A A A A A


Nggoleki

MATEUS 1:23
“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”


MATEUS 3:9
Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.


MATEUS 9:3
Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah Gusti Allah.”


MATEUS 9:8
Wong akeh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.


MATEUS 15:3
Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?


MATEUS 15:4
Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.


MATEUS 16:22
Nanging Petrus banjur nggered Panjenengane kalawan munjuk: “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.”


MATEUS 27:43
Dheweke kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge. Rak wis kandha ngene: Aku iku Putraning Allah.”


MARKUS 1:4
Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.”


MARKUS 2:7
“Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”


MARKUS 2:12
Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”


MARKUS 7:11
Nanging kandhamu: Manawa ana wong kang matur bapakne utawa biyunge: Gadhahan kula ingkang kenging kangge ngrukti panjenengan, sampun kangge kurban -- inggih punika pisungsung kagem Gusti Allah, --


MARKUS 8:33
Gusti Yesus nuli minger lan kalawan mirsani para sakabate, Petrus didukani: “Sumingkira, heh, Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalih dening Gusti Allah, nanging apa kang dipikir dening manungsa.”


MARKUS 10:18
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.


MARKUS 12:17
Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.


MARKUS 12:24
Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah.


MARKUS 12:26
Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?


MARKUS 12:32
Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.


MARKUS 12:33
Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”


MARKUS 14:64
Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang panjenengan?” Wong-wong kabeh padha sarujuk, yen Panjenengane kudu diukum pati.


MARKUS 16:19
Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah in satengene Gusti Allah.


LUKAS 1:19
Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.


LUKAS 1:26
Bareng wis nem sasine Gusti Allah ngutus malaekat Gabriel menyang ing sawijining kutha ing tanah Galilea kang aran Nasaret,


LUKAS 1:32
Panjenengane bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadene Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengane dhampare Sang Prabu Dawud, leluhure.


LUKAS 1:58
Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.


LUKAS 1:64
Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.


LUKAS 2:13
Dumadakan banjur ana balatantra swarga kang akeh banget cacahe, kang mbarengi malaekat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdane:


LUKAS 2:14
“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


LUKAS 2:23
kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangeran: “Sakabehing anak lanang pambarep kudu kasucekake kagem Gusti Allah,”


LUKAS 2:28
Simeon banjur mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjuke:


LUKAS 2:38
Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.


LUKAS 3:2
ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan; putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.


LUKAS 3:3
Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”


LUKAS 3:8
Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!


LUKAS 4:34
“Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”


LUKAS 5:1
Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.


LUKAS 5:21
Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


LUKAS 5:25
Sanalika iku uga wong mau banjur ngadeg ana ing ngarepe wong akeh mau, ngangkat paturone, tumuli mulih kalawan ngluhurake Gusti Allah.


LUKAS 5:26
Wong kabeh padha kaeraman lan padha ngluhurake Gusti Allah sarta padha wedi banget pangucape: “Dina iki aku kabeh wus padha nyumurupi barang-barang kang nggumunake banget.”


LUKAS 7:16
Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


LUKAS 7:30
Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.


LUKAS 9:20
Gusti Yesus nuli ndangu marang para sakabat: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulane Petrus: “Sang Kristusipun Gusti Allah.”


LUKAS 12:6
Manuk emprit lima rak mung payu rong dhuwit? Ewasamono ora ana siji-sijia kang disupekake dening Gusti Allah,


LUKAS 12:20
Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?


LUKAS 12:24
Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!


LUKAS 12:28
Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!


LUKAS 12:30
Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.


LUKAS 15:10
Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”


LUKAS 16:13
Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”


LUKAS 16:15
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


LUKAS 17:15
Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.


LUKAS 17:18
Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”


LUKAS 18:2
Pangandikane: “Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong.


LUKAS 18:4
Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,


LUKAS 18:7
Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?


LUKAS 18:19
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.


LUKAS 18:20
Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”


LUKAS 18:43
Sanalika iku uga wong mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus kambi ngluhurake Gusti Allah. Kabeh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Gusti Allah.


LUKAS 19:37
Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.


LUKAS 19:44
Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”


LUKAS 20:25
Gusti Yesus nuli ngandika: “Yen mangkono, Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosake marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosake marang Gusti Allah.”


LUKAS 21:24
Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”


LUKAS 23:35
Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”


LUKAS 23:40
Nanging sing siji banjur nyaruwe dheweke, ujare: “Apa kowe ora wedi, uga ora wedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampa paukuman padha?


LUKAS 23:47
Nalika panggedhening prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Nyata, yen Wong iki tanpa kaluputan.”


LUKAS 24:53
sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Gusti Allah.


YOKANAN 1:1
Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.


YOKANAN 1:2
Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah.


YOKANAN 1:18
Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


YOKANAN 3:2
seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


YOKANAN 3:16
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


YOKANAN 3:33
Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.


YOKANAN 3:34
Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


YOKANAN 4:21
Pangandikane Gusti Yeusu: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.


YOKANAN 4:24
Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”


YOKANAN 5:18
Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.


YOKANAN 5:42
Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.


YOKANAN 5:44
Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.


YOKANAN 6:29
Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”


YOKANAN 6:33
Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.”


YOKANAN 8:40
Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham.


YOKANAN 8:41
Kowe kabeh padha nglakoni paggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”


YOKANAN 8:42
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.


YOKANAN 9:3
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.


YOKANAN 9:29
Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane.”


YOKANAN 9:31
Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.


YOKANAN 10:33
Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.”


YOKANAN 10:36
kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?


YOKANAN 11:22
Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani.”


YOKANAN 12:43
Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.


YOKANAN 13:31
Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane.


YOKANAN 13:32
Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.


YOKANAN 16:2
Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.


YOKANAN 16:30
Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah.”


YOKANAN 20:31
nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana uip ana ing Asmane.


Johannes 21:19
Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”


RUM 1:1
Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,


RUM 1:4
lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 1:7
marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


RUM 1:9
Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:


RUM 1:10
Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.


RUM 1:16
Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.


RUM 1:18
Sabab bebendune Gusti Allah kalairake saka ing swarga marang sarupaning pamblasar lan durakaning manungsa kang nampik kayekten marga dening duraka.


RUM 1:19
Awit kang bisa disumurupi mungguhing Gusti Allah iku wus cetha tumrap wong-wong mau, jalaran wis padha kaparingan sumurup dening Gusti Allah.


RUM 1:20
Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.


RUM 1:21
Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.


RUM 1:23
Padha nglironi kamulyane Gusti Allah kang langgeng kalawan pepethan kang mirip manungsa kang bisa lebur, lan pepethan manuk, sarta kewan asikil papat, apadene kewan-kewan rumangkang.


RUM 1:24
Mulane padha diulungake dening Gusti Allah marang pepenginaning atine kang rusuh, satemah padha rusuh-rinusuhan ing badane.


RUM 1:25
Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekake marang kang nitahake, kang mesthine kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.


RUM 1:26
Mulane Gusti Allah ngulungake wong-wong mau marang hawa-nepsu kang gawe wirang, sabab sing wadon padha nglironi cara awor turu nganggo patrap nyulayani kodrat.


RUM 1:28
Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,


RUM 1:30
Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,


RUM 1:32
Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


RUM 2:2
Kita rak padha sumurup yen paukumane Gusti Allah iku ing sabener tumrap sapa bae kang nglakoni iku mau.


RUM 2:3
Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?


RUM 2:4
Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?


RUM 2:5
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


RUM 2:11
Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.


RUM 2:13
Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.


RUM 2:16
Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.


RUM 2:17
Nanging manawa kowe iku ngarani awakmu dhewe wong Yahudi, sarta ngandelake marang angger-anggering Toret, apadene gumunggung mungguh ing Gusti Allah,


RUM 2:23
Kowe kang gumunggung mungguhing angger-anggering Toret, yagene kowe kok malah nyenyamah Gusti Allah kalawan nerak angger-anggering Toret iku?


RUM 2:24
Kaya kang katulisan wiraose: “Iya marga saka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah ana ing antarane bangsa-bangsa liya.”


