A A A A A

Tambahan: [Ala]


1 KORINTA 13:6
Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.

1 YOKANAN 5:19
Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.

1 PARA RAJA 14:9
Sarehne sira wus nglakoni panggawe ala ngluwihi sakehe wong sadurunge sira tuwin wus gawe allah liyane lan reca-reca cithakan, temah sira gawe gerahe panggalihingSun, malah sira wus ngungkurake Ingsun,

1 PARA RAJA 17:13
Nanging pangandikane Nabi Elia: “Kowe aja kuwatir, muliha, nglakonana apa kang wus kokkandhakake mau, nanging sadurunge aku olahna roti dhisik, kang cilik bunder siji saka iku, tumuli gawanen mrene, sawuse mangkono banjur olaha kanggo kowe lan anakmu.

1 PETRUS 3:9
Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:

1 SAMUEL 12:20
Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.

1 SAMUEL 15:23
Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”

1 TESALONIKA 5:22
Padha ngedohana sarupaning piala.

2 BABAD 29:6
Awit leluhur kita wus padha ora setya, padha nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, Gusti Allah kita, padha nyingkur marang Panjenengane, padha ngengokake raine saka ing padalemaning Yehuwah lan ngungkurake iku.

2 TIMOTEUS 2:22
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.

YESAYA 5:20
Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait.

YESAYA 32:6
Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge, tuwin atine ngrancang prakara kang ala, yaiku sumedya murtad sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah, ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen lan marang wong kang ngelak butuh ngombe.

YOKANAN 3:20
Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku.

PARA HAKIM 2:19
Nanging manawa hakim iku seda, tumuli padha tumindak ala maneh, luwih ala katimbang karo leluhure, padha manut allah liya-liyane klawan padha dibekteni lan disujudi; padha ora ngunduri pisan-pisan pratingkah lan lakune kang ndlarung iku.

AYUB 4:8
Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda, iya iku uga kang diundhuh.

WULANG BEBASAN 3:7
Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,

WULANG BEBASAN 4:16
awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong;

WULANG BEBASAN 8:13
Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.

WULANG BEBASAN 10:29
Margine Pangeran Yehuwah iku pangayoman tumrape wong kang jujur, nanging ing ngatase wong kang nglakoni piala dadi karusakan.

WULANG BEBASAN 12:20
Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan, nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan.

JABUR 7:14
Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau, jemparinge diurubake.

JABUR 28:3
Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon.

JABUR 37:9
Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.

JABUR 50:19
Cangkemira sira uja muni ala, sarta ilatira nganam-anam para cidra.

JABUR 73:7
Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla, atine mbludag ing pandakwa.

JABUR 141:4
Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon, supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka, sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon, sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca.

RUM 6:12
Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.

RUM 12:21
Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.

MARKUS 7:21-22
[21] sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,[22] laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi.

MATEUS 12:34-35
[34] Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.[35] Wong becik iku metokake barang-barang kang becik saka simpenane kang becik lan wong ala metokake barang-barang kang ala saka simpenane kang ala.

YAKOBUS 1:13-14
[13] Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.[14] Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.

YAKOBUS 3:6-8
[6] Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.[7] Mungguh sakabehing buron alas, manuk, sarta kewan rumangkang lan kang ana ing sagara, iku kadadekake tutut lan wis kalakon didadekake tutut dening manungsa,[8] nanging ora ana wong kang bisa gawe tututing ilat; iku piala kang kaya kewan galak, ora kena dikendhaleni sarta kebak wisa kang neniwasi.

RUM 2:29-32
[29] Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.[30] Yen mangkono, apa ta kaluwihane wong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak iku?[31] Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.[32] Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?

RUM 2:8-12
[8] nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.[9] Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,[10] nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, dhisike wong Yahudi lan uga wong Yunani.[11] Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.[12] Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.

