A A A A A

Nggoleki
MATEUS 1:21
sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


MATEUS 3:6
Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden kalawan ngakoni dosane.


MATEUS 9:2
Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


MATEUS 9:5
Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?


MATEUS 9:6
Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”


MATEUS 9:10
Kacarita nalika Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan Gusti Yesus dalasan para sakabate.


MATEUS 9:11
Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


MATEUS 9:13
Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


MATEUS 11:19
Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”


MATEUS 12:31
Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.


MATEUS 21:41
Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.”


MATEUS 26:15
lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.


MATEUS 26:28
Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa.


MATEUS 26:45
Sawise mangkono banjur murugi para sakabate lan ngandika:“Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsane Putraning Manungsa kaulungake marang tamganing wong-wong dosa.


MATEUS 27:2
Gusti Yesus banjur kabesta kaladosake marang Sang Wali-Nagara Pilatus.


MATEUS 27:4
kalawan matur:“ Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhewe!”


MARKUS 1:4
Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.”


MARKUS 1:5
Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden.


MARKUS 2:5
Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosanmu wis kaapura!”


MARKUS 2:7
“Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”


MARKUS 2:9
Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.


MARKUS 2:10
Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh: --


MARKUS 2:15
Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.


MARKUS 2:16
Nalika para ahli Toret saka golongan farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, bajur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


MARKUS 2:17
Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


MARKUS 3:28
Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.


MARKUS 3:29
Nanging wong kang ngala-ala marang Sang Roh Suci, ora bakal oleh pangapura salawas-lawase, jalaran kaluputan anggone nindakake dosa kang langgeng.”


MARKUS 8:38
Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”


MARKUS 14:41
Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wancine, delengen, Putraning Manungsa diulungake marang tangane para wong dosa.


MARKUS 15:14
Sang Pilatus nuli ngandika: “Dosane apa ta?” Nanging wong-wong saya seru anggone padha nguwuh-uwuh: “Kasaliba!”


LUKAS 1:3
Awit saking punika, sasampunipun kula nitipriksa sadaya kadadosan wau wiwit ing wiwitanipun kanthi saestu, kakencenganing manah kula, lajeng kula dadosaken buku ingkang isinipun tumata saha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsa panjenengan punika, dhuh, Sang Teofilus,


LUKAS 1:77
lan ngretekake umate marang dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosane


LUKAS 3:3
Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”


LUKAS 5:8
Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


LUKAS 5:20
Gusti Yesus bareng mirsa pangandele wong-wong mau, tumuli ngandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”


LUKAS 5:21
Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


LUKAS 5:23
Gampang endi dhawuh: dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua?


LUKAS 5:24
Nanging supaya kowe padha ngreti, yen Putraning Manungsa iku kuwasa ngapura dosa ana ing bumi,” banjur ngandika marang kang lumpuh iku: “DhawuhKu marang kowe: Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”


LUKAS 5:30
Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


LUKAS 5:32
TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”


LUKAS 6:32
Sarta manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku apa jasamu? Amarga wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan.


LUKAS 6:33
Awit manawa kowe padha gawe becik marang kang mbeciki kowe, iku jasamu apa? Wong dosa rak iya padha tumindak mangkono.


LUKAS 6:34
Lan maneh manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke, iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padha ngutangi marang padha wong dosa, supaya padha tampane.


LUKAS 7:34
Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.


LUKAS 7:37
Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi,


LUKAS 7:39
Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


LUKAS 7:47
Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”


LUKAS 7:48
Banjur ngandika marang wong wadon mau: “Dosamu wis kaapura.”


LUKAS 7:49
Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengane, padha mosik mangkene: “Sapa ta, Dheweke iku, dene kok nganti bisa ngapura dosa?”


LUKAS 11:4
Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”


LUKAS 13:2
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramu wong-wong Galilea iki luwih gedhe dosane katimbang karo dosane wong-wong Galilea liyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakon kang kaya mangkono iku?


LUKAS 15:1
Para juru-mupu-beya lan wong dosa iku adate padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngrungokake piwulange.


LUKAS 15:2
Wong Farisi lan para ahli Toret satemah padha kedumelan, pangucape: “Wong iku kok nampani wong dosa lan mangan bebarengan.”


LUKAS 15:7
Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”


LUKAS 15:10
Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”


LUKAS 15:18
Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,


LUKAS 15:21
Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.


LUKAS 17:5
Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”


LUKAS 18:13
Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.


LUKAS 19:7
Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”


LUKAS 23:7
Bareng mirsa yen Gusti Yesus iku kalebet bawahe Sang Prabu Herodhes, nuli kaladosake marang ngarsane Sang Prabu Herodhes, kang ing wektu iku pinuju ana ing kutha Yerusalem.


LUKAS 24:7
yaiku, yen Putraning Manungsa pinasthi kaulungake marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinane.”


LUKAS 24:47
Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.


YOKANAN 1:29
Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


YOKANAN 5:14
Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”


YOKANAN 8:7
Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”


YOKANAN 8:11
Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”


YOKANAN 8:21
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”


YOKANAN 8:24
Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


YOKANAN 8:34
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.


YOKANAN 8:46
Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku?


YOKANAN 9:2
Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”


YOKANAN 9:16
Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.


YOKANAN 9:24
Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”


YOKANAN 9:25
Wangsulane wong mau: “Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.”


YOKANAN 9:31
Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.


YOKANAN 9:34
Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.


YOKANAN 9:41
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”


YOKANAN 15:22
Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padha gawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwe alasan ing bab dosane.


YOKANAN 15:24
Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.


YOKANAN 16:8
Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan;


YOKANAN 16:9
bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.


YOKANAN 17:21
supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


YOKANAN 17:22
Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal:


YOKANAN 18:28
Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah.


YOKANAN 18:30
Wong-wong mau padha mangsuli ature: “Manawi Tiyang punika sanes durjana mesthi boten kula ladosaken dhateng Panjenengane!”


YOKANAN 18:35
Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kula; Panjenengan tumindak punapa?”


YOKANAN 19:11
Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”


YOKANAN 20:23
Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake.”


LELAKONE PARA RASUL 1:20
Sabab ing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene: Pemahanipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni. Sarta: Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang sanes.


LELAKONE PARA RASUL 2:38
Wangsulane Rasul Petrus: “Kula aturi sami mratobat sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Gusti Yesus Kristus, amrih angsala pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhe nampeni peparing Roh Suci.


LELAKONE PARA RASUL 3:16
Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.


LELAKONE PARA RASUL 3:19
Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,


LELAKONE PARA RASUL 5:31
Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


LELAKONE PARA RASUL 7:6
Saha Gusti Allah nunten ngandika, bilih tedhak turunipun badhe dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhe kadadosaken rencang tumbasan sarta dipun kaniaya laminipun kawan atus taun.


LELAKONE PARA RASUL 7:40
Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.


LELAKONE PARA RASUL 7:60
Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.


LELAKONE PARA RASUL 10:35
Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.


LELAKONE PARA RASUL 10:43
Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”


LELAKONE PARA RASUL 13:17
Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.


LELAKONE PARA RASUL 13:19
Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.


LELAKONE PARA RASUL 13:38
Milanipun ndadosna ing kauningan, para sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa,


LELAKONE PARA RASUL 13:39
saha wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaluwaran saking sadaya dosa; punika boten saged panjenengan tampeni saking angger-anggeripun Nabi Musa.


LELAKONE PARA RASUL 17:26
Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.


LELAKONE PARA RASUL 22:16
Lan saiki kapriye, dene kowe isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmane Gusti!


LELAKONE PARA RASUL 23:6
Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”


LELAKONE PARA RASUL 23:15
Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”


LELAKONE PARA RASUL 23:20
Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun.


LELAKONE PARA RASUL 23:28
Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun.


LELAKONE PARA RASUL 24:21
Punapa bokmanawi namung margi saking pangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ing satengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika: Margi saking bab patangenipun tiyang-tiyang pejah, kula ing dinten punika dipun ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan.”


LELAKONE PARA RASUL 25:17
Milanipun tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Enjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha aken ngladosaken tiyang punika.


LELAKONE PARA RASUL 25:26
Namung kemawon boten wonten punapa-punapa ingkang gumathok, ingkang kedah kula aturaken ing serat ing ngarsanipun Sang Nata Agung bab tiyang punika. Inggih punika sababipun mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan, Sang Prabu Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena punapa-punapa ingkang saged kula serat.


LELAKONE PARA RASUL 26:11
Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”


LELAKONE PARA RASUL 26:18
supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


LELAKONE PARA RASUL 28:4
Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”


RUM 2:12
Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.


RUM 3:7
Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?