RUM 2:29
Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.


RUM 3:2
Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.


RUM 3:3
Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?


RUM 3:4
Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose: “Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”


RUM 3:5
Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --


RUM 3:6
Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?


RUM 3:7
Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?


RUM 3:11
Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.


RUM 3:18
padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”


RUM 3:19
Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


RUM 3:20
Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


RUM 3:25
Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.


RUM 3:29
Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.


RUM 3:30
Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.


RUM 4:2
Sabab yen Rama Abraham anggone kabenerake marga saka pandamele, panjenengane bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsane Gusti Allah.


RUM 4:3
Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.”


RUM 4:6
Kayadene Sang Prabu Dawud iya mastani rahayu wong kang kaanggep bener dening Gusti Allah ora wewaton ayahane:


RUM 4:8
rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.”


RUM 4:14
Awit manawa wong-wong kang pangarep-arepe lumantar angger-anggering Toret padha melu tampa panduman kang kaprasetyakake Gusti Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyane dadi batal.


RUM 4:17
iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” -- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.


RUM 4:20
Ewasamono panjenengane tetep ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu kang awit saka pamaido, nanging malah panjenengane kasantosakake ing pracayane, sarta ngluhurake Gusti Allah,


RUM 4:21
kanthi ing pangandel, manawa Gusti Allah mesthi kuwaos nindakake apa kang wus kaprasetyakake.


RUM 5:1
Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


RUM 5:5
Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.


RUM 5:6
Awitdene ing nalika kita isih padha apes, ana ing wektu kang pinesthi dening Gusti Allah, Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita para wong duraka.


RUM 5:8
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


RUM 5:10
Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.


RUM 5:11
Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.


RUM 5:15
Nanging sih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karo panerake Rama Adam. Sabab, manawa panerake wong siji njalari wong kabeh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung maneh sih-rahmate Gusti Allah sarta peparinge ganjaran kang ngluberi wong kabeh, kang marga saka wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.


RUM 6:10
Awit sedane iku, seda tumrap ing dosa, mung sapisan kanggo salawase; lan gesange iku gesang lumados marang Gusti Allah.


RUM 6:11
Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.


RUM 6:13
Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.


RUM 6:17
Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.


RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


RUM 7:4
Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.


RUM 7:22
Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,


RUM 7:25
Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 7:26
Dadi kalawan akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggere Gusti Allah, nanging kalawan daging ngawula marang angger-anggere si dosa.


RUM 8:3
Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


RUM 8:7
Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Gusti Allah, awit ora sumuyud marang angger-anggere Gusti Allah, amarga pancen iya ora bisa.


RUM 8:8
Wong kang uripe kawengku ing daging iku ora bisa ndadekake keparenge Gusti Allah.


RUM 8:14
Kabeh wong kang katuntun dening Rohe Gusti Allah, iku dadi putrane Gusti Allah.


RUM 8:15
Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


RUM 8:16
Sang Roh iku anekseni bebarengan karo roh kita, yen kita iku para putrane Gusti Allah.


RUM 8:17
Dene manawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegese wong kang padha nduweni wewenang nampani prasetyane Gusti Allah, kang bakal nampani iku bebarengan karo Sang Kristus, yaiku yen pancen kita padha ndherek nandhang sangsara, supaya iya ndhereka kamulyakake kalawan Panjenengane.


RUM 8:19
Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.


RUM 8:21
ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.


RUM 8:26
Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita; awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita marang Gusti Allah, kanthi pasambat kang ora kena winirasa.


RUM 8:27
Sarta Gusti Allah kang nitipriksa sajroning ati, mirsa karsane Sang Roh yaiku manawa anggone ndedonga kanggo para suci nyondhongi karsane Gusti Allah.


RUM 8:28
Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padha tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah.


RUM 8:31
Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


RUM 8:33
Sapa kang bakal nggugat para pepilihane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?


RUM 8:34
Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?


RUM 8:39
apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


RUM 9:5
Kang padha dadi tedhak turune para rama leluhur, kang nurunake Sang Kristus mungguh ing daging, kang ngungkuli samubarang kabeh. Panjenengane iku Gusti Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.


RUM 9:6
Ewadene pangandikane Gusti Allah iku mokal yen wurunga. Awit ora saben trahe Israel iku wong Israel,


RUM 9:8
Tegese: Dudu para anak kang miturut ing daging kang dadi para putrane Gusti Allah, nanging para anak prasetyan kang kaetang dadi turun kang sah.


RUM 9:11
Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, -- supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, --


RUM 9:14
Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!


RUM 9:16
Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.


RUM 9:20
Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


RUM 9:22
Lan kapriye saupama kagem ngatingalake bebendu lan nedahake panguwaose, Gusti Allah paring kasabaran kang gedhe marang para kang minangka wadhahing bebendu, kang wus kacadhangake marang karusakan,


RUM 9:26
Lan ing panggonan kang wong-wonge dipangandikani: “Sira iku dudu umatingSun,” ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani: “Para Putrane Gusti Allah kang sipat gesang.”


RUM 9:29
Karodene kaya kang kawecakake dening Nabi Yesaya ing sadurunge mangkene: “Saupama Gusti Allah kang murbeng dumadi ora ngarekake turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora.”


RUM 10:2
Amarga aku nekseni, yen pancen padha taberi banget anggone ngabekti marang Gusti Allah, nanging tanpa pangreten kang bener.


RUM 10:3
Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.


RUM 10:9
Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.


RUM 10:12
Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.


RUM 11:1
Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.


RUM 11:2
Gusti Allah ora nampik umate kang dipilih. Apa kowe padha ora sumurup, apa kang wus dipangandikakake ing Kitab Suci bab Nabi Elia, nalika nggugat bangsa Israel ana ing ngarsane Gusti Allah:


RUM 11:4
Nanging kapriye pangandikane Gusti Allah marang Nabi Elia mau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehake wong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal.”


RUM 11:8
kaya kang katulisan, wiraose: “Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokake, nganti tumeka ign dina iki.”


RUM 11:21
Sabab, manawa Gusti Allah ora ngeman marang pangpang kang asli, iya ora bakal ngeman marang kowe uga.


RUM 11:22
Mulane waspadakna sih-kamirahane Gusti Allah, sarta kekerasane uga, yaiku kekerasane tumrap wong kang wis padha tiba, nanging kamirahane tumrap kowe, samono iku manawa kowe tetep ana ing kamirahane, manawa ora, kowe iya bakal padha kapagas uga.


RUM 11:23
Nanging mungguh pang kang wis padha kapagas mau, yen ora ngantepi anggone ora pracaya bakal katancebake maneh, jalaran Gusti Allah kagungan panguwasa nancebake maneh.


RUM 11:28
Manut Injil, wong-wong iku padha dadi satrune Gusti Allah marga saka kowe, ananging manut ing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihe Gusti Allah awit saka para leluhur.


RUM 11:29
Sabab Gusti Allah ora kagungan raos kaduwung tumrap peparinge sih-rahmat sarta timbalane.


RUM 11:30
Sabab iya padha kaya kowe ing maune, anggonmu padha ora mbangun-miturut marang Gusti Allah, nanging saiki wis oleh sih-piwelas marga saka anggone ora mbangun-miturut wong-wong iku,


RUM 11:32
Sabab wong-wong mau wus padha kakurung dening Gusti Allah kabeh ana ing kaanan ora mbangun-miturut, supaya Panjenengane saged ngetingalake sih-piwelase marang wong kabeh mau.


RUM 11:33
Wah, saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan, sarta kabeh tindake ora kena katlusur.


RUM 12:1
Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.


RUM 12:2
Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


RUM 12:3
Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.


RUM 12:19
Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.


RUM 13:1
Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.


RUM 13:2
Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.


RUM 13:4
Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.


RUM 13:5
Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.


RUM 13:6
Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.


RUM 14:6
Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.


RUM 14:10
Ananging kowe, yagene kok njeksani sadulurmu? Utawa yagene kowe kok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabeh kudu padha seba ing ngarsaning dhampar pangadilane Gusti Allah.


RUM 14:11
Awit ana tulisan, wiraose: “Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran, kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun, sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”


RUM 14:12
Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.


RUM 14:17
Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.


RUM 14:18
Awit sapa kang ngladeni Sang Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparenge Gusti Allah sarta kajen ing wong.


RUM 14:20
Kowe aja mbubrah pakaryane Gusti Allah marga dening pangan! Samubarang kabeh iku kalal, nanging ala tumraping wong, yen pangane njalari wong liya kesandhung.


RUM 14:22
Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhewe ana ing ngarsane Gusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputake awake dhewe tumrap apa kang dianggep becik katindakake.


RUM 15:5
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,


RUM 15:6
satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.


RUM 15:7
Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.


RUM 15:8
Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,


RUM 15:9
sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose: “Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”


RUM 15:13
Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.


RUM 15:15
Ewadene marga saka sih-rahmat peparinge Gusti Allah marang aku, ana ing layang iki ing kana kene aku rada wani aweh pepeling marang kowe kabeh,


RUM 15:16
yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.


RUM 15:30
Ananging marga saka Sang Kristus, Gusti kita, lan marga saka sihe Sang Roh, kowe padha dakpituturi, para sadulur, aku padha rewangana ndedonga marang Gusti Allah,


RUM 15:32
supaya aku bisa kanthi suka-pirena nemoni kowe awit saka karsane Gusti Allah, bisa kadunungan rasa seger bareng karo kowe kabeh.


RUM 15:33
Gusti Allah, etuking tentrem-rahayu nunggila karo kowe kabeh! Amin.


RUM 16:20
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.


RUM 16:26
nanging kang saiki wus kababar, sarta wus kawartakake dening kitab-kitabe para nabi, manut dhawuhe Gusti Allah kang langgeng marang sakehing bangsa, kanggo nenuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --


RUM 16:27
iya kagem Panjenengane, Gusti Allah kang wicaksana piyambak, awit saka Gusti Yesus Kristus: sakehing kamulyan langgeng ing salawas-lawase! Amin.


1 KORINTA 1:1
Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,


1 KORINTA 1:2
marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.


1 KORINTA 1:3
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.


1 KORINTA 1:4
Aku tansah saos sokur marang Gusti Allahku bab ing ngatase kowe kabeh, awit saka sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang kowe ana ing Sang Kristus Yesus.


1 KORINTA 1:9
Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.


1 KORINTA 1:18
Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.


1 KORINTA 1:20
Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?


1 KORINTA 1:21
Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.


1 KORINTA 1:25
Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihan kang saka Gusti Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.


1 KORINTA 1:27
Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa,


1 KORINTA 1:28
lan kang asor sarta nistha mungguhing jagad, iku kapilih dening Gusti Allah, malah kang ora ana ajine kapilih dening Gusti Allah kanggo ngorakake kang aji,


1 KORINTA 1:29
supaya aja ana manungsa sijia bae kang gumunggung ana ing ngarsane Gusti Allah.


1 KORINTA 1:30
Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


1 KORINTA 2:1
Mangkono uga nalikane aku nemoni kowe, para sadulur, tekaku ora kanthi pitembungan kang dakik-dakik utawa kanthi kawasisan anggonku nglantarake paseksen kang saka Gusti Allah marang kowe.


1 KORINTA 2:7
Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.


1 KORINTA 2:9
Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”


1 KORINTA 2:10
Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh itu nitipriksa samubarang kabeh, dalah bab wewadine Gusti Allah.


1 KORINTA 2:11
Awit sapa ta ing antarane manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atine, kajaba mung rohe manungsa iku dhewe kang ana ing batine? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang tinemu ana ing Gusti Allah kajaba Rohe Gusti Allah.


1 KORINTA 2:12
Kita ora nampani rohe jagad, nanging Sang Roh kang asale saka Gusti Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparinge Gusti Allah marang kita.


1 KORINTA 2:13
Lan sarehne aku padha aweh katrangan bab-bab karohanen marang wong-wong kang padha kadunungan Sang Roh, anggonku ngrembug bab sih-kamirahane Gusti Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangake marang aku kabeh dening kawicaksananing manungsa, nanging dening Sang Roh.


1 KORINTA 2:14
Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.


1 KORINTA 3:5
Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.


1 KORINTA 3:6
Aku kang nenandur, Apolos kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.


1 KORINTA 3:7
Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.


1 KORINTA 3:9
Awit aku kabeh iki padha ndherek ing pakaryane Gusti Allah, dene kowe iku padha dadi palemahan olah-olahane Gusti Allah, iya dalem yasane Gusti Allah.


1 KORINTA 3:10
Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.


1 KORINTA 3:16
Apa kowe padha ora sumurup, yen kowe iku padha dadi padalemaning Allah, kang sarta Rohe Gusti Allah iya dedalem ana ing kowe?


1 KORINTA 3:17
Manawa ana wong kang ngrusak padalemaning Gusti Allah, Panjenengane bakal ngrusak wong mau. Sabab padalemaning Allah iku suci, yaiku kowe.


1 KORINTA 3:19
Awit kawicaksanane jagad iki kabodhoan tumrap Gusti Allah. Sabab ana tulisan wiraose: “Panjenengane nangkep para wicaksana sajroning culikane.”


1 KORINTA 3:23
Nanging kowe padha dadi kagungane Sang Kristus, sarta Sang Kristus iku kagungane Gusti Allah.


1 KORINTA 4:1
Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdine Sang Kristus, kang pinracaya rumeksa ing kekerane Gusti Allah.


1 KORINTA 4:5
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


1 KORINTA 4:9
Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.


1 KORINTA 4:20
Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan.


1 KORINTA 5:1
Pancen wong-wong padha krungu, yen ing antaramu ana kang laku jina, malah patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, yaiku ana wong kang ngalap somahe bapakne.


1 KORINTA 5:13
Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


1 KORINTA 6:13
Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.


1 KORINTA 6:14
Gusti Allah kang wus mungokake Gusti, iya bakal nangekake kita marga saka panguwaose.


1 KORINTA 6:19
Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?


1 KORINTA 6:20
Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!


1 KORINTA 7:7
Sanadyan mangkono saiba becike manawa wong kabeh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhewe-dhewe dening Gusti Allah, kang siji ganjaran mangkene, sijine ganjarane mangkono.


1 KORINTA 7:15
Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.


1 KORINTA 7:17
Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.


1 KORINTA 7:19
Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.


1 KORINTA 7:20
Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.


1 KORINTA 7:24
Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.


1 KORINTA 7:25
Saiki bab para prawan. Aku ora oleh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairake panemuku kayadene wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allah kang daktampa.


1 KORINTA 7:40
Nanging mungguhing panemuku, luwih begja, manawa wong mau tetap kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohe Gusti Allah.


1 KORINTA 8:3
Nanging wong kang tresna marang Gusti Allah, iku diudaneni dening Gusti Allah.


1 KORINTA 8:4
Mungguh bab mangan daging sesajening brahala, kita padha sumurup: “yen brahala iku ora ana ing jagad, lan ora ana Allah liyane kajaba Gusti Allah kang asipat tunggal.”


1 KORINTA 8:6
nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.


1 KORINTA 8:8
“Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa manawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa manawa kita padha mangan.”


1 KORINTA 9:9
Sabab ing angger-anggere Nabi Musa ana tulisan mangkene: “Sira aja mbrongsong cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling.” Apa Gusti Allah iku nggumatosi sapi?


1 KORINTA 10:5
Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.


1 KORINTA 10:13
Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.


1 KORINTA 10:20
Ora! Dene kang dakkarepake, sesajene wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh reged, ora marang Gusti Allah. Lan ora dadi karepku yen kowe padha tetunggalan karo para roh reged.


1 KORINTA 10:31
Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


1 KORINTA 10:32
Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.


1 KORINTA 11:3
Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.


1 KORINTA 11:12
Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.


1 KORINTA 11:13
Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?


1 KORINTA 11:16
Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.


1 KORINTA 11:22
Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kokenggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.


1 KORINTA 12:3
Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.


1 KORINTA 12:6
Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.


1 KORINTA 12:18
Nanging Gusti Allah wus mrenahake gegelitan iku, ing papane dhewe-dhewe ana ing badan, manut ing sakarsane.


1 KORINTA 12:24
Dene perang-peranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karukti mangkono. Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang perangan kang rupane ora pantes,


1 KORINTA 12:28
Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.


1 KORINTA 14:2
Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.


1 KORINTA 14:18
Aku saos sokur marang Gusti Allah, dene anggonku ngucapake basa-roh iku ngluwihi kowe kabeh.


1 KORINTA 14:25
sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”


1 KORINTA 14:33
Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.


1 KORINTA 14:36
Apa pangandikane Gusti Allah iku wiwite saka kowe? Utawa, apa tekane pangandika iku mung marang kowe dhewe?


1 KORINTA 15:9
Sabab aku iki kang asor dhewe ing antarane para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwane Gusti Allah.


1 KORINTA 15:10
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.


1 KORINTA 15:15
Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.


1 KORINTA 15:24
Sawuse mangkono banjur kang wekasan, yaiku samangsa Panjenengane masrahake Kraton marang Gusti Allah Sang Rama, sawise Panjenengane nyirnakake sakehe paprentahan, panguwasa sarta kakuwatan.


1 KORINTA 15:28
Dene besuk samangsa samubarang kabeh wus kalakon katelukake marang Sang Kristus, nuli Panjenengane piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukake sarirane marang kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane mau, supaya Gusti Allah jumenenga ngabehi ing sakabehe.


1 KORINTA 15:34
Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


1 KORINTA 15:38
Nanging Gusti Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakake, saben wiji, kaparingan wujud dhewe.


1 KORINTA 15:57
Nanging puji sokur konjuk ing ngarsane Gusti Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


2 KORINTA 1:2
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


2 KORINTA 1:3
Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,


2 KORINTA 1:4
kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.


2 KORINTA 1:9
Malah aku kabeh rmangsa kaya wus kapatrapan paukuman pati. Nanging bab iku anggone kalakon supaya aku aja padha nganti ngandelake marang awakku dhewe, nanging ngemungna marang Gusti Allah kang nangekake para wong mati.


2 KORINTA 1:18
Demi Gusti Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowe ora “iya” lan “ora”.


2 KORINTA 1:20
Sabab Sang Kristus iku “iya” tumraping sakehe prasetyane Gusti Allah. Iya iku sababe anggon kita marga saka Panjenengane, banjur ngucap “Amin” minangka kamulyaning Allah.


2 KORINTA 1:21
Sabab Panjenengane kang wus nyantosakake aku kabeh bebarengan karo kowe ana ing patunggilane Sang Kristus, yaiku Gusti Allah kang wus njebadi,


2 KORINTA 1:23
Nanging aku nyebut marang Gusti Allah minangka seksiku -- Panjenengane iku nguningani aku -- manawa anggonku ora sida teka ing Korinta iku sabab aku ngeman kowe.


2 KORINTA 2:14
Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.


2 KORINTA 2:15
Awit kagem Gusti Allah aku kabeh iki dadi gandaning arum Sang Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarane wong kang padha nemu karusakan.


2 KORINTA 3:3
Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.


2 KORINTA 3:4
Iya kaya mangkono iku gedhening kayakinanku marang Gusti Allah marga saka Sang Kristus.


2 KORINTA 4:1
Kang iku sarehne aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmane Gusti Allah, mulane atiku ora nganti kemba.


2 KORINTA 4:2
Ananging aku padha nampik sakehing panggawe dhedhelikan kang nistha; aku ora tumindak kanthi paekan lan ora malsu pangandikaning Allah, nanging aku nglairake kayekten lan awit saka iku aku masrahake awakku supaya ditimbang-timbang dening wong kabeh ana ing ngarsane Gusti Allah.


2 KORINTA 4:4
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


2 KORINTA 4:6
Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!” iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


2 KORINTA 4:7
Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka ing Gusti Allah, dudu saka awakku dhewe.


2 KORINTA 5:1
Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.


2 KORINTA 5:5
Nanging Gusti Allah kang malah nyadhangake kita marang bab iku, lan kang maringi Roh marang kita minangka panjering samubarang kang wus kacawisake marang kita.


2 KORINTA 5:11
Kang iku sarehne aku padha sumurup ing bab wedi marang Gusti, mulane aku ngudi ngyakinake wong-wong. Tumrap Gusti Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap kowe kabeh.


2 KORINTA 5:18
Lan kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah, kang lumantar Sang Kristus wus ngrukunake kita kalawan Panjenengane lan kang wus masrahake ayahan karukunan iku marang aku kabeh.


2 KORINTA 5:19
Awit Gusti Allah lumantar Sang Kristus ngrukunak jagad karo Panjenengane Piyambak, ora ngetang panerake, lan masrahake pawarta karukunan iku marang kita.


2 KORINTA 5:20
Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.


2 KORINTA 5:21
Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


2 KORINTA 6:1
Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.


2 KORINTA 6:2
Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.


2 KORINTA 6:16
Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


2 KORINTA 7:1
Kang iku sarehne kiat kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.


2 KORINTA 7:6
Nanging Gusti Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atine iku wus nglipur aku kabeh marga saka tekane Titus.


2 KORINTA 7:9
nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wus sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowe mratobat: sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi ing karsane Gusti Allah, temahan sathithik bae kowe ora dakrugekake.


2 KORINTA 7:12
Mulane, anggonku wus nulis layang marang kowe, iku ora marga saka ana wong kang luput, utawa marga saka ana wong kang nandhang susah, amarga kapanduk ing kaluputaning liyan mau, nanging supaya tetelaa tumrap kowe gumatimu marang aku ana ing ngarsane Gusti Allah.


2 KORINTA 8:5
Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.


2 KORINTA 8:16
Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


2 KORINTA 9:7
Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.


2 KORINTA 9:8
Lan Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang kowe kabeh, supaya kowe padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawe becik.


2 KORINTA 9:11
kowe bakal disugihake ing sarupaning kamurahaning ati kang nuwuhake pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka aku.


2 KORINTA 9:12
Awit ayahan katresnan kang isi pitulungan iki ora mung nyukupi kabutuhane para suci bae, nanging uga ngluberake pamuji sokur marang Gusti Allah.


2 KORINTA 9:13
Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.


2 KORINTA 9:14
Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.


2 KORINTA 9:15
Puji sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka sih peparinge kang ora kena winirasa iku!


2 KORINTA 10:13
Kosokbaline aku padha ora gelem ngegungake dhiri nganti ngluwihi wates, nanging mung tetep ing sajroning watesing ayahan kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo aku kabeh, nganti tekan ing kowe uga.


2 KORINTA 11:7
Apa aku kaluputan manawa aku ngasorake awakku dhewe kanggo ngluhurake kowe, marga aku martakake Injile Gusti Allah marang kowe tanpa pituwas?


2 KORINTA 11:11
Sababe apa ora? Apa marga aku wus ora tresna marang kowe? Gusti Allah kang nguningani.


2 KORINTA 11:31
Gusti Allah Ramane Gusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawase, pirsa, manawa aku oar goroh.


2 KORINTA 12:1
Aku kudu gumunggung, sanadyan iku pancen ora ana paedahe, ewasamono aku arep martakake bab tetingalan lan wahyu-wahyu kang daktampa saka Gusti Allah.


2 KORINTA 12:2
Aku weruh sawijining wong Kristen; patbelas taun kapungkur -- embuh ing sajroning badan, aku ora mangreti, embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani -- wong iku dumadakan diangkat menyang ing tataran kang katelu ing swarga.


