A A A A A

Additional: [Sadness]


MATEUS 5:4
Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.

PANGANDHARING TORET 31:8
Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”

MATEUS 11:28
He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.

YESAYA 41:10
sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.

1 PETRUS 5:7
Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.

1 KORINTA 10:13
Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.

JABUR 30:5
Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!

JABUR 34:18
Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.

WULANG BEBASAN 12:25
Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine.

1 PETRUS 5:6-7
[6] Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.[7] Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.

JABUR 23:4
Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

RUM 12:2
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.

JABUR 38:9
kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan, kawula asesambat amargi manah kawula trataban.

KOHELET 1:18
amarga kawicaksanan akeh iku ngemu kasusahan akeh, tuwin sing sapa ngakehake kawruh iku ngakehake kaprihatinan.

WAHYU 21:3-4
[3] Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.[4] Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

KOHELET 11:10
Mulane panggrantes buwangen saka ing atimu lan edohna kasusahan saka ing awakmu, amarga anom lan bangbang wetaning ngaurip iku tanpa guna.

RUM 12:15
Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.

YOEL 2:12
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

WAHYU 7:16-17
[16] sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kena ing dayaning srengenge utawa ing panas kang sumelet.[17] Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”

AYUB 1:20-21
[20] Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,[21] pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”

EFESUS 4:30
Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.

PANGENTASAN 20:17
Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

2 KORINTA 7:10
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.

YESAYA 53:3
Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.

MATEUS 27:46
Kira-kira jam telu Gusti Yesus nguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lama sabakhtani?” Tegese: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa dene Kawula Paduka tegakaken?

1 PETRUS 1:6-7
[6] Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.[7] Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.

FILIPI 4:7
Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

RUM 8:18
Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.

IBRANI 10:24-25
[24] Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.[25] Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.

2 KORINTA 1:3-4
[3] Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,[4] kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.

MATEUS 22:36-40
[36] “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”[37] Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.[38] Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.[39] Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.[40] Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

YOKANAN 10:10
Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.

WAHYU 21:4
Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”

IBRANI 13:5
Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”

FILIPI 4:6-7
[6] Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.[7] Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981