A A A A A


Nggoleki

MATEUS 1:20
Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,


MATEUS 1:24
Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran, Maryam dipek bojo,


MATEUS 2:6
Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”


MATEUS 2:13
Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”


MATEUS 2:19
Bareng Sang Prabu Herodhes wus seda, ana malaekating Pangeran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing tanah Mesir, kang dhawuh:


MATEUS 2:20
“Tangia, Sang Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah Israel, amarga sing padha ngarah sedane Sang Timur wus padha mati.”


MATEUS 4:16
bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayangning pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”


MATEUS 5:4
Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.


MATEUS 5:8
Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.


MATEUS 5:28
Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.


MATEUS 5:29
Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.


MATEUS 5:30
Lan maneh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.


MATEUS 5:45
supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.


MATEUS 6:21
Amarga ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing kono dununge atimu.


MATEUS 6:26
Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?


MATEUS 7:15
“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


MATEUS 7:16
Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir?


MATEUS 7:20
Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.


MATEUS 8:22
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.”


MATEUS 8:25
Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”


MATEUS 8:28
Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekane saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono.


MATEUS 8:32
Dhawuhe Gusti Yesus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu.


MATEUS 9:2
Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


MATEUS 9:4
Nanging Gusti Yesus mirsa kang dadi panggraitane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe panggraita kang ala ana ing atimu?


MATEUS 9:22
Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.


MATEUS 9:24
banjur ngandika: “Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengane.


MATEUS 10:8
Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.


MATEUS 10:15
Satemene pituturKu marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang sinangga dening Sodom lan Gomora bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.”


MATEUS 10:16
“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.


MATEUS 10:21
Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.


MATEUS 11:5
wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


MATEUS 11:10
Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitab mangkene: Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.


MATEUS 11:23
Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.


MATEUS 11:24
Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening tanah Sodom bakal luwih entheng katimbang karo kowe.”


MATEUS 12:3
Nanging Gusti Yesus ngadika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?


MATEUS 12:34
Heh, tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa ngucapake barang-barang kang becik, lah wong kowe dhewe ala? Sabab apa kang kaucapake ing cangkem iku saka bludaging ati.


MATEUS 12:45
Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”


MATEUS 13:7
Ana maneh kang tumiba ing eren. Bareng eri-erine saya gedhe, wijine kalindhih temahan mati.


MATEUS 13:15
Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampeng sarta mripate dieremake, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge sarta atune bisa mangreti banjur mratobat, temahan Sunwarasake.


MATEUS 13:19
Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.


MATEUS 13:21
nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.


MATEUS 14:2
banjur ngandika marang para abdine: “Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten kaya mangkono.”


MATEUS 14:27
Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”


MATEUS 15:4
Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.


MATEUS 15:8
Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun.


MATEUS 15:18
Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.


MATEUS 15:19
Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.


MATEUS 15:32
Sawise iku Gusti Yesus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkene: “AtiKu trenyuh banget saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.”


MATEUS 16:1
Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga.


MATEUS 16:6
Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!”


MATEUS 16:18
Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.


MATEUS 16:28
Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”


MATEUS 17:3
Tumuli padha dikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kang padha ngandikan karo Panjenengane.


MATEUS 17:9
Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”


MATEUS 18:8
Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowe, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tangamu lan sikilmu karo-karone wutuh nanging kacemplungake ing geni langgeng.


MATEUS 18:9
Sarta manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowe lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungake ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.


MATEUS 18:35
Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”


MATEUS 19:8
Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.


MATEUS 19:25
Para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atine sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?”


MATEUS 20:18
“Saiki Aku lan kowe kabeh padha menyang ing Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal diulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret; iku bakal nibakake paukuman pati marang Panjenangane


MATEUS 21:15
Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,


MATEUS 21:36
Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik.


MATEUS 21:44
Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”


MATEUS 22:18
Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?


MATEUS 22:25
Kalampahan panunggilan kula wonten sadherek jaler pitu. Ingkang kapisan emah-emah, namung kemawon lajeng pejah. Sarehning boten nilar anak, dados ingkang estri katilaraken dhateng sadherekipun.


MATEUS 22:32
Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”


MATEUS 22:37
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.


MATEUS 23:7
Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.


MATEUS 23:17
Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase?


MATEUS 23:19
Heh, wong-wong picak, endi sing luwih wigati, pisungsunge apa misbyah kang nucekake pisungsung?


MATEUS 23:23
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhane, nanging kang wigati dhewe tumrap angger-anggering Toret koklirwakake, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakake, sijine aja dilirwakake.