2 KORINTA 12:3
Aku iya weruh wong iku, -- embuh ing sajroning badan embuh ing sajabaning badan, aku ora ngreti, Gusti Allah kang nguningani --


2 KORINTA 12:19
Wus kepara suwe anggonmu padha ngira, manawa aku bakal mbenerake awakku dhewe ana ing ngarepmu. Nanging aku kandha ana ing ngarsane Gusti Allah lan demi Sang Kristus, yen kabeh iku, sadulur-sadulur kang kinasih, tumindake kanggo mbangun pracayamu.


2 KORINTA 13:4
Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.


2 KORINTA 13:7
Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowe aja nindakake piala, ora supaya aku padha katitika kanggo, nanging supaya kowe padha nglakonana apa kang becik, sanadyan aku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.


2 KORINTA 13:11
Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


2 KORINTA 13:13
Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allah tuwin patunggilane Sang Roh Suci, anaa ing kowe kabeh!


GALATI 1:1
Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,


GALATI 1:3
Sih-rahmat anaa ing kowe lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus,


GALATI 1:4
kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,


GALATI 1:10
Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.


GALATI 1:13
Sabab kowe wus padha krungu bab uripku biyen ana ing wewengkone agama Yahudi: luwih dening banget anggonku nguya-uya lan ngrusak Pasamuwaning Gusti Allah.


GALATI 1:20
Aku ora goroh ana ing ngarsane Gusti Allah, apa kang daktulis iki temenan.


GALATI 1:24
Lan wong-wong mau banjur padha ngluhurake Gusti Allah marga saka aku.


GALATI 2:6
Lan mungguh para wong kang kaanggep kajen keringan iku -- kapriye mungguh kelenggahane biyen, iku ora prelu tumrap aku, sabab Gusti Allah ora mawas wong kang kajen iku ora mbubuhi apa-apa maneh marang aku.


GALATI 2:14
Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”


GALATI 2:19
Awit kula sampun pejah margi saking anggger-anggering Toret kangge angger-anggering Toret supados kula gesang kagem Gusti Allah. Kula sampun ndherek kasalib kaliyan Sang Kristus,


GALATI 2:21
Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.


GALATI 3:6
Iya kanthi patrap mangkono iku anggone Rama Abraham kumandel marang Gusti Allah, sarta yaiku kang dening Gusti Allah njalari banjur kaanggep bener.


GALATI 3:8
Lan Kitab Suci, kang sadurunge wus sumurup manawa Gusti Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu wong Yahudi marga saka pracaya, wus luwih dhisik martakake injil marang Rama Abraham: “Iya ana ing sira kabeh bangsa bakal diberkahi.”


GALATI 3:11
Lan iya wus cetha yen ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsane Gusti Allah marga saka nglakoni angger-anggering Toret, awit: “Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya.”


GALATI 3:17
Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wus kaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa dibatalake dening angger-anggering Toret, kang lagi ana sawuse patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.


GALATI 3:18
Sabab manawa kang kaabsahake dening Gusti Allah iku asale saka angger-anggering Toret, mesthine asale ora saka prasetya; nanging malah marga saka prasetya Gusti Allah wus maringake sih-rahmate marang Rama Abraham.


GALATI 3:20
Dene sawijining pantara iku ora mung dadi wakile wong siji bae, mangka Gusti Allah iku siji.


GALATI 3:26
Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.


GALATI 4:4
Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


GALATI 4:6
Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


GALATI 4:7
Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah.


GALATI 4:8
Biyen, nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.


GALATI 4:9
Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?


GALATI 4:14
Sanadyan kaya mangkono kaanane awakku, kang dadi pacoban kanggo kowe kabeh, ewadene ora kokanggep kaya barang kang ina lan kang njijiki, nanging kowe wus padha nampani aku padha kaya nampani malaekate Gusti Allah, malah padha kaya nampani Sang Kristus Yesus piyambak.


GALATI 5:21
drengki, mendem, jibar-jibur lan sapanunggalane. Tumrap sakabehe iku kowe dakelingake -- kaya kang wus daktindakake biyen -- manawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal oleh panduman Kratoning Gusti Allah.


GALATI 6:7
Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni.


GALATI 6:16
Lan kabeh wong kang lakune katuntun dening wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israel kagungane Gusti Allah.


EFESUS 1:1
Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.


EFESUS 1:2
Sih-rahmate lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


EFESUS 1:3
Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.


EFESUS 1:4
Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.


EFESUS 1:14
Dene Roh Suci iku kang dadi tanggunganing bagean kita nganti kita padha tampa sakabehe, yaiku tetebusan kang minangka srananing kita dadi kagungane Gusti Allah, supaya pinujia kaluhurane.


EFESUS 2:4
Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,


EFESUS 2:8
Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahamat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah,


EFESUS 2:10
Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.


EFESUS 2:12
manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.


EFESUS 2:16
lan kanggo ngrukunake sakaro-karone, ana ing badan siji, karo Gusti Allah srana salib, kanthi ngilangake sesatron kang ana ing salib iku.


EFESUS 2:22
Ana ing Padaleman iku kowe uga padha melu kabangun dadi padalemane Gusti Allah, ana ing sajrone Roh.


EFESUS 3:1
Yaiku sababe aku iki, Paulus, wong kang dikunjara marga saka Sang Kristus Yesus kanggo kowe wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,


EFESUS 3:2
-- kowe rak wus padha krungu mungguh ayahaning sih-rahamate Gusti Allah, kang kapitayakake marang aku marga saka kowe kabeh,


EFESUS 3:7
Aku wus dadi paladene Injil iku manut peparinge sih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarake marang aku cundhuk karo makaryane panguwaose.


EFESUS 3:9
sarta kanggo nerangake apa isine ayahaning wewadi kang wus atusan taun kineker ing Gusti Allah, kang nitahake samubarang kabeh,


EFESUS 3:10
supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,


EFESUS 3:12
Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.


EFESUS 3:19
sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.


EFESUS 4:6
tunggal Allah lan Ramane kabeh, Gusti Allah kang mengku kabeh, lumantar kabeh, lan ana ing kabeh.


EFESUS 4:17
Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake marang kowe ana ing patunggilane Gusti, yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna


EFESUS 4:18
lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.


EFESUS 4:32
Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


EFESUS 5:1
Awit saka iku padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih


EFESUS 5:2
lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.


EFESUS 5:5
Awit padha dieling temenan bab iki: ora bakal wong kang laku jina, wong kang najis utawa wong kang kebak kamurkan, yaiku kang nyembah brahala, oleh panduman ana ing kratoning Sang Kristus lan Gusti Allah.


EFESUS 5:20
Tansah caosa sokur marang Gusti Allah Sang Rama kita tumrap samubarang kabeh atas asmane Gusti kita Yesus Kristus,


EFESUS 6:6
aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,


EFESUS 6:11
Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa ndhahi gelar kajuligane Iblis;


EFESUS 6:13
Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.


EFESUS 6:23
Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Gusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.


FILIPI 1:2
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.


FILIPI 1:8
Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


FILIPI 1:14
Lan sedulur ing patunggilane Gusti kang akeh-akeh wus kadunungan pracaya marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggonku ngalirake pangandikaning Gusti Allah.


FILIPI 1:28
kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.


FILIPI 2:6
kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,


FILIPI 2:9
Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhurake Panjenengane lan maringi asma marang Panjenengane ngungkuli sadhengahing jeneng,


FILIPI 2:11
lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusi Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.


FILIPI 2:13
awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.


FILIPI 2:15
supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,


FILIPI 2:27
Pancen iya lara temenan nganti meh mati, nanging Gusti Allah paring kawelasan, lan ora mung dheweke bae, nanging uga aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.


FILIPI 3:3
Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


FILIPI 3:9
lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.


FILIPI 3:14
nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.


FILIPI 3:15
Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.


FILIPI 4:6
Aja padha nyumelangake bab apa bae, nanging padha lairna sakehing pepenginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.


FILIPI 4:7
Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.


FILIPI 4:9
Lan apa kang wus padha koksinau lan kang koktampani, lan kokrungu sarta kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Gusti Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowe kabeh.


FILIPI 4:19
Gusti Allahku bakal nyekapi kabeh kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Sang Kristus Yesus.


