A A A A A

Malaekat lan Setan: [Penyihir / Sihir]


WAHYU 21:8
Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

WAHYU 18:23
Padhanging damar ora bakal madhangi kowe maneh, lan swarane penganten lanang wadon ora bakal keprungu maneh ana ing kowe. Awit sudagar-sudagarmu iku maune padha dadi panggedhene bumi, marga saka sakehe bangsa wus padha kasasarake srana panenunganmu.”

WAHYU 9:21
Apamaneh uga padha ora mratobat sumingkir saka anggone memateni, utawa nenung, sarta laku jina, apadene nyenyolong.

WAHYU 22:15
Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.

PANGENTASAN 7:11
Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.

YEHESKIEL 13:18-21
[18] Sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para dhukun wadon, kang naleni kabeh ugel-ugel kalawan tali jimat lan ngenggokake kudhung ing sirahe wong kabeh, tuwa utawa enom, kanggo njiret nyawaning wong. Sira apa arep njiret nyawaning wong kang kagolong umatingSun lan ngetokake wong-wong liyane padha urip kanggo kapreluanira?[19] Sira iku nerak kasuceningSun ana ing satengahe umatingSun mung supaya oleh sair sawatara gegem lan roti sawatara iris kalawan mateni wong-wong kang kudune ora mati lan ngetogake wong-wong padha urip, kang kudune ora urip, marga saka anggonira ngapusi umatingSun, kang gelem ngrungokake ujar goroh.[20] Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nglawan tali jimatira, kang sira anggo njiret nyawaning wong, bakal Sunrebat saka ing tanganira tuwin wong-wong kang padha sira cekel iku bakal Suneculake kaya manuk.[21] Kudhungira bakal Sunsuwek-suwek lan bakal nguwalake umatingSun saka ing tanganira sarta iku padha ora bakal dadi memangsanira maneh ana ing tanganira. Sira banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

YESAYA 47:12
Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantranira lan sikirira kang akeh iku, kang sira endelake wiwit cilikira; mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu, mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris.

DHANIEL 1:20
Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.

DHANIEL 2:2
Sang Prabu nuli utusan nimbali para sarjana, para juru-gendam, juru sihir lan para wong Kasdim, kadhawuhan nerangake supena mau marang panjenengane; banjur padha sowan lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu.

PANGENTASAN 8:18-19
[18] Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrane sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kewan.[19] Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

PANGANDHARING TORET 18:10
Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,

PANGENTASAN 22:18
“Ahli sihir wadon aja sira uripi.

KAIMAMAN 19:31
Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

KAIMAMAN 20:27
Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”

1 PARA RAJA 21:6
Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”

KAIMAMAN 19:26
Sira aja mangan sadhengah apa kang isih ana getihe. Sira aja padha nindakake ngelmu petungan utawa pameca.

MIKHA 5:12
Mangkono maneh reca-recanira, apadene tugu-tugu branalanira bakal Sungempur saka ing tengahira, temah sira bakal ora sujud maneh marang gegaweaning tanganira.

KAIMAMAN 20:6
Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.

MALEAKHI ३:५
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

PANGANDHARING TORET 18:10-11
[10] Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,[11] kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.

2 PARA RAJA 23:24
Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

YESAYA २:६
Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.

GALATI 5:20
nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,

YESAYA 8:19
Lan manawa ana wong kang celathu marang sira: “Njaluka pituduh marang arwah lan roh-rohe para juru meca kang bisik-bisik lan klomat-klamet,” iku wangsulana: “Sawijining bangsa iku pantese apa ora kudu njaluk pituduh marang allahe? Utawa kudu jaluk pituduh marang para wong mati kanggo wong urip?”

YEREMIA 27:9
Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sihirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!

WILANGAN 23:23
Awitdene boten wonten japa-mantra ingkang saged tumama dhateng Yakub, utawi tenung ingkang saged tumama dhateng Israel. Dumugi ing wekdalipun, Yakub badhe dipun cariyosi, makaten ugi dhateng Israel, kaelokan ingkang katindakaken dening Gusti Allah.

ZAKHARIA 10:2
Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone.

YESAYA 57:3
Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene, he para anake wong wadon juru tenung, he turune wong kang laku jina lan wong wadon tunasusila!

NAHUM 3:4
Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila, kang endah warnane lan ahli sihir, kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina, lan golongan-golongan srana sihire.

