A A A A A

Additional: [Talent]


EFESUS 2:10
Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.

PANGENTASAN 35:10
Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,

YAKOBUS 1:17
Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.

WULANG BEBASAN 22:29
Apa kowe wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawe? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu, ora ngawula marang wong kang asor.

YEREMIA 4:4-5
[4] Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah, lan ikuting atinira buwangen, he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem, supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni, lan murub makantar-kantar, lan ora ana wong kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”[5] Wartakna ing tanah Yehuda, lan kabarna ing kutha Yerusalem: Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara, nguwuh-uwuha kang seru: “Padha ngumpula, payo padha ngungsi menyang ing kutha-kutha kang santosa!”

1 KORINTA 12:5-6
[5] Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.[6] Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.

1 PETRUS 4:10-11
[10] Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru-gedhonge sih-rahmating Allah kang becik.[11] Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.

PANGENTASAN 31:3-5
[3] lan wus Sunpenuhi Rohing Allah, keahlian, kawasisan tuwin kawruh tumrap sawernaning pagawean,[4] bisa ngrancang pagawean barang mas, salaka lan tembaga;[5] nggosok sesotya supaya kena dipasang; ngukir kayu sarta nindakake sarupane gegawean.

MATEUS 5:14-16
[14] Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.[15] Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.[16] Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”

MATEUS 6:1-4
[1] “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.[2] Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.[3] Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen.[4] Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”

RUM 12:3-8
[3] Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.[4] Sabab padha kaya kita, badan siji nduweni gegelitan akeh, nanging gegelitan mau ayahane ora padha,[5] mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.[6] Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duwe ganjaran beda-beda, miturut sih-rahmat kang kaparingake marang kita: manawa ganjaran mau kanggo medhar wangsit prayoga anggon kita nindakake laras karo iman kita.[7] Yen ganjaran mau kanggo leladi, iya padha leladia; manawa ganjaran memulang, iya padha memulanga;[8] yen ganjaran mau kanggo mituturi, iya padha mituturana. Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.

1 KORINTA 12:1-11
[1] Saiki bab peparinge Sang Roh. He para sadulur, karepku kowe padha nyumurupana ing sabenere.[2] Kowe rak padha sumurup, yen ing nalikane kowe durung padha wanuh karo Gusti Alah, tanpa kokpikir kowe padha kagendeng marang brahala-brahala kang bisu.[3] Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.[4] Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji.[5] Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji.[6] Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.[7] Nanging saben wong kaparingan wedharane Sang Roh kanggo kapreluaning wong akeh.[8] Sabab, kang siji kaparingan dening Sang Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijine tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Sang Roh iku uga.[9] Kang siji kaparingan pracaya, iya dening Sang Roh iku mau, lan sijine peparing bisa marasake iya saka Panjenengane uga.[10] Kang siji peparing bisa nganakake mukjijat, sijne pamedhar wangsit, sijine maneh kabisan mbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kang siji kabisan calathu nganggo basa roh, sijine maneh kabisan njarwakake basa roh mau.[11] Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981