RUM 3:9
Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,


RUM 3:20
Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


RUM 3:23
Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,


RUM 3:25
Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.


RUM 4:7
“Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane;


RUM 5:8
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


RUM 5:12
Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekane pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabeh, jalaran wong kabeh mau wus padha gawe dosa.


RUM 5:13
Sabab sadurunge ana angger-anggering Toret ing jagad wus ana dosa. Nanging dosa mau ora kaetung manawa ora ana angger-anggering Toret.


RUM 5:14
Sanadyan mangkono wiwit Rama Adam tumekane Nabi Musa, si pati wus masesani uga marang kang padha gawe dosa, kang panerake ora madhani ing panerake Rama Adam, iya iku kang dadi gegambarane Panjenengane kang bakal rawuh.


RUM 5:16
Lan peparinge sih-rahmat iku ora timbang karo dosane wong siji. Awit karampunganing pangadilan tumrap panerake wong siji iku nekakake paukuman, nanging peparinge ganjaran sih-rahmat marga saka panerak kang akeh iku nekakake karampungan kang mbenerake.


RUM 5:19
Dadi padha kaya pambangkange wong siji mau njalari wong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turute wong siji kabeh wong banjur padha dadi wong kang bener.


RUM 5:20
Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,


RUM 5:21
supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 6:1
Yen mangkono, apa ta sing bakal kita gunem? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih-rahmat?


RUM 6:2
Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?


RUM 6:6
Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.


RUM 6:7
Sabab, sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ing dosa.


RUM 6:10
Awit sedane iku, seda tumrap ing dosa, mung sapisan kanggo salawase; lan gesange iku gesang lumados marang Gusti Allah.


RUM 6:11
Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.


RUM 6:12
Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.


RUM 6:13
Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.


RUM 6:14
Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.


RUM 6:15
Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!


RUM 6:16
Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?


RUM 6:17
Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.


RUM 6:18
Kowe wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining kabeneran.


RUM 6:20
Sabab nalika kowe padha dadi kawulaning dosa, kowe padha ora kawengku ing kabeneran.


RUM 6:22
Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.


RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


RUM 7:5
Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah dening angger-anggering Toret, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha metokake woh kanggo si pati,


RUM 7:7
Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!”


RUM 7:8
Nanging marga saka pepakon mau, dosa oleh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamelikan ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret, dosa iku mati.


RUM 7:9
Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip,


RUM 7:11
Awit saka ananing pepakon iku, dosa oleh jalaran nasarake aku, lan marga saka pepakon iku mau si dosa mateni aku.


RUM 7:13
Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.


RUM 7:14
Sabab kita sumurup, manawa angger-anggering Toret iku awatak kasukman, nanging aku iki awatak kadagingan, kaedol dadi budhake si dosa.


RUM 7:17
Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.


RUM 7:20
Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.


RUM 7:23
nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.


RUM 7:26
Dadi kalawan akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggere Gusti Allah, nanging kalawan daging ngawula marang angger-anggere si dosa.


RUM 8:2
Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.


RUM 8:3
Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


RUM 8:10
Nanging manawa Sang Kristus dedalem ana ing kowe, sanadyan raga iku mati marga saka dosa, nanging sukma iku urip awit saka kabeneran.


RUM 11:8
kaya kang katulisan, wiraose: “Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokake, nganti tumeka ign dina iki.”


RUM 11:9
Sarta Sang Prabu Dawud munjuk: “Pakembulanipun dadosa kalajiret saha jaring, tuwin sesandhungan, punapadene piwales tumrap tiyang-tiyang punika.


RUM 11:27
Lan iki kang dadi prajanjianingSun kalawan wong-wong iku, samangsa Ingsun mbirat dosane.”


RUM 14:23
Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggone nindakake iku ora dilambari pracaya. Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa.


1 KORINTA 6:18
Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.


1 KORINTA 7:28
Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.


1 KORINTA 7:36
Dene manawa ana wong duwe pangira, yen anggone ngrengkuh marang prawane kurang samesthine, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwe rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancen karepe mangkono, kareben neningkahan. Iku ora dosa.


1 KORINTA 8:12
Manawa kanthi patrap mangkono, kowe gawe dosa marang para sadulurmu sarta natoni pangrasaning atine kang ringkih, iku sajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.


