A A A A A


Nggoleki

MATEUS 24:12
Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.


LUKAS 6:32
Sarta manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku apa jasamu? Amarga wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan.


LUKAS 7:47
Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”


LUKAS 11:42
Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.


YOKANAN 2:17
Para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: “Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula.”


YOKANAN 5:42
Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.


YOKANAN 15:13
Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane.


RUM 13:10
Tresna iku ora nandukake piala marang sapadha-padha, mulane katresnan iku katetepane angger-anggering Toret.


RUM 14:15
Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.


1 KORINTA 4:21
Apa ta kang padha kokkarepake? Apa tekaku marang kowe kudu nggawa gitik apa kalawan katresnan lan budi sareh?


1 KORINTA 8:1
Tumrap daging sesajening brahala iku, kita padha sumurup: “kita kabeh padha duwe kawruh.” Kawruh kang mangkono iku marakake kumenthus, nanging katresnan iku mbangun.


1 KORINTA 13:1
Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan malaekat, nanging yen sepi ing katresnan, aku padha bae kaya gong kang ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang.


1 KORINTA 13:2
Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.


1 KORINTA 13:3
Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.


1 KORINTA 13:4
Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.


1 KORINTA 13:5
Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.


1 KORINTA 13:6
Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil, nanging kayekten kang mbungahake.


1 KORINTA 13:7
Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.


1 KORINTA 13:8
Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.


1 KORINTA 13:13
Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.


1 KORINTA 14:1
Padha nggayuha marang katresnan, lan ganjaran-ganjaran saka Sang Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.


1 KORINTA 16:14
Sakehing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.


2 KORINTA 2:4
Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.


2 KORINTA 2:8
Mulane pituturku marang kowe kabeh, supaya kowe padha nandukna katresnan marang wong mau.


2 KORINTA 5:14
Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh, awit aku wus padha sumurup, manawa wong siji wus mati kanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padha mati.


2 KORINTA 6:6
ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;


2 KORINTA 7:15
Lan katresnane marang kowe saya mundhak gedhe, yen ngelingi marang pamanutmu kabeh, kapriye anggonmu nampani tekane kalawan wedi lan geter.


2 KORINTA 8:6
Awit saka iku aku ngatag marang Titus, supaya nekani kowe lan ngrampungake ayahan katresnan, kang biyen wus diwiwiti iku.


2 KORINTA 8:7
Mula saikine, padha kaya anggonmu wus sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabeh -- samono uga kowe iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.


2 KORINTA 8:8
Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.


2 KORINTA 8:19
Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.


2 KORINTA 8:20
Sabab aku kabeh padha arep nyingkiri bab iki: yen ana wong kang nacad anggonku nindakake ayahan sih-katresnan kang wohe akeh banget iku.


2 KORINTA 8:24
Awit saka iku chinaning katresnanmu lan panglembanaku marang kowe kabeh iku tuduhna marang para sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.


2 KORINTA 9:12
Awit ayahan katresnan kang isi pitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhane para suci bae, nanging uga ngluberake pamuji sokur marang Gusti Allah.


2 KORINTA 13:11
Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


GALATI 5:6
Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


GALATI 5:13
Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.


GALATI 5:22
Dene wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya,


EFESUS 2:4
Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,


EFESUS 3:17
temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana in katresnan.


EFESUS 4:2
Ditansah andhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung.


EFESUS 4:15
nanging kalawan tatag ngandhemi kayekten sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener Sang Kristus kang jumeneng Sesirah.


EFESUS 4:16
Iya saka Panjenengane iku sarirane sakojur -- kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit saka makartine kabeh perangane, cundhuk karo murwate pakaryane saben perangan iku -- anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroning katresnan.


EFESUS 4:32
Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


EFESUS 5:2
lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


EFESUS 6:23
Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Gusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.


EFESUS 6:24
Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


FILIPI 1:8
Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


FILIPI 1:9
Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten,


FILIPI 2:1
Dadi sarehne ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,


FILIPI 2:2
mulane padha ngganepana kabungahanku kalawan mangkene: dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tungal sedya,


KOLOSE 1:4
awit aku wus padha krungu bab pracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci,


KOLOSE 1:8
Iya dheweke iku kang martani aku bab katresnanmu ana ing patunggilane Roh.


KOLOSE 2:2
supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,


KOLOSE 3:14
Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakake.


KOLOSE 4:6
Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.


1 TESALONIKA 1:3
Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.


1 TESALONIKA 2:8
Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.


1 TESALONIKA 3:6
Nanging saiki, bareng Timoteus wis bali saka ing panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahake bab pracayamu lan katresnanmu, apadene bab anggonmu padha tansah kelingan marang apa-apa kang becik ing ngatase aku lan bab anggonmu kapengin katemu karo aku, kayadene anggonku uga padha kapengin katemu karo kowe,


1 TESALONIKA 3:12
Sarta maneh, muga Gusti karsa ndadekake saya wuwuhing katresnanmu nganti luber marang padha sadulur lan marang wong kabeh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowe.


1 TESALONIKA 4:9
Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.


1 TESALONIKA 5:8
Nanging kita iki wong-wonging raina, mulane kita kudu waspada, kudu ngrasuk kerening pracaya lan katresnan sarta atetopong pangarep-areping karahayon.


1 TESALONIKA 5:13
iku padha ajenana kang banget kalawan katresnan marga saka pagaweane. Tansah padha rukuna.


1 TIMOTEUS 1:5
Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas.


1 TIMOTEUS 1:14
Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.


1 TIMOTEUS 2:15
Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.


1 TIMOTEUS 4:12
Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.


1 TIMOTEUS 6:11
Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.


2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.


2 TIMOTEUS 1:13
Apa kang wus kokrungu saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Sang Kristus Yesus.


2 TIMOTEUS 2:22
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.


2 TIMOTEUS 3:10
Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku, caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.


TITUS 2:2
Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.


TITUS 3:4
Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,


FILEMON 1:5
sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus.


FILEMON 1:7
Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku!


FILEMON 1:9
ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,


IBRANI 6:10
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


IBRANI 10:24
Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.


IBRANI 13:1
Rumatana katresnaning pasaduluran!


1 PETRUS 1:22
Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


1 PETRUS 4:8
Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.


1 PETRUS 5:14
Padha sesalamana nganggo pangambunging katresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh kang padha ana ing patunggilane Sang Kristus. Amin.


1 YOKANAN 2:15
Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.


1 YOKANAN 3:1
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang ktia, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


1 YOKANAN 3:16
Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.


1 YOKANAN 3:17
Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?


1 YOKANAN 4:7
Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.


1 YOKANAN 4:8
Sapa kang ora nindakake katresnan, iku ora wanuh karo Gusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan.


1 YOKANAN 4:10
Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


1 YOKANAN 4:16
Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.


1 YOKANAN 4:18
Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.


1 YOKANAN 5:3
Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot,


2 YOKANAN 1:3
Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu bakal nunggal kalawan kita saka Gusti Allah Sang Rama lan Saka Gusti Yesus Kristus, Putrane Sang Rama, sajroning kayekten lan katresnan.


2 YOKANAN 1:6
Dene katresnan iku yaiku: urip kita kudu manut ing pepakone. Dene pepakon iku yaiku, kaya anggonmu wus padha krungu ing wiwitan mula, supaya kowe padha urip ana ing sajroning katresnan.


3 YOKANAN 1:6
Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


YUDAS 1:12
Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kan tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.


WAHYU 2:4
Sanadyan mangkono sira Ingsun waoni, dene sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.


WAHYU 2:19
Ingsun ngudaneni panggawenira kabeh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadene pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawenira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.


Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981