EFESUS 6:12-16
[12] awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.[13] Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.[14] Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere,[15] sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu;[16] sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,

WULANG BEBASAN 14:16-22
[16] Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.[17] Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi, nanging wong wicaksana iku sabar.[18] Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.[19] Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik, lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.[20] Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane, nanging wong sugih akeh mitrane.[21] Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.[22] Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.

RUM 7:19-25
[19] Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake.[20] Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.[21] Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.[22] Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,[23] nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.[24] Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?[25] Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

MATEUS 13:36-43
[36] Gusti Yesus banjur nilar wong akeh mau sarta banjur kondur. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Kawula mugi sami kaparingana katrangan bab pasemon kambengan ing satengahing gandum punika.”[37] Gusti Yesus banjur maringi wangsulan, pangandikane: “Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.[38] Pategalan iku jagad. Wiji kang becik iku para putraning Kraton lang alang-alange iku para anake si pangawak dursila.[39] Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panen iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaekat.[40] Kang iku kayadene alang-alang banjur kaklumpukake lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman,[41] Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,[42] padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.[43] Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”

WULANG BEBASAN 6:12-19
[12] Tanpa guna lan nistha wong kang urip kalawan cangkem kang cidra,[13] kang mripate kedhep-kedhep, kang muter-muter sikile lan nyasmitani srana drijine,[14] kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu;[15] mulane banjur dadakan katempuh ing bilai, sadhela bae rusak lan ora bisa dipulihake maneh.[16] Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;[17] iya iku mripat gumunggung, ilat cidra, tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;[18] ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang enggal-enggal marani piala,[19] seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur.

PURWANING DUMADI 6:1-8
[1] Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,[2] para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.[3] Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”[4] Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.[5] Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,[6] ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.[7] Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”[8] Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.

1 TIMOTEUS 6:2-10
[2] [2a] Manawa lurahe mau wong pracaya, aja nganti dikurangi anggone dieringi, aja dupeh sadulure ana ing Sang Kristus, nanging malah disaya becik anggone ngladeni, amarga lurah kang nampani berkahing leladine iku sadulur kang pracaya lan kang kinasih. [2b] Kabeh iki wulangna lan pituturna.[3] Manawa ana wong kang aweh piwulang kang ora cundhuk karo ujar kang bener -- yaiku pangandikane Gusti kita Yesus Kristus -- lan kang ora cocog karo piwulang kang laras kalawan pangibadah kita,[4] iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,[5] regejegan ing antarane wong-wong kang pikirane ora waras maneh lan kang wis kelangan kayekten, kang ngira yen pangibadah iku sumbering kauntungan.[6] Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.[7] Sabab kita ora nggawa apa-apa menyang ing donya lan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.[8] Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.[9] Anadene wong-wong kang padha kapengin sugih padha tumiba ing panggodha lan ing kala tuwin kadunungan pepenginan warna-warna kang tanpa guna lan gawe cilaka kang ngeremake manungsa marang bilai tuwin karusakan.[10] Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

JABUR 34:13-21
[13] Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?[14] Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;[15] ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel![16] Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate;[17] wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.[18] Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.[19] Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi.[20] Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,[21] Panjenengane ngreksa balung-balunge, nganti ora ana kang tugel siji-sijia.

JABUR 52:1-9
[1] Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulange Prabu Dawud,[2] naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.[3] He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala, ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?[4] Kowe ngrantam-ngrantam bilai, ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah, he wong cidra![5] Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan, sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)[6] Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak, he ilat kang cidra![7] Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse bakal direbat lan dilarak saka ing tarub bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)[8] Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi, lan bakal padha nggeguyu, pangucape:[9] “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene, nanging ngendelake marang kasugihane kang luber, lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”

KOHELET 9:3-12
[3] Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.[4] Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati.[5] Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke.[6] Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.[7] Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.[8] Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani.[9] Ngrasakna nikmating urip kalawan bojo kang koktresnani ing salawase uripmu kang tanpa guna iku, kang kaganjarake dening Gusti Allah marang kowe ana ing sangisoring langit, amarga yaiku pandumanmu ing sajroning urip lan sajroning pambudidaya kang koktindakake kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit.[10] Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.[11] Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.[12] Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.

