A A A A A

Tambahan: [Ngelmu]


1 TIMOTEUS 6:20
He, Timoteus, kang wus kapitayakake marang kowe iku reksanan. Paguneman kang tanpa isi lan kang ora suci sarta bebantahan-bebantahan kang asale saka kang diarani kawruh, iku singkirana.

LUKAS 11:52
Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”

RUM 2:20
kang nggulawenthah wong bodho, gurune wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Toret iku, kowe kadunungan awak-awakaning kawruh sarta keyekten,

PURWANING DUMADI 2:4-25
[4] Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake. Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --[5] durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap;[6] mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, --[7] nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.[8] Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau.[9] Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.[10] Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:[11] kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.[12] Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.[13] Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.[14] Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.[15] Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,[16] sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira,[17] nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”[18] Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”[19] Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.[20] Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.[21] Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.[22] Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.[23] Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”[24] Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.[25] Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.

WAHYU 11:15-18
[15] Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”[16] Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,[17] unjuke, “Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.[18] Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”

KOLOSE 1:15-16
[15] Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,[16] marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;

WAHYU 1:5
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --

WAHYU 5:6
Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.

WAHYU 13:14
Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.

WAHYU 17:18
Anadene wong wadon kang kokdeleng iku, ngibarati kutha gedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”

AYUB 26:7
Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung, lan nggantung bumi tanpa canthelan.

YESAYA 40:22
Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni!

PURWANING DUMADI 1:1-3
[1] Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi.[2] Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.[3] Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.

KOHELET 1:13-17
[13] kencenging atiku sumedya mriksa lan naliti kalawan kawicaksanan marang samubarang kabeh kang kalakon ana ing sangisoring langit. Iku pagawean kang angel kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya bisaa gawe kesele awake dhewe.[14] Aku wus nyumurupi sakehing panggawe kang dilakoni dening wong ana ing sangisoring langit, nanging lah kabeh iku tanpa guna lan mburu angin.[15] Apa kang bengkong ora kena dilencengake, lan kang ora ana iku ora kena dietung.[16] Sajroning ati aku mosik mangkene: “Lah aku wus nggedhekake lan nambah kawicaksanan ngluwihi kabeh wong kang nyekel paprentahan ing Yerusalem sadurunge aku, lan atiku wus kadunungan kawicaksanan lan kawruh akeh.”[17] Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,

PURWANING DUMADI 2:4
Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake. Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --

DHANIEL 12:4
Nanging kowe, Dhaniel, kabeh pangandika iku simpenen, sarta Kitab iku segelen nganti tumeka ing wekasaning jaman; akeh wong kang bakal niti-priksa, apadene kawruh bakal saya wuwuh.”

YESAYA 42:5
mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah, kang nitahake lan njereng langit, kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono, kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing kono sarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:

AYUB 26:7-14
[7] Gusti Allah mentheng langit lor mayungi awang-uwung, lan nggantung bumi tanpa canthelan.[8] Banyu kabuntel ing mendhunge, ewasamono mendhunge ora suwek.[9] Dhampare tinutupan dadi ora kena sinawang marga kaaling-alingan ing mendhunge.[10] Lumahing banyu wus winatesan kalawan buwengan nganti tekan ing antarane pepadhang lan pepeteng.[11] Saka-sakaning langit padha gonjang-ganjing kaget marga saka bebendune.[12] Sagara disirepake sarana pangwasane, sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.[13] Sarana napase langit kadadekake terang, tuwin naga kang cukat tinuwek dening astane.[14] Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine, saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane! Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”

JABUR 104:5
Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun, satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun.

JABUR 104:9
Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi.

YESAYA 45:12
Iya Ingsun iki kang yasa bumi lan kang nitahake manungsa ana ing kono; iya astaningSun iki kang nggelar langit, lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

AMOS 9:6
kang yasa gedhong ana ing langit, sarta nelesi plengkunge ana ing bumi, kang nimbali banyu sagara, banjur diesokake ing salumahe bumi, Pangeran Yehuwah iku asmane.

PURWANING DUMADI 6:12
Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

PURWANING DUMADI 8:9
nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.

PURWANING DUMADI 9:11
Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”

YESAYA 11:12
Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.

DHANIEL 12:1-3
[1] “Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.[2] Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.[3] Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.

YESAYA 51:13
nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang njereng langit lan nalesi bumi, kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku, kang rumanti arep nyirnakake? Endi ta mulad-mulading nepsune wong kang nganiaya iku?

YEREMIA 10:12
Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane, kang njejegake bumi sarana kawicaksanane lan mbeber langit kanthi kalimpadane.

YESAYA 55:10
Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan,

PURWANING DUMADI 10:25
Eber duwe anak lanang loro, kang siji jenenge Peleg, marga nalika samana bumi kabage, dene adhine jenenge Yoktan;

YUDAS 1:9
Nanging Sang Mikhael, panggedhening para malaekat, nalika padudon karo Iblis bab layone Nabi Musa, ora wani ngetrapake tembung panyenyamah, mung ngucap mangkene, “Kowe muga didukanana dening Pangeran

KOLOSE 1:15
Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,

1 TESALONIKA 4:16
Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat pangedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.

WAHYU 3:14
“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:

YESAYA 9:6
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.

DHANIEL 11:1
kayadene dhek biyen aku uga ngamping-ampingi, nyantosakake lan mbiyantu panjenengane, yaiku ing taun kapisane paprentahane Dharius, wong Medhia iku.”

JABUR 22:16
kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.

AYUB 28:25
Nalika Panjenengane netepake kakuwataning angin, lan nemtokake kehing banyu,

AYUB 38:16
Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagara lan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya?

KOHELET 1:7
Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.

YOKANAN 1:18
Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

PURWANING DUMADI 1:6-8
[6] Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.”[7] Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.[8] Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981