A A A A A

Additional: [Revival]


DHANIEL 9:3-10
[3] Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.[4] Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.[5] Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;[6] kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya.[7] Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.[8] Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.[9] Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,[10] tuwin sami boten mirengaken swantening Sang Yehuwah, Allah kawula, ingkang dhawhuh dhumateng kawula sadaya supados gesang miturut pepaken ingkang sampun kaparingaken dhumateng kawula sadaya lumantar para nabi, abdinipun.

EZRA 9:5-7
[5] Bareng wayah kurban sore iku aku banjur ngadeg saka enggonku nyiksa awakku, sarta jengkeng kanthi isih nganggo sandhanganku kang suwek lan ngegarake tanganku marang Sang Yehuwah Allahku,[6] lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.[7] Wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi ing dinten punika kalepatan kawula ageng, lan jalaran saking dosa kawula, kawula sadaya, para ratu kawula tuwin para imam kawula sami kaulungaken dhateng para ratu ing tanah ngamanca, dhateng pangwaosing pedhang, dhateng pambucalan saha sami kajarah rayah tuwin sami karemehaken wonten ing ngajenging tiyang kathah, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika.

YEHESKIEL 22:28-31
[28] Sabanjure para nabine padha ngusar wong-wong mau nganggo gamping, dikantheni sumurup wahyu kang ngapusi, sarta nindakake patenungan kang goroh tumrap wong-wong mau; nabi iku padha pratela: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah! -- mangka Sang Yehuwah ora nglairake pangandika.[29] Para wong kang manggon ana ing nagara padha daksiya lan ngrerampas, nindhes wong sangsara lan mlarat, sarta memeres wong manca, dadi cengkah kalawan angger-angger.[30] Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong-wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono.[31] Mulane Ingsun banjur ngesokake bebenduningSun marang wong-wong mau, Sunsirnakake kalawan genining dukaningSun; kalakuane Suntampekake marang sirahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

PANGANDHARING TORET 9:18-29
[18] Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.[19] Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.[20] Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.[21] Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.[22] Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.[23] Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.[24] Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.[25] Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, -- anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi --, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,[26] mulane aku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, unjukku: Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka saha ingkang sampun Paduka entasaken saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa.[27] Paduka mugi karsaa ngengeti dhateng para abdi Paduka Eyang Abraham, Iskak lan Yakub; sampun ngantos ngengeti dhateng wangkoting manahipun bangsa punika, punapa malih dhateng duraka saha dosanipun;[28] supados nagari, pinangkanipun anggen kawula sami Paduka entasaken punika sampun ngantos sami cariyos: Sarehne Sang Yehuwah ora kaconggah nglebokake bangsa iku menyang ing tanah kang wus dijanjekake marang wong-wong iku, lan marga saka sengite, mulane wong iku padha diirid metu arep dipateni ana ing pasamunan.[29] Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”

PANGENTASAN 32:11-13
[11] Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?[12] Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.[13] Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”

PANGENTASAN 32:31-32
[31] Nabi Musa banjur sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta munjuk: “Adhuh, bangsa punika sampun nglampahi dosa ageng, dene sampun sami damel allah mas kangge sesembahan.[32] Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.”

NEHEMYA 1:1-11
[1] Riwayate Sang Nehemya bin Hakhalya. Nalika panuju sasi Kislew, ing taun kang kaping rong puluh, nalika aku ana ing kadhaton Susan,[2] Hanani salah sawijine sadulurku nuli teka karo wong sawatara saka ing tanah Yehuda, banjur padha daktakoni bab kaanane wong Yahudi, yaiku kang ora padha katut katawan, kang bisa sumingkir saka ing panawaning mungsuh sarta kaanane Yerusalem.[3] Tembunge marang aku: “Tiyang-tiyang ingkang taksih manggen wonten ing ngriku lan boten katut katawan punika sami sanget ngrekaos gesangipun sarta dados cacadan. Balowartinipun Yerusalem sampun kabibrah tuwin gapuranipun sampun sami kabesmi.”[4] Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedongan ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit.[5] Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,[6] mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.[7] Kawula sami sampun kalepatan sanget dhumateng Paduka sarta sami boten netepi ing pepaken, pranatan tuwin tatanan ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng abdi Paduka Musa.[8] Paduka mugi ngengetana ing sabda Paduka ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhumateng abdi Paduka Musa wau, inggih punika: “Manawa sira padha laku nasar, sira bakal padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa.[9] Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.[10] Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.[11] Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.

JABUR 85:6
Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun, saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?

JABUR 22:27
Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!

JABUR 51:10
Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!