MATEUS 23:28
Samono uga kowe, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.


MATEUS 24:40
Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katinggal.


MATEUS 24:41
Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijine katinggal.


MATEUS 24:48
Nanging manawa abdi iku ala lan duwe gagasan ing sajroning atine mangkene:


MATEUS 25:8
Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.


MATEUS 26:13
Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.”


MATEUS 26:38
Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.”


MATEUS 26:59
Para pangareping imam, malah sapepake pradata padha golek seksi palsu kang nglawan Gusti Yesus, supaya Panjenengane bisa kapatrapan paukuman pati,


MATEUS 27:1
Bareng wis esuk, kabeh pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk lan mutus, Gusti Yesus kapatrapan paukuman pati.


MATEUS 27:5
Dhuwit banjur diuncalake dening Yudas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.


MATEUS 27:52
apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong suci kang wis padha mati, padha urip maneh.


MATEUS 27:64
Awit saking punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun; manawi boten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhe langkung awon langkung awon tinimbang ingkang rumiyin.”


MATEUS 28:2
Banjur ana lindhu gedhe, awit ana malaekating Pangeran kang tumedhak saka ing langit nyelak lan ngglundhungake watune, nuli dilenggahi.


MATEUS 28:4
Sing padha jaga gumeter wedi banget nganti kaya wong mati.


MATEUS 28:7
Mulane padha endang balia lan kandhaa marang para sakabate, yen Panjenengane wis wungu saka ing antarane wong mati lan ndhisiki lakumu menyang Galilea. Kowe bakal padha ndeleng Panjenengane ana ing kana. Yaiku pawartaku marang kowe kabeh.”


MARKUS 1:44
“Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.”


MARKUS 2:8
Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?


MARKUS 2:18
Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”


MARKUS 2:25
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca apa kang ditindakake dening Senapati Dawud, nalika karo para pandhereke padha nandhang kakurangan lan kaluwen,


MARKUS 3:5
Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.


MARKUS 3:8
saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.


MARKUS 3:23
Wong-wong mau banjur padha katimbalan lan dipangandikani kanthi pasemon: “Kapriye, apa setan bisa nundhung setan?


MARKUS 4:7
Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhe, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe.


MARKUS 4:15
Wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokake pangandika, nanging Iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine.


MARKUS 4:17
Nanging ku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsane katindhes lan kinaniaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad.


MARKUS 4:19
nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.


MARKUS 5:13
Gusti Yesus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono.


MARKUS 5:18
Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.


MARKUS 5:19
Nanging Gusti Yesus ora marengake, pangandikane marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabeh apa kang wis katindakake dening Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan dening Allah.”


MARKUS 5:38
Bareng wis padha tekan ing omahe lurah papan pangibadah, padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan padha sesambat kanthi suwara sora.


MARKUS 5:39
Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”


MARKUS 6:7
Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit,


MARKUS 6:14
Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambpatis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”


MARKUS 6:50
sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”


MARKUS 6:52
awit sawise lelakon bab roti, meksa durung ngreti, marga saka wangkoting atine.


MARKUS 7:6
Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.


MARKUS 7:10
marga ana dhawuhe Nabi Musa mangkene: Sira ngajenana bapa-biyungira, lan sing sapa ngipat-ipati bapa-biyunge kudu diukum pati.


MARKUS 7:19
amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.


MARKUS 7:21
sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati,


MARKUS 8:2
“Atiku trenyuh banget marga saka welasKu marang wong akeh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutake Aku, mangka saiki ora ana kang dipangan.


MARKUS 8:17
Bareng Gusti Yesus mirsa rerasanane iku, banjur ngandika: “Yagene kowe kok padha rasanan bab anggonmu padha ora nggawa roti? Apa kowe padha durung sumurup lan durung mangreti? Apa atimu wis dableg?


MARKUS 9:1
Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”


MARKUS 9:4
Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.


MARKUS 9:8
Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.


MARKUS 9:9
Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.


MARKUS 9:10
Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.


MARKUS 9:26
Dhemite banjur metu karo jerit-jerit, bocahe dieweng-eweng sakatoge, nganti katon kaya bocah mati, malah akeh wong kang alok: “Bocahe wis mati.”


MARKUS 9:43
Sarta manawa tanganmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, amarga luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang ganep tanganmu nanging dibuwang menyang ing naraka, ing geni kang ora kena disirep; [


MARKUS 9:44
kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine.]