1 KORINTA 10:18
Padha titenana bangsa Israel kang mungguh ing daging: wong kang padha mangan kurban iku rak oleh panduman ing paladosaning misbyah, ta?


1 KORINTA 11:27
Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggone mangan roti sarta ngombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marang sarira lan rahe Gusti.


1 KORINTA 15:3
Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,


1 KORINTA 15:17
Lan manawa Sang Kristus ora kawungokake, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowe isih padha kawengku ing dosamu.


1 KORINTA 15:34
Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


1 KORINTA 15:56
Mungguh entupe pati iya iku dosa, lan pikuwate dosa iku angger-anggering Toret.


2 KORINTA 5:21
Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


2 KORINTA 12:21
Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.


2 KORINTA 13:2
Para wong kang ing wektu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehe wong liyane, wus dakkandhani luwih dhisik lan bakal dakkandhani sapisan engkas -- saiki sajrone aku adoh karo kowe kabeh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- manawa aku teka maneh aku ora bakal ngeman sapa bae.


GALATI 1:4
kang wus masrahake sarirane krana dosa-dosa kita, supaya kita diluwarana saka ing jagad ala kang saiki iki, manut karsane Gusti Allah lan Rama kita,


GALATI 2:15
Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.


GALATI 2:17
Nanging manawi kita piyambak ing salebeting ngudi supados kaanggep leres wonten ing Sang Kristus punika nyatanipun tiyang-tiyang dosa, punapa punika lajeng ateges bilih Sang Kristus punika dados paladosing dosa? Babar pisan boten.


GALATI 3:22
Nanging Kitab Suci wus nggolongake samubarang kabeh marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus prasetya mau kaparingake marang wong kang padha pracaya.


EFESUS 1:7
Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


EFESUS 2:1
Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.


EFESUS 4:26
Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsune ilang


KOLOSE 1:14
Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.


KOLOSE 2:11
Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,


1 TESALONIKA 2:16
awit padah ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.


1 TIMOTEUS 1:9
yaiku kanthi yakin, yen angger-anggering Toret iku ora kanggo wong kang sampurna, nanging kanggo wong murangsarak lan wong kang uripe tanpa tatanan, wong lamis lan wong dosa, wong kang engenake kadonyan lan wong kang tanpa agama, kang mateni bapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,


1 TIMOTEUS 1:15
Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.


1 TIMOTEUS 1:16
Nanging malah iya marga saka iku aku banjur karentahan palimirma, supaya Gusti Yesus Kristus nelakna katoging kasabarane ana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sarta dadia pangilon tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengane, satemah oleh urip langgeng.


1 TIMOTEUS 2:14
Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.


1 TIMOTEUS 5:20
Kang padha nglakoni dosa iku welehna ana in ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi.


1 TIMOTEUS 5:22
Aja kesusu numpangi tangan marang wong lan aja nganti katut-katut ing dosane wong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.


1 TIMOTEUS 5:24
Dosane wong sawatara iku cetha banget, nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang ing pangadilan, nanging dosane wong sawatara maneh lagi kacetha besuk.


2 TIMOTEUS 3:6
Sabab ing antarane wong-wong iku ana kang padha nylinthut lumebu ing omahe wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kang kawengku ing pepenginan marupa-rupa,


TITUS 3:11
Kowe mangreti, yen wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awake dhewe kalawan dosane iku.


IBRANI 1:3
Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


IBRANI 2:7
Wondene kangge sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik tinimbang kaliyan para malaekat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,


IBRANI 2:17
Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


IBRANI 3:13
Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.


IBRANI 3:17
Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?


IBRANI 4:15
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.


IBRANI 5:1
Awitdene saben imam agung, kang kapiji saka ing antarane manungsa, iku katetepake kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Gusti Allah, supaya nyaosake pisungsung sarta kurban tumrap dosa.


IBRANI 5:3
kang ngudokake saos kurban tumrap dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengane piyambak.


IBRANI 7:26
Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


IBRANI 7:27
kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.


IBRANI 8:12
Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.”


IBRANI 9:26
Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.


IBRANI 9:28
mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.


IBRANI 10:2
Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan kanggo salawas-lawase.


IBRANI 10:3
Ananging iya malah marga saka kurban-kurban iku saben taun wong padha dielingake marang anane dosa.


IBRANI 10:4
Sabab mokal manawa getihing sapi lanang utawa getihing wedhus lanang bisa mbirat dosa.