JABUR 10:2-12
[2] Amargi gumunggungipun tiyang duraka sanget-sanget anggenipun mbebujeng para tiyang ingkang katindhes. Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana ing kekajenganipun awon ingkang karantam.[3] Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.[4] Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun: “Gusti Allah rak ora bakal nuntut!” sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”[5] Salampah-lampahipun tansah kasil, pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun; sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.[6] Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg, aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”[7] Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara, ilatipun isi piawon lan panyiksa.[8] Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug, wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat, mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.[9] Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken, kados singa wonten ing gegrumbulan; ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat, kagered dhateng ing jaringipun.[10] Mendhak, ndhekem, para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.[11] Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan, wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”[12] Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka, sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.

WULANG BEBASAN 16:17-27
[17] Ngedohi piala iku dalane wong jujur, sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane.[18] Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pucuking ambruk.[19] Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor, tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.[20] Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik, sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah.[21] Wong wicaksana iku diarani duwe pangreten, lan tembung manis iku luwih bisa ngyakinake.[22] Kapinteran iku sumbering urip tumrap kang nduweni, wong bodho disiksa dening bodhone.[23] Atine wong wicaksana minterake cangkeme, lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake.[24] Tetembungan kang sedhep iku kaya tala madu, rasane legi tumrap ing ati lan dadi tamba balung.[25] Ana dalan kang dikira bener dening wong, mangka pungkasane anjog marang pati.[26] Rasa luwe iku nyambut gawe kanggo si buruh, amarga cangkeme kang meksa wong iku.[27] Wong kang tanpa guna ndhudhuk luwang piala, sarta ing lambene kaya-kaya ana geni kang nggosongake.

JABUR 36:1-12
[1] Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.[2] Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine; ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,[3] sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe, nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.[4] Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan, wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.[5] Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala, kang diambah dalan kang ora becik, sarta ora nyirik piala.[6] Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa, saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.[7] Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah, pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi. Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.[8] Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah! Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.[9] Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka, sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.[10] Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka; anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.[11] Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka, sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.[12] Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung, utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.

WULANG BEBASAN 1:8-19
[8] He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;[9] marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu, sarta kalung kanggo gulumu.[10] He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa, kowe aja nurut;[11] manawa iku padha duwe pangucap: “Marang melua aku, padha ndingkik getih, nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;[12] payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati, diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur;[13] temah kita padha oleh barang rupa-rupa kang akeh ajine, padha bisa ngebaki omah kita kalawan barang rampasan,[14] undhimu buwangen ana ing tengahku, kanthong siji kanggo kita kabeh.”[15] He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau, sikilmu edohna saka ing dalane;[16] awit sikile wong iku parane marang ing piala, sarta cukat manawa arep ngwutahake getih.[17] Marga tanpa guna masang jaring ana ing ngarepe sadhengah kang duwe suwiwi;[18] mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewe lan ndingkik marang nyawane dhewe.[19] Kaya mangkono pangalamane saben wong murka ing bab bebathen peteng, kang ngrebut nyawane wong kang ndarbeni.

