A A A A A

Nggoleki
MATEUS 1:1
Iki sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhake Sang Prabu Dawud, tedhake Rama Abraham.


MATEUS 1:16
Yakub peputra Yusuf bojone Maryam, kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk Sang Kristus.


MATEUS 1:18
Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.


MATEUS 2:1
Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem


MATEUS 2:23
Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.


MATEUS 3:13
Nalika samana Gusti Yesus saka ing tanah Galilea rawuh ing bengawan Yarden murugi Nabi Yokanan, karsane supaya dibaptisa.


MATEUS 3:15
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.


MATEUS 3:16
Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.


MATEUS 4:1
Sawuse mangkono Gusti Yesus katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha dening Iblis.


MATEUS 4:4
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”


MATEUS 4:5
Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,


MATEUS 4:7
Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”


MATEUS 4:8
Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,


MATEUS 4:10
Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”


MATEUS 4:11
Iblis banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus; lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.


MATEUS 4:17
Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane: “Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


MATEUS 4:18
Nalika Gusti Yesus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi juru-amek-iwak.


MATEUS 4:20
Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.


MATEUS 4:22
Sanalika padha ninggal praune lan bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.


MATEUS 4:23
Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.


MATEUS 5:1
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.


MATEUS 5:2
Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:


MATEUS 7:28
Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange,


MATEUS 8:1
Bareng Gusti Yesus tumedhak ing gunung, banjur kadherekake wong pirang-pirang gegolongan.


MATEUS 8:3
Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.


MATEUS 8:4
Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka peseksi marang wong.”


MATEUS 8:5
Nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsane sarta darbe atur panyuwun, unjuke:


MATEUS 8:7
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”


MATEUS 8:10
Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.


MATEUS 8:13
Gusti Yesus banjur ngandika marang opsir panatus mau: “Wis, mundura, katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga abdine waras.


MATEUS 8:14
Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang omahe Petrus. Gusti mirsa embokne maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis.


MATEUS 8:16
Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha di owanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake.


MATEUS 8:20
Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


MATEUS 8:22
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.”


MATEUS 8:23
Gusti Yesus banjur minggah ing prau, para sakabate padha ndherek.


MATEUS 8:24
Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban ing ombak, nanging Gusti Yesus sare.


MATEUS 8:26
Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.


MATEUS 8:32
Dhawuhe Gusti Yesus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu.


MATEUS 8:34
Lah ing kono wong sakutha padha metu methukake Gusti Yesus lan bareng wus padha ana ing ngarsane, padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane karsaa nilar tlatahe.


MATEUS 9:1
Gusti Yesus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kutha palerebane.


MATEUS 9:2
Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


MATEUS 9:4
Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?


MATEUS 9:9
Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.


MATEUS 9:10
Kacarita nalika Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan Gusti Yesus dalasan para sakabate.


MATEUS 9:12
Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.


MATEUS 9:14
Kacarira para sakabate Nabi Yokanan padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lan munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?”


MATEUS 9:15
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.


MATEUS 9:18
Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasamanten Paduka mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhe gesang malih.”


MATEUS 9:19
Gusti Yesus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabate.


MATEUS 9:20
Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.


MATEUS 9:22
Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.


MATEUS 9:23
Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wong akeh kang padha ribut,


MATEUS 9:25
Sawise wong akeh iku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebet sarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjur tangi.


MATEUS 9:27
Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”


MATEUS 9:28
Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami pitados.”


MATEUS 9:35
Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.


MATEUS 10:1
Gusti Yesus tumuli nimbali sakabate rolas sarta padha diparingi panguwasa nundhungi dhemit lan marasake sarupaning lelara lan sarupaning memala.


MATEUS 10:4
Simon wong Zelot lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Gusti Yesus.


MATEUS 10:5
Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,


MATEUS 11:1
Sawise Gusti Yesus mungkasi piwelinge marang sakabat-sakabate rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelarake Injil ana ing kutha-kuthane.


MATEUS 11:2
Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan midhanget pawarta bab pakaryane Gusti Yesus,


MATEUS 11:4
Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis, padha mundhura, wartakna marang Yokanan apa kang kokrungu lan kokdeleng:


MATEUS 11:7
Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?


MATEUS 11:20
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:


MATEUS 11:25
Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.


MATEUS 12:1
Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi paganduman. Sakabate padha luwe, mulane banjur padha nyethuti wewulen sarta dipangan.


MATEUS 12:2
Wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabat Panjenengan, sami nindakaken ingkang boten dipun parengaken ing dinten Sabat.”


MATEUS 12:3
Nanging Gusti Yesus ngadika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?


MATEUS 12:9
Sawise tindak saka ing kono, Gusti Yesus banjur lumebet ing papan pangibadahe wong-wong mau.


MATEUS 12:14
Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrantam bab anggone bakal nyedani Gusti Yesus.


MATEUS 12:15
Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.


MATEUS 12:22
Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.


MATEUS 12:25
Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.


MATEUS 12:46
Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.


MATEUS 12:47
Banjur ana kang munjuk marang Gusti Yesus: “Lah punika ingkang ibu tuwin sadherek-sadherek Panjenengan sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan.”


MATEUS 13:1
Ing dina iku Gusti Yesus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir sagara.


MATEUS 13:11
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.


MATEUS 13:34
Sakehe prakara iku mau kabeh didhawuhake dening Gusti Yesus marang wong akeh kanthi pasemon lan ora ana kang dipangandikakake kang ora dhapur pasemon,


MATEUS 13:36
Gusti Yesus banjur nilar wong akeh mau sarta banjur kondur. Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Kawula mugi sami kaparingana katrangan bab pasemon kambengan ing satengahing gandum punika.”


MATEUS 13:37
Gusti Yesus banjur maringi wangsulan, pangandikane: “Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa.


MATEUS 13:52
Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”


MATEUS 13:53
Sawise rampung anggone paring pasemon-pasemon mau, Gusti Yesus banjur tindak saka ing kono.


MATEUS 13:57
Wong-wong mau temahan padha kesandhung ing bab Panjenangane. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang jenenge nabi iku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ing papan asale lan ing omahe dhewe.”


MATEUS 14:1
Nalika samana Sang Prabu Herodhes, raja-wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yesus,


MATEUS 14:12
Sawise iku para sakabate Nabi Yokanan tumuli teka ngukup layone, disarekake, banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturake bab mau.


MATEUS 14:13
Bareng Gusti Yesus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.


MATEUS 14:14
Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.


MATEUS 14:16
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowe bae padha menehana mangan.”


MATEUS 14:18
Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawenen mrene, wenehna Aku.”


MATEUS 14:19
Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.


MATEUS 14:22
Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindake menyang ing sabrang, dene wong akeh padha kadhawuhan mulih.


MATEUS 14:23
Bareng wong akeh wis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengane piyambakan bae ana ing kono.


MATEUS 14:25
Bareng wis jam telu bengi Gusti Yesus tindak nusul para sakabate, tindake napak ing sagara.


MATEUS 14:27
Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”


MATEUS 14:29
Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.


MATEUS 14:31
Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?”


MATEUS 14:35
Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Gusti Yesus, banjur padha aweh weruh marang ing wewengkon kono kabeh. Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wong lara, kasowanake ing ngarsane,


MATEUS 15:1
Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:


MATEUS 15:3
Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?


MATEUS 15:10
Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:


MATEUS 15:13
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.


MATEUS 15:16
Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?


MATEUS 15:21
Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lan Sidon.


MATEUS 15:23
Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”


MATEUS 15:24
Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane:“Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.”


MATEUS 15:25
Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!”


MATEUS 15:26
Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.”


MATEUS 15:28
Ing kono Gusti Yesus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhe pangandelmu, mulane katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anake wong wadon mau banjur waras.


MATEUS 15:29
Gusti Yesus sawise jengkar saka ing tlatah kono, banjur tindak menyang ing pinggiring sagara Galilea lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.


MATEUS 15:30
Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.


MATEUS 15:32
Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”


MATEUS 15:34
Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe padha duwe roti pira?” “Pitu,” atur wangsulane para sakabat, “sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.”


MATEUS 15:35
Gusti Yesus banjur dhawuh marang wong akeh iku, supaya padha lungguh ing lemah.


MATEUS 15:39
Sawise iku Gusti Yesus nuli dhawuh marang wong akeh, supaya padha mulih. Panjenengane banjur nitih prau tindak menyang ing tlatah Magadan.


MATEUS 16:1
Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga.


MATEUS 16:2
Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa sore langite katon abang sumulak, kowe kandha; Iki bakal terang,


MATEUS 16:4
Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.


MATEUS 16:6
Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”


MATEUS 16:8
Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel?


MATEUS 16:12
Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.


MATEUS 16:13
Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?”


MATEUS 16:15
Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?”


MATEUS 16:17
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.


MATEUS 16:20
Gusti Yesus banjur ngawisi para sakabate, ora diparengake martak-martakake marang wong siji-sijia, yen Panjenengane iku Sang Kristus.


MATEUS 16:21
Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake.


MATEUS 16:23
Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”


MATEUS 16:24
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.


MATEUS 17:1
Sawise nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan sadulure kadhawuhan ndherek Gusti Yesus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.


MATEUS 17:2
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.


MATEUS 17:4
Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”


MATEUS 17:7
Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”


MATEUS 17:8
Lan bareng padha ndengengek, sing katon mung Gusti Yesus piyambak, ora ana wong liyane maneh.


MATEUS 17:9
Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”


MATEUS 17:11
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pancen Elia bakal teka mbenakake samubarang kabeh,


MATEUS 17:13
Nalika iku para sakabate Gusti Yesus padha mangerti, yen kang dipangandikakake iku Nabi Yokanan Pambaptis.


MATEUS 17:14
Bareng wis padha bali tekan ing enggone wong akeh maneh, ana wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus banjur sujud lan matur:


MATEUS 17:17
Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”


MATEUS 17:18
Gusti Yesus banjur ndukani dhemite, wasana metu, sarta wiwit nalika iku bocahe dadi waras.


MATEUS 17:22
Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahake marang tanganing wong,


MATEUS 17:25
Wangsulane Petrus: “Inggih asok!” Nalika Petrus lumebu ing omah, Gusti Yesus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon, panemumu kapriye? Sapa sing dipundhuti beya lan pajeg dening para raja ing donya iki, para putrane apa wong manca?”


MATEUS 17:26
Ature Petrus: “Tiyang manca!” Gusti Yesus ngandika: “Dadine para putra ora.


MATEUS 18:1
Ing nalika iku para sakabat padha sowan ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?”


MATEUS 18:2
Gusti Yesus banjur nimbali bocah cilik siji, didegake ana ing tengahe para sakabat


MATEUS 18:21
Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti, manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”


MATEUS 18:22
Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.


MATEUS 19:1
Bareng Gusti Yesus wis mungkasi piwulange mau banjur tindak saka ing Galilea menyang ing tlatahe tanah Yudea ing sabrange bengawan Yarden.


MATEUS 19:4
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe ora maca, yen kang nitahake manungsa iku wiwit sakawit anggone ndadekake wis arupa lanang lan wadon?


MATEUS 19:8
Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.


MATEUS 19:13
Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.


MATEUS 19:14
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggone padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha ndhuweni Kratoning Swarga.”


MATEUS 19:16
Ana sawijining wong sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?”


MATEUS 19:17
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”


MATEUS 19:18
Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.


MATEUS 19:21
Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehana marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”


MATEUS 19:23
Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemene pituturKu marang kowe, yen wong sugih iku angel banget bisane lumebu ing Kratoning Swarga.


MATEUS 19:26
Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”


MATEUS 19:28
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.


MATEUS 20:17
Nalika Gusti Yesus arep tindak menyang Yerusalem, banjur nimbali para sakabate rolas dhewekan sarta ana ing dalan padha dipangandikani mangkene:


MATEUS 20:20
Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan.


MATEUS 20:21
Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.”


MATEUS 20:22
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Kowe iku padha ora ngreti kang koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-karone munjuk: “Inggih saged.”


MATEUS 20:23
Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”


MATEUS 20:25
Banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggone nindakake peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhe padha nindakake panguwasane kanthi kenceng.


MATEUS 20:29
Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yesus kadherekake ing wong akeh banget.


MATEUS 20:30
Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yen Gusti Yesus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!”


MATEUS 20:32
Gusti Yesus banjur kendel anggone tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwun Dakkapakake?”


MATEUS 20:34
Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.


MATEUS 21:1
Bareng lakune wis cedhak Yerusalem, wis tekan ing desa Betfage ing gunung Zaitun, Gusti Yesus utusan sakabate loro,


MATEUS 21:6
Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.


MATEUS 21:9
Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”


MATEUS 21:12
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,


MATEUS 21:14
Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake.


MATEUS 21:16
banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”


MATEUS 21:17
Gusti Yesus banjur nilar wong-wong mau, tindak miyos saka ing kutha menyang ing desa Betania lan nyare ana ing kono.


MATEUS 21:18
Esuke nalika tindak wangsul menyang ing kutha, Gusti Yesus kraos kerapan.


MATEUS 21:21
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.


MATEUS 21:23
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangarepng imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


MATEUS 21:24
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon marang kowe lan yen kowe wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowe, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.


MATEUS 21:27
Wasana atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowe panggaweKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.”


MATEUS 21:31
Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.


MATEUS 21:42
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.


MATEUS 22:1
Gusti Yesus tumuli paring pasemon maneh marang wong-wong mau, pangandikane:


MATEUS 22:15
Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.


MATEUS 22:18
Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?


MATEUS 22:21
Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”


MATEUS 22:22
Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaeraman, tumuli Gusti Yesus ditinggal lunga.


MATEUS 22:23
Ing dina iku ana wong Saduki sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus. Wong-wong iku padha ora pracaya marang patangen. Banjur padha munjuk:


MATEUS 22:29
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurup bab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.


MATEUS 22:34
Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.


MATEUS 22:37
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.


MATEUS 22:41
Nalika para wong Farisi lagi padha nglumpuk, Gusti Yesus ndangu marang wong-wong mau, pangandikane:


MATEUS 22:43
Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono, kapriye dene Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dening Roh kok nyebut Gustine, yaiku nalika ngandika:


MATEUS 23:1
Gusti Yesus banjur ngadika marang wong akeh lan marang para sakabate:


MATEUS 24:1
Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.


MATEUS 24:3
Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”


MATEUS 26:1
Sawise Gusti Yesus mungkasi piwulange mau, banjur ngandika marang para sakabate:


MATEUS 26:4
apirembugan bab anggone arep nyepeng Gusti Yesus kanthi paekan lan nyedani Panjenengane.


MATEUS 26:6
Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug,


MATEUS 26:7
ana wong wadon kang marak ing ngarsane, nggawa goci isi lenga jebad kang larang regane, banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus, nalika lagi lenggah dhahar.


MATEUS 26:10
Nanging Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabate, banjur ngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wong wadon iki? Kang ditandukake marang Aku iki panggawe becik.


MATEUS 26:16
Lan wiwit nalika iku Yudas golek jalaran bisane ngladosiake Gusti Yesus.


MATEUS 26:17
Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”


MATEUS 26:18
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyanga kutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.”


MATEUS 26:19
Para sakabat banjur nindakake apa sapangandikane Gusti Yesus lan nyawisake Paskah.


MATEUS 26:20
Bareng wis sore Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para sakabate rolas.


MATEUS 26:21
Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.”


MATEUS 26:25
Yudas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur: “Rak sanes kawula, ta, Guru?” Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani!”


MATEUS 26:26
Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”


MATEUS 26:31
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar.


MATEUS 26:34
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Satemene Aku pitutur marang kowe: Bengi iki, sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”


MATEUS 26:36
Tindake Gusti Yesus karo para sakabate wis tekan ing panggonan kang aran Getsemane. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate:“Padha linggiha ing kene, Aku arep mrana ndedonga.”


MATEUS 26:37
Panjenengane banjur tindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padha kadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris.


MATEUS 26:47
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthi wong sagolongan gedhe, kang padha sikep pedhang lan penthung, utusane para pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi.


MATEUS 26:49
Satekane banjur enggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup.


MATEUS 26:50
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Heh, kanca, iku ta prelumu teka?” Wong-wong mau banjur padha maju lan nyekel Gusti Yesus.


MATEUS 26:51
Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung.


MATEUS 26:52
Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang.


MATEUS 26:55
Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


MATEUS 26:57
Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Toret lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono.


MATEUS 26:59
Para pangareping imam, malah sapepake pradata padha golek seksi palsu kang nglawan Gusti Yesus, supaya Panjenengane bisa kapatrapan paukuman pati,


MATEUS 26:62
Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yesus: “Apa kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwane seksi-seksi iki?”


MATEUS 26:63
Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”


MATEUS 26:64
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


MATEUS 26:75
Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “ Sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara.


MATEUS 27:1
Bareng wis esuk, kabeh pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk lan mutus, Gusti Yesus kapatrapan paukuman pati.


MATEUS 27:2
Gusti Yesus banjur kabesta kaladosake marang Sang Wali-Nagara Pilatus.


MATEUS 27:3
Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung, dhuwit telung puluh sekel salaka kabalekake marang para pangareping imam lan pinituwa


MATEUS 27:11
Gusti Yesus banjur kairid marang ngarsane wali-nagara, nuli kadangu dening wali-nagara: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus ngandika: “Panjenengan sampun mastani.”


MATEUS 27:12
Nanging tumrap pandakwa, kang kaajokake dening para pangareping imam lan para pinituwa, Gusti Yesus ora paring wangsulan apa-apa.


MATEUS 27:14
Gusti Yesus ora paring wangsulan babar pisan, njalari gumune wali-nagara.


MATEUS 27:18
Panjenengane pancen wis mirsa, yen anggone masrahake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.


MATEUS 27:20
Nanging marga saka pangojok-ojoke para pangareping imam lan para pinituwa, wong akeh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yesus disedani.


MATEUS 27:26
Sang Pilatus banjur nuruti kareping wong akeh, Barabas diluwari; dene Gusti Yesus sawise kasapu banjur kapasrahake supaya disalib.


MATEUS 27:27
Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.


MATEUS 27:28
Pangagemane Gusti Yesus disantuni jubah wungu,


MATEUS 27:32
Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kapethuk wong saka ing kutha Kirene, jenenge Simon. Iku kapeksa manggul salibe Gusti Yesus.


MATEUS 27:34
Gusti Yesus nuli dicaosi ngunjuk anggur campur rempelu. Bareng wis diicipi, ora karsa ngunjuk.


MATEUS 27:36
Wong-wong banjur linggih, njaga Gusti Yesus.


MATEUS 27:38
Nalika samana ana begal loro kang sinalib bebarengan karo Gusti Yesus, siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwa.


MATEUS 27:46
Kira-kira jam telu Gusti Yesus nguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lama sabakhtani?” Tegese: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa dene Kawula Paduka tegakaken?


MATEUS 27:48
Nuli ana wong siji kang enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupake ing anggur kecut, digarani glagah lan dicaosake Gusti Yesus supaya kaunjuk.


MATEUS 27:50
Gusti Yesus banjur nguwuh-uwuh maneh kanthi sora, nuli masrahake nyawane.


MATEUS 27:53
Lan sawise Gusti Yesus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akeh.


MATEUS 27:54
Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”


MATEUS 27:55
Ing kono ana wong wadon akeh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndherekake Gusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengane,


MATEUS 27:57
Bareng sore ana wong sugih saka ing kutha Arimatea, jenenge Yusuf, kang uga wis dadi siswane Gusti Yesus,


MATEUS 27:58
seba marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus. Sang Pilatus banjur dhawuh masrahake marang wong mau.


MATEUS 28:5
Ananging malaekat mau ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowe aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowe padha nggoleki Gusti Yesus kang disalib iku.


MATEUS 28:9
Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.


MATEUS 28:10
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”


MATEUS 28:16
Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus.


MATEUS 28:18
Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.


MARKUS 1:1
Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.


MARKUS 1:9
Nalika samana Gusti Yesus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden.


MARKUS 1:12
Sawise iku Gusti Yesus dumadakan katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun.


MARKUS 1:14
Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah,


MARKUS 1:16
Nalika Gusti Yesus tindak ana ing urut pinggire sagara Galilea, mirsa Simon karo Andreas sadulure Simon, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi tukang golek iwak.


MARKUS 1:17
Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.”


MARKUS 1:19
Bareng nglajengake tindake sawatara, Gusti Yesus mirsa Yakobus anake Zebedheus lan Yokanan sadulure lagi ana ing prau ndandani jalane.


MARKUS 1:20
Sakarone nuli enggal padha ditimbali dening Gusti Yesus, lan iya banjur padha ninggal Zebedheus, bapakne, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndherekake Panjenengane.


MARKUS 1:21
Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.


MARKUS 1:24
“Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”


MARKUS 1:25
Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!”


MARKUS 1:30
Ibune maratuwa Simon ngaleleh ing paturon, jalaran lara panastis. Gusti Yesus banjur diaturi uninga bab larane iku.


MARKUS 1:32
Bareng sore, sasuruping srengenge, wong-wong kang lara lan kang kasurupan dhemit, padha disowanake kabeh marang ngarsane Gusti Yesus.


MARKUS 1:34
Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wong kang padha nandhang lelara warna-warna lan nundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit iku ora diparengake calathu, jalaran wis padha ngreti marang Panjenengane.


MARKUS 1:35
Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.


MARKUS 1:40
Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengane, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”


MARKUS 1:41
Gusti Yesus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astane, ndemek marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu!”


MARKUS 1:45
Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, naning wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.


MARKUS 2:1
Let sawatara dina, bareng Gusti Yesus wis rawuh maneh ana ing Kapernaum, pawartane enggal sumebar, yen Panjenengane ana ing dalem.


MARKUS 2:2
Mulane banjur akeh wong kang padha kumrubut mrono, nganti kekurangan papan, malah ing ngarep lawang iya wis ora ana panggonan. Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong-wong mau.


MARKUS 2:4
Nanging ora bisa tekan ing ngarsane, marga saka akehe wong, mulane banjur mbukak payon ing sanginggile Gusti Yesus; sawuse mangkono kasur kang dituroni wong lumpuh mau nuli diudhunake.


MARKUS 2:5
Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosanmu wis kaapura!”


MARKUS 2:8
Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?


MARKUS 2:13
Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing pinggiring sagara maneh; akeh wong kang padha sowan marang ing ngarsane, banjur padha diparingi piwulang.


MARKUS 2:15
Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.


MARKUS 2:16
Nalika para ahli Toret saka golongan farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, bajur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


MARKUS 2:17
Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


MARKUS 2:18
Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”


MARKUS 2:19
Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Apa bisa para mitraning panganten lanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono? Sasuwene panganten isih ana, wong-wong ora bisa pasa.


MARKUS 2:23
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum lan sajrone mangkono iku para sakabate padha nyethuti wewulen gandum.


MARKUS 2:25
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca apa kang ditindakake dening Senapati Dawud, nalika karo para pandhereke padha nandhang kakurangan lan kaluwen,


MARKUS 3:1
Sawuse iku Gusti Yesus rawuh ing papan pangibadah maneh. Ing kono ana wong kang tangane ceko sasisih.


MARKUS 3:3
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!”


MARKUS 3:7
Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea


MARKUS 3:9
Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.


MARKUS 3:13
Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.


MARKUS 3:20
Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijining omah, banjur ana wong akeh kang padha sowan maneh, padha kumrubut, nganti mangan bae padha ora bisa.


MARKUS 3:33
Paring wangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lan sadulur-dulurKu?”


MARKUS 4:1
Ing sawijining dina Gusti Yesus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, mulane Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabeh padha ana ing dharatan, ing pinggir sagara.


MARKUS 4:21
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Wong nggawa damar iku ora banjur dikurebi tompo utawa didokok ing longan, nanging banjur ditumpangake ing jodhog.


MARKUS 4:26
Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,


MARKUS 4:30
Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?


MARKUS 4:33
Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene,


MARKUS 4:35
Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang.”


MARKUS 4:36
Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.


MARKUS 4:38
Dene Gusti Yesus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhe tiwas?”


MARKUS 5:2
Lagi bae mandhap saka ing prau, Gusti Yesus disowani ing wong kapanjingan dhemit saka ing pakuburan.


MARKUS 5:6
Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,


MARKUS 5:7
lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”


MARKUS 5:8
Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”


MARKUS 5:13
Gusti Yesus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono.


MARKUS 5:15
Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.


MARKUS 5:17
Wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yesus, supaya Panjenengane nilar wewengkone.


MARKUS 5:18
Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.


MARKUS 5:19
Nanging Gusti Yesus ora marengake, pangandikane marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabeh apa kang wis katindakake dening Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan dening Allah.”


MARKUS 5:20
Wong mau iya banjur mangkat lan wiwit martak-martakake ana ing wewengkon Dekapolis apa kang wis ditindakake dening Gusti Yesus tumrap dheweke; wong-wong padha eram kabeh.


MARKUS 5:21
Sawise Gusti Yesus nyabrang maneh kalawan nitih prau banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ing ngarsane ana ing pinggir sagara,


MARKUS 5:22
tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan in ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sujud


MARKUS 5:24
Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.


MARKUS 5:27
Dheweke wis krungu pawarta bab Gusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndhesel ing satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan ndemek jubahe.


MARKUS 5:30
ing sanalika iku uga Gusti Yesus mangretos, yen ana daya kang metu saka ing sarirane, banjur mengo ana ing satengahe wong akeh ikusarta ndangu, “Sapa sing ndemok jubahku?”


MARKUS 5:33
Wong wadon mau sarehne nyumurupi apa kang kalakon tumrap ing dheweke dadine banjur wedi, mulane tumuli maju lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta munjuk sablakane.


MARKUS 5:35
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana wong saka ing omahe lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?”


MARKUS 5:36
Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”


MARKUS 5:39
Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”


MARKUS 6:1
Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing kutha asale, kadherekake dening para sakabate.


MARKUS 6:4
Tumuli Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarane kulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”


MARKUS 6:14
Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambpatis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”


MARKUS 6:30
Sawise mangkono para rasul padha nglumpuk ana ing ngarsane Gusti Yesus lan padha matur apa kang wis padha ditindakake kabeh lan kang diwulangake.


MARKUS 6:34
Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengane nuli wiwit memulang bab prakara akeh marang wong-wong mau.


MARKUS 6:38
Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe duwe roti pira? Coba priksanen!” Sawise dititi-priksa, banjur padha munjuk: “Wonten roti gangsal, sarta ulam kalih.”


MARKUS 6:41
Sawise Gusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loro iku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi, rotine tumuli dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya didum-dumake marang wong kabeh, mangkono uga iwake loro mau iya didum-dumake nganti warata.


MARKUS 6:45
Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya enggal nunggang prau ndhisiki nyabrang menyang ing Betsaida; nalika samana wong akeh padha kadhawuhan mulih.


MARKUS 6:46
Bareng wis padha lunga kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung ndedonga.


MARKUS 6:47
Bareng bengi prau mau wis tekan ing satengahing sagara, dene Gusti Yesus ana in dharatan piyambakan.


MARKUS 6:50
sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”


MARKUS 6:54
Sawise padha mentas saka ing prau, wong-wong nalika iku uga padha ora pangling marang Gusti Yesus.


MARKUS 6:55
Mulane banjur padha enggal-enggal martakake bab iku marang wewengkon ing kono kabeh, lan wong-wong lara padha diusungi sapaturone disowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus, sanadyan ana ing ngendi bae palerebane.


MARKUS 7:1
Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.


MARKUS 7:2
Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.


MARKUS 7:14
Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh maneh lan padha dipangandikani: “Kabeh padha ngrungokna lan padha pikiren sing temenan.


MARKUS 7:24
Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus. Nuli lumebet ing sawijining omah lan ora karsa, yen ngantia kasumurupan ing wong, nanging rawuhe iku ora bisa kasidhem.


MARKUS 7:26
Wong wadon iku bangsa Yunani, saka ing tanah Siro-Fenisia. iku nyuwun marang Gusti Yesus, karsaa nundhung setane saka ing anake.


MARKUS 7:27
Tumuli dipangandikani dening Gusti Yesus: “Cikbene bocah-bocah padha wareg dhisik, sabab dudu samesthine njupuk roti sing disadhiyakake kanggo anak-anak, banjur diuncalake marang kirik.”


MARKUS 7:29
Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang wong wadon iku: “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka ing anakmu.”


MARKUS 7:31
Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak menyang sagara Galilea, ing satengah tlatah Dekapolis, nglangkungi Sidon.


MARKUS 7:32
Banjur ana wong kang nyowanake wong budheg bisu lan nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa numpangi asta.


MARKUS 7:33
Wong mau nuli kapisahake saka wong akeh dening Gusti Yesus, didhewekake. Kupinge banjur dilebeti ing racikane, nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau.


MARKUS 7:34
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa!


MARKUS 7:36
Wong-wong kang ana ing kono padha kaweling dening Gusti Yesus, supaya aja padha nyritakake lelakon iku marang sapa bae. Nanging saya dilarang, malah saya nemen anggone padha martakake.


MARKUS 8:1
Nalika samana ing kono uga ana wong akeh maneh, kang akeh banget cacahe, padha ora ana kang dipangan. Gusti yesus banjur nimbali para sakabate lan ngandika:


MARKUS 8:5
Gusti Yesus nuli ndangu: “Kowe duwe roti pira?” Unjuke para sakabat: “Wonten pitu.”


MARKUS 8:6
Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.


MARKUS 8:10
Gusti Yesus banjur engal-enggal nitih prau kanthi para sakabate lan tindak menyang ing tlatahe tanah Dalmanuta.


MARKUS 8:11
Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.


MARKUS 8:12
Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”


MARKUS 8:15
Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sakabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes.”


MARKUS 8:17
Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?


MARKUS 8:22
Gusti Yesus banjur rawuh ing Betsaida, tumuli ana wong picak kasowanake ing ngarsane, disuwunake supaya didemeka.


MARKUS 8:25
Gusti Yesus numpangake astane maneh ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha.


MARKUS 8:27
Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang ing desa-desa sakiwa-tengene kutha Kaisarea Filipi kadherekake dening sakabate. Ana ing dalan padha didangu, pangandikane: “Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?”


MARKUS 8:29
Gusti Yesus banjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punika Sang Kristus!”


MARKUS 8:31
Gusti Yesus tumuli wiwit mulang marang para sakabate, yen Putraning manungsa iku kudu nglampahi sangsara akeh, sarta ditampik dening para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Toret, banjur disedani lan sawise telung dina wungu maneh.


MARKUS 8:32
Bab iki dipangandikakake kanthi ngeblak. Nanging Petrus banjur nggered minggir Gusti Yesus lan ngaturi pepenget Panjenengane.


MARKUS 8:33
Gusti Yesus nuli minger lan kalawan mirsani para sakabate, Petrus didukani: “Sumingkira, heh, Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalih dening Gusti Allah, nanging apa kang dipikir dening manungsa.”


MARKUS 8:34
Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku.


MARKUS 9:2
Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.


MARKUS 9:4
Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.


MARKUS 9:5
Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”


MARKUS 9:8
Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.


MARKUS 9:9
Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.


MARKUS 9:12
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?


MARKUS 9:15
Wong akeh iku bareng weruh Gusti Yesus, padha gumun lan banjur enggal-enggal padha methuk.


MARKUS 9:16
Gusti Yesus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Kowe iku padha udur bab apa?”


MARKUS 9:19
Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”


MARKUS 9:20
Bocahe banjur diaturake. Bareng roh mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjur dieweng-eweng, ditibakake ing lemah lan banjur gulung, cangkeme muruh.


MARKUS 9:21
Gusti Yesus banjur ndangu marang bapakne bocah mau: “Wis pira lawase anggonne kataman mangkene iki?” Atur wangsulane: “Sampun wiwit alit mila.


MARKUS 9:23
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”


MARKUS 9:25
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”


MARKUS 9:27
Gusti Yesus nuli ngasta tangane bocah mau, diadegake, banjur ngadeg.


MARKUS 9:28
Nalika Gusti Yesus wis lumebet ing sawijining omah, lan mung kaadhep dening para sakabate thok, para sakabat mau matur pitakon, “Punapaa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”


MARKUS 9:29
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Jinis iki ora bisa ditundhung kajaba mung sarana pandonga.”


MARKUS 9:30
Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesus aja ana wong kang weruh,


MARKUS 9:33
Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yesus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembung ana ing dalan mau?”


MARKUS 9:35
Gusti Yesus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani mangkene: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.”


MARKUS 9:36
Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik, diadegake ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat:


MARKUS 9:38
Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes golongan kawula, nundhung setan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanes golongan kawula sadadya.”


MARKUS 9:39
Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakake mukjijat atas jenengKu, banjur ngala-ala Aku.


MARKUS 10:1
Gusti Yesus tumuli jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea lan tlatahe sabrange bengawan Yarden. Ana ing kono iya banjur akeh wong kan padha kumrubut sowan ing ngarsane lan kaya adate tumuli padha diparingi piwulang.


MARKUS 10:2
Banjur ana wong Farisi kang padha sowan, sedyane arep nyoba marang Gusti Yesus, unjuke: “Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat semahipun?”


MARKUS 10:5
Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.


MARKUS 10:10
Bareng wis padha ana ing omah, para sakabat padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yesus.


MARKUS 10:13
Sawise iku nuli ana wong kang padha nyowanake bocah-bocah menyang ing ngarsane Gusti Yesus, supaya padha diasta, nanging padha disrengeni dening para sakabat.


MARKUS 10:14
Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


MARKUS 10:17
Nalika Gusti Yesus arep nglajengake tindake, ana wong kang mlayu-mlayu sowan ing ngarsane, banjur sujud lan matur pitakon: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?”


MARKUS 10:18
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.


MARKUS 10:21
Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!”


MARKUS 10:23
Gusti Yesus banjur mirsani ngiwa nengen marang para sakabate lan ngandika, “Pancen angel banget tumraping wong sugih bisane mlebu ing Kratoning Allah.”


MARKUS 10:24
Para sakabat padha gumun ngrungokake pangandikane iku. Nanging Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allah iku pancen angel banget.


MARKUS 10:27
Gusti Yesus mirsani wong mau kabeh lan ngandika: “Tumraping manungsa iku mokal, nanging ora mangkono tumraping Allah. Amarga tumraping Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”


MARKUS 10:28
Petrus tumuli matur marang Gusti Yesus: “Lah kawula punika sampun sami nilar samukawis sadaya lajeng sami ndherek Paduka.”


MARKUS 10:29
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe, sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakne, anak-anake utawa pategalane,


MARKUS 10:32
Nalika samana lagi padha bebarengan munggah menyang ing Yerusalem, Gusti Yesus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha ngungun, sarta wong-wong kang ndherekake padha rumangsa wedi. Sakabat rolas nuli ditimbali maneh, banjur wiwit dipangandikani bab apa kang bakal kalakon tumrap ing sarirane,


MARKUS 10:35
Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, padha nyedhaki Gusti Yesus lan matur: “Guru, kawula sami nyuwun, mugi Paduka karsaa ngabulaken panyuwunan kawula.”


MARKUS 10:36
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Karepmu Dakkapakake?”


MARKUS 10:38
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe padha ora ngreti apa kang padha koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung kang bakal Dakunjuk lan dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani?”


MARKUS 10:39
Atur wangsulane: “Inggih saged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani.


MARKUS 10:42
Nanging banjur padha ditimbali Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang jeneng pamarentahing bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lan para panggedhe padha kaampilan panguwasa ngereh marang rakyat mau.


MARKUS 10:46
Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.


MARKUS 10:47
Bareng krungu, yen iku Gusti Yesus saka ing Nasaret, banjur wiwit nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”


MARKUS 10:49
Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”


MARKUS 10:50
Wong ngemis mau banjur cucul jubahe, tumuli ngadeg lan enggal-enggal sowan menyang ing ngarsane Gusti Yesus.


MARKUS 10:51
Gusti Yesus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!”


MARKUS 10:52
Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.


MARKUS 11:1
Barang lakune wis cedhak Yerusalem, cedhak ing desa Betfage lan Betania, ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutus sakabat loro,


MARKUS 11:6
Iku iya diwangsuli kaya piwelinge Gusti Yesus, temah wong-wong mau padha meneng bae.


MARKUS 11:7
Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.


MARKUS 11:11
Bareng wis rawuh ing Yerusalem, Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, mirsani samubarang kabeh kang ana ing kono, nanging sarehne wis sore, banjur tindak menyang Betania, kadherekake sakabate rolas.


MARKUS 11:12
Esuke nalika padha mangkat saka ing Betania, Gusti Yesus kerapan.


MARKUS 11:14
Ing kono Gusti Yesus banjur ngandikani wit iku: “Aja nganti ana wong kang mangan wohmu maneh ing salawas-lawase!” Para sakabat padha krungu pangandikane iku.


MARKUS 11:15
Lakune wis padha tekan ing Yerusalem, Gusti Yesus bareng wis lumebet ing Padaleman Suci, banjur tumandang nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci. Meja-meja pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake


MARKUS 11:19
Bareng wis sore Gusti Yesus jengkar saka ing kutha kadherekake para sakabat.


MARKUS 11:21
Petrus banjur kelingan apa kang wis kelakon, nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, cobi kapirsanana, wit anjir ingkang Paduka supaosi punika sampun garing.”


MARKUS 11:22
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha kumandela marang Allah!


MARKUS 11:27
Kacarita lakune wis padha tekan ing Yerusalem. Nalika Gusti Yesus lagi lumampah ana ing plataraning Padaleman Suci, tumuli ana pangareping imam, ahli-ahli Toret lan pinituwa-pinituwa kang padha sowan ing ngarsane


MARKUS 11:29
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku Daktakon saprakara dhisik marang kowe kabeh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakake marang kowe, Aku nindakake kabeh-kabeh iku kanthi panguwasa sing endi.


MARKUS 11:33
Banjur padha matur marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Pangandikane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Yen mangkono, Aku iya ora kandha marang kowe, Aku nindakake samubarang kabeh iku kanthi panguwasa sing endi.”


MARKUS 12:1
Gusti Yesus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon, “Ana wong gawe pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk jugangan papan pameresan sarta ngadegake panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakake marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca.


MARKUS 12:12
Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.


MARKUS 12:15
Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”


MARKUS 12:17
Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.


MARKUS 12:28
Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”


MARKUS 12:29
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji.


MARKUS 12:32
Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.


MARKUS 12:34
Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.


MARKUS 12:35
Ing sawijining dina, nalika pinuju paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Gusti Yesus ngandika: “Kapriye dene para ahli Toret bisa ngarani, yen Sang Kristus iku tedhake Sang Nata Dawud?


MARKUS 12:38
Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar,


MARKUS 12:41
Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.


MARKUS 13:1
Nalika Gusti Yesus jengkar saka ing Padaleman Suci, ana sawijining sakabat kang matur: “Guru, cobi mirsanana kekahipun sela-sela punika saha endahipun yeyasan punika!”


MARKUS 13:2
Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”


MARKUS 13:3
Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhewekan marang Panjenengane:


MARKUS 13:5
Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!


MARKUS 14:1
Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan


MARKUS 14:3
Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon Budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah, lengane banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus.


MARKUS 14:6
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.


MARKUS 14:10
Sawuse mangkono, Yudas Iskariot, kang kagolong sakabat rolas, lunga nemoni para pangareping imam arep ngulungake Gusti Yesus.


MARKUS 14:11
Iku bareng krungu padha bungah sarta janji bakal ngopahi dhuwit dheweke. Yudas banjur golek dalan kang prayoga bisane ngulungake Gusti Yesus.


MARKUS 14:12
Nalika dina kapisan ing riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina panyembelehing wedhus Paskah, para sakabate Gusti Yesus padha matur: “Karsa Paduka, kawula sami kadhawuhan cecawis Paskah kagem Paduka wonten ing pundi?”


MARKUS 14:13
Gusti Yesus banjur ngutus sakabat loro kalawan dipangandikani mangkene: “Padha menyanga kutha; ana ing kana kowe bakal kapethuk karo wong ngindhit jun isi banyu. Iku etutna,


MARKUS 14:16
Karone banjur padha mangkat lan satekane ing kutha, tinemune iya kaya kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus. Banjur padha nyawisake Paskah.


MARKUS 14:17
Bareng sore Gusti Yesus rawuh ing kono kadherekake sakabate rolas.


MARKUS 14:18
nalika padha linggih mangan, Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur ing kowe: satemene ana panunggalanmu siji kang bakal ngulungake Aku, yaiku kang ndherek dhahar Aku.”


MARKUS 14:22
Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjur mundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat, kalawan ngandika: “Padha tampanana, iki sariraKu.”


MARKUS 14:23
Sawise mangkono, Gusti Yesus banjur mundhut tuwung, lan sawise saos sokur tuwung nuli diparingake marang para sakabat. Kabeh banjur padha ngombe saka ing tuwung mau.


MARKUS 14:24
Pangandikane Gusti Yesus: “Iki getihKu, getihing prajanjian, kang diwutahake kanggo wong akeh.


MARKUS 14:27
Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar.


MARKUS 14:30
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.”


MARKUS 14:32
Bareng padha tekan ing panggonan kang aran Getsemane, Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Padha linggiha ana ing kene, sajrone Aku ndedonga.”


MARKUS 14:43
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas kang dadi panunggalane sakabat rolas, dumadakan teka bebarengan karo wong sagrombolan kang padha asikep pedhang lan penthung, yaiku utusane para pangareping imam, ahli Toret lan para pinituwa.


MARKUS 14:45
Bareng wis tekan ing kono Yudas banjur marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.


MARKUS 14:46
Wong-wong mau banjur padha ngebyuk nyekel Gusti Yesus.


MARKUS 14:48
Gusti yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha mrene nyekel Aku kanthi asikep gegaman pedhang lan penthung?


MARKUS 14:51
Nalika samana ana wong nom-noman ndherekake Gusti Yesus, kang mung kemul lawon, iku iya arep dicekel,


MARKUS 14:53
Gusti Yesus banjur kadhabyang menyang ing daleme Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Toret padha nglumpuk ana ing kono.


MARKUS 14:54
Kacrita Petrus ngodhol marang Gusti Yesus nganti tekan ing plataraning Imam Agung, banjur linggih awor para abdi, karo api-api.


MARKUS 14:55
Para pangareping imam, malah sapepake pradata, padha golek paseksen kang kanggo nggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh.


MARKUS 14:57
Banjur ana wong sawatara kang ngaturake paseksen rerekan, nglawan Gusti Yesus kalawan pandakwa mangkene:


MARKUS 14:60
Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan nuli ndangu marang Gusti Yesus: “Apa Kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwaning seksi-seksi marang Kowe iku?”


MARKUS 14:61
Nanging Gusti Yesus kendel bae, ora maringi wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu maneh marang Panjenengane: “Apa Kowe Sang Kristus, Putraning Kang Mahapinuji?”


MARKUS 14:62
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lan kowe kabeh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


MARKUS 14:72
Nalika iku jago tumuli kluruk kaping pindhone. Petrus banjur kelingan marang pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.” Banjur nangis senggruk-senggruk.


MARKUS 15:1
Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


MARKUS 15:2
Sang Pilatus nuli ndangu marang panjenengane: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten.”


MARKUS 15:3
Para pangarepe imam banjur padha ngaturake panggugat pirang-pirang prakara tumrap Gusti Yesus.


MARKUS 15:5
Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.


MARKUS 15:10
Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.


MARKUS 15:15
Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.


MARKUS 15:16
Gusti Yesus banjur kadhabyang dening para prajurit menyang ing plataran jero, ing gedhong pangadilan, sarta banjur padha ngundang kanca-kancane sagolongan kabeh.


MARKUS 15:17
Gusti Yesus nuli diagemi jubah wungu. Wong-wong mau banjur nganam makutha eri diagemake ing mustakane.


MARKUS 15:20
[20a] Sawise disawenang-wenang mangkono iku, agemane jubah wungu dicopot lan disantuni pangagemane piyambak. [20b] Sawise mangkono Gusti Yesus banjur kadhabyang metu arep disalib.


MARKUS 15:21
Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yesus.


MARKUS 15:22
Gusti Yesus banjur diirid menyang pangonan kang aran Golgota, tegese: pacumplungan.


MARKUS 15:24
Gusti Yesus banjur disalib, pangagemane nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumane dhewe-dhewe.


MARKUS 15:25
Nalika Gusti yesus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.


MARKUS 15:27
Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane. [


MARKUS 15:34
Lan ing wayah jam telu iku mau Gusti Yesus nguwuh kalawan swara sora: “Eloi, Eloi, lama sabakhtani?” Iku tegese: “Dhuh, Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?”


MARKUS 15:36
Banjur ana wong kang enggal-enggal teka nggawa jamur karang, dicelupake ing anggur kecut, dislundepake ing glagah, tumuli dicaosake marang Gusti Yesus supaya diunjuk, sarta ngucap mangkene, “Iya, coba padha dienteni lan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunake Dheweke.”


MARKUS 15:37
Gusti Yesus banjur nyuwara sora lan masrahake nyawane.


MARKUS 15:39
Panggedhene prajurit, kang ngadeg ana ing ngarsane Gusti Yesus, bareng nyumurupi anggone seda mangkono iku, banjur ngucap: “Sanyata, wong iku Putraning Allah.”


MARKUS 15:41
Iku kabeh wis ndherekake tindake Gusti Yesus lan ngladosi ing kabetahane nalika ana ing tanah Galilea. Lan ing kono iya isih ana wong wadon liyane kang akeh cacahe, kang padha teka ing Yerusalem bebarengan karo Gusti Yesus.


MARKUS 15:43
Mulane Yusuf, wong Arimatea, warganing Pradata Agung kang kajen keringan, kang uga nganti-anti marang Kratoning Allah, banjur nekad sowan ngadhep marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus.


MARKUS 15:44
Sang Pilatus eram, dene Gusti Yesus wis seda. Banjur nimbali panggedhening prajurit lan ndangu, apa Gusti Yesus wis seda.


MARKUS 15:46
Yusuf nuli tuku mori alus, layone Gusti Yesus banjur diudhunake, sarta diulesi mori mau. Sawise mangkono layon nuli disarekake ing kubur tatahan ing parang. Lawangane kubur banjur ditutupi watu kang diglundhungake mrono.


MARKUS 15:47
Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yoses padha weruh prenahe sumarene Gusti Yesus.


MARKUS 16:1
Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yesus.


MARKUS 16:6
Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana in kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.


MARKUS 16:8
Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.


MARKUS 16:9
Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.


MARKUS 16:10
Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabeh wong, kang biyen tansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis.


MARKUS 16:11
nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.


MARKUS 16:14
Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


MARKUS 16:19
Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah in satengene Gusti Allah.


LUKAS 2:27
Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,


LUKAS 2:41
Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama-ibune Gusti Yesus menyang ing Yerusalem.


LUKAS 2:42
Bareng Gusti Yesus wis yuswa rolas taun, padha menyang Yerusalem kaya adate yen pinuju dina gedhe iku.


LUKAS 2:43
Salebare pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesus kantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora sumurup.


LUKAS 2:52
Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.


LUKAS 3:21
Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,


LUKAS 3:23
Nalika Gusti Yesus wiwit makarya iku kurang luwih yuswa telung puluh taun lan manut pangirane wong-wong, Panjenengane iku putrane Rama Yusuf, tedhake Eli,


LUKAS 4:1
Gusti Yesus, kang penuh ing Roh Suci, wangsul saka bengawan Yarden, banjur kapurugake dening Roh Suci menyang ing ara-arasamun.


LUKAS 4:3
Iblis nuli matur marang Gusti Yesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela punika kadhawuhana dados roti.”


LUKAS 4:4
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”


LUKAS 4:5
Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah ing ppan kang dhuwur sarta banjur nedahake krajan ing jagad marang Panjenengane ing sakedhap netra.


LUKAS 4:8
Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”


LUKAS 4:9
Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap,


LUKAS 4:12
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”


LUKAS 4:14
Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.


LUKAS 4:16
Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.


LUKAS 4:21
Gusti Yesus banjur paring piwulang, pangandikane: “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.”


LUKAS 4:23
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”


LUKAS 4:29
Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.


LUKAS 4:31
Gusti Yesus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galilea, tumuli memulang ana ing kono ing saben dina Sabat.


LUKAS 4:34
“Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”


LUKAS 4:35
Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.


LUKAS 4:38
Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.


LUKAS 4:39
Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.


LUKAS 4:42
Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar.


LUKAS 5:1
Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.


LUKAS 5:8
Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


LUKAS 5:10
Samono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kang padha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”


LUKAS 5:11
Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.


LUKAS 5:12
Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”


LUKAS 5:15
Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.


LUKAS 5:16
Nanging Gusti Yesus banjur sumingkir menyang ing papan-papan kang sepi ndedonga.


LUKAS 5:17
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.


LUKAS 5:18
Banjur ana wong sawatara kang teka ngusung wong lumpuh ana ing paturone; iku padha mbudidaya bisane mlebu nyowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus.


LUKAS 5:19
Sarehne ora bisa nggawa mlebu, marga saka akehing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunake sapaturone menyang ing satengahe wong akeh pas ana ing ngarsane Gusti Yesus.


LUKAS 5:20
Gusti Yesus bareng mirsa pangandele wong-wong mau, tumuli ngandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”


LUKAS 5:22
Nanging Gusti Yesus ngungingani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


LUKAS 5:27
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tindak. Nuli mirsa juru-mupu-beya linggih ana ing pabeyan, jenenge Lewi. Iku dipangandikane mangkene: “Melua aku!”


LUKAS 5:28
Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.


LUKAS 5:30
Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


LUKAS 5:31
Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.


LUKAS 5:33
Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”


LUKAS 5:34
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?


LUKAS 6:1
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.


LUKAS 6:3
Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,


LUKAS 6:6
Kacarita pinuju ing dina Sabat liyane Gusti Yesus lumebet ing papan pangibadah banjur memulang. Ing kono ana wong kang ceko tangane tengen.


LUKAS 6:9
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”


LUKAS 6:11
Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.


LUKAS 6:12
Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.


LUKAS 6:17
Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhap kadherekake dening para sakabate, tumuli kendel ana ing sawijining papan kang rata, akeh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong-wong liyane, kang teka saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem, sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.


LUKAS 6:20
Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika: “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.


LUKAS 6:39
Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan?


LUKAS 7:1
Bareng wis rampung anggone ngandika marang wong akeh, Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Kapernaum.


LUKAS 7:3
Bareng opsir mau krungu bab Gusti Yesus, tumuli kongkonan pinituwane wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsane, nyuwun supaya Panjenengane karsa rawuh nyarasake batur mau.


LUKAS 7:6
Gusti Yesus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis cedhak karo omahe opsir iku, opsir iku kongkonan mitrane matur marang Panjenengane: “Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi;


LUKAS 7:9
Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”


LUKAS 7:11
Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing sawijining kutha kang aran Nain. Para sakabate padha ndherekake, lan iya ana wong akeh kang padha gumrudug melu ndherek uga.


LUKAS 7:14
Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!”


LUKAS 7:17
Pawarta bab Gusti Yesus iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ing tanah-tanah sakiwa tengene kabeh.


LUKAS 7:20
Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”


LUKAS 7:21
Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.


LUKAS 7:22
Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.


LUKAS 7:24
Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan, mangkene: “Apa prelumu menyang ing ara-ara samun? Ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?


LUKAS 7:31
Gusti Yesus banjur ngandika: “Wong jinis iki bakal Dakupamakake apa lan apa padhane?


LUKAS 7:36
Tumuli ana salah sawijining wong Farisi kang ngaturi dhahar Gusti Yesus ana ing omahe. Gusti Yesus iya banjur rawuh, nuli lenggah dhahar.


LUKAS 7:37
Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi,


LUKAS 7:38
nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.


LUKAS 7:39
Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


LUKAS 7:40
Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”


LUKAS 7:43
Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”


LUKAS 7:50
Nanging Gusti Yesus nuli ngandika marang wong wadon mau: “Pangandelmu kang mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”


LUKAS 8:1
Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,


LUKAS 8:4
Nalika wong akeh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang saka ing kutha ngendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandika kanthi pasemon:


LUKAS 8:8
Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”


LUKAS 8:10
Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.


LUKAS 8:19
Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu.


LUKAS 8:22
Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.


LUKAS 8:23
Nalika lagi padha lelayaran iku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, satemah praune kisenan banyu, mbebayani.


LUKAS 8:24
Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.


LUKAS 8:27
Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.


LUKAS 8:28
Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”


LUKAS 8:29
Anggone matur mangkono iku amarga Gusti Yesus wis dhawuh supaya dhemite padha metu saka wong mau. Awit wong iku wis kerep dilarak-larak ing dhemit mau, mulane minangka panjagane banjur dirante lan diblenggu, nanging tumuli dibedhat, wonge nuli digiring dening dhemite menyang ing papan-papan kang sepi.


LUKAS 8:30
Gusti Yesus banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Legion,” awit dhemit kang nyurupi iku akeh.


LUKAS 8:31
Dhemit-dhemit iku nuli nyuwun marang Gusti Yesus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati.


LUKAS 8:35
Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon. Banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta padha nyumurupi wong kang wis ditinggal dening setan-setane mau linggih cedhak ing sampeyane Gusti Yesus, wis manganggo lan wis waras. Wasana padha wedi.


LUKAS 8:37
Wasana kabeh wong ing laladane tanah Gerasa padha nyuwun marang Gusti Yesus, supaya karsaa linggar saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengane banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang.


LUKAS 8:38
Wong kang wus koncatan dhemit mau nyuwun supaya diparengna ndherek, nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga, pangandikane:


LUKAS 8:39
“Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.


LUKAS 8:40
Kacarita bareng Gusti Yesus wangsul, banjur dipethuk dening wong akeh, awit kabeh pancen padha ngenteni rawuhe.


LUKAS 8:41
Banjur ana wong kang sowan, jenenge Yairus, lurah papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsane Gusti Yesus, nyuwun supaya Gusti Yesus karsaa rawuh ing omahe,


LUKAS 8:42
amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.


LUKAS 8:44
Iku banjur maju nyedhaki Gusti Yesus saka ing wingking lan ndemek gombyoking jubahe. Padha sanalika pampet anggone nggrajag getih.


LUKAS 8:45
Gusti Yesus banjur ngandika: “Sapa kang ndemek Aku?” Sarehne ora ana sing ngaku, Petrus nuli matur: “Guru tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Paduka makaten.”


LUKAS 8:46
Nangig Gusti Yesus ngandika: “Ana wong kang ndemek Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka ing Aku.”


LUKAS 8:48
Gusti Yesus nuli ngandika marang wong mau: “He, anakKu, pangandelmu kang wis mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”


LUKAS 8:49
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana krabate kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar donya. Sampun ngribedi Sang Guru.”


LUKAS 8:50
Nanging Gusti Yesus mireng sarta banjur ngandika marang Yairus: “Aja wedi, kumandela bae, anakmu bakal slamet.”


LUKAS 8:51
Sarawuhe ing omahe Yairus, Gusti Yesus ora marengake wong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane, kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwin bapakne sarta ibune bocahe.


LUKAS 8:52
Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”


LUKAS 8:54
Gusti Yesus banjur ngasta tangane kang mati sarta nguwuh, pangandikane: “He, ngger, tangia!”


LUKAS 8:55
Nyawane bocah mau tumuli bali lan sanalika iku uga bocahe tangi. Gusti Yesus banjur dhawuh menehi mangan.


LUKAS 9:1
Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara.


LUKAS 9:9
Nanging Sang Prabu Herodhes ngandika: “Yokanan wis daktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.


LUKAS 9:10
Bareng para rasul wis padha bali, padha matur marang Gusti Yesus bab apa kang wis padha katindakake. Banjur padha didhawuhi ndherek nyingkir menyang ing sawijining kutha kang aran Betsaida, dadi mung para sakabat karo Panjenengane bae.


LUKAS 9:11
Nanging wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabeh padha ditampani dening Gusti Yesus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Dene kang nandhang lelara padha kawarasake.


LUKAS 9:14
Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang ewu. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabat: “Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyeket-nyeket.”


LUKAS 9:16
Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.


LUKAS 9:18
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”


LUKAS 9:20
Gusti Yesus nuli ndangu marang para sakabat: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulane Petrus: “Sang Kristusipun Gusti Allah.”


LUKAS 9:21
Banjur padha diwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengake ngandhakake bab iku marang wong.


LUKAS 9:22
Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”


LUKAS 9:28
Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.


LUKAS 9:31
Karone padha ngatingal ngagem kamulyan, sarta padha reraosan bab anggone Gusti Yesus bakal tindak menyang ing Yerusalem ngrampungake pakaryane.


LUKAS 9:32
Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak.


LUKAS 9:33
Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.


LUKAS 9:36
Nalika swara iku keprungu, Gusti Yesus ketingal piyambakan. Para sakabat padha nyimpen lelakon iku lan nalika samana padha ora martakake apa kang kadeleng mau marang sapa-sapa.


LUKAS 9:37
Esuke, bareng padha mudhun saka ing gunung, ana wong akeh kang gumrudug sowan ing ngarsane Gusti Yesus.


LUKAS 9:41
Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe lan nyabari kowe? Anakmu gawanen mrene!”


LUKAS 9:42
Lan nalika bocah mau nyedhaki Gusti Yesus, banjur dibanting dening dhemite lan diontang-antingake. Nanging dhemit mau nuli didukani dening Gusti Yesus lan bocahe diwarasake sarta dipasrahake marang bapakne.


LUKAS 9:43
[43a] Kabeh wong padha kaeraman, marga saka nyumurupi kuwasaning Allah kang samono gedhene iku. [43b] Nalika wong kabeh isih padha kaeraman awit saka sakehe pandamele, Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabate:


LUKAS 9:47
Nanging Gusti Yesus ora kekilapan tumrap pikirane wong-wong iku. Banjur mundhut bocah cilik siji, diadegake ing sandhinge


LUKAS 9:50
Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.”


LUKAS 9:51
Bareng wis cedhak wektune anggone bakal kasengkakake menyang ing swarga, Gusti Yesus banjur nggalih arep tindak menyang ing Yerusalem,


LUKAS 9:55
Nanging Gusti Yesus nuli minger ndukani sakabat-sakabat mau.


LUKAS 9:57
Nalika padha mbacutake lakune, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.”


LUKAS 9:58
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Asu ajag padha duwe rong lan manuk padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyelehake mustakane.”


LUKAS 9:60
Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”


LUKAS 9:62
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”


LUKAS 10:18
Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.


LUKAS 10:21
Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.


LUKAS 10:23
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.


LUKAS 10:25
Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”


LUKAS 10:26
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”


LUKAS 10:28
Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”


LUKAS 10:29
Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”


LUKAS 10:30
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yerusalem menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tanganing begal, banjur ora mung diblejedi bae, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.


LUKAS 10:37
Atur wangsulane: “Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikanae Gusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga!”


LUKAS 10:38
Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.


LUKAS 11:1
Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”


LUKAS 11:2
Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe padha ndedonga, padha munjuka mangkene: Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucekna; Kraton paduka mugi rawuha.


LUKAS 11:14
Ing sawijining dina Gusti Yesus nundhung dhemit kang marakake bisu marang wong. Bareng dhemite wis metu, wonge bisa calathu. Wong akeh padha kaeraman.


LUKAS 11:16
Lan ana maneh kang padha nyoba marang Gusti Yesus, nyuwun pratandha saka ing swarga.


LUKAS 11:17
Nanging Gusti Yesus ora kekilapan marang pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Saben krajan kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargane padha dredah, mesthi rusak.


LUKAS 11:27
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.”


LUKAS 11:28
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”


LUKAS 11:29
Bareng wong akeh padha ngrubung Panjenengane, Gusti Yesus nuli ngandika: “Jinis iki ala, kok padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal padha kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.


LUKAS 11:37
Bareng Gusti Yesus wis rampung anggone memulang, ana sawijining wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar.


LUKAS 11:38
Wong Farisi mau bareng weruh dadi gumun, dene Gusti Yesus sadurunge dhahar kok ora wijik dhisik.


LUKAS 11:39
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.


LUKAS 11:53
Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,


LUKAS 12:1
Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.


LUKAS 12:13
Tumuli ana wong panunggalane wong akeh iku kang matur marang Gusti Yesus: “Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sadherek kawula, supados andum warisan kaliyan kawula.”


LUKAS 12:14
Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”


LUKAS 12:22
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.


LUKAS 12:54
Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang wong akeh: “Manawa kowe padha weruh mendhung jumedhul ing sisih kulon, kowe banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kalakon mangkono.


LUKAS 13:1
Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturi uninga bab wong-wong Galilea kang padha kawutahake getihe dening Sang Pilatus, diworake ing getih kurban kang diunjukake dening wong-wong mau.


LUKAS 13:2
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramu wong-wong Galilea iki luwih gedhe dosane katimbang karo dosane wong-wong Galilea liyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakon kang kaya mangkono iku?


LUKAS 13:6
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.


LUKAS 13:10
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.


LUKAS 13:12
Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”


LUKAS 13:14
Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”


LUKAS 13:18
Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratone Allah iku upamane apa, lan kena Dakupamakake apa?


LUKAS 13:22
Gusti Yesus banjur ndlajahi kutha-kutha lan desa-desa sinambi memulang lan nglajengake tindake menyang ing Yerusalem.


LUKAS 13:24
Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.


LUKAS 13:31
Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Gusti Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Sang Prabu Herodhes badhe ngangkah nyedani Panjenengan.”


LUKAS 13:32
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha lungaa, kandhaa marang asu wawar iku: Aku nundhungi dhemit lan marasake wong, ing dina iki lan sesuk, dene ing telung dinane Aku bakal wis rampung.


LUKAS 14:1
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.


LUKAS 14:3
Gusti Yesus banjur ngandika marang para ahli Toret lan para wong Farisi mangkene: “Marasake wong ing dina Sabat iku kena apa ora?”


LUKAS 14:7
Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhewe, banjur padha dipangandikani pasemon mangkene:


LUKAS 14:12
Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.


LUKAS 14:15
Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”


LUKAS 14:16
Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.


LUKAS 14:25
Kacarita Gusti Yesus banjur tindak kadherekake wong akeh gumrudug. Gusti tumuli minger ngandika marang wong-wong mau:


LUKAS 15:1
Para juru-mupu-beya lan wong dosa iku adate padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngrungokake piwulange.


LUKAS 15:11
Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana wong duwe anak lanang loro.


LUKAS 16:1
Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang para sakabate: “Ana wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli, manawa juru-gedhong mau ngawut-awut barang darbeke.


LUKAS 16:15
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


LUKAS 17:1
Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang nganakake.


LUKAS 17:11
Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem, miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.


LUKAS 17:13
sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”


LUKAS 17:16
Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.


LUKAS 17:17
Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?


LUKAS 17:20
Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab besuk kapan bakal rawuhe Kratoning Allah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,


LUKAS 17:37
Para sakabat banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Wonten ing pundi, Gusti?” Paring wangsulane: “Ing ngendi ana mayit, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk.”


LUKAS 18:1
Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.


LUKAS 18:16
Nanging banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


LUKAS 18:18
Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”


LUKAS 18:19
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.


LUKAS 18:22
Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”


LUKAS 18:24
Banjur dipandeng dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancen angel banget tumraping wong sugih dhuwit, bisane lumebu ing Kratoning Allah.


LUKAS 18:27
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.”


LUKAS 18:29
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahe, bojone utawa sadulure, wong tuwane utawa anak-anake,


LUKAS 18:31
Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.


LUKAS 18:35
Bareng tindake Gusti Yesus wis meh tekan ing kutha Yerikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.


LUKAS 18:37
Ana wong kang mangsuli: “Gusti Yesus Nasarani langkung.”


LUKAS 18:38
Dheweke banjur nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti Yesus, Tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”


LUKAS 18:40
Gusti Yesus banjur kendel lan dhawuh nyowanake wong mau. Bareng wis ana ing ngarsane, Gusti Yesus ndangu:


LUKAS 18:42
Gusti Yesus nuli ngandika marang dheweke: “Bisaa ndeleng! Pangandelmu kang mitulungi kowe.”


LUKAS 18:43
Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.


LUKAS 19:1
Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Yerikho lan tindak nratas ing kutha kono.


LUKAS 19:3
Iku ngudi bisane ndeleng Gusti Yesus iku kaya apa, nanging ora bisa marga saka cendheke dedege, kaling-kalingan wong akeh.


LUKAS 19:4
Mulane banjur lumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus, kang bakal langkung ing kono.


LUKAS 19:5
Nalika Gusti Yesus rawuh ing panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika: “Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu.”


LUKAS 19:6
Zakheus enggal-enggal mudhun lan nampani Gusti Yesus kalawan bungah.


LUKAS 19:9
Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.


LUKAS 19:11
Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.


LUKAS 19:28
Sawise ngandika mangkono, Gusti Yesus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang ing kutha Yerusalem.


LUKAS 19:29
Bareng wis cedhak desa Betfage lan Betania kang dumunung ing gunung kang aran gunung Zaitun, Gusti Yesus nuli ngutus sakabate loro


LUKAS 19:32
Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemune kaya sapangandikane Gusti Yesus mau.


LUKAS 19:35
Kuldine tumuli dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjur dilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawani anggone nitih belo iku.


LUKAS 19:39
Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akeh, iku matur marang Gusti Yesus: “Guru, para siswa Panjenengan punika kula aturi ndukani.”


LUKAS 19:45
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh,


LUKAS 20:1
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane


LUKAS 20:2
tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


LUKAS 20:3
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon saprakara marang kowe. Aku kandhanana:


LUKAS 20:8
Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”


LUKAS 20:9
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.


LUKAS 20:17
Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki: Watu kang tinampik dening para juru gawe omah, iya iku kang wis dadi watu ing pojok.


LUKAS 20:20
Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.


LUKAS 20:23
Nanging Gusti Yesus ora kakilapan marang kaculikane wong-wong mau, mulane banjur ngandika:


LUKAS 20:25
Gusti Yesus nuli ngandika: “Yen mangkono, Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosake marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosake marang Gusti Allah.”


LUKAS 20:26
Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.


LUKAS 20:27
Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anane patangen, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon marang Panjenengane:


LUKAS 20:34
Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahake,


LUKAS 20:40
Awit wong-wong mau wis padha ora wani matur pitakon apa-apa maneh marang Gusti Yesus.


LUKAS 20:41
Gusti Yesus banjur ndangu marang wong-wong mau: “Kapriye dene wong kok bisa ngarani Sang Kristus iku tedhake Sang Prabu Dawud,


LUKAS 20:45
Nalika wong kabeh padha ngrungokake, Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate:


LUKAS 21:1
Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung.


LUKAS 21:5
Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem dene nganggo rinengga ing watu-watu kang endah sarta pisungsung warna-warna, Gusti Yesus banjur ngandika:


LUKAS 21:29
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae.


LUKAS 21:37
Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos lan lereb ana ing gunung kang aran gunung Zaitun.


LUKAS 22:4
banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggone bakal ngulungake Gusti Yesus.


LUKAS 22:6
Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golek dalan bisane ngulungake Gusti Yesus, ora nganti kasumurupan ing wong akeh.


LUKAS 22:8
Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.”


LUKAS 22:10
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha lumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wong kang nggawa kendhi isi banyu, iku banjur etutna tekan ing omah kang dileboni


LUKAS 22:13
Karone banjur padha mangkat, tinemune iya trep kaya kang kapangandikakake dening Gusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.


LUKAS 22:14
Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule.


LUKAS 22:25
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman.


LUKAS 22:34
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur marang kowe, Petrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Aku nganti ping telu.”


LUKAS 22:35
Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”


LUKAS 22:36
Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.


LUKAS 22:38
Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”


LUKAS 22:39
Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga.


LUKAS 22:47
Sajrone isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid dening sawijining panunggalane sakabat rolas kang jenenge Yudas, iku banjur mrepeki Gusti Yesus arep nucup.


LUKAS 22:48
Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungake Putraning Manungsa apa sarana nucup?”


LUKAS 22:49
Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?”


LUKAS 22:51
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaasta kawarasake.


LUKAS 22:52
Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?


LUKAS 22:54
Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.


LUKAS 22:61
Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”


LUKAS 22:63
Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi.


LUKAS 22:66
Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.


LUKAS 22:67
Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel;


LUKAS 22:70
Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.”


LUKAS 23:1
Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


LUKAS 23:3
Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.”


LUKAS 23:7
Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.


LUKAS 23:8
Bareng Sang Prabu Herodhes mirsa Gusti Yesus, banget renane, amarga wis suwe anggone kapengin mirsa, awit wis kerep mireng bab Panjenengane, apadene ngajeng-ajeng nguningani anggone nganakake pratandha.


LUKAS 23:9
Akeh kang didangokake marang Gusti Yesus, nanging Panjenengane ora paring wangsulan sathithik-thithika.


LUKAS 23:20
Sang Pilatus ngandikani maneh marang wong-wong mau, karsane ngluwari Gusti Yesus.


LUKAS 23:25
Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjarang marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karpe.


LUKAS 23:26
Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus.


LUKAS 23:28
Gusti Yesus nuli minger mirsani wong-wong mau lan ngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem, aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe bae lan anak-anakmu padha tangisana!


LUKAS 23:33
Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus.


LUKAS 23:34
Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.


LUKAS 23:39
Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.”


LUKAS 23:42
Banjur munjuk: “Dhuh Gusti Yesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhateng kawula, manawi Paduka rawuh ing Kraton Paduka.”


LUKAS 23:43
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.”


LUKAS 23:46
Gusti Yesus banjur nguwuh kalawan swara sora: “Dhuh Rama, Kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka.” Sawise matur mangkono banjur masrahake nyawane.


LUKAS 23:49
Sakabehe wong kang wis wanuh marang Gusti Yesus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndherekake Panjenengane saka ing tanah Galilea, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabeh.


LUKAS 23:52
Iku seba ing ngarsane Sang Pilatus, nyuwun layone Gusti Yesus.


LUKAS 23:55
Apamaneh wong-wong wadon kang wis ndherekake Gusti Yesus saka ing tanah Galilea, iku iya padha melu ngiringake sarta maspadakake pasarean mau lan patrap anggone nyarekake layone.


LUKAS 24:3
Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.


LUKAS 24:8
Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku.


LUKAS 24:15
Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune.


LUKAS 24:17
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong loro iku: “Apa sing padha kokrembug sajrone lumaku iki?” Banjur padha mandheg kalawan sedhih.


LUKAS 24:25
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!


LUKAS 24:28
Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake.


LUKAS 24:31
Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge.


LUKAS 24:35
Wong loro mau iya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan, sarta kapriye anggone mari pangling marang Gusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti.


LUKAS 24:50
Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,


YOKANAN 1:29
Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


YOKANAN 1:36
Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah iku Cempening Allah!”


YOKANAN 1:37
Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.


YOKANAN 1:38
Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”


YOKANAN 1:40
Dene sakabat loro kang wus krungu pangandikane Nabi Yokanan banjur ndherekake Gusti Yesus iku, kang siji yaiku Andreas, sadulure Simon Petrus.


YOKANAN 1:42
Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus


YOKANAN 1:43
Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: “Melua Aku!”


YOKANAN 1:45
Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”


YOKANAN 1:47
Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”


YOKANAN 1:48
Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”


YOKANAN 1:50
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”


YOKANAN 1:51
Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”


YOKANAN 2:1
Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono.


YOKANAN 2:2
Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


YOKANAN 2:3
Bareng padha kekurangan anggur, kang ibune Gusti Yesus tumuli ngandika marang Panjenengane: “Padha kentekan anggur.”


YOKANAN 2:4
Pangandikane Gusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdal Kula.”


YOKANAN 2:5
Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: “Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.”


YOKANAN 2:7
Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak.


YOKANAN 2:8
Gusti Yesus banjur ngandika: “Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa.


YOKANAN 2:11
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.


YOKANAN 2:12
Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.


YOKANAN 2:13
Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.


YOKANAN 2:14
Ana ing Padaleman Suci Gusti Yesus mirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadene wong-wong preyalan padha dhasar ana ing kono.


YOKANAN 2:18
Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”


YOKANAN 2:19
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dakdegake maneh.”


YOKANAN 2:22
Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.


YOKANAN 2:23
Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.


YOKANAN 2:24
Ananging Gusti Yesus piyambak ora nganggep marang pracayane wong-wong iku mau, amarga kabeh wus diuningani,


YOKANAN 3:2
seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


YOKANAN 3:3
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


YOKANAN 3:5
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.


YOKANAN 3:10
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?


YOKANAN 3:22
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis.


YOKANAN 4:1
Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,


YOKANAN 4:2
-- sanadyan dudu Gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate --


YOKANAN 4:6
Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.


YOKANAN 4:7
Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!”


YOKANAN 4:10
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


YOKANAN 4:13
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh,


YOKANAN 4:16
Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”


YOKANAN 4:17
Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.


YOKANAN 4:26
Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”


YOKANAN 4:27
Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”


YOKANAN 4:30
Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.


YOKANAN 4:31
Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”


YOKANAN 4:32
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”


YOKANAN 4:34
Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


YOKANAN 4:40
Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina,


YOKANAN 4:43
Sawuse rong dina iku Gusti Yesus tedhak saka ing kono menyang ing tanah Galilea,


YOKANAN 4:44
sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe.


YOKANAN 4:46
Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.


YOKANAN 4:47
Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.


YOKANAN 4:48
Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.”


YOKANAN 4:50
Pangandikane Gusti Yesus: “Balia, anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali.


YOKANAN 4:53
Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.


YOKANAN 4:54
Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.


YOKANAN 5:1
Sawuse mangkono, kabener ana riyaya wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.


YOKANAN 5:6
Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?”


YOKANAN 5:8
Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!”


YOKANAN 5:13
Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.


YOKANAN 5:14
Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”


YOKANAN 5:15
Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus.


YOKANAN 5:16
Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.


YOKANAN 5:17
Nanging Gusti Yesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu.”


YOKANAN 5:18
Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.


YOKANAN 5:19
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.


YOKANAN 6:1
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara Tiberias.


YOKANAN 6:2
Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.


YOKANAN 6:3
Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate.


YOKANAN 6:5
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?”


YOKANAN 6:10
Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu.


YOKANAN 6:11
Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.


YOKANAN 6:12
Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!”


YOKANAN 6:14
Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”


YOKANAN 6:15
Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.


YOKANAN 6:17
arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh,


YOKANAN 6:19
Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi.


YOKANAN 6:22
Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.


YOKANAN 6:24
Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.


YOKANAN 6:26
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.


YOKANAN 6:29
Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”


YOKANAN 6:32
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.


YOKANAN 6:35
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.


YOKANAN 6:43
Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.


YOKANAN 6:53
Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe. Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.


YOKANAN 6:59
Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.


YOKANAN 6:61
Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau?


YOKANAN 6:64
Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.


YOKANAN 6:67
Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?”


YOKANAN 6:70
Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis.”


YOKANAN 6:71
Anadene kang dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus.


YOKANAN 7:1
Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.


YOKANAN 7:3
Kang iku sadherek Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.


YOKANAN 7:6
Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadherek mau: “Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune.


YOKANAN 7:9
Gusti Yesus sawuse ngandika mangkono banjur kantun ana ing tanah Galilea.


YOKANAN 7:14
Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.


YOKANAN 7:16
Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.


YOKANAN 7:21
Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Mung ana panggawe siji kang Daklakoni, mangka kowe kabeh padha gumun.


YOKANAN 7:28
Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.


YOKANAN 7:30
Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


YOKANAN 7:33
Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku.


YOKANAN 7:37
Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!


YOKANAN 7:39
Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake.


YOKANAN 7:43
Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatase Gusti Yesus.


YOKANAN 7:50
Nikodhemus sawijining wong panunggalane, kang biyen wus tau sowan Gusti Yesus, calathu:


YOKANAN 8:1
nanging Gusti Yesus tindak menyang ing gunung Zaitun.


YOKANAN 8:4
Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.


YOKANAN 8:6
Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.


YOKANAN 8:9
Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.


YOKANAN 8:10
Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”


YOKANAN 8:11
Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”


YOKANAN 8:12
Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


YOKANAN 8:14
Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.


YOKANAN 8:19
Wong mau oadha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”


YOKANAN 8:20
Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.


YOKANAN 8:21
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”


YOKANAN 8:23
Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.


YOKANAN 8:25
Ing kono pangucape wong-wong mau: “Panjenengan punika sinten?” Pangandikane Gusti Yesus: “Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh?


YOKANAN 8:28
Kang iku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


YOKANAN 8:30
Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha pracaya marang Panjenengane.


YOKANAN 8:31
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,


YOKANAN 8:34
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.


YOKANAN 8:39
Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.


YOKANAN 8:42
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.


YOKANAN 8:49
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKu sarta kowe ora padha ngajeni Aku.


YOKANAN 8:54
Gusti Yesus mangsuli: “Manawa Aku ngluhurake awakKu dhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunane sathithik-thithika. Kang ngluhurake Aku iku RamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu.


YOKANAN 8:58
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”


YOKANAN 9:1
Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula.


YOKANAN 9:3
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.


YOKANAN 9:14
Anadene anggone Gusti Yesus damel luluhan lemah lan ngelekake mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat.


YOKANAN 9:35
Gusti Yesus mireng manawa wong kang maune wuta mau wus katundhung. BAreng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipangandikani: “Apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?”


YOKANAN 9:37
Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe ora mung wus weruh Panjenengane bae, nanging Panjenengane kang lagi sapocapan karo kowe, yaiku Panjenengane.”


YOKANAN 9:38
Kang kapangandikanan munjuk: “Kawula pitados, Gusti.” Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.


YOKANAN 9:39
Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.”


YOKANAN 9:41
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”


YOKANAN 10:6
Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku.


YOKANAN 10:7
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku.


YOKANAN 10:23
Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman.


YOKANAN 10:25
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,


YOKANAN 10:32
Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”


YOKANAN 10:34
Gusti Yesus mangsuli: “Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah.


YOKANAN 10:39
Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.


YOKANAN 10:40
Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing sabrange bengawan Yarden maneh, ing panggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi, banjur lereb ana ing kono.


YOKANAN 11:3
Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”


YOKANAN 11:4
Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”


YOKANAN 11:5
Anadene Marta lan mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus.


YOKANAN 11:6
Nanging sawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesus nemaha kendel rong dina maneh ana ing palerebane.


YOKANAN 11:9
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki.


YOKANAN 11:13
Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.


YOKANAN 11:14
Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: “Lazarus wus mati.


YOKANAN 11:17
Sarawuhe Gusti Yesus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina.


YOKANAN 11:20
Nalika Marta krungu yen Gusti Yesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryam kari ana ing omah.


YOKANAN 11:21
Marta banjur munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten pejah.


YOKANAN 11:23
Pangandikane Gusti Yesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.”


YOKANAN 11:25
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.


YOKANAN 11:29
Maryam bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Gusti Yesus.


YOKANAN 11:30
Nalika iku Gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau.


YOKANAN 11:32
Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”


YOKANAN 11:33
Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika:


YOKANAN 11:35
Gusti Yesus muwun.


YOKANAN 11:38
Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.


YOKANAN 11:39
Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten.”


YOKANAN 11:40
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”


YOKANAN 11:41
Watune tumuli disingkirake. Gusti Yesus banjur tumenga sarta matur: “Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, dene Paduka sampun nyembadani dhateng Kawula.


YOKANAN 11:44
Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”


YOKANAN 11:45
Wong-wong Yahudi kang nglayad menyang omahe Maryam lan meruhi pandamele Gusti Yesus mau, akeh kang manjing pracaya marang Panjenengane.


YOKANAN 11:46
Nanging ana saweneh kang padha nemoni para wong Farisi, banjur martakake pandamele Gusti Yesus mau.


YOKANAN 11:51
Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh saka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing taun iku, dadine medhar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku,


YOKANAN 11:53
Wiwit ing dina iku para warganing pradata mau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus.


YOKANAN 11:54
Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.


YOKANAN 11:56
Wong-wong mau padha nggoleki Gusti Yesus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan: “Pandugamu kapriye, apa kirane Dheweke ora bakal nekani riyaya?”


YOKANAN 12:1
Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 12:2
Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus.


YOKANAN 12:3
Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.


YOKANAN 12:4
Nanging sawijining sakabate Gusti Yesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungake Panjenengane, banjur ngucap:


YOKANAN 12:7
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Nengna bae dheweke tumindak mangkono, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur.


YOKANAN 12:9
Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 12:11
sabab marga saka Lazarus iku wong Yahudi akeh kang padha nyingkur marang para pangarepe imam, lan pracaya marang Gusti Yesus.


YOKANAN 12:12
Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargya riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yerusalem,


YOKANAN 12:14
Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene:


YOKANAN 12:16
Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.


YOKANAN 12:21
Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.”


YOKANAN 12:22
Filipus tumuli lunga ngandhani Andreas; Filipus karo Andreas tumuli padha lunga munjuk marang Gusti Yesus.


YOKANAN 12:23
Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.


YOKANAN 12:29
Wong akeh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yen iku mau swaraning gludhug. Saweneh ana kang ngucap: “Iku malaekat kang imbal pangandika karo Panjenengane.” Gusti Yesus tumuli ngandika:


YOKANAN 12:35
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.


YOKANAN 12:36
Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.” Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.


YOKANAN 12:37
Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


YOKANAN 12:42
Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.


YOKANAN 12:44
Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: “Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku.


YOKANAN 13:2
Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.


YOKANAN 13:3
Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


YOKANAN 13:4
Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,


YOKANAN 13:7
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.”


YOKANAN 13:8
Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”


YOKANAN 13:10
Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”


YOKANAN 13:11
Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”


YOKANAN 13:12
Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau?


YOKANAN 13:21
Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”


YOKANAN 13:23
Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene,


YOKANAN 13:25
Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?”


YOKANAN 13:26
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot.


YOKANAN 13:27
Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”


YOKANAN 13:28
Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.


YOKANAN 13:29
Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.


YOKANAN 13:31
Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane.


YOKANAN 13:36
Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.”


YOKANAN 13:38
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”


YOKANAN 14:6
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


YOKANAN 14:9
Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula muga sami Paduka tedahi Sang Rama?


YOKANAN 14:22
Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?”


YOKANAN 14:23
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


YOKANAN 16:19
Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?


YOKANAN 16:31
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe saiki padha pracaya?


YOKANAN 17:1
Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.


YOKANAN 18:1
Sawise Gusti Yesus ngaturake kabeh iku mau banjur miyos saka ing kono tindak menyang ing sabrange kali Kidron kadherekake dening para sakabate. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti karo para sakabate.


YOKANAN 18:2
Anadene Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus iya weruh panggonan iku, amarga Gusti Yesus asring nglempak karo para sakabate ana ing kono.


YOKANAN 18:4
Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggoleki sapa?”


YOKANAN 18:5
Wangsulane kang kadangu: “Yesus Nasarani.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau.


YOKANAN 18:7
Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggoleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.”


YOKANAN 18:8
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku wus tutur marang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Aku kang kokgoleki, wong-wong iki kareben padha lunga.”


YOKANAN 18:11
Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”


YOKANAN 18:12
Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta,


YOKANAN 18:15
Simon Petrus karo sakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus. Sakabat kang bebarengan karo Simon Petrus iku wanuh karo Imam Agung, iku banjur mlebu menyang platarane Imam Agung bareng karo Gusti Yesus,


YOKANAN 18:19
Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndangu marang Gusti Yesus bab para sakabate lan bab kang diwulangake.


YOKANAN 18:20
Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.


YOKANAN 18:22
Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”


YOKANAN 18:23
Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?”


YOKANAN 18:24
Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.


YOKANAN 18:28
Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.


YOKANAN 18:32
Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane Gusti Yesus, kang dipangandikakake kagem mratelakake kapriye patrap bakal sedane.


YOKANAN 18:33
Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?”


YOKANAN 18:34
Wangsulane Gusti Yesus: “Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?”


YOKANAN 18:36
Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”


YOKANAN 18:37
Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”


YOKANAN 19:1
Sang Pilatus tumuli dhawuh nggawa Gusti Yesus supaya disapu.


YOKANAN 19:5
Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong: “Sawangen manungsa iku!”


YOKANAN 19:6
Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa.”


YOKANAN 19:9
banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan.


YOKANAN 19:11
Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”


YOKANAN 19:13
Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.


YOKANAN 19:16
[16a] Wasana Sang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib. [16b] Gusti Yesus nuli ditampani.


YOKANAN 19:18
Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.


YOKANAN 19:20
Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.


YOKANAN 19:23
Sawuse para prajurit mau padha nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupuk pangagemane dipara papat, saben prajurit nyaduman lan ageme jubah uga kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunane lajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor.


YOKANAN 19:25
Anadene kang ibu lan sadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopas tuwin Maryam Magdalena padha ngadeg cedhak salibe Gusti Yesus.


YOKANAN 19:26
Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: “Ibu, punika ingkang putra!”


YOKANAN 19:28
Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika -- supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci --: “Aku ngelak!”


YOKANAN 19:29
Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamur karang ing anggur kecut mau, nuli kacublesake ing pang hisop, banjur dicecepake marang tutuke Gusti Yesus.


YOKANAN 19:30
Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.


YOKANAN 19:32
Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus;


YOKANAN 19:33
nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane,


YOKANAN 19:34
ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.


YOKANAN 19:38
Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea -- iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi -- duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone Gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone.


YOKANAN 19:39
Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati.


YOKANAN 19:40
Wong-wong mau ngukup layone Gusti Yesus lan diulesi ing lawon nganggo adon-adon kaya adate wong Yahudi yen metak layon.


YOKANAN 19:41
Sacedhake papan panggonane Gusti Yesus kasalib iku ana patamanane lan ing patamanan mau ana pakuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong.


YOKANAN 19:42
Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.


YOKANAN 20:2
Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”


YOKANAN 20:7
dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan.


YOKANAN 20:9
Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 20:12
sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumareng layone Gusti Yesus.


YOKANAN 20:14
Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus.


YOKANAN 20:15
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”


YOKANAN 20:16
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Maryam!” Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru.


YOKANAN 20:17
Pangandikane Gusti Yesus: “Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu.”


YOKANAN 20:19
Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!”


YOKANAN 20:20
Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus.


YOKANAN 20:21
Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


YOKANAN 20:24
Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane.


YOKANAN 20:26
Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”


YOKANAN 20:29
Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”


YOKANAN 20:30
Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki,


YOKANAN 20:31
nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana uip ana ing Asmane.


YOKANAN 21:1
Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene:


YOKANAN 21:4
Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus.


YOKANAN 21:5
Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”


YOKANAN 21:6
Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake.


YOKANAN 21:7
Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.


YOKANAN 21:10
Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!”


YOKANAN 21:12
Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus.


YOKANAN 21:13
Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake.


YOKANAN 21:14
Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 21:15
Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”


YOKANAN 21:16
Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!”


YOKANAN 21:17
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


YOKANAN 21:20
Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?”


YOKANAN 21:21
Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?”


YOKANAN 21:22
Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!”


YOKANAN 21:23
Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”


YOKANAN 21:25
Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.


LELAKONE PARA RASUL 1:1
Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus,


LELAKONE PARA RASUL 1:4
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang -- mangkene pangandikane -- “wis padha kokrungu saka Aku.


LELAKONE PARA RASUL 1:11
kang tumuli mangandikani mangkene: “Heh, wong-wong Galilea, yagene kowe padha ngadeg tumenga marang langit? Gusti Yesus, kang sumengka marang ing swarga, nilar kowe kabeh iki, bakal rawuh maneh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengane minggah menyang ing swarga.”


LELAKONE PARA RASUL 1:14
Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 1:16
“He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 1:21
Awit saka iku panunggalane kang tansah kekumpulan karo aku kabeh, sajrone Gusti Yesus tetunggilan karo aku iku,


LELAKONE PARA RASUL 1:22
yaiku wiwit saka pambaptise Nabi Yokanan nganti tekan ing dina sumengkane Gusti Yesus menyang ing swarga, nilar aku kabeh, anaa siji kang diwuwuhake marang kita, supaya melu dadi seksi bab wungune.”


LELAKONE PARA RASUL 2:22
Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.


LELAKONE PARA RASUL 2:32
Inggih Gusti Yesus punika ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, saha bab punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun.


LELAKONE PARA RASUL 2:36
Awit saking punika rakyat Israel sadaya kedah mangretos kalayan saestu, bilih Gusti Allah sampun njumenengaken Gusti Yesus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus.”


LELAKONE PARA RASUL 2:38
Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.


LELAKONE PARA RASUL 3:6
Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”


LELAKONE PARA RASUL 3:13
Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.


LELAKONE PARA RASUL 3:20
supados Pangeran lajeng ndhatengaken mangsa ingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kagem panjenengan sadaya.


LELAKONE PARA RASUL 4:2
Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.


LELAKONE PARA RASUL 4:10
pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.


LELAKONE PARA RASUL 4:11
Gusti Yesus punika sela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman -- inggih punika panjenengan piyambak -- ewadene sampun dados selaning pepojok.


LELAKONE PARA RASUL 4:13
Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 4:18
Bareng karone wis didhawuhi lumebu, padha didhawuhi supaya babar pisan aja rembugan utawa memulang maneh kalawan asmane Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 4:27
Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi


LELAKONE PARA RASUL 4:30
Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”


LELAKONE PARA RASUL 4:33
Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.


LELAKONE PARA RASUL 5:30
Allahipun leluhur kita sampun ngwungokaken Gusti Yesus, ingkang sampun panjenengan gantung ing kajeng salib saha panjenengan sedani.


LELAKONE PARA RASUL 5:42
Sarta saben dina padha mbacutake anggone memulang ana ing Padaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwin martakake Injil, kang mratelakake, yen Sang Kristus iku Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 7:55
Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.


LELAKONE PARA RASUL 7:59
Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.


LELAKONE PARA RASUL 8:12
Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.


LELAKONE PARA RASUL 8:16
Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 8:35
Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosake Injile Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 8:37
Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”


LELAKONE PARA RASUL 9:17
Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”


LELAKONE PARA RASUL 9:20
Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.


LELAKONE PARA RASUL 9:22
Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawe judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggone aweh tandha-yekti, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.


LELAKONE PARA RASUL 9:34
Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.


LELAKONE PARA RASUL 10:36
Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.


LELAKONE PARA RASUL 10:38
inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


LELAKONE PARA RASUL 10:40
Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,


LELAKONE PARA RASUL 10:48
Banjur dhawuh, supaya wong-wong mau padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus Kristus. Sawise iku nuli padha nyuwun, supaya Rasul Petrus lereb ana ing kono sawatara dina.


LELAKONE PARA RASUL 11:17
Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”


LELAKONE PARA RASUL 11:20
Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.


LELAKONE PARA RASUL 13:23
Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 13:27
Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.


LELAKONE PARA RASUL 13:33
sampun dipun tetepi dening Gusti Allah tumrap kita, para turunipun, sarana anggenipun ngwungokaken Gusti Yesus, kados ingkang kaseratan ing masmur ingkang kaping kalih: Sira iku PutraningSun! Ingsun wus mutrakake Sira ing dina iki.


LELAKONE PARA RASUL 13:37
Nanging Gusti Yesus ingkang kawungokaken dening Gusti Allah, boten makaten.


LELAKONE PARA RASUL 15:11
Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”


LELAKONE PARA RASUL 16:7
Satekane ing tanah Misia, banjur padha ngangkah lumebu ing tanah Bitinia, nanging Rohe Gusti Yesus ora marengake.


LELAKONE PARA RASUL 16:18
Kang mangkono iku ditindakake nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Rasul Paulus wis ora tahan maneh marang anane rubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus, dhawuhku marang kowe: Metua saka ing wong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.


LELAKONE PARA RASUL 16:31
Banjur dipangandikani: “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.”


LELAKONE PARA RASUL 17:3
kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”


LELAKONE PARA RASUL 17:18
Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.


LELAKONE PARA RASUL 18:5
Bareng Silas lan Timoteus teka saka ing tanah Makedhonia, Rasul Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksen marang para wong Yahudi, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.


LELAKONE PARA RASUL 18:25
Dheweke wis tampa piwulang bab Margining Pangeran. Kalawan semangat sarta kalawan patitis anggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus, nanging kang disumurupi mung bab baptise Nabi Yokanan.


LELAKONE PARA RASUL 18:28
Awitdene tanpa leren anggone madoni wong-wong Yahudi ana ing ngarepe wong akeh sarta nelakake saka ing Kitab Suci, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.


LELAKONE PARA RASUL 19:4
Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”


LELAKONE PARA RASUL 19:5
Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmane Gusti Yesus.


LELAKONE PARA RASUL 19:13
Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”


LELAKONE PARA RASUL 19:17
Bab iku kasumurupan dening kabeh wong ing Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabeh padha ketaman ing wedi, sarta asmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.


LELAKONE PARA RASUL 20:24
Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


LELAKONE PARA RASUL 20:35
Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


LELAKONE PARA RASUL 21:13
Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”


LELAKONE PARA RASUL 24:24
Let sawatara dina Sang Feliks rawuh karo garwane, Sang Putri Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Rasul Paulus sarta nuli midhangetake katrangane bab pracaya marang Gusti Yesus Kristus.


LELAKONE PARA RASUL 26:9
Sanadyan kadospundi kemawon, kawula piyambak nate nginten, bilih kawula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Gusti Yesus saking ing Nasaret.


LELAKONE PARA RASUL 28:23
Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.


LELAKONE PARA RASUL 28:31
Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.


RUM 1:4
lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 1:7
marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


RUM 1:8
Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad.


RUM 2:16
Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.


RUM 3:22
yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.


RUM 3:26
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.


RUM 4:24
nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,


RUM 4:25
yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake.


RUM 5:1
Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


RUM 5:11
Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.


RUM 5:15