MATEUS 5:22 |
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub. |
|
WULANG BEBASAN 1:7 |
Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi. |
|
WULANG BEBASAN 3:35 |
Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan, nanging wong punggung bakal tampa pamoyok. |
|
WULANG BEBASAN 10:8 |
Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba. |
|
WULANG BEBASAN 10:23 |
Kang dadi kabungahane wong gemblung iku manawa nglakoni pratingkah nistha, nanging wong pinter iku senenge manawa oleh kawicaksanan. |
|
WULANG BEBASAN 12:16 |
Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana. |
|
WULANG BEBASAN 13:20 |
Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara. |
|
WULANG BEBASAN 17:28 |
Uga wong bodho manawa anteng iya bakal dikira wicaksana, lan manawa ngingkemake lambene iya dikira duwe kapinteran. |
|
WULANG BEBASAN 18:2-7 |
[2] Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine.[3] Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake, sarta cacad iku dibarengi pamoyok.[4] Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.[5] Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.[6] Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.[7] Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme, sarta lambene dadi kala tumrap nyawane. |
|
WULANG BEBASAN 20:3 |
Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati, nanging saben wong bodho nguja kanepsone. |
|
WULANG BEBASAN 23:9 |
Aja guneman ana ngarepe wong gemblung, marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis. |
|
WULANG BEBASAN 26:19 |
iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane, sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.” |
|
WULANG BEBASAN 28:26 |
Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet. |
|
WULANG BEBASAN 29:9 |
Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho, wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame. |
|
WULANG BEBASAN 29:11 |
Wong gemblung nguja sakehe kanepsone, nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake. |
|
JABUR 14:1 |
Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan. |
|
WULANG BEBASAN 14:16 |
Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem. |
|
WULANG BEBASAN 15:18 |
Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu. |
|
WULANG BEBASAN 15:20-21 |
[20] Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.[21] Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi, nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener. |
|
WULANG BEBASAN 14:7-9 |
[7] Ngedohana wong gemblung, marga lambene ora bakal nglairake kawasisan.[8] Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.[9] Wong bodho moyoki marang kurban panebuse, nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan. |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |