A A A A A

Tambahan: [Batur tukon]


1 KORINTA 7:21
Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.

1 PETRUS 2:16-18
[16] Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.[17] Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung![18] Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi kebak pakering marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak bae, nanging uga marang kang kereng.

1 TIMOTEUS १:१०
wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,

1 TIMOTEUS 6:1
Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.

KOLOSE 3:22
He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,

KOLOSE ४:१
He, para bandara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, elinga yen kowe uga duwe bandara ana ing swarga.

PANGANDHARING TORET 23:15
“Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,

PANGANDHARING TORET 24:7
Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

EFESUS 6:5-9
[5] He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,[6] aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,[7] lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.[8] Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.[9] Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.

PANGENTASAN 21:2
Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.

PANGENTASAN 21:7-32
[7] Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.[8] Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.[9] Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.[10] Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.[11] Manawa bendarane ora nindakake telung bab iku, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”[12] “Sapa sing menthung wong, nganti ndadekake patine, iku mesthi kaukum pati.[13] Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.[14] Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.[15] Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.[16] Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.[17] Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.[18] Yen ana wong padha regejegan, kang siji ngepruk watu utawa ngantem, nanging ora ndadekake patine, mung kapeksa nggluntung ana ing paturon,[19] yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.[20] Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.[21] Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.[22] Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.[23] Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,[24] mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,[25] mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.[26] Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.[27] Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.[28] Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.[29] Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.[30] Saupama mung dijaluki dhuwit panebus, iku anggone nebus nyawa miturut sapira kang diwajibake dibayar.[31] Manawa kang disundhang iku bocah lanang utawa wadon, pangadilane iya padha karo kang kasebut mau.[32] Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.

GALATI ३:२८
Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.

GALATI 5:1
Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.

PANGENTASAN 21:16
Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.

KAIMAMAN 25:39
Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.

LUKAS ४:१८
“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun

FILEMON 1:16
ora kaya batur maneh, nanging luwih saka mangkono, yaiku kayadene sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono iku pangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe, dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti.

WULANG BEBASAN 22:16
Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe.

TITUS २:९-१०
[९] Para batur sing padha sumuyud marang lurahe tumrap samubarang kabeh, padha gawea renane lan aja madoni,[१०] aja slingkuh, nanging tansah nelakna anggone temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing samubarang kabeh, padha ngluhurake piwulange Allah, Pamarta kita.

LUKAS 12:47-48
[47] Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.[48] Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

PANGENTASAN 21:20-27
[20] Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.[21] Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.[22] Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.[23] Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,[24] mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,[25] mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.[26] Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.[27] Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.

PANGANDHARING TORET 23:15-16
[15] “Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,[16] kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”

1 TIMOTEUS ६:१-२
[१] Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.[२] [2a] Manawa lurahe mau wong pracaya, aja nganti dikurangi anggone dieringi, aja dupeh sadulure ana ing Sang Kristus, nanging malah disaya becik anggone ngladeni, amarga lurah kang nampani berkahing leladine iku sadulur kang pracaya lan kang kinasih. [2b] Kabeh iki wulangna lan pituturna.

KAIMAMAN 25:44-46
[44] Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.[45] Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.[46] Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.

PANGENTASAN 21:2-11
[2] Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.[3] Manawa mlebune legan, metune iya legan; manawa nggawa somah, somahe mau iya lilanana melu metu.[4] Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.[5] Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,[6] nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.[7] Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.[8] Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.[9] Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.[10] Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.[11] Manawa bendarane ora nindakake telung bab iku, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”

EFESUS 6:5-9
[5] He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,[6] aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,[7] lan kang kanthi lila legawa anggone leladi kaya marang Gusti lan ora marang manungsa.[8] Kowe padha sumurup, manawa saben wong, apa batur tukon, apa wong mardika, yen wis nindakake kabecikan, bakal tampa piwales saka Gusti.[9] Lan kowe para bendara, dikaya mangkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo ancaman. Elinga, manawa Gutine lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengane iku ora pilih kasih.

