MATEUS 27:3-4 |
[3] Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung, dhuwit telung puluh sekel salaka kabalekake marang para pangareping imam lan pinituwa[4] kalawan matur:“ Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhewe!” |
|
MATEUS 6:14-15 |
[14] Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.[15] Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” |
|
MARKUS 11:25 |
lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. [ |
|
MATEUS 7:12 |
“Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi. |
|
IBRANI 4:15 |
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa. |
|
PURWANING DUMADI 12:3 |
Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.” |
|
RUM 3:23 |
Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah, |
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |