A A A A A

Nggoleki
MATEUS 6:16
“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


MATEUS 6:17
Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,


MATEUS 6:18
supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”


MATEUS 9:15
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.


MATEUS 11:16
Dakupamakake apa golongan iki? Upamane kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene:


MATEUS 11:29
PasanganKU padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.


MATEUS 11:30
Amarga pasanganKu iku kapenak lan momotanKu iku entheng.”


MATEUS 16:18
Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.


MATEUS 17:21
Jinis iki ora bisa katundhung yen ora sarana ndedonga lan pasa].”


MATEUS 18:17
Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.


MATEUS 20:3
Kira-kira jam sanga dheweke metu maneh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.


MATEUS 23:7
Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.


MATEUS 23:25
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.


MATEUS 23:29
Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wong lamis, jalaran kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid,


MATEUS 27:37
Ing sandhuwure mustakane kapasangan tulisan, kang mratelakake sababe kaukum, unine: “Iki Yesus ratune wong Yahudi.”


MATEUS 27:60
banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.


MATEUS 27:61
Nanging Maryam Magdalena lan Maryam sijine padha ana ing kono padha linggih ing ngareping pasarean.


MATEUS 27:66
Saundure banjur padha nganakake panjagan lan nyegel watu tutuping pasarean kabantu dening para prajurit mau.


MATEUS 28:1
Bareng dina Sabat wis kliwat, ing wayah bangun esuk, ing dina kapisan ing minggu iku, Maryam Magdalena karo Maryam sijine padha lunga niliki pasarean.


MATEUS 28:8
Wong-wong mau banjur enggal-enggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatan marani sakabat prelu menehi pawarta bab mau.


MARKUS 2:18
Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”


MARKUS 2:19
Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Apa bisa para mitraning panganten lanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono? Sasuwene panganten isih ana, wong-wong ora bisa pasa.


MARKUS 2:20
Nanging bakal tumeka ing titi-mangsane, panganten mau bakal kapethal saka ing wong-wong mau, ing kono banjur bakal padha pasa.


MARKUS 6:56
Menyanga ngendi bae tindake, menyang ing desa-desa, menyang ing kutha-kutha apa menyang ing kampung-kampung, wong-wong padha nyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengane, supaya dililani ndemek gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.


MARKUS 7:4
lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.


MARKUS 12:38
Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar,


MARKUS 16:1
Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yesus.


MARKUS 16:2
Wayah esuk uthuk-uthuk ing dina kapisan ing minggu iku, mbarengi pletheking srengenge, wong wadon mau padha teka ing pasarean.


MARKUS 16:3
Banjur padha sapocapan mangkene: “Sapa sing bakal nulungi ngglundhungake watune saka ing lawangane pasarean?”


MARKUS 16:5
Nuli padha lumebu in pasarean lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen, ngagem jubah putih, temahan padha kaget.


MARKUS 16:8
Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.


LUKAS 1:80
Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.


LUKAS 2:37
lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.


LUKAS 5:34
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?


LUKAS 5:35
Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”


LUKAS 6:48
Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget.


LUKAS 7:32
Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha ngucap saur-sauran: Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, kowe kok ora nangis.


LUKAS 11:39
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.


LUKAS 11:43
Bilai kowe, heh, wong-wong Farisi, amarga kowe padha seneng linggih ing ngarep ana ing papan pangibadah lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar.


LUKAS 11:47
Bilai kowe; amarga kowe padha mbangun pasareane para nabi, mangka leluhurmu dhewe kang nyedani.


LUKAS 11:48
Dadine kowe padha ngaku, yen kowe padha mbenerake pratingkahe leluhurmu, sabab iku padha nyedani para nabi mau, dene kowe padha mbangun pasareane.


LUKAS 20:46
“Padha ngawekanana para ahli Toret, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajenan ana ing pahargyan,


LUKAS 23:55
Apamaneh wong-wong wadon kang wis ndherekake Gusti Yesus saka ing tanah Galilea, iku iya padha melu ngiringake sarta maspadakake pasarean mau lan patrap anggone nyarekake layone.


LUKAS 24:1
Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah esuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang ing pasarean, karo nggawa anggi-anggi kang wis dicawisake.


LUKAS 24:2
Watune tinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean.


LUKAS 24:9
Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh.


LUKAS 24:12
Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang ing pasarean. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulese thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa ta kira-kira sing mentas kalakon iku.


LUKAS 24:22
Namung kemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kaget kula: Enjing umun-umun sampun sami dhateng ing pasarean,


LUKAS 24:24
Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.”


YOKANAN 1:23
Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”


YOKANAN 11:54
Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.


YOKANAN 20:1
Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean.


YOKANAN 20:2
Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”


YOKANAN 20:3
Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean.


YOKANAN 20:4
Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean.


YOKANAN 20:6
Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah


YOKANAN 20:8
Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasarean mau iya tumuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya.


YOKANAN 20:11
Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nagis nginguk ing pasarean,


LELAKONE PARA RASUL 2:29
Para sadherek, kula keparenga matur dhateng panjenengan sadaya kalayan ngeblak bab Sang Prabu Dawud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun seda saha kasarekaken, saha pasareanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten.


LELAKONE PARA RASUL 5:11
Wong sapasamuwan kabeh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wedine.


LELAKONE PARA RASUL 6:5
Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia.


LELAKONE PARA RASUL 6:9
Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kaaranan pasamuwane wong Libertini -- para wargane pasamuwan iku wong saka ing kutha Kirene lan kutha Aleksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing tanah Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Sang Stefanus,


LELAKONE PARA RASUL 7:16
Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.


LELAKONE PARA RASUL 7:34
Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.


LELAKONE PARA RASUL 7:38
Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.


LELAKONE PARA RASUL 8:1
[1a] Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus. [1b] Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.


LELAKONE PARA RASUL 8:3
Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.


LELAKONE PARA RASUL 9:30
Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.


LELAKONE PARA RASUL 9:31
Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.


LELAKONE PARA RASUL 11:22
Pawarta bab wong-wong mau keprungu dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabas banjur kautus dening pasamuwan menyang ing Antiokhia.


LELAKONE PARA RASUL 11:24
awit Barnabas iku wong becik, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Ana wong akeh kang padha kawuwuhake ing pasamuwane Gusti.


LELAKONE PARA RASUL 11:26
sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.


LELAKONE PARA RASUL 12:1
Kira-kira ing wektu iku Sang Prabu Herodhes wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.


LELAKONE PARA RASUL 12:5
Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.


LELAKONE PARA RASUL 13:1
Ing nalika iku pasamuwan ing Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger, lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen, palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lan Saulus.


LELAKONE PARA RASUL 14:23
Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.


LELAKONE PARA RASUL 14:27
Sarawuhe ing kono banjur nglumpukake pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wis katindakake dening Gusti Allah lumantar panjenengane sakaliyan; apadene bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.


LELAKONE PARA RASUL 15:2
Nanging Rasul Paulus lan Barnabas banget anggone padha suwala lan mbantah panemune wong-wong mau. Wekasane pasamuwan banjur mutus, Rasul Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyane sawatara kautus menyang ing Yerusalem nemoni para rasul lan para tinituwa, prelu ngrembug bab mau.


LELAKONE PARA RASUL 15:3
Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.


LELAKONE PARA RASUL 15:4
Satekane ing Yerusalem, para utusan padha ditampani dening pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyritakake samubarang kabeh kang wus katindakake dening Gusti Allah lumantar saka pandamele.


LELAKONE PARA RASUL 15:22
Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabeh padha mutus milih wong sawatara saka ing antarane kang bakal kautus menyang ing Antiokhia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajen ana ing antarane para sadulur.


LELAKONE PARA RASUL 15:30
Bareng wis padha pamitan, Yudas lan Silas padha mangkat menyang ing kutha Antiokhia. Ana ing kono wong sapasamuwan banjur marepat, layange nuli diaturake.


LELAKONE PARA RASUL 15:41
banjur mangkat njajah ing tanah Siria lan Kilikia, sarta nyantosakake pasamuwan-pasamuwan.


LELAKONE PARA RASUL 16:5
Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakake pracayane lan saya suwe saya wuwuh cacahe.


LELAKONE PARA RASUL 16:19
Kacarita bareng para lurahe wong wadon mau weruh, yen wis ilang pangarep-arepe bisane oleh pangasilan, banjur padha nyekel Rasul Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar katur ing pamarentah.


LELAKONE PARA RASUL 17:17
Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.


LELAKONE PARA RASUL 18:22
Bareng wis rawuh ing kutha Kaisarea banjur mentas lan sawuse ngaturake salam marang pasamuwan, nuli tindak menyang ing kutha Antiokhia.


LELAKONE PARA RASUL 20:17
Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.


LELAKONE PARA RASUL 20:28
Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak


LELAKONE PARA RASUL 27:42
Nalika samana para prajurit sedyane arep mateni pasakitan kabeh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa minggat kalawan nglangi.


LELAKONE PARA RASUL 28:14
Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.


RUM 8:26
Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita; awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita marang Gusti Allah, kanthi pasambat kang ora kena winirasa.


RUM 16:1
Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,


RUM 16:4
Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.


RUM 16:5
Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahe. Salam marang Epenetus, sadulur kang daktresnani, kang dadi wiwitaning wong kang manjing ing patunggilane Sang Kristus ing tanah Asia.


RUM 16:16
Padha sesalamana kalawan pangaras suci. Salam marang kowe kabeh saka sakehing pasamuwane Sang Kristus.


RUM 16:23
Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita. (


1 KORINTA 1:2
marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.


1 Korinthierbrevet 3:11
Sabab ora ana wong kang bisa masang tetales liyane kajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti Yesus Kristus.


1 Korinthierbrevet 4:17
Iya iku mulane aku banjur kongkonan Timoteus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowe. Iku kang bakal ngelingake kowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus, kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.


1 Korinthierbrevet 5:12
Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?


1 Korinthierbrevet 5:13
Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


1 Korinthierbrevet 6:4
Sanadyan mangkono manawa kowe arep ngurus prakara-prakara kang lumrah, apa banjur kokpasrahake marang wong kang ora kepetung ana ing pasamuwan?


1 Korinthierbrevet 7:17
Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.


1 Korinthierbrevet 10:5
Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.


1 Korinthierbrevet 10:25
Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.


1 Korinthierbrevet 10:32
Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.


1 Korinthierbrevet 11:16
Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.


1 Korinthierbrevet 11:22
Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kokenggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.


1 Korinthierbrevet 12:28
Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.


1 Korinthierbrevet 14:4
Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.


1 Korinthierbrevet 14:5
Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.


1 Korinthierbrevet 14:12
Mangkono uga kowe: Kowe pancen padha nggayuh marang peparinge Sang Roh, nanging luwih becik maneh padha ngudia, supaya kowe bisa migunakake kanggo pambanguning pasamuwan.


1 Korinthierbrevet 14:19
Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.


1 Korinthierbrevet 14:23
Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?


1 Korinthierbrevet 14:28
Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.


1 Korinthierbrevet 14:34
Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.


1 Korinthierbrevet 14:35
Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.


1 Korinthierbrevet 15:9
Sabab aku iki kang asor dhewe ing antarane para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwane Gusti Allah.


1 Korinthierbrevet 16:1
Bab nglumpukake dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wis dakwenehake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati.


1 Korinthierbrevet 16:19
Sakehe pasamuwan ing tanah Asia-Cilik padha kirim salam marang kowe kabeh. Akwila, Priska dalah pasamuwan kang ana ing omahe padha kirim salam mawantu-wantu marang kowe.


GALATI 1:2
lan saka sakehe sadulur kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati:


GALATI 1:13
Sabab kowe wus padha krungu bab uripku biyen ana ing wewengkone agama Yahudi: luwih dening banget anggonku nguya-uya lan ngrusak Pasamuwaning Gusti Allah.


GALATI 1:22
Nanging pasamuwan-pasamuwane Sang Kristus ing Yudea tetep ora padha sumurup marang rupaku.


GALATI 2:9
Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;


GALATI 5:1
Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.


EFESUS 1:22
Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuwan minangka Sesirahing samubarang kang ana.


EFESUS 1:23
Dene pasamuwan iku kang dadi sarirane, kang kapenuhan ing Panjenengane, kang menuhi samubarang kabeh.


EFESUS 3:10
supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,


EFESUS 3:21
iya Panjenengane iku kang sayogya kacaosan kamulyan ana ing pasamuwan lan ing sajrone Sang Kristus Yesus, turun-tumurun nganti salawas-lawase. Amin.


EFESUS 4:1
Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.


EFESUS 5:23
awit kang lanang iku sesirahe kang wadon, kayadene Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengane kang jumeneng Pamartane sarirane.


EFESUS 5:24
Awit saka iku kayadene pasamuwan sumuyud marang Sang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumrap ing samubarang kabeh.


EFESUS 5:25
He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku


EFESUS 5:27
sarta kalawan mangkono banjur diprenahake ana ing ngarsane wus katon mancorong tanpa cacad lan ora njengkerut sapiturute, nanging wus dadi pasamuwan kang suci lan tanpa cacad.


EFESUS 5:29
Marga ora tau ana wong nggethingi awake dhewe, malah diingoni lan diupakara padha kaya Sang Kristus marang pasamuwan,


EFESUS 5:32
Iki wewadi kang gedhe, nanging kang dakkarepake gegayutane Sang Kristus karo pasamuwane.


FILIPI 3:6
mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.


FILIPI 4:15
Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.


KOLOSE 1:18
Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.


KOLOSE 1:24
Saiki aku bungah dene aku ketaman sangsara kang marga saka kowe, lan aku kang ngganepi ana ing dagingku kakuranganing sangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane, yaiku pasamuwan.


KOLOSE 1:25
Aku wus dadi paladose pasamuwan iku nyondhongi bubuhan kang diparingake dening Gusti Allah marang aku, yaiku nglantarake sabdane kalawan sakatoge marang kowe,


KOLOSE 4:15
Salamku marang para sadulur ing kutha Laodhikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahe.


KOLOSE 4:16
Sarta maneh samangsa layang iki wus diwacakake ana ing antaramu, arahen supaya diwacakake uga ana ing pasamuwan Laodhikia, lan layang kang marang Laodhikia supaya uga diwacakake ana ing ngarepmu.


1 TESALONIKA 1:1
Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.


1 TESALONIKA 2:14
Sabab kowe, para sadulur, wis padha ngleluri pasamuwan-pamsamuwaning Allah ing tanah Yudea, kang ana ing patunggilane Gusti Kristus Yesus, awitdene kowe uga wus padha nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong kang tunggal bangsa karo kowe, paha kaya pasamuwan ing kono marga saka panggawene wong-wong Yahudi.


1 TESALONIKA 4:9
Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.


2 TESALONIKA 1:1
Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus, marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika ana ing Allah Rama kita lan ana ing Gusti Yesus Kristus.


2 TESALONIKA 1:4
satemah ana ing pasamuwan-pasamuwaning Allah aku kabeh padha mongkog ing bab anggonmu padha mantep sarta kumandel ana ing sajroning sakehe panganiaya lan panindhes, kang padha koksangga:


1 TIMOTEUS 3:5
Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?


1 TIMOTEUS 3:7
Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.


1 TIMOTEUS 3:15
Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.


1 TIMOTEUS 5:16
Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.


2 TIMOTEUS 2:19
Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


FILEMON 1:2
lan marang sadulurku wadon Apfia, sarta marang Arkhipus, kanca tunggal gawe, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu.


IBRANI 2:12
ature: “Asma Paduka badhe Kawula wartosaken dhateng para sadherek Kawula, saha Kawula badhe ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan.”


IBRANI 3:8
aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,


IBRANI 3:17
Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?


IBRANI 9:2
Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.


IBRANI 11:38
Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.


IBRANI 12:23
sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,


IBRANI 13:1
Rumatana katresnaning pasaduluran!


IBRANI 13:3
Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.


YAKOBUS 5:14
Manawa ana panunggalanmu kang lara, luwih becik iku ngaturi para pinituwane pasamuwan, supaya padha ndongakake dheweke sarta ngusapi lenga atas asmane Gusti.


1 PETRUS 1:22
Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


1 PETRUS 3:12
Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid, sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.”


1 PETRUS 5:3
Kowe aja tumindak kaya-kaya nguwasani pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.


3 YOKANAN 1:6
Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


3 YOKANAN 1:9
Aku wus nulis sathithik ana ing layangku marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes, kang ngarah dadi pangarep ana ing antarane, iku ora maelu marang aku.


3 YOKANAN 1:10
Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.


WAHYU 1:4
Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


WAHYU 1:11
pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


WAHYU 1:20
Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu ikumalaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


WAHYU 2:1
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.


WAHYU 2:7
Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”


WAHYU 2:8
“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


WAHYU 2:11
Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”


WAHYU 2:12
“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngasta pedhang landhep kiwatengen:


WAHYU 2:17
Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


WAHYU 2:18
“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:


WAHYU 2:23
Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


WAHYU 2:29
Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


WAHYU 3:1
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


WAHYU 3:6
Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


WAHYU 3:7
“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


WAHYU 3:13
Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


WAHYU 3:14
“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


WAHYU 3:22
Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


WAHYU 4:2
Padha sanalika aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar kapasang, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.


WAHYU 12:6
Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.


WAHYU 12:14
Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.


WAHYU 17:3
Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.


WAHYU 21:4
Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”


WAHYU 22:16
Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981