PANGANDHARING TORET 15:12-18
[12] “Saupama ana sadulurmu wong Ibrani lanang utawa wadon kang ngedol awake marang kowe, iku anggone ngenger marang kowe nganti nem taun lawase, nanging ing taun kaping pitune lilanana mardika.[13] Dene samangsa koklilani mardika, aja koklungakake kalawan legeh bae,[14] sangonana kanthi loma saka pepanthaning wedhusmu lan saka panutonmu sarta saka pamipitanmu anggur, cundhuk karo berkahing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.[15] Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.[16] Nanging saupama baturmu mau duwe atur marang kowe: Kula boten badhe medal nilar panjenengan! -- marga wus tresna marang kowe lan brayatmu, sarta wus kepenak ana ing panggonanmu,[17] nuli kowe njupuka uncek, kacoblosna ing godhohing kupinge tumempel ing lawang, temah dadi baturmu salawase. Dene baturmu wadon iya kagawea kaya mangkono uga.[18] Anggonmu mardikakake baturmu aja kalawan oweling atimu, awitdene anggone wus ngenger marang kowe nem taun lawase, iku oleh-olehane tikel lorone buruh dinan. Dene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mberkahi sabarang kang koklakoni.”

PANGENTASAN 21:1-36
[1] “Iki pranatan-pranatan kang perlu sira dhawuhake marang wong-wong iku.[2] Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.[3] Manawa mlebune legan, metune iya legan; manawa nggawa somah, somahe mau iya lilanana melu metu.[4] Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.[5] Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,[6] nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.[7] Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.[8] Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.[9] Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.[10] Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.[11] Manawa bendarane ora nindakake telung bab iku, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”[12] “Sapa sing menthung wong, nganti ndadekake patine, iku mesthi kaukum pati.[13] Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.[14] Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.[15] Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.[16] Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.[17] Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.[18] Yen ana wong padha regejegan, kang siji ngepruk watu utawa ngantem, nanging ora ndadekake patine, mung kapeksa nggluntung ana ing paturon,[19] yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.[20] Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.[21] Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.[22] Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.[23] Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,[24] mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,[25] mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.[26] Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.[27] Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.[28] Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.[29] Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.[30] Saupama mung dijaluki dhuwit panebus, iku anggone nebus nyawa miturut sapira kang diwajibake dibayar.[31] Manawa kang disundhang iku bocah lanang utawa wadon, pangadilane iya padha karo kang kasebut mau.[32] Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.[33] Yen ana wong mbukak utawa ndhudhuk sumur, mangka ora ditutupi, banjur ana sapi utawa kuldi kacemplung ing kono,[34] kang duwe sumur iku kudu nempuhi sing duwe kewan awujud dhuwit sapira regane, nanging kewane kang mati mau dadi duweke kang wus nempuhi.[35] Yen ana wong duwe sapi, sapine nyundhang sapining liyan, nganti mati, sapi kang isih urip iku kaedola, pepayone diparo, mangkono uga sapi kang mati mau iya dibagi loro.[36] Nanging manawa wus kasumurupan yen sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang, mangka kang duwe ora njaga, iku kudu nempuhi padha sapi, dene kewan kang mati iku dadia duweke kang mbayar iku.”