FILIPI 4:20
Gusti Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawase! Amin.


KOLOSE 1:1
Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus, kang marga dening karsane Gusti Allah, lan saka sadulur kita Timoteus,


KOLOSE 1:2
marang para sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilane Gusti Kristus, kang ana ing Kolose. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita, anaa ing kowe kabeh.


KOLOSE 1:3
Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, Kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, lan ora pegat tansah ndongakake kowe,


KOLOSE 1:6
kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.


KOLOSE 1:10
temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


KOLOSE 1:15
Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,


KOLOSE 1:21
Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,


KOLOSE 1:25
Aku wus dadi paladose pasamuwan iku nyondhongi bubuhan kang diparingake dening Gusti Allah marang aku, yaiku nglantarake sabdane kalawan sakatoge marang kowe,


KOLOSE 2:2
supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,


KOLOSE 2:12
marga ana ing Panjenengane kowe padha ndherek kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndherek katangekake dening pracayamu marang panguwasa pakaryane Gusti Allah, kang wus ngwungokake Panjenengane saka antarane wong mati.


KOLOSE 2:13
Mangkono uga kowe, sanadyan ing maune kowe padha mati dening panerakmu lan ora tetak sacara lair, wus diuripake dening Gusti Allah bareng lan Panjenengane, yaiku sawuse Panjenengane ngapura sakehing panerak kita,


KOLOSE 3:1
Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.


KOLOSE 3:3
Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.


KOLOSE 3:6
kabeh iku nekakake bebendune Gusti Allah (marang para wong duraka).


KOLOSE 3:12
Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.


KOLOSE 3:13
Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.


KOLOSE 3:16
Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


KOLOSE 3:17
Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


KOLOSE 4:3
Aku kabeh iya dongakna, supaya Gusti Allah maringi dalan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakake bab kekerane Gusti Kristus, kang njalari anggonku kinunjara.


KOLOSE 4:11
Lan salam saka Yesus kang apeparab Yustus. Saka antarane para wong tetakan, iya mung wong telu iku rewangku nyambut-gawe kagem Kratone Gusti Allah; iku padha ndadekake lipuring atiku.


KOLOSE 4:12
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.


1 TESALONIKA 1:2
Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingi kowe ana ing sajroning pandongaku.


1 TESALONIKA 1:3
Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.


1 TESALONIKA 1:8
Amarga ngumandhanging pangandikane Gusti saka ing antaramu ora mung ana ing tanah Makedhonia lan Akhaya bae, nanging ana ing ngendi-endi wus misuwur pracayamu marang Gusti Allah, mulane aku kabeh wis ora usah ngandhakake bab iku.


1 TESALONIKA 1:9
Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,


1 TESALONIKA 2:4
Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih, yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iya marga saka iku mulane anggonku padha rembugan iku ora amrih senenging manungsa, nanging supaya ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.


1 TESALONIKA 2:5
Awit kowe padha sumurup, yen aku padha ora tau nandukake tembung manis, utawa nganggo budi kethaha kang kaalingan, iki Gusti Allah kang nekseni,


1 TESALONIKA 2:10
Kowe padha dadi seksi, samono uga Gusti Allah, kapriye anggonku padha alaku saleh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kang pracaya.


1 TESALONIKA 2:12
sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.


1 TESALONIKA 2:13
Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancen iya nyata mangkono -- kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.


1 TESALONIKA 3:11
Muga-muga Panjenengane, Gusti Allah iya Rama kiat, sarta Gusti Yesus, Gusti kita, karsa paring margane aku padha bisa katemu karo kowe.


1 TESALONIKA 3:13
Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.


1 TESALONIKA 4:3
Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;


1 TESALONIKA 4:5
ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,


1 TESALONIKA 4:7
Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci.


1 TESALONIKA 4:8
Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.


1 TESALONIKA 4:14
Amarga yen kita pracaya, manawa Gusti Yesus wus seda lan wus kawungokake, kiat iya pracaya, yen wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yesus iku bakal padha diklumpukake dening Gusti Allah bebarengan karo Panjenengane.


1 TESALONIKA 5:9
Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang beendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita,


1 TESALONIKA 5:18
Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.


1 TESALONIKA 5:23
Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


2 TESALONIKA 1:5
iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.


2 TESALONIKA 1:6
Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe


2 TESALONIKA 1:8
lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.


2 TESALONIKA 2:11
Yaiku sababe Gusti Allah anggone banjur ndhatengake panasaran, kang njalari wong-wong mau padha pracaya marang kang goroh,


2 TESALONIKA 2:13
Nanging aku kudu padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur, kang kinasihan ing Pangeran, amarga Gusti Allah wiwit sakawit wis milih kowe kabeh supaya slamet ana ing sajroning Roh, kang nucekake kowe lan ana ing sajroning kayekten kang wis padha kokandhemi.


2 TESALONIKA 2:16
Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglpur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,


1 TIMOTEUS 1:1
Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus manut dhawuhe Gusti Allah, Juruslamet kita, lan Gusti Kristus Yesus, dhasaring pangarep-arep kita,


1 TIMOTEUS 1:2
marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.


1 TIMOTEUS 1:4
utawa ngelengake dongeng lan sarasilah kang ora ana uwis-uwise, kang mung ngolehake bab-bab kang mung dadi rembug thok, sarta dudu tatanan kaslametan kang diparingake dening Gusti Allah sajroning pracaya.


1 TIMOTEUS 1:11
kang adhedhasar Injiling Gusti Allah kang luhur lan rahayu dhewe, kaya kang wis kapitayakake marang aku.


1 TIMOTEUS 1:17
Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ing salawase! Amin.


1 TIMOTEUS 2:3
Yaiku kang becik lan kang gawe renaning panggalihe Gusti Allah, Pamarta kita,


1 TIMOTEUS 2:5
Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kiat ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,


1 TIMOTEUS 3:15
Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.


1 TIMOTEUS 3:16
Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


1 TIMOTEUS 4:3
kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.


1 TIMOTEUS 4:5
amarga iku kabeh wus kasucekake dening pangandikane Gusti Allah lan dening pandonga.


1 TIMOTEUS 4:10
Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.


1 TIMOTEUS 5:5
Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.


1 TIMOTEUS 5:21
Piwelingku marang kowe kalawan temen-temen ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus sarta para malaekat pepilihane: pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.


1 TIMOTEUS 6:13
Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:


1 TIMOTEUS 6:17
Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.


2 TIMOTEUS 1:2
marang Timoteus, anakku kang kinasih: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, nunggila ing kowe.


2 TIMOTEUS 1:3
Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi.


2 TIMOTEUS 1:7
Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.


2 TIMOTEUS 2:10
Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.


2 TIMOTEUS 2:19
Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


2 TIMOTEUS 3:4
seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.


2 TIMOTEUS 3:16
Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten.


2 TIMOTEUS 3:17
Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.


2 TIMOTEUS 4:1
Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.


TITUS 1:1
Saka Paulus, abdining Allah lan rasule Gusti Yesus Kristus, manut pracayaning para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhing kayekten, kang laras karo pangibadah kita,


TITUS 1:2
alandhesan pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurunge purwaning jaman wus kaprasetyakake dening Gusti Allah kang ora dora,


TITUS 1:4
marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Pamarta kita, anaa ing kowe.


TITUS 1:16
Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


TITUS 2:11
Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.


TITUS 3:8
Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.


FILEMON 1:3
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.


IBRANI 1:1
Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi,


IBRANI 1:2
ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


IBRANI 1:3
Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


IBRANI 2:4
Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.


IBRANI 2:9
Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


IBRANI 2:10
Jalaran pancen wus mungguh karo kaananing Allah, -- kang kagem Panjenengane sarta dening Panjenengane anggone samubarang kabeh iku dititahake --, yaiku Gusti Allah kang nuntun wong akeh marang kamulyan, uga nyampurnakake Gusti Yesus, kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, srana nandhang sangsara.


IBRANI 2:13
Sarta maneh: “Aku bakal pracaya marang Panjenengane,” lan maneh: “Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak kang wis diparingake dening Gusti Allah marang Aku.”


IBRANI 2:17
Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


IBRANI 3:4
Amarga saben omah digawe dening sawijining ahli gawe omah; ananging Ahli kang yasa samubarang kabeh iku Gusti Allah.


IBRANI 3:12
He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.


IBRANI 4:4
Amarga bab dina kapitu iku wus tau kapangandikakake ana ing sawijining nas: “Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel saka pakaryane kabeh.”


IBRANI 4:7
Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”


IBRANI 4:8
Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


IBRANI 4:9
Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umate Gusti Allah.


IBRANI 4:10
Awit sing sapa wis lumebu ing papan paleremane Allah, wong iku dhewe wis leren saka sakehing pagaweane, padha kaya Gusti Allah anggone kendel saka pakaryane.


IBRANI 4:12
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.


IBRANI 5:1
Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.


IBRANI 5:4
Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


IBRANI 5:10
sarta Panjenengane katimbalan dadi Imam Agung dening Gusti Allah, manut tatane Sang Melkisedhek.


IBRANI 5:12
Sabab sanadyana kowe sabenere wus padha dadi guru, yen kapirid saka ing wektu, ewadene kowe isih prelu diwulang maneh bab dhasar-dhasaring pangandikane Gusti Allah sarta kowe isih butuh banyu susu, dudu pangan kang akas.


IBRANI 6:1
Marga saka iku payo padha ninggal wiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang bab Sang Kristus sarta padha nerusake candhake satutuge. Kita aja nganti masang maneh tetalesing pamratobat saka tingkah laku kang muspra, sarta tetalesing pracaya marang Gusti Allah,


IBRANI 6:5
kang wus tau ngrasakake peparinging kaswargan sarta kang wus tau kapanduman Roh Suci, lan kang wus ngrasakake pangandikane Gusti Allah kang utama sarta dayane jagad kang bakal kalakon,


IBRANI 6:7
Sabab bumi kang nesep banyu udan kang kerep tumiba ing dhuwure, kang metokake tanem tuwuh kang maedahi tumrap kang nggarap iku, tampa berkah saka Gusti Allah;


IBRANI 6:10
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


IBRANI 6:12
supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.


IBRANI 6:13
Awitdene nalika Gusti Allah maringake prasetyane marang Rama Abraham, banjur supaos demi Panjenengane piyambak, sarehne ora ana manungsa kang ngungkuli Panjenengane,


IBRANI 6:17
Marga saka iku luwih ngyakinake marang wong-wong kang nduweni hak nampani prasetya iku ing bab teteping putusane, Gusti Allah wus nanggel kanthi supaos,


IBRANI 6:18
supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pagnarep-arep kang kagantungake.


IBRANI 7:3
kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.


IBRANI 7:19
-- sabab angger-anggering Toret iku babar pisan ora nggawa kasampurnan -- nanging saiki kathukulake pangarep-arep kang luwih prayoga, kang nyaketake kita kalawan Gusti Allah.


IBRANI 7:25
Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


IBRANI 8:2
sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.


IBRANI 9:14
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?


IBRANI 9:24
Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


IBRANI 10:7
Kawula lajeng munjuk: Lah punika Kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab Kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Gusti Allah Kawula.”


IBRANI 10:12
Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,


IBRANI 10:21
lan kita duwe Imam Agung kang ngepalani padalemane Gusti Allah.


IBRANI 10:22
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


IBRANI 10:31
Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.


IBRANI 10:36
Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.


IBRANI 11:3
Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.


IBRANI 11:4
Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.


IBRANI 11:5
Marga saka pracaya Henokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung dening Gusti Allah. Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenan manawa ndadekake keparenging Allah.


IBRANI 11:6
Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.


IBRANI 11:10
Jalaran panjenengane ngantos-antos kutha kang atetales, kang karancang sarta kayasa dening Gusti Allah.


IBRANI 11:16
Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.


IBRANI 11:19
Jalaran panjenengane manggalih, manawa Gusti Allah kuwaos nangekake wong, sanadyan saka ing antarane wong mati. Sarta prasasat saka ing kono anggone nampeni wangsul putrane.


IBRANI 11:25
jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa


IBRANI 11:40
Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan.


IBRANI 12:2
Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.


IBRANI 12:5
Sarta apa kowe wus padha lali marang pitutur kang kadhawuhake marang kowe kaya marang para putra: “He anakku, aja nyepelekake panggulawenthahe Gusti Allah, sarta aja padha nglokro manawa kowe dielingake;


IBRANI 12:6
amarga Gusti Allah matrapi marang kang ditresnani, sarta nggebagi kang kaanggep putra.”


IBRANI 12:7
Manawa kowe padha ngalami dipatrapi, dadi kowe karengkuh putrane Gusti Allah. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi dening bapakne?


IBRANI 12:14
Padha ngudia rukun karo sakabehing wong, sarta ngaraha marang kasucen; jalaran tanpa kasucen siji bae ora ana kang bakal ndeleng Gusti Allah.


IBRANI 12:15
Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.


IBRANI 12:22
Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,


IBRANI 12:23
sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,


IBRANI 12:25
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


IBRANI 12:28
Kang iku, sarehne kita padha nampani nagara kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturake panuwun lan padha ngabekti marang Gusti Allah, miturut cara kang kakarsakake, kanthi hurmat lan wedi-asih.


IBRANI 12:29
Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


IBRANI 13:4
Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.


IBRANI 13:5
Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


IBRANI 13:6
Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: “Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”


IBRANI 13:7
Padha elinga marang para pangiridmu, kang wis nggelarake pangandikane Gusti Allah marang kowe. Padha mawanga wekasaning sugenge arta padha nulada ing pracayane.


IBRANI 13:15
Kang iku payo kita padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane.


IBRANI 13:16
Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


IBRANI 13:20
Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


YAKOBUS 1:1
Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.


YAKOBUS 1:5
Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


YAKOBUS 1:12
Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.


YAKOBUS 1:13
Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.


YAKOBUS 2:5
Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


YAKOBUS 2:7
Apa dudu iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowe padha dadi kagungane Gusti Allah


YAKOBUS 2:19
Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.


YAKOBUS 2:23
Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”


YAKOBUS 3:9
Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah,


YAKOBUS 4:4
He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.


YAKOBUS 4:5
Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”


YAKOBUS 4:6
Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


YAKOBUS 4:8
Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.


1 PETRUS 1:3
Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


1 PETRUS 1:21
Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.


1 PETRUS 2:9
Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


1 PETRUS 2:10
Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.


1 PETRUS 2:12
Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


1 PETRUS 2:13
Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,


1 PETRUS 2:15
Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.


1 PETRUS 2:17
Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!


1 PETRUS 2:20
Sabab, manawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.


1 PETRUS 3:5
Dene iya kaya mangkono iku, biyen patrape para wong wadon suci anggone manganggo, yaiku wong wadon kang ngarep-arep marang Gusti Allah sarta padha sumuyud marang bojone,


1 PETRUS 3:17
jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.


1 PETRUS 3:20
yaiku marang roh-rohe para wong kang ing biyen nalika jamane Nabi Nuh padha ora mbangun-miturut marang Gusti Allah, rikala Gusti Allah tetep ngantos-antos kalawan sabar, ing kalane Nabi Nuh lagi yasa prau, kang mung diungseni wong sathithik, yaiku wong wolu, kang kapitulungan bisa oncat saka ing banjir.


1 PETRUS 3:21
Samono uga kowe saiki iya padha kapitulngan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,


1 PETRUS 4:11
Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.


1 PETRUS 4:16
Nanging manawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Gusti Allah atas asmane Gusti Kristus iku.


1 PETRUS 5:2
Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.


1 PETRUS 5:5
Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


1 PETRUS 5:6
Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.


1 PETRUS 5:10
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.


1 PETRUS 5:12
Anggonku nulis cekak marang kowe iki lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulur kang kena dipracaya, prelu ngelingake sarta nyethakake, manawa iki sih-rahmate Gusti Allah kang sanyata. Iku padha ugemana kang temenan!


