A A A A A

Additional: [Death Penalty]


RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

LELAKONE PARA RASUL 25:11
Dados, manawi kula saestu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula eklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabukten boten leres, boten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika kadosdene ganjaran. Kula nyuwun minggah dhateng pangadilanipun Sang Nata Agung!”

WAHYU 21:8
Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”

KAIMAMAN 20:10-13
[10] Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.[11] Manawa ana wong kang nunggal turu karo somahe bapakne, dadi ngungkapi kawirangane bapakne, sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.[12] Mangkono uga manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo mantune wadon, sakarone padha kaukuma pati; dene padha nglakoni pratingkah kang rusuh; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.[13] Mangkono uga manawa wong lanang nunggal turu karo padha wong lanang patrape kaya karo wong wadon, dadi padha nglakoni pratingkah kang rusuh, iku sakaro-karone padha kaukuma pati; getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.

PANGENTASAN 21:12-17
[12] “Sapa sing menthung wong, nganti ndadekake patine, iku mesthi kaukum pati.[13] Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.[14] Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.[15] Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.[16] Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.[17] Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.

PANGENTASAN 22:19
Sing sapa laku jina karo kewan, kudu diukum pati.

PANGANDHARING TORET 22:24
sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

PANGANDHARING TORET 13:5
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.

KAIMAMAN 24:16
Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.

PANGANDHARING TORET 21:18-21
[18] “Manawa ana wong kang duwe anak lanang wangkal lan wangkot kang ora mbangun-turut marang pituture bapa lan biyunge, sanadyan wus dipethes, iya meksa ora ngrewes,[19] bocah iku diladekna dening bapa-biyunge marang para tuwa-tuwane kutha kono ana ing gapuraning papan panggonane,[20] banjur padha matura marang tuwa-tuwane kutha: Anak kula punika wangkal lan wangkot, boten ngrewes dhateng tembung-tembung kula, tansah mbruwah sarta remen endem-endeman.[21] Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”

PANGANDHARING TORET 17:6
Kang kaukum pati iku kudu wewaton ature seksi loro utawa seksi telu; aja nganti kaukum pati mung marga saka ature seksi siji.

KAIMAMAN 20:27
Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”

WILANGAN 15:32-36
[32] Nalika wong Israel padha ana ing pasamunan, ana kang meruhi sawijining wong ripik-ripik kayu obong pinuju ing dina Sabat,[33] wong-wong kang ngonangi banjur nggawa wong mau marang ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun, sarta wong saumat kabeh.[34] Wonge tumuli dilebokake ing tahanan, marga durung ana katemtuan bab putusane.[35] Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”[36] Wonge tumuli diirid dening wong saumat kabeh menyang ing sajabane palereban, sarta dibenturi watu nganti mati, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

KAIMAMAN 20:2-9
[2] “Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.[3] Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku, Sunsirnakake saka ing satengahing bangsa, marga ngulungake anake salah siji marang Molokh, dadine najisake pasuceningSun, sarta nyawiyah asmaningSun kang suci.[4] Dene manawa rakyat ing nagara ethok-ethok ora weruh marang wong iku nalika ngulungake salah sijine anake marang Molokh, lan ora aweh paukuman pati marang wong iku,[5] ing kono Ingsun piyambak bakal nglawan wong kang kaya mangkono iku lan uga marang kulawargane, sarta wong iku bakal Suntumpes saka ing antarane bangsane, dalah sakehe wong kang padha melu bebedhangan kalawan nyembah marang Molokh iku.[6] Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.[7] Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.[8] Sarta sira padha nggatekna lan padha nindakna pranataningSun; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake sira.[9] Manawa ana wong ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku kaukuma pati; marga wus ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, getihe ngenanana awake dhewe.

KAIMAMAN 24:17
Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.

PANGANDHARING TORET 17:12
Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.

PANGENTASAN 21:14
Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.

PURWANING DUMADI 9:6
Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.

PANGENTASAN 20:13
Sira aja memateni.

RUM 13:1-7
[1] Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.[2] Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.[3] Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.[4] Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.[5] Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.[6] Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.[7] Mbayara marang wong akeh, apa bae kang kudu kokbayar; pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, beya marang wong kang wenang nampani beya; pakering marang wong kang darbe hak nampani pakering, lan pakurmatan marang wong kang darbe hak nampani pakurmatan.

YOKANAN 8:3-11
[3] Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.[4] Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.[5] Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?”[6] Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.[7] Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”[8] Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.[9] Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.[10] Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”[11] Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

MATEUS 5:17
“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.

PURWANING DUMADI 9:5-6
[5] Nanging tumrap getihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthi Sunpundhut pulihe; tumrap sadhengaha kewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono uga saka tangane manungsa, iya saka siji-sijining wong anggoningSun bakal mundhut pulihe nyawane manungsa.[6] Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.

MATEUS 5:38-39
[38] “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.[39] Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

PANGANDHARING TORET 22:22
Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

RUM 12:19
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.

RUM 13:9
Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!

MATEUS 7:5
Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”

KAIMAMAN 20:14
Manawa ana wong lanang rabi loro, anak wadon lan biyunge, iku pratingkah rusuh lan nistha. Wong iku dalah somahe karo pisan diobonga, supaya aja ana pratingkah rusuh lan nistha ana ing tengahira.

KAIMAMAN 21:9
Dene manawa anake wadon salah sawijining imam nglirwakake kasucene kang dirusak kanthi patrap dadi wanita tuna-susila, iku nerak kasucene bapakne, poma wong iku kaobonga.

KAIMAMAN 24:14-23
[14] “Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.[15] Karodene wong Israel padha sira dhawuhana mangkene: Sing sapa ngipat-ipati marang Gusti Allah, iku kudu nanggung kaluputane dhewe.[16] Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.[17] Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.[18] Nanging sing sapa mateni sadhengah raja-kaya, kudu ngijoli, siji padha siji.[19] Mangkono uga manawa ana wong gawe cacad sapadha-padha, iku kawalesa miturut kang dadi panggawene mau;[20] tugel diwales tugel, mripat diwales mripat, untu diwales untu; kaya dene anggone gawe cacading liyan, dheweke iya kagawea mangkono.[21] Sing sapa mateni raja-kaya, iku kudu nglironi, nanging sing sapa mateni wong, iku kaukuma pati.[22] Mung ana pranatan siji kanggo sira, dadia wong manca utawa wong Israel asli, marga Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”[23] Kaya mangkono pangandika kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel; wong kang ngucapake ipat-ipat mau tumuli digawa metu saka ing palereban, sarta dibenturi watu. Dadine wong Israel padha nindakake apa kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

2 SAMUEL 12:13
Prabu Dawud banjur ngandika marang Nabi Natan: “Kula sampun nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.” Lan Nabi Natan matur marang Prabu Dawud: “Sang Yehuwah sampun ngruwat dosa dalem, panjenengan dalem boten badhe seda.

RUM ५:८
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.

PANGANDHARING TORET 5:17
Sira aja memateni.

LUKAS 23:33
Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus.

MATEUS 7:1
“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981