A A A A A

Church: [Worship]


2 BABAD 16:23-31
[23] Iku padha mulang ana ing tanah Yehuda kalawan nggawa kitab Torete Pangeran Yehuwah, padha mider-mider ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda kambi mulang rakyat.[24] Sakehe karajan ing nagara-nagara sakubenge Yehuda padha katempuh ing pagiris kang saka Pangeran Yehuwah, satemah padha ora wani perang nglawan Sang Prabu Yosafat.[25] Ing antarane wong Filisti ana kang ngaturake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat lan salaka minangka bulu-bekti. Uga wong Arab padha misungsung wedhus, wedhus gembel lanang pitung ewu pitung atus lan wedhus berok lanang pitung ewu pitung atus.[26] Sang Prabu Yosafat saya suwe saya santosa, dadi santosa linuwih. Ana ing Yehuda panjenengane yasa beteng-beteng lan kutha-kutha pasimpenan.[27] Sang Prabu kagungan rerawatan akeh ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda. Para prajurit padha ana ing Yerusalem, kabeh iku prawira kang gagah prakosa.[28] Iki pratelane golongane manut kulawangsane; para panggedhe saka ing Yehuda Senapati Adna, kang mbawahake para prawira telung atus ewu, kang gagah prakosa.[29] Nuli Senapati Yohanan kang mbawahake wong rong atus wolung puluh ewu;[30] banjur Senopati Amasia bin Zikhri, kang kalawan legawa masrahake sarirane marang Pangeran Yehuwah, iku mbawahake para prawira rong atus ewu kang gagah prakosa.[31] Kang saka Benyamin yaiku Senapati Elyadha, sawijining gegedhug kang gagah prakosa, iku mbawahake wong rong atus ewu, kang sikep panah lan tameng.

DHANIEL 2:20
Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane,

PANGANDHARING TORET 10:21
Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.

YEREMIA 20:13
Ngidunga kagem Sang Yehuwah, ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah! Amarga Panjenengane wus ngluwari nyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala.

JABUR 75:1
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.

PANGENTASAN 20:2-6
[2] “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.[3] Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.[4] Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.[5] Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,[6] nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.

YOKANAN 4:21-24
[21] Pangandikane Gusti Yeusu: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.[22] Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.[23] Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.[24] Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”

JABUR 99:1-9
[1] Pangeran Yehuwah iku Ratu, para bangsa banjur padha gumeter, Panjenengane adhedhampar ana ing kerub, bumi banjur gonjang-ganjing![2] Pangeran Yehuwah iku mahaagung ana ing Sion, luhure ngungkuli sakehing bangsa.[3] Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika. Panjenenganipun punika suci![4] Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger, Paduka ingkang njejegaken kaleresan, angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub, Paduka ingkang nindakaken.[5] Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane, Panjenengane iku suci![6] Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.[7] Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.[8] Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya. Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika, nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun.[9] Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci, awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci.

PANGANDHARING TORET 29:18
kang iku ing antaramu aja nganti ana wong lanang utawa wadon, kulawarga lan taler kang ing dina iki atine mungkur ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta marani lan ngabekti marang allahe bangsa-bangsa mau; ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulake racun utawa butrawali.

RUM 12:1-2
[1] Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.[2] Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

1 SAMUEL 15:22
Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.

WAHYU 4:8-11
[8] Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”[9] Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,[10] para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:[11] “Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”

YESAYA 29:13
Sarta Pangeran wus ngandika mangkene: “Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkeme lan ngluhurake Ingsun kalawan lambene, mangka atine ngedohi Ingsun, tuwin anggone ngabekti marang Ingsun iku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake,

JABUR 29:1-11
[1] Anggitane Prabu Dawud. He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan![2] Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen![3] Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.[4] Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.[5] Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres, malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.[6] Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.[7] Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.[8] Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan, Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.[9] Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”[10] Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.[11] Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

IBRANI 12:28-29
[28] Kang iku, sarehne kita padha nampani nagara kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturake panuwun lan padha ngabekti marang Gusti Allah, miturut cara kang kakarsakake, kanthi hurmat lan wedi-asih.[29] Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.

NEHEMYA 9:5-6
[5] Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, -- iku wong Lewi kabeh -- banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”[6] “Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.

JABUR 86:9-10
[9] Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.[10] Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.

2 PARA RAJA 17:38-39
[38] Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsun anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane,[39] kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”

JABUR 100:1-5
[1] Masmur kanggo kurban atur panuwun. He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah.[2] Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak![3] Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.[4] Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.[5] Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun.

DHANIEL 3:16-18
[16] Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.[17] Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;[18] nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”

WAHYU 14:7
pangandikane kalawan swara seru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981