A A A A A

Greja: [Persepuluhan]


MATEUS 5:17
“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.

MATEUS 6:21
Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.

MATEUS 23:23
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.

WILANGAN 18:21
Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.

WILANGAN 18:26
“Sira kandhaa marang para wong bani Lewi, padha tuturana: Samangsa sira padha nampani pisungsung prasepuluhan saka wong Israel, kang wus Sunparingake marang sira dadi pusakanira, sira banjur padha nyaosna saperangane iku konjuk marang Sang Yehuwah minangka pisungsung-mligi, saprasepuluhe pisungsung prasepuluhan iku.

RUM 2:29
Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.

RUM 12:1
Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.

WULANG BEBASAN 3:9-10
[9] Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;[10] temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure.

2 BABAD 31:4-5
[4] Sabanjure panjenengane paring dhawuh marang rakyat, yaiku wong kang padha manggon ing Yerusalem, supaya ngaturake pasumbang kang dadi pandumane para imam lan para wong Lewi, amrih bisa ngesokake kakuwatane kanggo nindakake Toreting Sang Yehuwah.[5] Bareng undhang-undhang mau wus sumebar, wong Israel banjur enggal-enggal masrahake pametune kang kawitan tumrap gandum, anggur, lenga, madu lan sawernane wuluwetuning bumi nganti akeh. Kajaba iku uga masrahake pisungsung pra-sapuluhane samubarang kabeh nganti akeh.

PANGANDHARING TORET 12:5-6
[5] Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.[6] Kowe padha mranaa ngladekna kurbanmu obaran lan kurbanmu sembelehan sarta pisungsungmu prasepuluhan lan pisungsungmu mligi, pisungsung punagi lan pisungsungmu manasuka, apadene pembareping sapi lan wedhusmu.

PURWANING DUMADI 14:19-20
[19] sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.[20] Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.

PURWANING DUMADI 28:20-22
[20] Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,[21] nganti aku mulih menyang ing daleme bapakku kalawan slamet, mesthi Sang Yehuwah bakal dadi Allahku.[22] Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”

NEHEMYA 10:35-37
[35] Sarta maneh aku iya bakal padha nyaosake kawitaning pametuning bumiku, lan kawitane sakehing wohe karang kitri menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing saben taun.[36] Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.[37] Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.

MARKUS 12:41-44
[41] Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.[42] Banjur ana sawijining randha miskin kang iya nglebokake pisungsung, kehe rong igar, yaiku sadhuwit.[43] Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,[44] amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke, yaiku kabeh kang minangka panguripane.”

KAIMAMAN 27:30-34
[30] Mangkono uga sakehe pisungsung prasepuluhan saka pametune palemahan, dadia kang disebar ing lemah utawa saka pametune kitri, iku kagungane Pangeran Yehuwah, iku pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.[31] Ewadene manawa ana kang arep nebus pisungsunge prasepuluhan iku dipunjulana sapralimane.[32] Mungguh sakehe pisungsung prasepuluhan saka sapi lan wedhus iku saka sakehe kewan kang liwat ing sangisore tekene pangon nalika dietung, iku saprasepuluhe dadia pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.[33] Ora kena dipilih endi kang becik utawa endi kang ala, iya ora kena diijoli; ewadene saupama meksa diijoli, kewan kang diijoli lan kang diijolake iku kabeh dadi sengkeran, ora kena ditebus.”[34] Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.

MALEAKHI 3:8-12
[8] Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.[9] Sira wus padha kena ing ipat-ipat, ewadene sira isih nyulikani Ingsun, sira sabangsa kabeh.[10] Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?[11] Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --[12] sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

RUM 3:21-31
[21] Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,[22] yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.[23] Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,[24] lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.[25] Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.[26] Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.[27] Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.[28] Marga kita yakin, yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya, ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret.[29] Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.[30] Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.[31] Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.

RUM 8:4
supaya ukume angger-angger katetepana ana ing kita, kang padha ora lumaku nuruti daging, nanging manut marang Sang Roh.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981