ana ing patunggilane Gusti.[19] He, para wong lanang, bojomu tresnanana lan aja nganti kokkasari.

PURWANING DUMADI 1:26-28
[26] Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”[27] Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.[28] Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”

1 PETRUS 3:1-7
[1] Mangkono uga kowe para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagendenga dening tingkah-lakune kang wadon tanpa tetembungan,[2] manawa padha nyawang ing tindakmu kang murni sarta mursid iku.[3] Kang dadi pepaesmu aja cara lair, yaiku sarana nglabang rambut, manganggo mas-masan utawa kanthi manganggo kang endah,[4] nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.[5] Dene iya kaya mangkono iku, biyen patrape para wong wadon suci anggone manganggo, yaiku wong wadon kang ngarep-arep marang Gusti Allah sarta padha sumuyud marang bojone,[6] padha kaya Ibu Sara anggone mituhu marang Rama Abraham sarta disebut bendarane, dene kowe iku padha dadi putrane, angger kowe tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.[7] Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.

WULANG BEBASAN 12:4
Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.

1 KORINTA 14:34
Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.

KOLOSE 4:15
Salamku marang para sadulur ing kutha Laodhikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahe.

FILIPI 4:2-3
[2] Euodhia dakpituturi lan Sintikhe iya dakpituturi, dipadha golong-gilig ana ing Gusti.[3] Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981