A A A A A

Greja: [Lair Yesus]


MATEUS 1:18-23
[18] Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.[19] Sarehne Yusuf bojone iku wong mursid sarta ora gelem mirangake Maryam ana ing ngarepe wong akeh, mulane sumedya medhot pepacangane kanthi sidheman.[20] Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,[21] sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”[22] Bab iku anggone kalakon supaya kayektenana apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi mangkene:[23] “Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”

LUKAS 2:7-21
[7] banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pemakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.[8] Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.[9] Dumadakan ana malaekating Pangeran jumeneng ing sacedhake sarta padha kasorotan ing cahya kamulyane Pangeran temahan padha wedi banget.[10] Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:[11] Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.[12] Dene kang minangka tengeran marang kowe, mangkene: Kowe bakal mrangguli bayi kagedhong sumeleh ing pamakanan.”[13] Dumadakan banjur ana balatantra swarga kang akeh banget cacahe, kang mbarengi malaekat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdane:[14] “Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”[15] Kacarita sapengkere para malaekat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkene: “Ayo, padha menyang ing Betlehem, ndeleng apa sing wis kalakon ing kana, kaya sing wis dipangandikakake dening Pangeran marang kita.”[16] Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.[17] Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakake apa kang wis dipangandikakake tumrap Sang Putra iku.[18] Kabeh wong kang padha krungu, padha gumun marang critane pangon-pangon mau.[19] Nanging Maryam nyathet iku mau kabeh ana ing sajroning atine lan dirasak-rasakake.[20] Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikakake marang wong-wong mau.[21] Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.

MATEUS 2:1-12
[1] Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem[2] lan takon-takon:“Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”[3] Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.[4] Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.[5] Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:[6] Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”[7] Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;[8] nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”[9] Para pandhita sawise nampani pangandikane Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wetan, iku ndhisiki lakune tumeka ing padunungane Sang Timur lan mandheg ing sandhuwure.[10] Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.[11] Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.[12] Sawise mangkono, sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane.

GALATI 4:4
Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,

LUKAS 2:1-4
[1] Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.[2] Iki cacah-jiwa kang kapisan kang dianakake nalika Sang Kirenius jumeneng walinagara ing Siria.[3] Wong-wong banjur padha mangkat kabeh arep ndhaftarake, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.[4] Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasaret tanah Galilea menyang ing tanah Yudea, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang aran Betlehem -- amarga asale saka ing brayat lan tedhake Sang Prabu Dawud --

WAHYU 12:1-5
[1] Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.[2] Wanita mau lagi ngandheg sarta sajrone sesambat nglarani arep nglairake iku njerit marga kelaran.[3] Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.[4] Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.[5] Sang wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengen para bangsa kalawan lantaran wesi; dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokake menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhampare.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981