A A A A A

Malaekat lan Setan: [Setan]


1 YOKANAN 4:4
He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.

1 TIMOTEUS 4:1
Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan

2 KORINTA 2:11
supaya Iblis aja nganti oleh kauntungan kang tumuju marang kita, sabab kita sumurup apa kang dikarepake.

2 KORINTA 4:4
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.

YAKOBUS 2:19
Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.

AYUB 4:15
Nuli ana roh liwat ing ngarepku, temah wulune awakku mengkorog kabeh.

MATEUS 8:31
Dhemite nuli padha darbe panyuwun marang Panjenengane, unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi kesah, keparenga kawula manjing ing babi sapantha punika.”

MATEUS 12:45
Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”

LUKAS 8:30
Gusti Yesus banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Legion,” awit dhemit kang nyurupi iku akeh.

WAHYU 20:10
dene Iblis, kang nasarake wong-wong mau, tumuli kacemplungake ing sagara geni lan welirang, yaiku kang wus kaenggonan si kewan lan nabi palsu, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi langgeng ing salawas-lawase.

1 KORINTA 10:20-21
[20] Ora! Dene kang dakkarepake, sesajene wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh reged, ora marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yen kowe padha tetunggalan karo para roh reged.[21] Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.

JABUR 106:37-38
[37] Padha ngurbanake anak-anake lanang, lan anak-anake wadon marang para roh reged,[38] dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, iya iku getihe anake lanang lan wadon, kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan, temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.

AYUB 1:20-21
[20] Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,[21] pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”

EFESUS 6:10-12
[10] Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.[11] Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.

YESAYA 14:12-15
[12] “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit, he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan, kowe wus kapecah lan tiba ing bumi, he, kowe kang ngalahake para bangsa![13] Kowe kang maune ngunandika: Aku arep munggah menyang ing langit, aku arep ngedegake dhamparku ana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah, lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan, ing sisih lor adoh.[14] Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega, arep madhani Kang Mahaluhur![15] Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonan kang jero dhewe ing luwanging kuburan.

LELAKONE PARA RASUL 19:13-16
[13] Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”[14] Wong-wong kang nindakake mangkono iku pitu, anake pangareping imam Yahudi, kang jeneng Skewa.[15] Nanging dhemite mangsuli: “Kang asma Yesus iku aku wis wanuh, lan Rasul Paulus aku wis weruh, nanging kowe, sapa kowe iku?”[16] Wong kang kasurupan dhemit iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulane kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka ing omahe wong iku.

2 PETRUS 2:4-10
[4] Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;[5] sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagad ing jaman purwa, nanging mung milujengake Rama Nuh kang ngabarake kayekten karo wong pitu liyane, nalika Panjenengane ndhatengake banjir patopan kanggo jagade para wong mblasar;[6] mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,[7] nanging Panjenengane ngentasake Lut, kang mursid, lan tansah pegel atine awit uripe wong-wong padha ora mreduli marang angger-angger lan mung ansah nuruti hawa-nepsune bae,[8] -- jalaran wong mursid iku manggon ing satengahe wong-wong mau sarta ing sadina-dina sumurup lan krungu pratingkah-pratingkahe kang mblasar iku satemah atine kang mursid iku kaya kasiksa --[9] dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa,[10] luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,

WAHYU 9:1-7
[1] Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati.[2] Tumuli lawanging teleng mau kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng kaya pegane pawon gedhe, temahan srengenge lan awang-awang padha kapetengan dening pegane teleng mau.[3] Tumuli pega iku metu walange akeh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadene dayane kalajengking ing bumi.[4] Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.[5] Karodene walang-walang mau ora diparengake mateni manungsa, ananging mung nyiksa bae lawase limang sasi, lan anggone nyiksa iku kaya panyiksane kalajengking, samasa ngentup wong.[6] Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.[7] Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,

MARKUS 1:21-27
[21] Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.[22] Wong-wong padha kaeraman ngrungokake piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Toret.[23] Nalika samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh:[24] “Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”[25] Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!”[26] Wong kan kapanjingan banjur kececengan marga saka panggawene dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau.[27] Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon, “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.”

MATEUS 7:14-20
[14] Kosok baline ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”[15] “Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.[16] Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir?[17] Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.[18] Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.[19] Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.[20] Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.

LUKAS 4:31-41
[३१] Gusti Yesus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galilea, tumuli memulang ana ing kono ing saben dina Sabat.[३२] Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.[३३] Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:[३४] “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”[३५] Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.[३६] Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”[३७] Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono.[३८] Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.[३९] Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.[४०] Bareng wis surup, wong-wong padha nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astane, temah padha mari.[४१] Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.

EFESUS 6:1-18
[1] He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.[2] Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --[3] supaya sira slamet lan dawa umurira ana in donya.[4] Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.[5] He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,[6] aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,[7] lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.[8] Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.[9] Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.[10] Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.[11] Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.[13] Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.[14] Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,[15] sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;[16] sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,[17] karomaneh padha nampanana tetopong karahyon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah,[18] ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981