YESAYA 59:4-15
[4] Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener, lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat; kang diandelake barang kang tanpa guna lan goroh kang diucapake, kang dikandhut kasangsaran dene kang dilairake tindak ambek siya.[5] Wong padha netesake endhog ula bedhudhak, tuwin nenun jaring kemangga; sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati, sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah, banjur metu ulane bedhudhak.[6] Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan, lan gegaweane ora kena dianggo kemul; panggawene iku panggawe kang ambek siya, sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.[7] Enggal-enggal anggone nglakoni piala, lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput; rancangane iku pangrantaming ambek siya, tuwin menyang ngendi bae parane mesthi ninggal karusakan lan gempuran.[8] Padha ora sumurup marang dalaning karukunan, tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan; padha milih dalan-dalan kang menggok, lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.[9] Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kita tuwin kabeneran ora nekani kita, kita padha ngarep-arep pepadhang, nanging kang ana mung pepeteng, padha ngarep-arep cahya, nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.[10] Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta, tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat; kita padha kesandhung ing wayah tengange, kaya-kaya ing wayah repet-repet padha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.[11] Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang, swara kita lereg-lereg kaya manuk dara; kita ngarep-arep marang kaadilan, nanging ora ana, nganti-anti marang kaslametan, nanging iku tetep adoh saka kita.[12] Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka tuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula; kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalela saha sami nyumerepi ing piawon kawula;[13] kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah, sarta mundur nilar Gusti Allah kawula, kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng, sami ngandhut cidra ing salebeting manah saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.[14] Angger-angger sampun kesuk kawula pengkeraken tuwin kaadilan tebih dunungipun, sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umum saha katemenan katampik ing tiyang.[15] Mulane kabeneran wus ilang, lan sing sapa ngedohi piala, dadi kurbaning wong ngrerayah. Nanging Pangeran Yehuwah nguningani kang mangkono iku, lan ndadekake rengune ana ing paningale dene ora ana angger-angger

YEREMIA 18:8-20
[8] Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.[9] Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.[10] Nanging manawa bangsa iku nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun lan ora ngrungokake marang dhawuhingSun, Ingsun dadine keduwung dene Ingsun bakal ndhatengake kauntungan kang Sunjanjekake marang bangsa iku.[11] Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira![12] Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane! Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.”[13] Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Coba takokna ana ing antarane para bangsa: sapa kang tau krungu prakara kang kaya mangkene iki? Prawan ing Israel wus nglakoni prakara-prakara kang nistha banget![14] Apa bisa kelakon salju putih arep ngalih saka ing gunung parang Siryon? Mokal yen banyu ing gunung bakal asat, banyu kang seger lan mili![15] Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun, padha ngobong kurban kanggo para dewa kang tanpa guna, padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe, yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna, lan menggok ing dalan simpangan, yaiku dalan kang ora diwarata.[16] Padha gawe nagarane dadi nistha lan dadi cacadan ing salawase. Saben wong kang liwat padha eneg lan gedheg-gedheg.[17] Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ing ngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan. PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong iku ing dina tibaning bilaine.”[18] Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”[19] Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawula saha midhangetna pasambat kawula!![20] Kasaenan punapa badhe kawales piawon? Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula! Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka, saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika, supados kauwalna saking bebendu Paduka.

WULANG BEBASAN 11:6-27
[6] Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane, nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.[7] Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine, nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.[8] Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni.[9] Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme, nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.[10] Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha, lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.[11] Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha, nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.[12] Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi, nanging wong kang pinter iku meneng bae.[13] Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara.[14] Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk, nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.[15] Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget, nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet.[16] Wong wadon kang becik atine bakal kajen, dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.[17] Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe, nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe.[18] Wong duraka oleh bebathen kang muspra, nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep.[19] Sing sapa nggondheli kabeneran kang sejati iku ngener marang urip, nanging sapa kang mburu piala iku marani pati.[20] Wong kang atine culika, iku nistha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging para wong kang tanpa cacad, ndadekake keparenge.[21] Sanyata, wong ala mesthi tampa ukuman, nanging turune wong bener bakal kapitulungan.[22] Kayadene anting-anting emas ana ing congoring babi, iya kaya mangkono iku wong wadon ayu kang ora susila.[23] Pangarep-arepe wong bener nekakake kabegjan, nanging pangarep-arepe wong duraka nekakake bebendu.[24] Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan.[25] Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.[26] Sing sapa ndhelikake gandum, mesthi diunek-unekake ing wong nanging wong kang nempurake gandum, sirahe bakal katekan berkah.[27] Sing sapa ngupaya kabecikan, iku ngudi supaya disenengi ing wong, nanging kang ngarah marang piala, bakal ketaman ing piala.