KAIMAMAN 25:1-55
[1] Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai:[2] “Wong Israel padha sira kandhanana lan padha tuturana mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing nagara kang bakal Sunparingake marang sira, tanah iku kudu diasokake, minangka sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah.[3] Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,[4] nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.[5] Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.[6] Pametune tanah sajrone sabat iku padha sira pangana, iya sira, iya baturira lanang lan wadon lan buruhira apadene wong liya bangsa kang padha manggon awor karo sira.[7] Iya kanggo raja-kayanira lan sato-kewan alasan kang ana ing tanahira, sapametune kabeh iku dadia pakane.[8] Sira banjur ngetunga pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu, dadi pitung pendhak taun sabat mau padha karo patang puluh sanga taun.[9] Sawuse mangkono nuli ing sasi kapitu tanggal ping sapuluh, ing dina riyaya pirukun, sira ndlajahana ing satanahira kabeh karo ngunekna kalasangka.[10] Taune kang kaping seket iku sira sucekna, lan ngundhangna kamardikan marang wong saisine nagara kabeh; taun iku padha kagawea Taun Yobel, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahane kang dadi darbeke lan kulawargane.[11] Taun kang kaping seket iku padha sira dadekna Taun Yobel, sira aja padha nyebar wiji, lan apa kang bakal thukul dhewe, aja sira eneni, sarta aja padha ngundhuhi wohe wit anggur kang ora kokkethoki pucuke.[12] Awitdene iku Taun Yobel iku suci tumrap sira; kang dadi panganira apa kang sira undhuh saka ing pategalanira.[13] Ing Taun Yobel iku saben wong panunggalanira ngulihana kang dadi ebeke.[14] Manawa sira ngedol sadhengah apa marang pepadhanira, utawa tuku apa bae saka pepadhanira, aja ana kang gawe kapitunan.[15] Manawa tuku saka pepadhanira iku mituruta cacahing taun, sawuse Taun Yobel, lan pepadhanira anggone ngedol marang sira mituruta cacahing taun panen.[16] Saya akeh cacahing taun, saya larang regane, saya sathithik taune, saya murah regane; awitdene kang diedol marang sira iku cacahing panen.[17] Dadi aja ana kang gawe pitunane pepadhane, nanging sira wedia marang Allahira; awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.[18] Kaya mangkono anggonira kudu nglakoni katetepaningSun lan tansah padha gondhelan marang pranataningSun, temah sira bakal padha manggon ing kana kanthi ayem lan tentrem.[19] Tanah iku bakal metokake wohe, lan sira padha mangan nganti wareg, lan pamanggonira ana ing kono bakal kanthi ayem lan tentrem.[20] Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah![21] Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.[22] Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”[23] “Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.[24] Mulane ana ing tanah darbekira kabeh, sira padha nglilanana manawa palemahan iku ditebus.[25] Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.[26] Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,[27] iku ngetunga anggone ngedol mau wus pirang taun, banjur saluwihing kekarane dibalekna marang kang nuku, kalawan mangkono wong mau banjur bisa ngulihi tanah ebeke.[28] Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”[29] “Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.[30] Nanging manawa nganti sataun ora ditebus, omah mau tetep dadi duweke kang tuku nganti turun-tumurun, ing Taun Yobel ora bisa bali.[31] Balik omah kang ana ing desa kang ora kinubengan ing pager tembok, iku kapadhakna karo palemahan ing nagara kono, padha kena ditebus lan ing Taun Yobel kudu bali.[32] Tumrap omah-omah ing kutha-kuthane wong Lewi, wong Lewi iku salawase duwe wewenang nebus.[33] Dene manawa ana wong Lewi kang ora nebus darbeke, nanging omah kang kaedol ana ing kuthane dhewe, iku iya kudu bali ing Taun Yobel, amarga omah kang ana ing kuthane wong Lewi iku padha dadi wewenange ana ing satengahe wong Israel.[34] Nanging mungguh ara-ara kanggo angon kang ana ing sakubenge kuthane, iku aja kaedol, marga iku dadi darbeke ing salawas-lawase.”[35] “Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.[36] Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.[37] Anggonira motangake aja njaluk anakan, lan anggonira nulungi pangan aja klawan ngarah bathi.[38] Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, lan Sunparingi tanah Kanaan, supaya Ingsun dadi Allahira.[39] Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.[40] Dikaya buruh, utawa wong neneka ana ing omahira, anggone nyambut gawe ana ing panggonanira nganti tumeka Taun Yobel.[41] Sawuse iku nuli lilanana metu saka ing omahira dalah anak-anake, mulih menyang panggonane kulawargane lan ebeke para leluhure.[42] Awitdene wong iku padha abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, ora kena diedol patrap kaya batur tukon.[43] Aja sira tindhes, nanging sira wedia marang Allahira.[44] Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.[45] Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.[46] Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.[47] Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,[48] sawuse ngedol awake mau, kawenangna ditebus, yaiku salah sijine wong panunggalane sadulure kena nebus,[49] sadulure bapakne utawa kulawargane kang cedhak, utawa manawa wus kuwat dhewe, iku wenang nebus awake dhewe.[50] Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.[51] Manawa cacahing taun kang kari iku isih akeh, anggone mbalekake dhuwit panukune minangka panebuse awake iku manut cacahing taun mau.[52] Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.[53] Dadine anggone ngenger ing saben taun-taune marang lurahe iku dikaya buruh; ora kena disiya-siya ana ing ngarepira.[54] Dene manawa ora katebus kanthi patrap mangkono, ing Taun Yobel kudu dililani metu dalah anak-anake.[55] Awitdene wong Israel iku padha ngabdi marang Ingsun, lan padha dadi abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981