MARKUS 9:45
Lan manawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, awit luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang karo ganep sikilmu, nanging kacemplungake ing naraka; [


MARKUS 9:46
kang singgate oar mati, lan ora kasirep genine.]


MARKUS 9:47
Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,


MARKUS 9:48
kang singgate ora mati lan genine ora kasirep.


MARKUS 9:50
Uyah iku pancen gedhe paedahe, nanging manawa ilang asine, kang kagawe mulihake rasane apa? Kowe padha tansah duwea uyah ana ing batinmu lan padha tansah rukuna.”


MARKUS 10:5
Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.


MARKUS 10:22
Bareng krungu pangandika mangkono iku, wong mau gela atine, banjur mundur kalawan sedhih, amarga akeh barang darbeke.


MARKUS 10:25
Luwih gampang unta nalusup ing bolonganing dom katimbang karo wong sugih bisane lumebu ing Kratoning Allah.”


MARKUS 10:33
pangandikane: “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungake marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah,


MARKUS 10:49
Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”


MARKUS 11:23
Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon.


MARKUS 11:25
lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. [


MARKUS 12:18
Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon:


MARKUS 12:25
Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.


MARKUS 12:26
Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?


MARKUS 12:27
Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip. Kesasar banget kowe iku!”


MARKUS 12:30
Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.


MARKUS 12:33
Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”


MARKUS 12:38
Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar,


MARKUS 12:43
Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,


MARKUS 13:4
“Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kelampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhe dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhe kelampahan?”


MARKUS 13:9
Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.


MARKUS 13:12
Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.


MARKUS 13:19
Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.


MARKUS 13:23
Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabeh wis Daktuturake marang kowe.”


MARKUS 13:33
“Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.


MARKUS 14:4
Pratingkah mangkono iku ndadekake muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yagene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono?


MARKUS 14:6
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.


MARKUS 14:19
Kabeh banjur padha sedhih atine, lan padha matur genti-genti: “Rak sanes kawula ta, Gusti?”


MARKUS 14:27
Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar.


MARKUS 14:34
banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasane nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.”


MARKUS 14:55
Para pangareping imam, malah sapepake pradata, padha golek paseksen kang kanggo nggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh.


MARKUS 14:64
Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang panjenengan?” Wong-wong kabeh padha sarujuk, yen Panjenengane kudu diukum pati.


MARKUS 15:15
Sarehne Sang Pilatus karsa damel mareming atine wong akeh, mulane Barabas banjur diluwari, dene Gusti Yesus banjur disapu lan sawise mangkono nuli dipasrahake supaya disalib.


MARKUS 15:18
Sawise mangkono banjur padha wiwit ngurmati Panjenengane, pangucape: “Ngaturaken salam, dhuh ratunipun tiyang Yahudi.”


MARKUS 16:9
Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.


MARKUS 16:12
Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.


MARKUS 16:14
Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


LUKAS 1:11
Imam Zakharia banjur dikatingali malaekating Pangeran, jumeneng ing satengahing misbyah padupan.


LUKAS 1:17
tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”


LUKAS 1:51
Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.


LUKAS 1:79
karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.”


LUKAS 2:9
Dumadakan ana malaekating Pangeran jumeneng ing sacedhake sarta padha kasorotan ing cahya kamulyane Pangeran temahan padha wedi banget.


LUKAS 2:19
Nanging Maryam nyathet iku mau kabeh ana ing sajroning atine lan dirasak-rasakake.


LUKAS 2:26
Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.


LUKAS 2:27
Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,


LUKAS 2:35
-- lan atimu dhewe bakal katuwek ing pedhang -- supaya kalairna pikiraning atine wong akeh.”


LUKAS 2:51
Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.


LUKAS 3:25
tedhake Matica, tedhake Amos, tedhake Nahum, tedhake Hesli, tedhake Nagai,


LUKAS 3:26
tedhake Maat, tedhake Matica, tedhake Simei, tedhake Yosekh, tedhake Simei, tedhake Yoda,


LUKAS 4:19
martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.”


LUKAS 5:21
Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


LUKAS 5:22
Nanging Gusti Yesus ngungingani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?


LUKAS 5:33
Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”


LUKAS 6:3
Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,


LUKAS 6:8
Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.


LUKAS 6:11
Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.


LUKAS 6:45
Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”


LUKAS 7:2
Ing kono ana sawijining opsir penatus kang duwe batur, kang banget kanggepe, iku lara banget lan wis meh mati.


LUKAS 7:15
Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne.


LUKAS 7:22
Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.


LUKAS 8:7
Ana maneh kang tumiba ing satengahe thethukulan eri, banjur thukul bebarengan, temahan wijine mati kelindhih.


LUKAS 8:12
Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wis padha krungu, banjur diparani Iblis, pangandika mau tumuli diilangi saka ing sajroning atine, supaya aja padha pracaya lan kapitulungan rahayu.


LUKAS 8:15
Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


LUKAS 8:24
Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.


LUKAS 8:31
Dhemit-dhemit iku nuli nyuwun marang Gusti Yesus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati.


LUKAS 8:33
Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.


LUKAS 8:39
“Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.


LUKAS 8:42
amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.


LUKAS 8:52
Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”


LUKAS 8:53
Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.


LUKAS 8:54
Gusti Yesus banjur ngasta tangane kang mati sarta nguwuh, pangandikane: “He, ngger, tangia!”


LUKAS 9:7
Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.


LUKAS 9:8
Ana maneh kang kandha, yen Nabi Elia ngatingal maneh, lan uga ana kang kandha, yen salah sawijining nabi jaman kuna wungu.


LUKAS 9:10
Bareng para rasul wis padha bali, padha matur marang Gusti Yesus bab apa kang wis padha katindakake. Banjur padha didhawuhi ndherek nyingkir menyang ing sawijining kutha kang aran Betsaida, dadi mung para sakabat karo Panjenengane bae.


LUKAS 9:27
Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”


LUKAS 9:31
Karone padha ngatingal ngagem kamulyan, sarta padha reraosan bab anggone Gusti Yesus bakal tindak menyang ing Yerusalem ngrampungake pakaryane.


LUKAS 9:60
Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Cikben wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowe iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi.”


LUKAS 10:12
Aku pitutur marang kowe: Ing dina iku Sodom bakal luwih entheng tanggungane katimbang karo kutha iku.”


LUKAS 10:14
Nanging besuk ing dinane pangadilan tanggungane Tirus lan Sidon bakal luwih entheng katimbang karo kowe!


LUKAS 10:30
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yerusalem menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tanganing begal, banjur ora mung diblejedi bae, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.


LUKAS 10:33
Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.


LUKAS 11:1
Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”


LUKAS 11:26
Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.”


LUKAS 11:48
Dadine kowe padha ngaku, yen kowe padha mbenerake pratingkahe leluhurmu, sabab iku padha nyedani para nabi mau, dene kowe padha mbangun pasareane.


LUKAS 11:50
Supaya jinis iki katempuhna getihe sakehe para nabi kang wis kawutahake wiwit nalika bumi katitahake,


LUKAS 12:8
Aku pitutur ing kowe: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni dening Putraning Manungsa ana ing ngareping para malaekating Allah.


LUKAS 12:9
Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngareping wong, iya bakal diselaki ana ing ngarepane para malaekating Allah.


LUKAS 12:29
Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.


LUKAS 12:34
Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”


LUKAS 12:50
Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!


LUKAS 13:2
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramu wong-wong Galilea iki luwih gedhe dosane katimbang karo dosane wong-wong Galilea liyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakon kang kaya mangkono iku?


LUKAS 13:4
Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?


LUKAS 13:17
Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, kabeh kang nglawan padha kisinan, dene wong akeh padha bungah awit saka anane kabeh kang katindakake dening Panjenengane kang sarwa luhur iku.


LUKAS 15:17
Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.


LUKAS 15:20
Banjur ngadeg lan mulih marani bapakne. Nalika isih adoh, bapakne wis ngawasake tekane, atine trenyuh banget marga saka welase. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.


LUKAS 15:24
Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.


LUKAS 15:32
Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”


LUKAS 16:10
“Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.


LUKAS 16:15
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.


LUKAS 16:17
Ananging luwih gampang sirnane langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji kang ana ing angger-anggering Toret.


LUKAS 16:21
sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige.


LUKAS 16:22
Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.


LUKAS 16:23
Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.


LUKAS 16:26
Kajaba saka iku ing antarane aku lan kowe ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kene kang arep menyang ing panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu arep mrene ora bisa.


LUKAS 16:31
Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”


LUKAS 17:2
Luwih becik manawa wong iku dikalungana ing watu panggilingan lan banjur dicemplungake ing sagara, katimbang nasarake salah sijine wong kang ringkih iki.


LUKAS 17:30
Iya kaya mangkono besuk ing dina ngatingale Putraning Manungsa.


LUKAS 17:34
Aku pitutur marang kowe: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.


LUKAS 17:35
Ana wong wadon loro kang lagi padha giling, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.


LUKAS 17:36
Manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.”


LUKAS 18:11
Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.


LUKAS 18:25
Amarga gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”


LUKAS 18:30
iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kalakon bakal tampa urip langgeng.”


LUKAS 19:7
Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”


LUKAS 20:35
nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.


LUKAS 20:36
Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake.


LUKAS 20:37
Anadene mungguh tangine wong mati iku, Nabi Musa iya wis mratelakake ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggone nyebut Pangeran: Allahe Abraham, Allahe Iskak, tuwin Allahe Yakub.


LUKAS 20:38
Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip, awit kang ana ing ngarsane kabeh iku wong urip.”


LUKAS 21:3
Banjur ngandika: “Aku pitutur marang kowe: Satemene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku.


LUKAS 21:7
Wong-wong mau banjur padha matur pitakon: “Guru, benjing punapa kalampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhe kalampahan?”


LUKAS 21:26
Wong-wong bakal padha semaput dening giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad; amarga kabeh panguwasaning langit bakal gonjing.


LUKAS 21:34
“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.


LUKAS 22:43
Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.


LUKAS 23:15
Dalasan Sang Nata Herodhes iya ora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene. Satemene apa kang ditindakake iku ora ana kang katrap ing paukuman pati.


LUKAS 23:19
Barabas iku kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan ing sajroning kutha lan gawe pepati.


LUKAS 23:22
Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.”


LUKAS 23:32
Ana durjana loro kang uga padha kairid kang bakal diukum pati bebarengan karo Panjenengane.


LUKAS 24:4
Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.


LUKAS 24:5
Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?


LUKAS 24:32
Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”


LUKAS 24:34
sarta iku padha ngucap: “Gusti nyata yen wis wungu lan wis ngatingal marang Simon.”


LUKAS 24:38
Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu?


LUKAS 24:39
Delengen tanganKu lan sikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lan satitekna, yen memedi rak ora ana daginge lan balunge, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki.”


LUKAS 24:46
Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 1:9
Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.


YOKANAN 1:47
Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”


YOKANAN 1:50
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”


YOKANAN 1:51
Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”


YOKANAN 2:11
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.


YOKANAN 2:18
Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”


YOKANAN 2:22
Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.


YOKANAN 2:23
Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake.


YOKANAN 2:25
sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.


YOKANAN 4:23
Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.


YOKANAN 4:47
Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.


YOKANAN 4:54
Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.


YOKANAN 5:3
Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu.


YOKANAN 5:4
Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.


YOKANAN 5:19
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.


YOKANAN 5:20
Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.


YOKANAN 5:21
Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake.


YOKANAN 5:23
supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


YOKANAN 5:24
Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.


YOKANAN 5:25
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.


YOKANAN 5:35
Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.


YOKANAN 5:41
Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.


YOKANAN 5:42
Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.


YOKANAN 6:2
Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.


YOKANAN 6:6
Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake.


YOKANAN 6:32
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh.


YOKANAN 6:41
Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.”


YOKANAN 6:43
Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja padha pating kedumel.


YOKANAN 6:49
Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.


YOKANAN 6:50
Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati.


YOKANAN 6:55
Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.


YOKANAN 6:58
Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”


YOKANAN 7:19
Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”


YOKANAN 7:23
Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?


YOKANAN 7:25
Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: “Apa dudu Wong iku kang diarah patine?


YOKANAN 7:31
Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”


YOKANAN 7:38
Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”


YOKANAN 7:51
“Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?”


YOKANAN 8:21
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”


YOKANAN 8:24
Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


YOKANAN 8:39
Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.


YOKANAN 8:40
Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham.


YOKANAN 8:51
Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”


YOKANAN 8:52
Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


YOKANAN 8:59
Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.


YOKANAN 9:21
nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”


YOKANAN 9:32
Salaminipun dereng nate kapireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelekaken mripatipun tiyang wuta lair mila.


YOKANAN 10:13
Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.


YOKANAN 10:39
Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.


YOKANAN 11:4
Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”


YOKANAN 11:13
Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan.


YOKANAN 11:14
Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: “Lazarus wus mati.


YOKANAN 11:16
Banjur Tomas, kang karan Dhidhimus, kandha marang kanca-kancane para sakabat: “Payo, kita padha bela pati Panjenengane.”


YOKANAN 11:25
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.


YOKANAN 11:26
Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?”


YOKANAN 11:37
Nanging ana saweneh kang muni: “Panjenengane kang wis ngelekake mripate wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?”


YOKANAN 11:44
Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”


YOKANAN 11:52
lan ora ngemungake kanggo bangsa iku bae, malah uga supaya putraning Allah kang pating slebar padha dikumpulna dadi siji.


YOKANAN 12:1
Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 12:3
Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.


YOKANAN 12:9
Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 12:16
Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.


YOKANAN 12:17
Anadene wong akeh kang ndherekake Panjenengane nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangekake saka ing antarane wong mati, padha nekseni ing bab Panjenengane.


YOKANAN 12:24
Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh.


YOKANAN 12:25
Sapa kang nresnani nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sapa kang ora nresnani nyawane ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawane kanggo urip kang langgeng.


YOKANAN 12:40
“Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”


YOKANAN 13:2
Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.


YOKANAN 14:1
“Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.


YOKANAN 14:6
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


YOKANAN 14:12
Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang kluwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu;


YOKANAN 14:27
Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.


YOKANAN 15:1
“Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani.


YOKANAN 16:6
Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih.


YOKANAN 16:22
Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahnmu iku.


YOKANAN 16:33
AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


YOKANAN 17:3
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.


YOKANAN 17:4
Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.


YOKANAN 18:14
lan iya Imam Agung Kayafas iku kang maune ngrembugi wong-wong Yahudi: “Luwih maedahi manawa wong siji mati kanggo sakabehing bangsa.”


YOKANAN 19:20
Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.


YOKANAN 19:24
Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.


YOKANAN 19:39
Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati.


YOKANAN 20:9
Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 20:30
Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki,


YOKANAN 21:1
Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene:


YOKANAN 21:14
Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.


YOKANAN 21:17
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


YOKANAN 21:19
Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”


YOKANAN 21:23
Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”


YOKANAN 21:25
Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.


LELAKONE PARA RASUL 1:3
Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.


LELAKONE PARA RASUL 1:9
Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega.


LELAKONE PARA RASUL 1:23
Wong-wong banjur ngusulake wong loro: Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karan Yustus, tuwin Matias.


LELAKONE PARA RASUL 1:25
supados nampeni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar dening Yudas, ingkang sampun dhumawah ing panggenan ingkang samesthinipun tumrap piyambakipun punika.”


LELAKONE PARA RASUL 1:26
Banjur padha diundhi, satemah kang kena Matias. Iku nuli kagolongake karo para rasul sawelas.


LELAKONE PARA RASUL 2:6
Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akeh padha teka kumrubut sarta padha kuwur atine, amarga saben wong krungu para rasul padha ngandika ngagem basane wong-wong mau.


LELAKONE PARA RASUL 2:11
iya wong Yahudi iya wong kang manjing agama Yahudi, wong Kreta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah.”


LELAKONE PARA RASUL 2:26
Mulane atiku asukarena lan jiwaku asurak-surak; malah badanku bakal lerem kalawan tentrem,


LELAKONE PARA RASUL 2:37
Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”


LELAKONE PARA RASUL 2:46
Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,


LELAKONE PARA RASUL 4:2
Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.


LELAKONE PARA RASUL 4:32
Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.


LELAKONE PARA RASUL 5:3
Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?


LELAKONE PARA RASUL 5:4
Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwekmu, lan sawise diedol, apa pepayone iku ora tetep kokkuwasani? Yagene kowe kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Gusti Allah.”


LELAKONE PARA RASUL 5:10
Wong wadon iku banjur ambruk sanalika iku uga ana ing ngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa. Nalika para nonoman padha lumebu, dheweke tinemu wis mati, banjur digotong metu lan dikubur sandhing sing lanang.


LELAKONE PARA RASUL 5:15
malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.


LELAKONE PARA RASUL 5:24
Bareng lelurahe Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atine, baya kapriye bakal kadadeane kang mangkono iku.


LELAKONE PARA RASUL 5:29
Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.


LELAKONE PARA RASUL 6:3
Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku


LELAKONE PARA RASUL 7:2
Atur wangsulane Sang Stefanus: “Para sadherek saha para bapa, sumangga sami karsaa midhangetaken. Gusti Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Rama Abraham nalika taksih wonten ing tanah Mesopotamia, saderengipun dedalem wonten ing Haran,


LELAKONE PARA RASUL 7:30
Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.


LELAKONE PARA RASUL 7:34
Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.


LELAKONE PARA RASUL 7:35
Nabi Musa punika, ingkang sampun dipun tampik dening tiyang-tiyang wau kaliyan pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa? -- inggih Nabi Musa punika ingkang kautus dening Gusti Allah dados pangageng sarta juru pangluwaran, lumantar malaekat, ingkang sampun ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing grumbul eri.


LELAKONE PARA RASUL 8:1
[1a] Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus. [1b] Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.


LELAKONE PARA RASUL 8:21
Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.


LELAKONE PARA RASUL 8:22
Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,


LELAKONE PARA RASUL 8:23
amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”


LELAKONE PARA RASUL 8:26
Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.


LELAKONE PARA RASUL 9:1
Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,


LELAKONE PARA RASUL 9:17
Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”


LELAKONE PARA RASUL 9:27
Mung bae banjur ditampani dening Barnabas lan dilantarake marang ing ngarsane para rasul sarta padha dicaritani, bab anggone Saulus ana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwin anggone diparingi pangandika apadene anggone memulang kalawan asmane Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.


LELAKONE PARA RASUL 10:3
Watara jam telu awan Kornelius ing sajroning wahyu sumurup kalawan cetha ana sawijining malaekating Allah kang lumebet ing omahe lan mangandikani: “Kornelius!”


LELAKONE PARA RASUL 10:40
Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,


LELAKONE PARA RASUL 11:17
Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”


LELAKONE PARA RASUL 11:19
Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.


LELAKONE PARA RASUL 11:23
Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,


LELAKONE PARA RASUL 12:3
Bareng mirsa, yen bab iku ndadekake senenge atine wong Yahudi, banjur nglajengake tindake kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Rasul Petrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.


LELAKONE PARA RASUL 12:23
Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.


LELAKONE PARA RASUL 13:18
Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.


LELAKONE PARA RASUL 13:31
sarta ngantos sawatawis wekdal dangunipun anggenipun ngatingal dhateng para ingkang sami ndherek Panjenenganipun saking tanah Galilea dhateng Yerusalem. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang sapunika sami dados seksinipun wonten ing sangajengipun umat punika.


LELAKONE PARA RASUL 13:43
Sarampunge nindakake pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndherek Rasul Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmating Allah.


LELAKONE PARA RASUL 13:45
Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akeh iku, banget panas atine lan padha madoni apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus kalawan ngala-ala.


LELAKONE PARA RASUL 14:2
Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartane, padha gawe panasing atine wong-wong kang ora wanuh marang Allah sarta gawe nepsune wong-wong mau marang para sadulur.


LELAKONE PARA RASUL 14:17
nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”


LELAKONE PARA RASUL 14:22
Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.


LELAKONE PARA RASUL 14:26
Saka ing kono padha layar menyang ing Antiokhia. Ana ing kono anggone maune padha kacaosake marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wis dirampungake iku.


LELAKONE PARA RASUL 14:27
Sarawuhe ing kono banjur nglumpukake pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wis katindakake dening Gusti Allah lumantar panjenengane sakaliyan; apadene bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.


LELAKONE PARA RASUL 15:3
Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.


LELAKONE PARA RASUL 15:4
Satekane ing Yerusalem, para utusan padha ditampani dening pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyritakake samubarang kabeh kang wus katindakake dening Gusti Allah lumantar saka pandamele.


LELAKONE PARA RASUL 15:11
Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”


LELAKONE PARA RASUL 15:14
Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.


LELAKONE PARA RASUL 15:32
Anadene Yudas lan Silas, sarehne iya padha nabi, mulane nganti sawatara suwe anggone mituturi para sadulur lan nyantosakake atine.


LELAKONE PARA RASUL 16:6
Kacarita lakune ngliwati tanah Frigia lan tanah Galati. Tumuli diampah dening Sang Roh Suci nggelarake Injil ana ing tanah Asia.


LELAKONE PARA RASUL 16:8
Bareng wis ngliwati tanah Misia, banjur tekan ing kutha Troas.


LELAKONE PARA RASUL 16:14
Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.


LELAKONE PARA RASUL 16:37
Nanging Rasul Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau: “Kula smai tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah tanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaran sidheman? Boten kenging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal.”


LELAKONE PARA RASUL 17:3
kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”


LELAKONE PARA RASUL 17:5
Nanging wong-wong Yahudi iku padha panas atine lan kalawan dibiyantu dening wong ala panunggalane wong rucah sawatara, padha gawe geger sarta ngisruhake kutha kono. Wong-wong iku padha nempuh ing omahe Yason, arep ngladekake Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat.