IBRANI 10:6
Kurban obaran saha kurban pambirating dosa boten ndadosaken kepareng Paduka.


IBRANI 10:8
Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” -- sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret --.


IBRANI 10:11
Sabanjure saben imam ing sadina-dina ngimami sarta ambal-ambalan nyaosake kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.


IBRANI 10:12
Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,


IBRANI 10:17
sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.”


IBRANI 10:18
Dadi manawa iku kabeh wus kaapura, ora prelu ana kurban maneh kang kudu kasaosake marga saka dosa.


IBRANI 10:26
Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthi ora ana kurban maneh kanggo mbirat dosa iku.


IBRANI 11:25
jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa


IBRANI 12:1
Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.


IBRANI 12:3
Padha tansah elinga marang Panjenengane kang mantep anggone nahanake pambantahe para wong dosa kang nganti samono iku marang Panjenengane, supaya kowe aja nganti padha lesu sarta semplah.


IBRANI 12:4
Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.


IBRANI 13:11
Jalaran mungguh kewan-kewan kang getihe kagawa lumebu marang ing pasucen dening Imam Agung minangka pambirating dosa, iku padha kaobong ana ing sajabane pamandhahan.


YAKOBUS 1:15
Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati.


YAKOBUS 2:9
Nanging manawa kowe padha mawang wong, kowe nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yen kowe nglakoni panerak.


YAKOBUS 4:8
Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.


YAKOBUS 4:17
Dadi sing sapa mangreti ing bab panggawe becik, mangka ora nglakoni, iku dadi lan dosane.


YAKOBUS 5:15
Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametake kang lara iku, lan bakal ditangekake dening Gusti; sarta manawa wong iku wis nglakoni dosa, dosane iku bakal diapura.


YAKOBUS 5:16
Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


YAKOBUS 5:20
sumurupa, sapa kang mbalekake wong dosa saka lakune kang nasar, iku bakal ngentasake nyawane saka ing pati sarta nutupi dosa akeh.


1 PETRUS 2:22
Panjenengane iku kang ora gawe dosa sarta ing tutuke ora tinemu ana cidrane.


1 PETRUS 2:24
Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


1 PETRUS 3:18
Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


1 PETRUS 4:1
Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan, mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone ngalakoni dosa,


1 PETRUS 4:8
Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.


1 PETRUS 4:18
Sarta manawa wong mursid iku meh bae ora kaslametake, wong duraka lan wong dosa iku bakal kapriye kadadeane?


2 PETRUS 1:9
Nanging sing sapa ora kadnungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane kang dhisik wis dibirat.


2 PETRUS 2:4
Jalaran manawa Gusti Allah ora ngeman marang malaekat kang padha gawe dosa, nanging dicemplungake ing naraka, kapasrahake marang guwa-guwa peteng kanggo nyimpen nganti dinaning pangadilan;


2 PETRUS 2:14
Mripate kebak isi pepenginan laku bedhang, ora mari-mari anggone gawe dosa. Wong-wong iku padha mbebujuk wong-wong kang ringkih atine. Wateke wis kulina srakah. Pancen dhasar wong kang padha kena ing ipat-ipat!


1 YOKANAN 1:7
Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.


1 YOKANAN 1:8
Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.


1 YOKANAN 1:9
Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.


1 YOKANAN 1:10
Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.


1 YOKANAN 2:1
He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


1 YOKANAN 2:2
Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


1 YOKANAN 2:12
He, anak-anak, mulane aku nulis layang marang kowe, marga dosamu wus padha kaapura marga saka Kang Asma.


1 YOKANAN 3:4
Sok wonga kang nglakoni dosa, iku iya nerak angger-anggering Allah, sabab dosa iku nerak angger-anggering Allah.


1 YOKANAN 3:5
Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.


1 YOKANAN 3:6
Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.


1 YOKANAN 3:8
Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.


1 YOKANAN 3:9
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.


1 YOKANAN 4:10
Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


1 YOKANAN 5:16
Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.


1 YOKANAN 5:17
Sakabehing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakake pati.


1 YOKANAN 5:18
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.


YUDAS 1:15
karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kan diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”


WAHYU 1:5
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --


WAHYU 5:10
sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.”


WAHYU 18:4
Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelake.


WAHYU 18:5
Amarga dosane wus ngundhung-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allah wus ngengeti ing sakehe pialane.


Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981