JABUR 144:14 |
Lembu-lembu kawula sami sageda wreden, sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron, punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula! |
|
NEHEMYA 8:1 |
Nalika wus nyandhak sasi kapitu, bareng wong Israel wus padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe, |
|
YESAYA 24:11 |
Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur, sakehing kasenengan wus sirna, gambiraning bumi wus ilang. |
|
YEREMIA 14:2 |
Yehuda ngrudatin, gapurane padha ambruk, lan katon memelas njepaplang ana ing lemah; pasambate Yerusalem muluk mandhuwur. |
|
WULANG BEBASAN 23:29 |
Sapa kang ngadhuh-adhuh? Sapa kang sambat-sambat? Sapa kang padu? Sapa kang ngesah-esah? Sapa kang tatu tanpa sabab? Sapa kang mripate abang? |
|
FILIPI 4:6-7 |
[6] Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.[7] Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus. |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |