A A A A A

Tambahan: [Kanibalisme]


YEREMIA 19:9
Ingsun bakal damel para wong iku padha mangan daginge anak-anake lanang lan wadon, lan saben wong mangan daginge kancane ing sajrone nandhang kasusahan lan karibedan, jalaran saka mungsuh-mungsuhe tuwin para wong kang padha ngarah nyawane.

YEHESKIEL 5:10
Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.

KAIMAMAN 26:29
Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.

2 PARA RAJA 6:28-29
[28] Sang Prabu nuli ndangu: “Ana apa, ta?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Tiyang estri punika cariyos dhumateng kawula: Anakmu lanang iku wenehna, supaya ing dina iki aku padha bisa mangan, dene sesuk genti padha mangan anakku lanang.[29] Dadosipun kawula sami ngolah lan nedha anak kawula. Nanging sareng ing dinten candhakipun kawula cariyos dhateng piyambakipun: Anakmu genti wenehna, padha dipangan, anakipun dipun dhelikaken.”

KIDUNG PANGADHUH 4:10
Tangane wong wadon kang welasan wus padha ngolah anak-anake, kanggo pangane nalika putrining bangsaku rusak.

KIDUNG PANGADHUH 2:20
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa, sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika, punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak, inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan; punapa imam tuwin nabi kedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran?

PANGANDHARING TORET 28:53-57
[53] Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.[54] Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,[55] nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.[56] Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon;[57] marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.

PURWANING DUMADI 1:26-27
[26] Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”[27] Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

2 KORINTA 5:8
nanging atiku padha tatag, lan aku kabeh malah seneng ngalih saka ing badan iki lan manggon ing jero ndherek Gusti.

LUKAS 16:19-26
[19] “Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.[20] Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau[21] sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige.[22] Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.[23] Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.[24] Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.[25] Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.[26] Kajaba saka iku ing antarane aku lan kowe ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kene kang arep menyang ing panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu arep mrene ora bisa.

WAHYU 20:11-15
[11] Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.[12] Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.[13] Anadene sagara masrahake wong-wong mati kang ana ing jerone, lan iku diadili miturut sapanggawene dhewe-dhewe.[14] Sarta pati lan karajaning pati padha kacegurake ing sagara geni. Yaiku pati kang kapindho: sagara geni.[15] Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.

PANGANDHARING TORET 28:53
Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

1 KORINTA 14:34-35
[34] Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.[35] Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

LUKAS 1:37
Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”

YOKANAN 1:1
Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.

PANGANDHARING TORET 28:57
marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.

1 TIMOTEUS 2:11-15
[11] Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.[12] Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.[13] Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.[14] Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.[15] Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

1 TIMOTEUS 5:3-16
[3] Para randha kang pancen randha temenan iku padha ajenana.[4] Nanging randha kang duwe anak utawa putu, anak utawa putune iku kudu sinau ngatonake bektine dhisik marang kulawangsane dhewe lan males kabecikane wong tuwane tuwin embahne, amarga iku kang ndadekake keparenging Allah.[5] Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.[6] Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.[7] Para randha iya padha elingna marang bab-bab iki, supaya uripe tanpa cacad.[8] Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.[9] Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan[10] lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.[11] Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,[12] satemah nekakake paukuman tumrap awake dhewe, marga padha nyingkur marang kasetyane sakawit marang Panjenengane.[13] Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.[14] Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.[15] Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.[16] Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.

1 KORINTA 11:2-16
[2] Aku ngalem kowe, sabab ana ing samubarang prakara kowe padha tetep eling marang aku lan padha ngantepi piwulang kang dakwenehake marang kowe.[3] Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.[4] Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngremehake sirahe dhewe.[5] Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahe tanpa kekudhung, iku ngremehake sirahe dhewe, sabab padha bae karo wong wadon gundhul.[6] Sabab wong wadon manawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging manawa cukuran iku njalari remehing wong wadon, becike iya padha nganggoa kudhung.[7] Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.[8] Ujer wong lanang iku asale ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asale saka wong lanang.[9] Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.[10] Mulane wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawane ana ing sirahe, marga saka para malaekat.[11] Ewadene, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.[12] Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.[13] Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?[14] Saka kodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe, yen asor mungguhing wong lanang, samangsa rambute diingu dawa?[15] Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kajene. Awit rambut iku kaparingake minangka kudhung.[16] Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981