AYUB 15:1-35
[1] Elifas wong Teman banjur mangsuli, celathune:[2] “Wong kang wicaksana apa mangsuli kalawan kawruh kang tanpa isi, sarta ngiseni pikirane kalawan angin?[3] Apa iya anggone srengen iku kalawan tetembungan kang tanpa guna, lan kalawan ujar kang ora maedahi?[4] Karodene kowe ngorakake pangabekti marang Gusti Allah, sarta ngurangi wedi-asihmu marang Gusti Allah.[5] Kaluputanmu kang mulang tutukmu tuwin basane wong culika kang kokpilih,[6] tutukmu dhewe kang ngluputake kowe, dudu aku; lambemu dhewe kang melehake kowe.[7] Apa lairmu dadi manungsa kawitan? Anggonmu katitahake apa sadurunge ana gunung?[8] Apa kowe krungu pepesthening Allah, lan apa kowe ngrayud kawicaksanan kanggo awakmu dhewe?[9] Kowe sumurup apa, kang ora daksumurupi, kowe mangreti apa, kang ora cetha tumraping aku?[10] Panunggalanmu ana kang wus uwanen, sarta kang wus tuwa banget, ngungkuli bapakmu.[11] Apa panglipuring Allah iku sepele tumraping kowe, tuwin pitutur kang alus kang tumanduk marang kowe iku apa karemehen?[12] Yagene kowe kok kablingerake dening rasane atimu, sarta mripatmu kok mancereng,[13] satemah atimu banjur dadi nglawan marang Gusti Allah. tuwin tutukmu ngwetokake tetembungan kang kaya mangkono?[14] Manungsa iku mangsa yen suci, lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku![15] Lah para abdine kang suci padha ora dipracaya, sarta langit dipirsani ora mulus resike,[16] mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.[17] Kowe dakkandhani, rungokna! Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,[18] yaiku kang dipratelakake dening para wicaksana kang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,[19] nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau, lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.[20] Wong duraka nandhang giris sajege urip, wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.[21] Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge, ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.[22] Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng, wus pinesthi dadi pakaning pedhang;[23] nglembara golek pangan, embuh menyang ngendi. Dheweke sumurup, manawa bakal ngalami dina pepeteng.[24] Atine kagawe giris dening kasangsaran lan karupekan, kang ngebyuki kayadene raja kang wus samekta ing perang,[25] awit ngathungake tangane sumedya nglawan marang Gusti Allah, tuwin mbalela marang Kang Mahakuwasa,[26] kalawan ndegeg anggone enggal-enggal mapagake Panjenenge, kambi nggawa tameng-tamenge kang kalapis-lapis kandel.[27] Raine wus kablonyo ing gajih, lan bangkekane dietrapi ing sabuk gajih lelapisan;[28] banjur ngenggoni kutha-kutha kang wus gempur, lan omah-omah kang ora kena dienggoni ing wong, kang cinadhangake dadi jugrugan.[29] Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus, tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,[30] bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng, trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni, tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.[31] Wong mau aja ngandel marang bab-bab kang tanpa isi, amarga bakal kapusan, awit oleh-olehane iya tanpa paedah.[32] Sadurunge titi-mangsane banjur wus mati, sarta pang-pange ora bakal bisa seger.[33] Kayadene wit anggur kang gogrog wohe, lan kaya wit jaitun kang gogrog kembange.[34] Awitdene golonganing wong duraka ora bakal ngetokake woh, sarta tarub-tarube wong kang nampani besel bakal kamangsa ing geni.[35] Iku padha meteng kasusahan lan nglairake piala, sarta atine ngandhut goroh.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981