A A A A A

Malaekat lan Setan: [Malaekat]


PURWANING DUMADI 2:1
Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.

KOLOSE 1:16
marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

AYUB 38:1-7
[1] Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane:[2] “Sapa ta kang gawe petenging pepesthen kalawan pangucap kang tanpa pamikir?[3] Mara rumantia dikaya wong lanang! Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela.[4] Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa sira mangreti![5] Sapa kang nemtokake ukurane -- Sira rak sumurup? -- Tuwin sapa kang menthang tali ukurane?[6] Pilar-pilare tumancep ing ngendi lan sapa kang masang watu pojokan,[7] ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak?

LUKAS 20:35-36
[35] nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.[36] Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake.

WAHYU 4:8
Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”

MATEUS 22:30
Awit besuk ing jaman patangen ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.

2 SAMUEL 14:17
Abdi dalem ugi manah: Pangandikane gustiku Sang Prabu mesthi ngayemake atiku, amargi gusti kawula Sang Prabu punika kados malaekatipun Gusti Allah, kados makaten gusti kawula Sang Prabu, ingkang saged milah-milahaken pundi ingkang sae saha pundi ingkang awon. Lan Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem mugi nunggila kaliyan gusti kawula.”

LUKAS 15:10
Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”

WAHYU 14:6
Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,

AYUB 4:15-18
[15] Nuli ana roh liwat ing ngarepku, temah wulune awakku mengkorog kabeh.[16] Nalika mandheg ana ing ngarepku, aku ora bisa niteni rupane. Ana kang cumetha ing pandelengku, aku nuli krungu swara mbisiki mangkene:[17] Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah, apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?[18] Lah ta Gusti Allah ora pitados marang para abdine, malah sanadyan para malaekate iya kapirsan anggone kesasar,

YESAYA 14:12-14
[12] “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit, he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan, kowe wus kapecah lan tiba ing bumi, he, kowe kang ngalahake para bangsa![13] Kowe kang maune ngunandika: Aku arep munggah menyang ing langit, aku arep ngedegake dhamparku ana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah, lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan, ing sisih lor adoh.[14] Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega, arep madhani Kang Mahaluhur!

YUDAS 1:6
Anadene Panjenengane nahan malaekat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasane, nanging padha ninggal papan padunungane, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhe,

1 PETRUS 3:21-22
[21] Samono uga kowe saiki iya padha kapitulngan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,[22] kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.

1 PETRUS 1:12
Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.

IBRANI 12:22
Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,

WAHYU 5:11-12
[11] Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,[12] pangucape kalawan swara sora: “Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.”

JABUR 78:25-49
[25] saben wong wus mangan roti malaekat; padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.[26] Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;[27] umate banjur diudani daging kehe kaya bledug, tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;[28] padha katibakake ing satengahing tarub-tarube, ing sakubenging papan panggonane mau.[29] Tumuli padha mangan nganti wareg banget; Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.[30] Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme;[31] Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku, gembong-gembonge padha dipateni, lan para nonomane Israel padha disirnakake.[32] Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa, sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.[33] Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja, sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.[34] Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane, padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;[35] padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange, lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.[36] Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.[37] Atine ora mantep marang Panjenengane, lan ora setya marang ing prajanjiane.[38] Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh.[39] Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging, angin kang midid, kang ora bakal bali.[40] Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan![41] Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah, sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci.[42] Padha ora eling marang pagwaose, sarta marang dina nalika padha diluwari saka ing tanganing mungsuh,[43] nalika Panjenengane nganakake pratandha-pratandha ana ing tanah Mesir, sarta mukjijat-mukjijat ana ing ara-ara Zoan.[44] Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe;[45] ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.[46] Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang.[47] Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu, sarta wite sikmah sarana ebun njendhel.[48] Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es, lan rajakayane disamber ing bledheg.[49] Padha didhawahi mulad-mulading bebendune, bramantya, deduka sarta karupekan, apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai;

JABUR 91:11
awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.

JABUR 103:20
He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe, kalawan ngrungokake swaraning pangandikane, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.

MATEUS 4:6-11
[6] banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”[7] Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”[8] Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,[9] nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”[10] Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”[11] Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.

MATEUS 16:27
Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.

MATEUS 18:10
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana Swarga.

MATEUS 24:31-35
[31] Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.[32] Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pangpange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.[33] Samono uga, manawa kowe padha weruh lelakon iku mau kabeh, padha sumurupa, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang.[34] Satemene Aku pitutur marang kowe, jinis iki ora bakal sirna, sadurunge iku mau kabeh kalakon.[35] Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.

LUKAS 4:10
awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengane bakal dhawuh marang para malaekate supaya rumeksa marang Sira

YOKANAN 20:11-12
[11] Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nagis nginguk ing pasarean,[12] sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus.

KOLOSE 2:18
Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan,

IBRANI 1:14
Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?

IBRANI 2:6-13
[6] Ana wong kang tau nglairake paseksen ing sawijining nas mangkene: “Manungsa punika punapa ta, dene ngantos Paduka engeti, utawi anaking manungsa, dene ngantos Paduka openi?[7] Wondene kangge sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik tinimbang kaliyan para malaekat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,[8] samukawis sadaya sampun Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun.” Amarga sajrone nelukake samubarang marang Panjenengane, ora ana siji bae kang kliwatan, kang ora teluk marang Panjenengane. Ewadene ing samengko kita padha durung weruh, manawa samubarang kabeh wis ditelukake marang Panjenengane.[9] Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.[10] Jalaran pancen wus mungguh karo kaananing Allah, -- kang kagem Panjenengane sarta dening Panjenengane anggone samubarang kabeh iku dititahake --, yaiku Gusti Allah kang nuntun wong akeh marang kamulyan, uga nyampurnakake Gusti Yesus, kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, srana nandhang sangsara.[11] Jalaran Panjenengane kang nucekake, sarta kang padha kasucekake, iku asale saka Siji. Mulane Panjenengane iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,[12] ature: “Asma Paduka badhe Kawula wartosaken dhateng para sadherek Kawula, saha Kawula badhe ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.”[13] Sarta maneh: “Aku bakal pracaya marang Panjenengane,” lan maneh: “Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak kang wis diparingake dening Gusti Allah marang Aku.”

IBRANI 13:2
Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.

2 PETRUS 2:4
Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981