A A A A A

Additional: [Self Defence]


LUKAS 11:21
Manawa ana wong kang rosa sarta sikep gegaman ganep ngreksa bale omahe dhewe, barang darbeke bakal slamet.

LELAKONE PARA RASUL 12:4
Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.

LUKAS 22:52
Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?

LUKAS 10:29-37
[29] Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”[30] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yerusalem menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tanganing begal, banjur ora mung diblejedi bae, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.[31] Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, terus lumaku bae, metu ing sabrange dalan.[32] Mangkono uga wong Lewi, kang satekane ing kono lan weruh wong mau iya mung liwat bae, metu ing sabrange dalan.[33] Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.[34] Wong mau banjur diparani, tatu-tatune diperban, sawise mangkono nuli dikopoh lenga lan anggur, banjur ditunggangake ing kuldine digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.[35] Esuke kang duwe panginepan diwenehi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika kula aturi mulasara, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhe nglintoni, benjing manawi kula wangsul.[36] Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi sing dadi pepadhane wong sing dibegal mau?”[37] Atur wangsulane: “Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikanae Gusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga!”

1 SAMUEL 17:41-54
[41] Wong Filisti iku sangsaya nyedhak marang Dawud lan wong kang nggawa tameng ana ing ngarepe.[42] Nalika wong Filisti iku mulat lan ndeleng Dawud, Dawud diremehake, amarga anom sumringah lan bagus.[43] Wong Filisti iku celathu marang Dawud: “Aku iki apa koksengguh asu, dene anggonmu mapagake perangku nganggo teken?” Tumuli atas jenenge para allahe wong Filisti, ngipat-ipati Dawud.[44] Wong Filisti iku celathu marang Dawud maneh: “Papagna perangku, aku bakal makakake dagingmu marang manuk-manuk ing awang-awang lan satokewan ing ara-ara.”[45] Nanging Dawud celathu marang wong Filisti iku: “Anggonmu mapagake aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukake kowe atas asmane Sang Yehuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahe Israel, kang koktantang iku.[46] Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.[47] Lan wong sapasamuwan padha ngretia, manawa Sang Yehuwah anggone mitulungi ora mawa pedhang lan tlempak. Amarga peperangan iku ana ing astane Sang Yehuwah lan Panjenengane masrahake kowe ana ing tanganku.”[48] Bareng wong Filisti iku mangsah mapagake Dawud, Dawud enggal-enggal mlayu marani barisaning mungsuh mapagake wong Filisti iku.[49] Dawud banjur ngrogoh watu ana ing kasange lan dibandhilake, ngenani bathuke wong Filisti iku, temah watune angrem ana ing bathuke, wong mau banjur tiba kerungkeb ana ing bumi.[50] Mangkono anggone Dawud ngasorake wong Filisti iku nganggo bandhil lan watu; Dawud ngasorake lan mateni wong Filisti iku tanpa nyekel pedhang.[51] Dawud banjur mlayoni wong Filisti iku, ngadeg ing sandhinge, pedhange diunus saka warangkane, wong mau banjur dipateni. Sirahe ditigas karo pedhang iku. Bareng wong Filisti padha ndeleng, yen agul-agule wus mati, nuli padha mlayu.[52] Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.[53] Wong Israel banjur padha mulih saka anggone ngoyak-oyak wong Filisti kang ngebat-ebati iku, banjur njarah rayah pakemahane.[54] Dawud njupuk sirahe wong Filisti kang ditugel iku digawa menyang Yerusalem, nanging gegamane didokok ana ing kemahe.

LUKAS 22:36
Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.

PANGENTASAN 22:2-3
[2] Manawa ana maling konangan lagi mbabah, banjur dipenthungi nganti mati, iku kang menthungi ora utang getih,[3] nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih. Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.

PANGENTASAN 20:13
Sira aja memateni.

