A A A A A

Malaekat lan Setan: [Lucifer]


1 PETRUS 5:8
Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.

2 KORINTA 4:4
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.

2 KORINTA 11:14
Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.

2 PETRUS 1:19
Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalirake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.

EFESUS 6:11-12
[11] Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.

YAKOBUS 4:7
Marga saka iku padha nungkula marang Allah. Iblis tanggulangen, temahan bakal lumayu nglungani kowe!

YOKANAN 8:44
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.

YUDAS 1:6-9
[6] Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,[7] iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.[8] Ewadene wong kang padha ngimpi-impi kaya mangkono iku njemberake badane sarta ngremehake panguwasaning Allah sarta nyenyamah sakehing kamulyan.[9] Nanging Sang Mikhael, panggedhening para malaekat, nalika padudon karo Iblis bab layone Nabi Musa, ora wani ngetrapake tembung panyenyamah, mung ngucap mangkene, “Kowe muga didukanana dening Pangeran

MATEUS 4:3
Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”

MATEUS 12:24
Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”

WAHYU 3:9
Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.

WAHYU 20:10
dene Iblis, kang nasarake wong-wong mau, tumuli kacemplungake ing sagara geni lan welirang, yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabi palsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi langgeng ing salawas-lawase.

RUM 16:20
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.

YEHESKIEL 28:16-17
[16] Sarehne sira dagang gedhe sira banjur atindak keras lan gawe dosa. Mulane sira tumuli Sunbuwang saka ing gununging Allah, sarta kerub kang rumeksa banjur nyirnakake sira saka ing satengahe sesotya kang mencorong.[17] Sira gumunggung marga saka endahing warnanira, kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira. Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi, Sunpasrahake marang para raja dadi tontonan ana ing ngarepe.

WAHYU 12:7-9
[7] Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhael lan para malaekate padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu dening para malaekate,[8] nanging padha ora kuwat nanggulangi; temah padha ora oleh papan maneh ana ing swarga.[9] Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.

LUKAS 10:18-20
[18] Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.[19] Lah kowe wis padha Dakparingi panguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowe.[20] Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”

YESAYA 14:12-15
[12] “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit, he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan, kowe wus kapecah lan tiba ing bumi, he, kowe kang ngalahake para bangsa![13] Kowe kang maune ngunandika: Aku arep munggah menyang ing langit, aku arep ngedegake dhamparku ana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah, lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan, ing sisih lor adoh.[14] Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega, arep madhani Kang Mahaluhur![15] Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonan kang jero dhewe ing luwanging kuburan.

WAHYU 13:1-18
[1] Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.[2] Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.[3] Aku nuli ndeleng endhase kang siji iku kaya ana tatune kang mbebayani tumrap uripe, nanging tatune banjur waras. Temah wong sadonya padha kaeraman, banjur ngetut buri kewan iku.[4] Wong-wong mau padha sujud marang naga mau, awit wus menehake panguwasane marang kewan iku. Karodene wong-wong mau padha sujud marang si kewan kalawan pangucape: “Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perang?”[5] Si kewan banjur kaparingan cangkem, kang kebak kumlungkung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan panguwasa nglakoni mangkono iku lawase patang puluh loro sasi.[6] Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.[7] Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.[8] Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.[9] Sapa kang duwe kuping, ngrungokna![10] Sapa kang pinesthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinesthi kapatenan sarana pedhang, iku bakal kapatenan sarana pedhang. Kang prelu ing kene iya iku sabar mantep lan pracayane wong-wong suci.[11] Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.[12] Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.[13] Sarta maneh nganakake mukjijat-mukjijat kang nggegirisi, malah nganti ngudhunake geni saka ing langit marang bumi ana ing ngarepe wong.[14] Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.[15] Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.[16] Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,[17] sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.[18] Kang prelu ing kene yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngetunga cacahing wilangane si kewan iku, awit iku wilangane sawijining manungsa, lan cacahe yaiku nem atus sawidak nenem.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981