A A A A A

Church: [Parables From Jesus]


MATEUS 5:14-16
[14] Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.[15] Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.[16] Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”

MATEUS 7:1-5
[1] “Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.[2] Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.[3] Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh?[4] Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge?[5] Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”

MATEUS 9:16-17
[16] Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe.[17] Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”

MATEUS 12:24-30
[24] Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”[25] Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.[26] Manawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awake dhewe; manawa mangkono krajane bisane lestari kapriye?[27] Dadine yen Aku nundhungi dhemit nganggo jenenge Beelzebul, lah nganggo jenenge sapa yen anak-anakmu nundhung? Mulane anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowe.[28] Nanging manawa anggonKu nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane Rohing Allah, satemene Kratoning Allah wus nekani kowe.[29] Utawa kapriye bisane wong lumebu ing omahe wong kang rosa lan njarah rayah barang darbeke, yen wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Manawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau.[30] Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku, iku mbuyarake.

MATEUS 13:1-23
[1] Ing dina iku Gusti Yesus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir sagara.[2] Tumuli ana wong akeh padha gumrudug sowan lan ngrubung Panjenengane, mulane Gusti banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, dene wong akeh mau padha ngadeg ana ing gegisik.[3] Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhe: “Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.[4] Sajrone nyebar iku ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki.[5] Ana kang tumiba ing padhasan, kang ora akeh lemahe. Wiji mau enggal thukul, amarga lemahe tipis.[6] Nanging bareng srengenge wis saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyode.[7] Ana maneh kang tumiba ing eren. Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhih temahan mati.[8] Lan ana maneh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohe, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh.[9] Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”[10] Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”[11] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.[12] Amarga sapa kang duwe, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwe, apa bae kang kaduwe, bakal dipundhut.[13] Iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngreti.[14] Mulane wong-wong iku kang padha dadi kanyataane pamecane Nabi Yesaya, surasane: Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangreti, sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup.[15] Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampeng sarta mripate dieremake, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge sarta atune bisa mangreti banjur mratobat, temahan Sunwarasake.[16] Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.[17] Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.[18] Mulane rungokna maknane pasemon bab juru nyebar iku.[19] Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.[20] Dene wiji kang kasebar ing padhasan, yaiku wong kang ngrungokake pangandika sarta enggal-enggal nampani pangandika mau kanthi bungah,[21] nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.[22] Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.[23] Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh.”

MATEUS 13:24-30
[24] Ana maneh pasemon, kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku umpamane kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalane.[25] Nanging nalika wong-wong padha turu kabeh, satrune teka nyebar wiji alang-alang ing tengahe gandum banjur lunga.[26] Bareng gandume thukul lan wiwit metu wewulene, alang-alange iya kathon.[27] Batur-bature sing duwe pategalan padha marani lurahe lan matur: Bandara, punapa sanes wiji sae ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika?[28] Wangsulane lurahe: Iku panggawene satru. Batur-bature matur maneh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?[29] Nanging wangsulane: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutake gandume.[30] Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange lan bentelana, banjur obongen, sawise iku gandume klumpukna ing lumbungku.”

MATEUS 13:31-32
[31] Ana maneh pasemon kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane.[32] Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhewe, nanging yen wis thukul, gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuk ing pang-pange.”

MATEUS 13:33-34
[33] Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”[34] Sakehe prakara iku mau kabeh didhawuhake dening Gusti Yesus marang wong akeh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikakake kang ora dhapur pasemon,

MATEUS 13:44
“Kratoning Swarga iku umpamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.

MATEUS 13:45-46
[45] Mangkono maneh Kratoning Swarga iku umpanane kayadene wong dagang kang golek mutyara kang adi.[46] Bareng wis oleh mutyara kang banget ajine, banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, mutyara mau nuli dituku.”

MATEUS 13:47-50
[47] “Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.[48] Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wonge tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dene iwak kang ora becik dibuwang.[49] Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid,[50] padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.

MATEUS 15:10-20
[10] Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:[11] “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”[12] Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”[13] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.[14] Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”[15] Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.”[16] Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?[17] Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?[18] Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.[19] Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.[20] Yaiku kang gawe jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.”

MATEUS 18:10-14
[10] Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana Swarga.[11] [Dene rawuhe Putraning Manungsa iku prelu nylametake kang katriwal].”[12] “Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?[13] Satemene Aku pitutur marang kowe: Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.[14] Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae.”

MATEUS 18:23-35
[23] Sabab Kratoning Swarga iku upamane kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdine.[24] Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.[25] Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.[26] Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.[27] Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welase marang abdi iku, mulane abdine banjur diluwari, utange dililakake.[28] Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu![29] Kancane abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhe kula lunasi.[30] Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.[31] Ndeleng kang mangkono iku kanca-kanca liyane padha sedhih banget. Bab iku kabeh banjur kalapurake marang gustine.[32] Sang Prabu nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala, utangira kang semana kehe wis sunlilakake kabeh, marga sira matur memelas marang ingsun.[33] Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?[34] Gustine duka banget. Abdi mau banjur kapasrahake marang algojo, nganti sapundhate utange kabeh.[35] Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”

