A A A A A

Church: [Pentecost]


PANGENTASAN 34:22-43
[22] Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.[23] Setaun rambah kaping telu sakehe wong lanang panunggalanira padha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,[24] awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.[25] Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.[26] Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”[27] Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”[28] Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.[29] Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.[30] Bareng Rama Harun lan sakehe wong Israel padha ndeleng Nabi Musa, kuliting pasuryane katon mencorong, banjur padha wedi nyedhaki panjenengane.[31] Nanging Nabi Musa tumuli nimbali wong-wong mau, temah Rama Harun lan sakehe para panggedhene pasamuwan padha bali sowan, banjur padha dipangandikani dening Nabi Musa.[32] Sawuse mangkono sakehe wong Israel iya banjur padha nyedhak uga, sarta padha dipangandikani bab apa kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah ana ing gunung Sinai.[33] Bareng Nabi Musa wus rampung anggone mangandikani wong-wong mau, banjur nutupi pasuryane kalawan kacu.[34] Nanging samangsa Nabi Musa sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah perlu imbal wacana, kacu mau diselehake nganti saundure. Dene samangsa wus ana ing jaba, apa kang wus kadhawuhake iku kawartosake marang wong Israel.[35] Manawa wong Israel ndeleng kuliting pasuryane Nabi Musa mencorong, Nabi Musa banjur nutupi pasuryane maneh nganti panjenengane lumebet ngadhep perlu imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.[36] Nabi Musa banjur nglempakake sapasamuwane wong Israel kabeh, sarta padha dipangandikani mangkene: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah supaya padha dilakoni.[37] Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.[38] Ing dina Sabat kowe aja padha daden geni ana ing ngendi bae ing sajroning papan panggonanmu.”[39] Karomaneh pangandikane Nabi Musa marang sapasamuwane wong Israel kabeh: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah:[40] Sira padha ngaturna pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah saka kang sira duweni. Saben wong kang legawa atine iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah: mas, selaka, tembaga,[41] bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus,[42] lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, lulang dhuyung, kayu sittah,[43] lenga kanggo padamaran, bumbu-bumbu kanggo lenga jebad lan dupa kang wangi-wangi,

PANGANDHARING TORET 16:9-25
[9] Kowe ngetunga pitung minggu; anggonmu ngetung pitung minggu iku wiwitana nalika anyak ngeriti gandum kang durung dieneni.[10] Nuli kowe ngriyayakna dina gedhe Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan nyaosake pisungsung manasuka, miturut anggonmu kaberkahan dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.[11] Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon, wong Lewi kang ana ing panggonanmu, wong bangsa liya karo bocah lola lan randha kang ana ing tengahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.[12] Elinga yen ing biyen kowe pada dadi batur ana ing Mesir. Katetepan iki lakonana kalawan setya.[13] Kowe mahargyaa Riyaya Tancebing Tarub lawase pitung dina, yaiku samangsa kowe wus nglebokake pametune panutonmu lan pamipitan anggur.[14] Ing dina gedhemu iku, kowe padha bungah-bungaha, iya kowe dalah anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lang wadon, apadene wong Lewi lan wong bangsa liya, bocah lola lan randha kang padha ana ing antaramu.[15] Pitung dina lawase anggonmu mahargya riyaya kaya mangkono iku, kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang pametuning lemahmu lan sadhengah pagaweanmu, temah kowe bisa bungah-bungah temenan.[16] Setaun rambah kaping telu, saben wong lanang kang ana ing antaramu sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih, yaiku ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing Riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sarta ing Riyaya Tancebing Tarub. Aja legeh anggonmu seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah,[17] nanging saben wong uga nggawaa pisungsung sakuwate, cundhuk karo berkah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”[18] “Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.[19] Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.[20] Kaadilan, iya kaadilan iku kang kudu kokgondheli, supaya kowe lestaria urip sarta ndarbenana tanah bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”[21] “Kowe aja nandhur sadhengaha wit minangka saka brahala sandhing misbyahe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, misbyah kang bakal kokgawe kanggo kowe;[22] lan iya aja ngadegake tugu brahala, marga iku disengiti dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. edit 1: fajar 13.12.01[23] Anggonmu nyaosake kurban sapi utawa wedhus marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja kang ana cacade, utawa apa bae kang ala, awit iku jember kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”[24] “Saupama ing antaramu, ing salah sawijining panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ketemu ana wong lanang utawa wadon kang duwe pokal ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, nerak ing prasetyane,[25] yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang,

LELAKONE PARA RASUL 2:1-13
[1] Bareng ing dina riyaya Pentekosta, kabeh wong padha nglumpuk.[2] Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,[3] banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.[4] Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.[5] Nalika samana ing Yerusalem ana wong-wong Yahudi kang saleh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.[6] Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau.[7] Kabeh padha njenger kaeraman, banjur padha calathu: “Apa sing padha caturan iku dudu wong Galilea?[8] Kapriye dene kita dhewe-dhewe padha krungu anggone caturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita:[9] kita iki wong Partia, Media, Elam, kang padha manggon ing Mesopotamia, Yudea lan Kapadhokia, Pontus lan Asia,[10] Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkone tanah Libia kang cedhak karo Kirene, wong-wong neneka saka ing nagara Rum,[11] iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”[12] Kabeh padha kaeraman sarta bingung lan padha sapocapan mangkene:[13] “Apa ta tegese iki?” Nanging wong liyane ana kang ngece, calathune: “Wong iku rak padha mendem anggur manis.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981