JABUR 80:18
Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka, anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.

HABAKUK 3:2
Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah! Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun, inggih salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma!

YESAYA 57:15
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.

2 BABAD 7:14
mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.

YAKOBUS 4:8
Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.

YEHESKIEL 37:11-15
[11] Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna.[12] Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.[13] Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun.[14] Ingsun bakal nganjingake RohingSun ana ing sira, satemah sira padha urip maneh lan Ingsun bakal mapanake sira ana ing tanahira. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake iku lan nindakake iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”[15] Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

LELAKONE PARA RASUL 2:17-18
[17] Besuk ing dina-dina kang wekasan -- mangkono pangandikaning Allah -- Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu, sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen.[18] Uga para abdiningSun lanang lan wadon bakal Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku, lan bakal padha medhar wangsit.

2 TIMOTEUS 4:3-4
[3] Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.[4] Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.

EFESUS 5:14
Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”

MATEUS 6:33
Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.

LELAKONE PARA RASUL 2:38
Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.

LELAKONE PARA RASUL 3:19-21
[19] Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,[20] supados Pangeran lajeng ndhatengaken mangsa ingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kagem panjenengan sadaya.[21] Sang Kristus punika kedah wonten ing swarga ngantos dumugi ing titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdene ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Gusti Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.

YEHESKIEL 18:21-33
[21] Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.[22] Sakehing duraka kang dilakoni ora bakal kaetung maneh tumrap dheweke; wong iku bakal urip marga saka kabeneran kang dilakoni.[23] Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Apa ora marga saka pamratobate supaya urip?[24] Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka -- apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake.[25] Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?[26] Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake.[27] Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.[28] Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.[29] Ewasamono turune Israel celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! He, turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?[30] Awit saka iku, he turune Israel, sira bakal padha Sunadili manut tumindakira dhewe-dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Padha mratobata lan padha sumingkira saka ing sakehe durakanira, supaya iku tumrap sira ora dadi sandhungan, kang njalari sira padha tumiba ing kaluputan.[31] Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?[32] Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”[33] Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,

YEREMIA 31:17-20
[17] Isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira, anak-anakira bakal mulih menyang ing tlatahe dhewe, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.[18] Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim: Paduka sampun ngrangket kawula, saha kawula sampun nampeni pangrangket punika, kados pedhet ingkang boten linatih. Kawula mugi Paduka wangsulaken, supados kawula mratobat, amargi Paduka punika Sang Yehuwah, Gusti Allah kawula.[19] Sayektos, sareng kawula mratobat, kawula getun, sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak, kawula ceblek-ceblek cethik kawula, minangka pratandhaning prihatos, kawula rumaos isin lan wirang, amargi kawula nandhang kanisthan ing wekdal nem-neman kawula.[20] Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

PARA HAKIM 10:1-18
[1] Sapengkere Sang Abimelekh kang jumeneng hakim ngluwari Israel iku Sang Tola bin Pua bin Dhodho, wong saka taler Isakhar, daleme ana ing Samir ing pagunungan Efraim.[2] Lan anggone ngakimi Israel lawase telulikur taun, banjur seda, kasarekake ana ing Samir kono.[3] Sapengkere Sang Tola kang jumeneng hakim Sang Yair wong ing Gilead, anggone ngakimi Israel lawase rolikur taun.[4] Putrane kakung telung puluh, kang padha nunggang kuldi lanang telung puluh, sarta padha ndarbeni kutha telung puluh, kang katelah saprene karan Hawot-Yair, prenahe ana ing tanah Gilead.[5] Wasana Sang Yair seda, sarta kasarekake ana ing Kamon.[6] Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.[7] Bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad marang wong Israel, temah iku padha dipasrahake marang ing tangane wong Filisti lan bani Amon.[8] Ing taun iku uga bangsa iku nindhes lan nganiaya wong Israel; anggone padha nindhes sakehing wong Israel kang padha manggon ana ing sabrange bengawan Yarden, ing tanah Amori kang kaprenah ana ing tanah Gilead lawase nganti wolulas taun.[9] Lan wong bani Amon mau malah iya banjur padha nyabrang ing bengawan Yarden, arep nempuh perang nglawan suku Yehuda, suku Benyamin tuwin turune Efraim, temah wong Israel padha banget kapepete.[10] Wong Israel tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah unjuke: “Kawula sampun sami damel dosa dhumateng Paduka, awit sami nyingkur Gusti Allah kawula sarta ngabekti dhateng Baal.”[11] Nanging Sang Yehuwah banjur ngandika marang wong Israel: “Apa dudu Ingsun kang wus ngluwari sira saka ing tangane wong Mesir, wong Amori, bani Amon, wong Filisti,[12] wong Sidon, suku Amalek lan suku Maon, kang nindhes sira, nalika sira padha sesambat marang Ingsun?[13] Nanging sira padha nyingkur marang Ingsun sarta ngabekti marang allah liyane, mulane Ingsun ora bakal ngluwari sira maneh.[14] Padha lungaa sesambata marang para allah kang padha sira pilih, iku kareben padha ngluwari sira, samangsa sira padha kapepet.”[15] Unjuke wong Israel marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun sami damel dosa, sumangga sami Paduka punapakaken ing sakarsa Paduka. Namung sapunika mugi Paduka luwari.”[16] Banjur padha nyingkirake allah-allah liyane saka ing tengahe sarta padha ngabekti marang Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ora bisa menggak penggalihe mirsani kasangsarane wong-wong mau.[17] Wasana wong bani Amon padha kaklumpukake lan padha makuwon ana ing Gilead, dene wong Israel padha nglumpuk lan makuwon ana ing Mizpa.[18] Para panggedhening bangsa ing Gilead padha sapocapan: “Sapa ta kang wani miwiti perang nglawan bani Amon iku? Iku kang pantes dadi panggedhening sakehe wong Gilead.”

