A A A A A

Church: [Speaking in Languages]


1 KORINTA 1:5
Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,

LELAKONE PARA RASUL 2:4
Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.

LELAKONE PARA RASUL 19:6
Lan nalika Rasul Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwit calathu nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.

GALATI 5:22
Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,

MARKUS 16:17
Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.

1 KORINTA 14:2
Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.

1 KORINTA 14:23
Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?

1 KORINTA 14:27-28
[27] Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa-roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake.[28] Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.

1 KORINTA 12:8-11
[8] Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijine tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Sang Roh iku uga.[9] Kang siji kaparingan pracaya, iya dening Sang Roh iku mau, lan sijine peparing bisa marasake iya saka Panjenengane uga.[10] Kang siji peparing bisa nganakake mukjijat, sijne pamedhar wangsit, sijine maneh kabisan mbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kang siji kabisan calathu nganggo basa roh, sijine maneh kabisan njarwakake basa roh mau.[11] Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.

1 KORINTA 13:1-13
[1] Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan malaekat, nanging yen sepi ing katresnan, aku padha bae kaya gong kang ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang.[2] Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.[3] Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.[4] Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.[5] Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.[6] Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.[7] Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.[8] Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.[9] Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna.[10] Nanging satekane kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.[11] Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku diwasa, kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang.[12] Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.[13] Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.

1 KORINTA 14:1-40
[1] Padha nggayuha marang katresnan, lan ganjaran-ganjaran saka Sang Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.[2] Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.[3] Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggone ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.[4] Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.[5] Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.[6] Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?[7] Iku padha bae karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya ta suling lan clempung -- yen iku swarane ora beda, kapriye bisane wong nyumurupi lagu apa kang diunekake ing suling utawa clempung mau?[8] Utawa manawa swarane slompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?[9] Mangkono uga kowe, kang padha calathu nganggo basa-roh: manawa kowe ora migunakake tembung-tembung kang cetha, kapriye bisane wong padha mangreti kang kokucapake? Dadine calathumu tanpa guna kaya nyalathoni angin![10] Akeh warnane basa ing jagad iki, embuh pira cacahe, ewasamono ora ana siji bae ing antarane basa-basa mau kang tanpa teges.[11] Nanging manawa aku ora ngreti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakake basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.[12] Mangkono uga kowe: Kowe pancen padha nggayuh marang peparinge Sang Roh, nanging luwih becik maneh padha ngudia, supaya kowe bisa migunakake kanggo pambanguning pasamuwan.[13] Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake.[14] Sabab yen anggonku ndedonga nganggo basa-roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora melu ndedonga.[15] Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.[16] Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?[17] Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku iya becik banget, nanging wong liya ora kabangun.[18] Aku saos sokur marang Gusti Allah, dene anggonku ngucapake basa-roh iku ngluwihi kowe kabeh.[19] Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.[20] Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.[21] Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene: “Ingsun bakal mangandikani bangsa iki lumantar wong kang basane seje, sarta lumantar lambene wong manca; ewasamono bangsa iku ora bakal ngrungokake marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran.”[22] Dadine basa-roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; dene pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang ora padha pracaya.[23] Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?[24] Balik manawa kabeh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kawelehake dening wong akeh, sarta dititi-priksa dening wong akeh mau;[25] sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”[26] Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.[27] Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa-roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake.[28] Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.[29] Mungguhing nabi-nabi -- becike anaa loro utawa telu saka ing antarane kang padha medharake pitutur, dene liyane padha nanggapana kang padha diwedharake mau.[30] Nanging manawa wong panunggalane kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wangsit, prayogane kang dhisik iku menenga.[31] Ujer kowe kabeh padha bisa gentenan medhar wangsit, satemah kowe padha oleh piwulang sarta oleh panglipur.[32] Karodene rohing para nabi iku manut marang nabine.[33] Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.[34] Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.[35] Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.[36] Apa pangandikane Gusti Allah iku wiwite saka kowe? Utawa, apa tekane pangandika iku mung marang kowe dhewe?[37] Manawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa kang kadunungan peparing karohanen, iku kudu eling, yen apa kang dakpituturake marang kowe iku, dhawuhe Gusti.[38] Nanging manawa wong iku ora nggatekake, iya aja kokgatekake.[39] Mulane, para sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang calathu nganggo basa-roh.[40] Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981