A A A A A

Watak Ala: [Nesu]


EFESUS 4:26-31
[26] Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsune ilang[27] lan aja aweh papan marang iblis.[28] Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.[29] Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.[30] Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.[31] Sadhengahing rasa serik, brangasan, gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur ala buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhengahing piala.

YAKOBUS 1:19-20
[19] He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;[20] jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.

WULANG BEBASAN 29:11
Wong gemblung nguja sakehe kanepsone, nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake.

KOHELET 7:9
Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.

WULANG BEBASAN 15:1
Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu, nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.

WULANG BEBASAN 15:18
Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu.

KOLOSE 3:8
Nanging saiki kabeh mau buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung saru kang kawetu saka cangkemmu.

YAKOBUS 4:1-2
[1] Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?[2] Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.

WULANG BEBASAN 16:32
Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.

WULANG BEBASAN 22:24
Aja memitran kawo wong bengis, lan aja srawungan karo wong brangasan,

MATEUS 5:22
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.

JABUR 37:8-9
[8] Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku, aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.[9] Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.

JABUR 7:11
Gusti Allah iku tetamengku, kang mitulungi wong kang burus ing ati.

2 PARA RAJA 11:9-10
[9] Para opsir penatus iku padha tumindak ngetrepi dhawuhe Imam Yoyadha. Siji-sijine padha nggawa wonge, kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat, bebarengan karo wong kang padha lumebu ing dina iku, banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Yoyadha.[10] Sang Imam tumuli maringi marang para opsir penatus mau tumbak lan tameng kagungane Sang Prabu Dawud kang kasimpen ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

2 PARA RAJA 17:18
Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, kaedohake saka ing ngarsane; ora ana kang kari kejaba mung suku Yehuda. --

WULANG BEBASAN 14:29
Wong kang sabar iku gedhe pangretene, nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981