2 PETRUS 1:1
Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.


2 PETRUS 1:2
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu ngluberana ing kowe kabeh, marga saka anggonmu padha wanuh marang Gusti Allah sarta marang Gusti Yesus, Gusti kita.


2 PETRUS 1:17
Aku padha nyipati anggone Panjenengane tampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah Sang Rama, nalika katedhakan swara saka Kang Mahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSun kekasih, kang ndadekake keparenging panggalihingSun.”


2 PETRUS 2:1
Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


2 PETRUS 2:4
Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;


2 PETRUS 2:5
sarta manawa Gusti Allah ora ngeman jagad ing jaman purwa, nanging mung milujengake Rama Nuh kang ngabarake kayekten karo wong pitu liyane, nalika Panjenengane ndhatengake banjir patopan kanggo jagade para wong mblasar;


2 PETRUS 2:6
mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,


2 PETRUS 3:12
yaiku kowe kang padha nganti-anti sarta nggelisake marang tekane dinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakal lebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasar wujuding donya padha luluh kaobong.


1 YOKANAN 1:5
Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan.


1 YOKANAN 2:3
Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah iku titikane yaiku manawa kita padha netepi ing pepakone.


1 YOKANAN 2:14
He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.


1 YOKANAN 2:17
Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.


1 YOKANAN 3:19
Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.


1 YOKANAN 3:20
Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.


1 YOKANAN 3:21
He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,


1 YOKANAN 3:24
Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


1 YOKANAN 4:1
Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


1 YOKANAN 4:3
Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohin Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.


1 YOKANAN 4:6
Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.


1 YOKANAN 4:7
Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.


1 YOKANAN 4:8
Sapa kang ora nindakake katresnan, iku ora wanuh karo Gusti Allah, ujer Gusti Allah iku katresnan.


1 YOKANAN 4:9
Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.


1 YOKANAN 4:10
Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


1 YOKANAN 4:11
He, para kekasih, sarehne nganti samono anggone Gusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.


1 YOKANAN 4:12
Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.


1 YOKANAN 4:15
Kang iku sing sapa ngakoni yen Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah, Gusti Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Gusti Allah.


1 YOKANAN 4:16
Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.


1 YOKANAN 4:17
Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.


1 YOKANAN 4:19
Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.


1 YOKANAN 4:20
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?


1 YOKANAN 4:21
Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.


1 YOKANAN 5:1
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kan diputrakake.


1 YOKANAN 5:2
Anggon kita padha nresnani para putraning Allah, iku titikane yaiku manawa kita padha tresna marang Gusti Allah lan netepi ing pepakone.


1 YOKANAN 5:3
Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot,


1 YOKANAN 5:5
Sapa ta kang ngalahake jagad, kajaba wong kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah?


1 YOKANAN 5:9
Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.


1 YOKANAN 5:10
Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.


1 YOKANAN 5:11
Anadene kang dadi paseksene: Kita wus padha kaparingan urip langgeng dening Gusti Allah, lan urip iku dumunung ana ing Kang Putra.


1 YOKANAN 5:14
Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.


1 YOKANAN 5:15
Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.


1 YOKANAN 5:16
Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.


2 YOKANAN 1:3
Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu bakal nunggal kalawan kita saka Gusti Allah Sang Rama lan Saka Gusti Yesus Kristus, Putrane Sang Rama, sajroning kayekten lan katresnan.


2 YOKANAN 1:9
Sok wonga kang ora ngantepi ing piwulange Sang Kristus, nanging nyimpang saka iku, iku ora nduweni Gusti Allah. Sok wonga kang ngantepi ing piwulang iku nduweni Sang Rama lan Sang Putra pisan.


3 YOKANAN 1:6
Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.


3 YOKANAN 1:7
Awit anggone padha lelungan iku marga saka Kang Asma ora nganggo nampani apa-apa saka wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah.


YUDAS 1:21
Padha rumeksaa marang awakmu dhewe mangkono, ana ing sajroning sihe Gusti Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tmuju ing urip langgeng.


YUDAS 1:25
Gusti Allah kang sawiji, Pamarta kita, marga dening Gusti Yesus Kristus Gusti kita, iku kang sayogya kagungan kamulyan, kaluhuran, kasantosan sarta panguwaos, sadurunge dumadine jaman lan saiki sarta nganti salawase. Amin.


WAHYU 1:1
Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.


WAHYU 1:2
Yokanan wus nekseni bab pangandikane Gusti Allah lan bab paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wus dideleng.


WAHYU 1:6
lan kang wus ngangkat kita dadi sawijining karajan, padha dadi imam sumaos marang Gusti Allah, kang Rama, -- iya kagem Panjenengane iku kamulyan lan panguwasa nganti ing salawas-lawase. Amin.


WAHYU 1:8
“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


WAHYU 1:9
Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.


WAHYU 2:7
Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”


WAHYU 4:5
Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.


WAHYU 4:11
“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”


WAHYU 5:9
Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


WAHYU 6:9
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.


WAHYU 7:2
Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,


WAHYU 7:11
Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,


WAHYU 7:17
Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”


WAHYU 9:4
Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.


WAHYU 9:13
Malaekat kang kanem tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur krungu swara metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsane Gusti Allah,


WAHYU 11:1
Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.


WAHYU 11:13
Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.


WAHYU 11:16
Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,


WAHYU 11:17
unjuke, “Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.


WAHYU 11:19
Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


WAHYU 12:6
Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.


WAHYU 13:6
Kewan iku nuli ngangapake cangkeme nyenyamah marang Gusti Allah, iya nyenyamah marang asmane lan padalemane sarta marang kabeh kang padha manggon ana ing swarga.


WAHYU 14:4
Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


WAHYU 14:7
pangandikane kalawan swara seru: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.”


WAHYU 14:10
iku bakal ngombe anggur bebendune Gusti Allah, kang wus kasadhiyakake tanpa campuran ana ing tuwunging dukane; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepe para malaekat suci lan ing ngarsane Sang Cempe.


WAHYU 15:2
Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.


WAHYU 15:3
Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


WAHYU 16:9
Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.


WAHYU 16:14
Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.


WAHYU 16:19
Temah kutha kang gedhe iku pecah dadi telu lan kutha-kuthane para bangsa kang padha ora wanuh marang Gusti Allah padha jugrug. Gusti Allah banjur kengetan marang Babil kang gedhe iku nuli kaparingan tuwung kang kebak isi anggur bebenduning dukane Gusti Allah.


WAHYU 16:21
Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.


WAHYU 17:17
Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.


WAHYU 18:5
Amarga dosane wus ngundhung-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allah wus ngengeti ing sakehe pialane.


WAHYU 18:20
Padha bungaha marga saka iku, he swarga, lan para suci, para rasul sarta para nabi, sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman marang kutha iku marga saka kowe kabeh.”


WAHYU 19:4
Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk: “Amin, Haleluya!”


WAHYU 19:9
Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


WAHYU 19:10
Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


WAHYU 19:15
Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.


WAHYU 19:17
Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swara sora marang sakehe manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padha nglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujana kang gedhe,


WAHYU 20:4
Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh ing ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


WAHYU 20:6
Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangen kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasesa maneh dening pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imame Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndherek jumeneng ratu kalawan Panjenengane nganti sewu taun lawase.


WAHYU 21:3
Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.


WAHYU 21:10
Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.


WAHYU 21:23
Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.


WAHYU 22:1
Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.


WAHYU 22:3
Sarta bakal ora ana laknat maneh. Dene dhampare Gusti Allah lan Sang Cempe bakal ana ing tengahe, lan para abdine bakal padha ngabekti marang Panjenengane,


WAHYU 22:9
Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


WAHYU 22:18
Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki.


WAHYU 22:19
Lan manawa ana wong kang ngurangi ing pangandikane kitab wedharing wangsit iki, Gusti Allah bakal mundhut pandumane saka ing wit panguripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulisan ana ing kitab iki.”


Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981