A A A A A

Additional: [Police Officers]


2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.

YESAYA 1:17
padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!

YESAYA 6:8
Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”

YESAYA 54:17
Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

YOKANAN 15:13
Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.

YUSAK 1:9
Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

LUKAS 1:79
karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”

LUKAS 10:19
Lah kowe wis padha Dakparingi panguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowe.

LUKAS 5:9
Amarga Simon sakancane kabeh padha sumlengeren, dene samono akehe iwake sing kena.

WULANG BEBASAN 21:15
Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.

WULANG BEBASAN 24:11
Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana, lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.

WULANG BEBASAN 27:17
Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane.

JABUR 101:8
Saben enjing kawula badhe numpes sakathahing tiyang duraka, ingkang wonten ing nagari; sakathahing tiyang ingkang lampah awon, badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.

JABUR 82:3-4
[3] Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil, wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.[4] Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.”

TITUS 3:1-2
[1] Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.[2] Aja seneng mitenah, aja dhemen tukar-padu, disumanak lan dialus ing wicara marang sadhengah wong.

1 PETRUS 2:13-17
[13] Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,[14] iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.[15] Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.[16] Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.[17] Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!

JABUR 18:37-43
[37] Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula, temah polok kawula boten ngantos kesliyo.[38] Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng, sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;[39] inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih, sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.[40] Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.[41] Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula, sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.[42] Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungi sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.[43] Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin, kawula bucal kados blethok ing margi.

RUM 13:1-14
[1] Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.[2] Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.[3] Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.[4] Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.[5] Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.[6] Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.[7] Mbayara marang wong akeh, apa bae kang kudu kokbayar; pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, beya marang wong kang wenang nampani beya; pakering marang wong kang darbe hak nampani pakering, lan pakurmatan marang wong kang darbe hak nampani pakurmatan.[8] Kowe aja padha duwe utang apa-apa marang sapa bae, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Toret.[9] Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe![10] Tresna iku ora nandukake piala marang sapadha-padha, mulane katresnan iku katetepane angger-anggering Toret.[11] Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.[12] Iki wus lingsir wengi, wus meh raina. Mulane payo kita padha ngrucat sakehing pratingkahing pepeteng, lan padha asikep gegamaning pepadhang![13] Payo kita padha lumaku kang patut, kang sembada kalawan raina, aja padha nguja memangan sarta endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.[14] Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.

WULANG BEBASAN 28:1-28
[1] Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak, nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.[2] Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa, ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana.[3] Wong mlarat kang nindhes wong sekeng, iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki.[4] Para wong kang nyepelekake angger-angger, iku padha ngalem marang wong duraka, nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku.[5] Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.[6] Becik wong miskin kang watake resik, tinimbang wong culika, sanadyana sugih.[7] Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter, nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.[8] Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.[9] Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger, iku pandongane uga nistha.[10] Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala, iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe, nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.[11] Wong sugih rumangsa pinter, nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.[12] Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana, nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.[13] Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.[14] Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah, nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.[15] Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk, iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.[16] Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese, nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.[17] Wong kang nanggung getihe wong liya, iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur. Aja kokeman![18] Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.[19] Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan.[20] Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah, nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.[21] Mawang wong iku ora becik, ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.[22] Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.[23] Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi, tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.[24] Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.[25] Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.[26] Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.[27] Sing sapa weweh marang wong miskin ora bakal kekurangan, nanging kang ngeremake mripate bakal kena ing ipat-ipat.[28] Manawa wong duraka oleh pangwasa, wong akeh padha umpetan, nanging samangsa tumpes, para wong bener mundhak akeh.

LUKAS 11:21
Manawa ana wong kang rosa sarta sikep gegaman ganep ngreksa bale omahe dhewe, barang darbeke bakal slamet.

MATEUS 5:9
Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.

Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981