AYUB 42:6
Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”

YOEL 1:10-20
[10] Pategalan wus rusak, bumi ngenes, awit gandume wus sirna anggure wus garing, lengane wus nipis.[11] Para wong tani padha kisinan, para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh, marga saka gandum lan sair, awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.[12] Wite anggur wus garing lan wite anjir wus alum, mangkono uga wite delima, wite kurma lan wite apel, sarupane wit ing ara-ara wus padha garing. Sanyata, kabungahan sirna oncat saka para anaking manungsa.[13] He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata, he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha, he, para Gusti Allahku, pada lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor, dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan kurban dhaharan lan kurban unjukan.[14] Padha ngundhangna puwasa kang suci, nganakna parepatan agung, nglumpukna para tuwa-tuwa, dalah sakehe wong isine nagara ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.[15] Adhuh bilai dina iku, dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah, tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.[16] Ing ngarepe mripat kita, rak wus sirna sakehe pangan, kabungahan lan surak-surak saka ing padalemane Gusti Allah kita?[17] Winih-winih padha garing ana ing jero lemah, lumbung-lumbung wus padha resik gusis, gudhang-gudhang wus padha ambruk marga gandume wus entek.[18] Kaya apa panjeriting kewan-kewan, pepanthan sapi padha bingung, marga wus ora ana pangonan maneh, uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.[19] Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati, awit pangenan ing ara-ara, sampun kamangsa ing latu ngantos telas. Urubing latu sampun nggosongaken sakathahing wit-witan ing ara-ara.[20] Dalasan sato-kewan ing ara-ara ugi sami sesambat dhateng Paduka, margi lepen-lepen sampun sami asat, sarta pangenan ing ara-ara sampun kamangsa dening latu.

YUNUS 3:9-10
[9] Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”[10] Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.

LUKAS 15:7
Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”

MARKUS 1:15
pangandikane: “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”

MATEUS 3:6
Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden kalawan ngakoni dosane.

MATEUS 11:20-24
[20] Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:[21] “Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.[22] Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening Tirus lan Sidon bakal luwih entheng tinimbang kowe.[23] Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.[24] Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening tanah Sodom bakal luwih entheng katimbang karo kowe.”

1 PETRUS 4:17
Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?

1 PETRUS 5:10
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

EFESUS 1:18
Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,

HOSEA 6:2
Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh, ing dina katelune ditangekake, dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.

YESAYA 49:8
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira, lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira; sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjian tumrap umat manungsa, Sunkarsakake mbangun bumi maneh lan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring,

YEREMIA 33:11
bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake: Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, amarga Sang Yehuwah iku asih-darma, sih-susetyane iku langgeng ing salawase!, karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

JABUR 51:12
Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.

JABUR 71:20
Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.

RUM 6:4
Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.

KIDUNG PANGADHUH 5:20-21
[20] Kenging punapa dene Paduka ngantos boten enget dhateng kawula sadaya ing salaminipun, punapaa dene kawula Paduka tegakaken ngantos lami?[21] Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka, temahan sami badhe mratobat, kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih kados kala rumiyin.

MALEAKHI 4:5-6
[5] Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira.[6] Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.

JABUR 80:17-19
[17] Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori, tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.[18] Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka, anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.[19] Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981