MATEUS 5:39
Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

PANGENTASAN 22:2
Manawa ana maling konangan lagi mbabah, banjur dipenthungi nganti mati, iku kang menthungi ora utang getih,

JABUR 82:4
Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.”

RUM 12:19
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.

MATEUS 5:38-39
[38] “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.[39] Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.

RUM 13:4
Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.

LUKAS 22:36-38
[36] Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.[37] Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku: Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”[38] Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”

JABUR 144:1
Anggitane Prabu Dawud. Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku, kang mulang perang tanganku, nggladhi tarung drijiku,

1 TIMOTEUS 5:8
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

RUM 12:18
Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.

WULANG BEBASAN 24:11
Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana, lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.

MATEUS 26:51
Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung.

YOKANAN 18:10
Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.

MATEUS 5:9
Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

MATEUS 26:52-54
[52] Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang.[53] Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?[54] Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”

MATEUS 24:43
Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwe omah iku ngreti wayahe tekane maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahe dibabah.

PURWANING DUMADI 9:5-6
[5] Nanging tumrap getihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthi Sunpundhut pulihe; tumrap sadhengaha kewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono uga saka tangane manungsa, iya saka siji-sijining wong anggoningSun bakal mundhut pulihe nyawane manungsa.[6] Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.

NEHEMYA 4:14
Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”

YOKANAN 18:10-11
[10] Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus.[11] Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”

WULANG BEBASAN 25:21-22
[21] Manawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti, manawa ngelak, wenehana ngombe banyu:[22] awit kowe bakal ngentepi mawa ing sirahe, sarta Pangeran Yehuwah bakal males marang kowe.

RUM 12:17
Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.

MATEUS 26:51-54
[51] Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung.[52] Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang.[53] Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku?[54] Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?”

MATEUS 5:38-44
[38] “Kowe wus padha krungu pangandika mangkene: Mripat winales mripat, untu winales untu.[39] Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.[40] Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowe, sedyane ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.[41] Apadene manawa kowe dipeksa dikon ngiringake lakune wong samil, iringna nganti rong mil.[42] Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”[43] “Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira![44] Nanging aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,

YEHESKIEL 33:11
Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel?

RUM 12:18-21
[18] Sabisa-bisa yen pancen gumantung marang kowe, andona rukun karo wong kabeh.[19] Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.[20] Balik manawa satrumu kaluwen, wenehana mangan; yen ngelak, wenehana ngombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe.[21] Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.

1 SAMUEL 17:31-37
[31] Tembung kang kaucapake Dawud iku keprungu ing wong, banjur diaturake marang Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu nuli utusan nimbali.[32] Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”[33] Nanging Sang Prabu ngandika marang Dawud: “Mokal sira bisa nandhingi wong iki, amarga sira iku isih anom, mangka wong iku wiwit enom wis dadi prajurit.”[34] Nanging Dawud matur marang Sang Prabu: “Abdi dalem punika sampun kulina ngengen menda-mendanipun bapakipun dalem. Samangsa kadhatengan singa utawi bruwang, ingkang nubruk menda saking pepanthan,[35] nunten dalem oyak lan menda wau dalem rebat saking cangkemipun. Lajeng manawi nempuh nglawan dhateng dalem, dalem cepeng jenggotipun sarta dalem gebagi ngantos pejah.[36] Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”[37] Dawud matur maneh: “Sang Yehuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iya wis mangkata! Sang Yehuwah muga nganthia lakunira.”

LUKAS 22:50
Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung.

PANGENTASAN 21:22-25
[22] Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.[23] Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,[24] mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,[25] mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.

YEHESKIEL 33:6
Nanging manawa prajurit jaga mau sumurup tekaning pedhang, mangka ora banjur ngunekake slompret, dadine bangsane ora dielingake, satekane pedhang mau, nuli ana wong panunggalane kang disirnakake, sanadyan wong iki mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun bakal mundhut tanggung jawab bab nyawane wong iku marang kang jaga mau.

PANGENTASAN 22:3
nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih. Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981