MATEUS 20:1-16
[1] “Anadene Kratoning Swarga iku kena diupamakake wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golek wong buruh kanggo kebone anggur.[2] Bareng wis padha sarujuke opahe nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing kebone.[3] Kira-kira jam sanga dheweke metu maneh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.[4] Calathune marang wong-wong mau: Kowe iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.[5] Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu maneh lan iya nindakake kaya ing ngarep mau.[6] Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?[7] Wangsulane wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowe iya padha menyanga kebonku anggur.[8] Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.[9] Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.[10] Sawise iku kang mlebune esuk dhewe padha mara, pangirane bakal tampa opah luwih akeh, nanging jebul iya tampa nyadinar.[11] Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwe pakebonan.[12] Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran.[13] Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?[14] Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe.[15] Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?[16] Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”

MATEUS 21:28-32
[28] “Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur.[29] Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.[30] Wong mau banjur marani anake lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anake mangsuli: Kula boten purun. Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat.[31] Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.[32] Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”

MATEUS 21:33-45
[33] “Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya.[34] Bareng wis meh wancine ngundhuh, kang duwe kongkonan rewang-rewange menyang enggone wong kang nyewa, njaluk pametuning pakebonane.[35] Nanging rewang-rewang mau padha dicekel dening kang padha nyewa. Sing siji digebugi, sijine dipateni, lan sing siji maneh dibenturi watu.[36] Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik.[37] Wasana banjur kongkonan anake, pamikire: Mesthine bakal padha ering marang anakku.[38] Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.[39] Anake mau banjur dicekel lan diuncalake menyang sajabaning kebon anggur, sarta dipateni.[40] Mulane samangsa sing duwe pakebonan anggur mau wis teka, wong kang padha nyewa mau bakal dikapakake?”[41] Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.”[42] Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.[43] Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe. [[44] Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”[45] Bareng para pangareping imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa, yen dheweke kabeh kang disemoni.

MATEUS 22:1-14
[1] Gusti Yesus tumuli paring pasemon maneh marang wong-wong mau, pangandikane:[2] “Kratoning Swarga iku upamane kaya ratu, kang mahargya pikramane ingkang putra.[3] Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan.[4] Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. padha tekaa ing pahargyan.[5] Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane,[6] dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.[7] Mulane Sang Nata duka lan banjur utusan wadyabalane kadhawuhan numpes wong-wong dursila mau lan ngobongi kuthane.[8] Sawise iku nuli ngandika marang para abdine: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.[9] Mulane padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang ing pahargyan manton iki.[10] Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan mglumpukake kabeh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton.[11] Nalika Sang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamu iku, panjenengane mirsa wong siji, sing ora nganggo sandhangan pesta.[12] Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.[13] Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.[14] Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.”

MATEUS 24:32-35
[32] Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.[33] Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.[34] Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.[35] Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

MATEUS 24:45-51
[45] “Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?[46] Rahayu abdi kang ketemu lagi nindakake kawajibane mau, nalika bandarane rawuh.[47] Satemene Aku pitutur marang kowe, abdi mau bakal dipasrahi rumeksa barang kagungane kabeh.[48] Nanging manawa abdi iku ala lan duwe gagasan ing sajroning atine mangkene:[49] Bandaraku ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki abdi-abdi liyane, lan mangan ngombe bebarengan karo wong-wong kang seneng mendem,[50] bandarane mau nuli rawuh ing dina kang ora dinyana-nyana lan ing wayah kang ora disumurupi,[51] abdi mau bakal dipateni sarta dipadhakake karo para wong lamis. Ing kono kang bakal tinemu tangis lan keroting untu.”

MATEUS 25:1-13
[1] “Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.[2] Sing lima bodho, sing lima pinter.[3] Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo nggawa lenga serepan,[4] dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga.[5] Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu.[6] Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken![7] Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.[8] Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.[9] Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe.[10] Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.[11] Sawise mangkono prawan-prawan liyane iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori![12] Nanging wangsulane panganten lanang: Satemene pituturku marang kowe: Aku ora wanuh karo kowe.[13] Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”

MATEUS 25:14-30
[14] “Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,[15] kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk, tumuli mangkat.[16] Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.[17] Batur kang tampa rong talenta iya nindakake kang mangkono lan oleh bathi rong talenta.[18] Nanging batur kang tampa satalenta iku lunga ndhudhuk lemah gawe luwangan, dhuwite bandarane dipendhem.[19] Sawise antara lawas bandarane batur-batur mau mulih, banjur etung-etungan.[20] Kang tampa limang talenta ngaturake bebathen limang talenta, ature: Bandara, kula panjenengan cepengi gangsal talenta; lah punika kula angsal bathi inggih gangsal talenta.[21] Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindhakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.[22] Kang tampa rong talenta banjur matur: Bandara, kula panjenengan pasrahi kalih talenta; lah kula angsal bathi kalih talenta.[23] Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.[24] Wasana kang tampa satalenta uga teka lan matur: Bandara, kula sampun sumerep, bilih panjenengan punika tiyang ingkang dakwenang, dene ngeneni ingkang sanes sebaran panjenengan, saha mendheti ingkang sanes taneman panjenengan.[25] Milanipun kula ajrih, kula lajeng kesah, arta panjenengan satalenta kula pendhem ing siti. Mangga, kula aturi nampeni kagungan panjenengan![26] Bandarane banjur mangsuli: Heh, batur kang ala lan kesed, kowe wis ngreti, yen aku ngeneni kang dudu sebaranku lan njupuk kang dudu tanduranku.[27] Mulane benere dhuwitku koktitipake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya saulihku bisa tampa dhuwit iku saanakane.[28] Mulane padha jupuken dhuwit satalenta iku, banjur wenehna kang duwe sapuluh talenta iku.[29] Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.[30] Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981