1 SAMUEL 15:23
Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”

JABUR 58:5
Wisane kaya wisane ula, padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,

YESAYA 47:13
Sira wus sayah marga saka kehe pituduh! Cikben padha maju lan ngluwari sira wong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit, kang padha niti-priksa lintang-lintang sarta kang saben tanggal enom aweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira!

2 PARA RAJA 5:11
Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka, pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono lelaraku saraat banjur waras!

PANGENTASAN 15:25
Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,

PARA HAKIM 6:36
Gidheon tumuli munjuk marang Gusti Allah: “Manawi Paduka badhe ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula, kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken,

PURWANING DUMADI 44:5
Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”

LELAKONE PARA RASUL 8:9-24
[9] Kacarita ing kutha kono ana wong jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakake pasikhiran lan gawe erame rakyat Samaria apadene ngaku-aku wong kang pinunjul.[10] Wong-wong, gedhe, cilik, padha nganut marang dheweke, pangucape: “Wong iki apangawak panguwaosing Allah kang kasebut Sang Panguwaos Agung.”[11] Mulane padha ngedhep marang dheweke, jalaran wis suwe anggone gawe erame sarana pasikhirane.[12] Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.[13] Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.[14] Bareng para rasul ing Yerusalem padha midhanget, yen wong ing tanah Samaria wis padha nampani pangandikaning Allah, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kautus mrana.[15] Sarawuhe ing kono karone banjur padha ndedonga, supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci.[16] Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.[17] Mulane kabeh banjur padha katumpangan asta dening para rasul mau, satemah padha katedhakan ing Roh Suci.[18] Bareng Simon sumurup, yen anggone padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astane para rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwit marang para rasul,[19] kalawan matur: “Kula mugi kaparingana kasekten punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”[20] Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.[21] Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.[22] Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,[23] amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”[24] Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”

PANGANDHARING TORET 18:9-14
[9] “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.[10] Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,[11] kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.[12] Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran yehuwah, Gusti Allahmu.[13] Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.[14] Sabab para bangsa kang tanahe arep kokejegi iku padha neges marang juru tenung lan juru pethek, nanging kowe iku ora diparengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nindakake kang kaya mangkono mau.

PARA HAKIM 17:2
Dheweke matur marang ibune: “Artanipun selaka ibu, sewu satus ingkang ical kapendhet ing tiyang, ngantos panjenengan ngucapaken supaos -- kula piyambak mireng pangandika panjenengan -- punika wonten ing kula, kula ingkang mendhet.” Wangsulane ibune: “Kaberkahana anakku dening Pangeran Yehuwah.”

YESAYA 44:25
Ingsun iki kang ngwurungake tandha-tandhane juru pameca goroh lan kang ngagem dolanan para tukang tenung; kang damel mundure para wong wicaksana, lan nyantuni kawruhe dadi kabodhoan;

2 BABAD 33:6
Malah para putrane padha kapasrahake minangka kurban ing geni ana ing Lebak Ben-Hinom; panjenengane oleh ngelmu weca, ngelmu pethek lan ngelmu sikir, sesrawungan karo para prewangan tuwin para tukang ngundang roh kang memeca. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah akeh banget, temah damel gerahing panggalihe.

MIKHA 3:7
Para wong sidik bakal padha kawirangan, lan para juru tenung bakal padha kisinan, kabeh bakal padha nutupi raine, marga Gusti Allah ora paring wangsulan.

YESAYA 19:3
semangate wogn Mesir banjur ilang, rancangane bakal Sunkisruhake; banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra, marang arwah lan marang roh kang memeca.

LELAKONE PARA RASUL 19:18-19
[18] Akeh wong panunggalane kang wis padha manjing pracaya, kang padha teka lan ngaku ana ing ngarepe wong akeh, yen wis padha tau nglakoni mangkono.[19] Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.

LELAKONE PARA RASUL 8:9
Kacarita ing kutha kono ana wong jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakake pasikhiran lan gawe erame rakyat Samaria apadene ngaku-aku wong kang pinunjul.

PANGANDHARING TORET 18:10-12
[10] Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam,[11] kang olah japa-mantra, kang njaluk katrangan marang arwah utawa marang roh memethek, sarta kang neges marang wong mati.[12] Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran yehuwah, Gusti Allahmu.

GALATI 5:19-21
[19] Dene pakartine daging wus cetha: laku jina, laku rusuh, nguja hawa nepsu,[20] nyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, meri, brangasan, mung mikir awake dhewe, cidra, roh kang memecah,[21] drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.

YESAYA 3:18-20
[18] Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,[19] rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,[20] rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981