A A A A A

Tambahan: [Poligami]


1 BABAD 4:5
Rama Asyur, ramane Tekoa, garwane loro, yaiku Hela lan Naara.

2 SAMUEL 5:13
Sang Prabu Dawud banjur mundhut ampil lan garwa maneh saka ing Yerusalem, sawise pindhah dalem saka Hebron lan banjur kagungan putra kakung lan putri maneh.

2 SAMUEL 12:8
Ingsun wus maringake sakukubaning daleme gustinira marang sira, apadene para garwane ana ing pangkonira. Ingsun wus maringake tedhak-turune Israel lan Yehuda marang sira; lan saupama iku durung cukup mesthi sunwuwuhi maneh apa bae marang sira.

2 BABAD 11:21
Sang Prabu Rehabeam anggone asih marang Sang Putri Maakha, putri putrane Pangeran Absalom, ngungkuli katresnane marang sakehe garwane padmi lan garwane paminggir -- garwane padmi Sang Prabu iku wolulas dene garwane paminggir sawidak; iku padha peputra, kang kakung wolulikur, kang putri sawidak.

2 BABAD 13:21
Nanging Sang Prabu Abia dadi saya gedhe pangwaose. Sang Prabu mundhut garwa patbelas lan kagungan putra kakung rolikur lan putra putri nembelas.

PANGENTASAN 21:10
Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.

PURWANING DUMADI 4:19
Anadene Lamekh mau bojone loro, kang siji jenenge Ada, sijine Zila.

PURWANING DUMADI 30:4-9
[4] Bilha bature mau banjur diaturake Yakub supaya dadi somahe, iya kelakon dicedhaki.[5] Bilha banjur ngandhut sarta duwe anak lanang patutan saka Yakub.[6] Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.[7] Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.[8] Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.[9] Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.

YESAYA 4:1
Ing wektu iku ana wong wadon pitu kang padha nggondheli wong lanang siji, sarta celathu: “Kula sami badhe nedha tetedhan lan mangangge sandhangan kula piyambak; nanging keparenga kula namung ngangge asma panjenengan; panjenengan mugi karsa ngicali kawirangan kula sadaya!”

PARA HAKIM 8:30
sang Gidheon iku kagungan putra kakung pitung puluh, iku putrane piyambak kabeh, amarga garwane akeh.

WILANGAN 12:1
Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.

1 SAMUEL 1:1-2
[1] Ana sawijining wong ing Ramataim-Zofim, ing pagunungan Efraim, jenenge Elkana bin Yeroham bin Elihu bin Tokhu bin Zuf, wong Efraim.[2] Elkana iku bojone loro: kang siji jenenge Hana, sijine Penina. Penina iku anak-anak, nanging Hana ora.

PANGANDHARING TORET 21:15-17
[15] “Saupama ana wong kang duwe rabi loro, kang siji ditresnani, sijine ora ditresnani, mangka karo-karone padha nglairake anak lanang, yaiku wong wadon kang ditresnani lan kang ora ditresnani, mangka kang pambarep iku patutan karo kang ora ditresnani,[16] nalika wong mau andum warisan marang anak-anake, ora kena menehake wewenanging anak pambarep marang anake somah kang ditresnani, marga manawa mangkono iku bakal ngrugekake anake somah kang ora ditresnani awit iku kang pambarep.[17] Anake somah kang ora ditresnani kang dadi pambarep iku diakonana lan kudu dipandumi warisan rong bagean saka saduweke kabeh, awitdene iku kang dadi wiwitaning kakuwatane, iya kang kebener nduweni wewenang pembarep.”

2 BABAD 24:1-3
[1] Pangeran Yoas yuswa pitung taun nalika jumeneng ratu iku, sarta anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase patang puluh taun. Kang ibu asma Zibya, saka ing Bersyeba.[2] Sang Prabu Yoas nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah sajege sugenge Imam Yoyadha.[3] Imam Yoyadha mundhutake garwa loro Sang Prabu, kang banjur padha peputra kakung lan putri.

YEHESKIEL 23:1-4
[1] Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:[2] “He, anaking manungsa, ana wong wadon loro, kang tunggal biyung.[3] Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel.[4] Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem.

1 KORINTA 7:1-5
[1] Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,[2] nanging ngelingi anane bebaya laku jina, becike saben wong lanang duwea somah dhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.[3] Kang lanang netepana kawajibane marang somahe, mangkono uga kang wadon marang bojone.[4] Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.[5] Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.

PANGANDHARING TORET 25:5-10
[5] “Manawa ana sadulur lanang padha manggon tetunggalan, mangka kang siji mati ora tinggal anak lanang, ing kono randhane kang mati mau aja omah-omah karo wong liya kang dudu kulawargane, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo, lan kalawan mangkono dadine nindakake kawajibaning ningkah ipe.[6] Banjur anak lanang pembarep kang lair iku dianggepa anake sadulure kang wus mati, supaya jenenge aja nganti cures saka ing antarane wong Israel,[7] nanging saupama wong iku ora seneng ngepek ipene mau, ipene tumuli ngadhepa marang para tuwa-tuwa ana ing gapura sarta matura: Ipe kula boten purun nggesangaken namaning sadherekipun wonten ing Israel, boten purun netepi kawajiban ningkah ipe dhateng kula.[8] Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,[9] banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.[10] Sarta turune wong iku ana ing Israel bakal kasebut: turune wong kang trumpahe dicopot ing wong.”

1 BABAD 3:1-9
[1] Iki para putrane Sang Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron: kang pambajeng yaiku Pangeran Amnon, kang ibu asma Ahinoam, saka ing Yizreel; kang angka loro yaiku Pangeran Dhaniel, kang ibu asma Abigail, saka ing Karmel;[2] putra kang angka telu Pangeran Absalom, kang ibu asma Maakha, putri putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur; putra kang angka papat Pangeran Adhonia, kang ibu asma Hagit;[3] putra angka lima Pangeran Sefaca, kang ibu asma Abital; putra kang angka nem Pangeran Yitream, patutan karo kang garwa, kang asma Egla.[4] Putra enem iki miyose ana ing kutha Hebron, panggonan nalika panjenengane ngasta paprentahan lawase pitung taun nem sasi; dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh telu taun.[5] Iki para putrane kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Simea, Pangeran Sobab, Pangeran Natan lan Pangeran Suleman, putra papat iku miyos saka Sang Putri Batsyua binti Amiel,[6] nuli Pangeran Yibkhar, Pangeran Elisama, Pangeran Elifelet,[7] Pangeran Nogah, Pangeran Nefeg, Pangeran Yafia,[8] Pangeran Elisama, Pangeran Elyada lan Pangeran Elifelet, gunggunge sanga.[9] Iku kabeh padha turune Sang Prabu Dawud, iku durung kapetung para putra kang saka garwa ampil. Sang putri Tamar iku sadhereke estri.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981