A A A A A

Bad Character: [Vanity]


KOHELET 2:1-21
[1] Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”[2] Gumuyu iku dakkandhakake: “Iku bodho!” lan tumrap kabungahan: “Gunane apa?”[3] Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur -- sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan -- sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.[4] Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh,[5] aku nganakake pakebonan lan patamanan akeh, banjur daktanduri wit-witan warna-warna,[6] aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono.[7] Aku tuku batur lanang lan wadon akeh, lan ana batur-batur kang lair ana ing omahku; aku uga duwe sapi akeh lan wedhus ngluwihi wong kabeh kang ana ing Yerusalem sadurunge aku.[8] Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh.[9] Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku.[10] Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.[11] Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi.[12] Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku.[13] Sarta aku sumurup manawa kawicaksanan iku ngungkuli kabodhoan, kayadene pepadhang anggone ngungkuli pepeteng.[14] Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.[15] Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.[16] Amarga ora ana pangeling-eling kang tetep tumrap wong wicaksana utawa wong bodho, awit ing dina-dina kang bakal kelakon kabeh-kabeh iku wus suwe anggone dilalekake, lah ah, wong wicaksana iya mati kaya dene wong bodho![17] Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.[18] Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sabab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku.[19] Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.[20] Marga saka iku aku banjur wiwit mangu-mangu ing bab kang daktindakake kalawan kangelan ana ing sangisoring langit iki.[21] Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.

KOHELET 4:4
Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.

KOHELET 5:10
Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?

KOHELET 6:2
wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja-brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake! Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait.

YEREMIA 2:5
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa?

YEREMIA 4:30
Lan kowe kang padha kasirnakake apa kang arep koklakoni, geneya kowe padha manganggo jarit jingga, lan pepasren emas, apadene mripatmu celakan? Tanpa guna anggonmu ngadi sarira, bedhanganmu padha nampik kowe, malah padha ngarah nyawamu.

WULANG BEBASAN 31:30
Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.

JABUR 39:5-6
[5] “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula, punapadene bab watesing umur kawula, supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng![6] Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

JABUR 119:37
Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina; kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka!

RUM 12:2
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

1 SAMUEL 16:7
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”

1 TIMOTEUS 4:8
Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

KOHELET 1:1-2
[1] Iki pangandikane Sang Kohelet, putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Yerusalem.[2] Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.

GALATI 5:16-26
[16] Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.[17] Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging -- awit sakarone padha lelawanan -- temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.[18] Ananging manawa kowe padha masrahake awakmu supaya dituntun dening Roh, mesthi kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret.[19] Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,[20] nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,[21] drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.[22] Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,[23] alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan bab-bab kang mangkono iku.[24] Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.[25] Manawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun dening Roh[26] lan kita aja mendem drajat, aja padha tantang-tantangan, sarta aja jejailan.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981