LELAKONE PARA RASUL 17:8
Nalika wong akeh lan para panggedhening kutha padha krungu, banjur padha goreh atine.


LELAKONE PARA RASUL 17:11
Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.


LELAKONE PARA RASUL 17:13
Nanging bareng wong-wong Yahudi ing Tesalonika padha ngreti, yen Rasul Paulus ana ing kutha Berea uga martakake pangandikaning Allah, banjur padha teka mrono ngobong lan nggorehake atine wong akeh.


LELAKONE PARA RASUL 17:32
Wong-wong mau bareng krungu bab tangine wong mati, banjur ana kang padha moyoki, lan ana liyane kang padha ngucap: “Sanes wekdal kemawon kula sami badhe mirengaken sesorah panjenengan bab punika malih.”


LELAKONE PARA RASUL 18:23
Sawuse lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengane banjur tindak maneh njajah ing satanah Galati lan Frigia kabeh, nyantosakake atine para siswa kabeh.


LELAKONE PARA RASUL 18:25
Dheweke wis tampa piwulang bab Margining Pangeran. Kalawan semangat sarta kalawan patitis anggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus, nanging kang disumurupi mung bab baptise Nabi Yokanan.


LELAKONE PARA RASUL 20:1
Bareng pagegere wis sirep, Rasul Paulus tumuli nimbali para siswa padha disantosakake atine lan swise pamitan banjur bidhal menyang ing tanah Makedhonia;


LELAKONE PARA RASUL 20:2
ndlajahi talatah kono sarta nyantosakake atine para sadulur ing kono kalawan pitutur akeh-akeh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.


LELAKONE PARA RASUL 20:9
Ing kono ana wong nom-noman jenenge Eutikhus, linggih ing cendhela. Sarehne Rasul Paulus suwe banget anggone ngandikan wong anom mau ora bisa nahan ngantuke. Wasana banjur keturon, temahan tiba saka ing tataran katelu. Bareng digotong, wong mau wis mati.


LELAKONE PARA RASUL 20:24
Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


LELAKONE PARA RASUL 20:35
Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


LELAKONE PARA RASUL 21:3
Sawuse mangkono ing sisih kiwa katon pulo Siprus, nanging mung padha dakliwati bae sarta banjur terus layar menyang ing tanah Siria. Wasana tekan ing kutha Tirus, jalaran momotaning prau dibongkar ana ing kono.


LELAKONE PARA RASUL 21:13
Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”


LELAKONE PARA RASUL 21:17
Nalika aku padha teka ing Yerusalem, kabeh sadulur nampani aku kalawan bungahing ati.


LELAKONE PARA RASUL 21:19
Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.


LELAKONE PARA RASUL 23:10
Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.


LELAKONE PARA RASUL 23:11
Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”


LELAKONE PARA RASUL 24:27
Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.


LELAKONE PARA RASUL 25:9
Ewadene sarehne Sang Festus karsa ngepek atine wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Rasul Paulus, pangandikane: “Apa kowe saguh menyang Yerusalem, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?”


LELAKONE PARA RASUL 26:16
Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsun ngatingal marang sira iku prelu netepake sira dadi paladen sarta seksi tumrap samubarang kabeh kang wus sira deleng saka Ingsun lan kang bakal Ingsun katingalake marang sira ing tembe.


LELAKONE PARA RASUL 27:7
Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran meh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki kutha Knidus. Sarehne angine terus bae ora becik, aku kabeh mlipir ing pasisire pulo Kreta, ngliwati tanjung Salmone.


LELAKONE PARA RASUL 27:8
Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan ing panggonan, kang aran Palabuhan Becik, ing sacedhake kutha Lasea.


LELAKONE PARA RASUL 27:12
Nanging sarehne palabuhan iku ora kapenak dilereni ing mangsa atis, mulane wong-wong mau kang akeh padha sarujuk, manawa mbacutake laku lan mbudidaya bisane tekan ing kutha Feniks sarta banjur leren ana ing kono sajrone mangsa atis iku. Kutha Feniks iku sawijining palabuhane pulo Kreta, kang adhepe ngidul ngulon lan ngalor ngulon.


LELAKONE PARA RASUL 27:23
Awit kala wau dalu wonten malaekating Allah, inggih punika Gusti Allah, ingkang kula sembah tuwin ingkang ndarbeni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula


LELAKONE PARA RASUL 27:24
sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.


LELAKONE PARA RASUL 27:36
Wong kabeh banjur padha lejar atine, lan iya banjur uga padha mangan.


LELAKONE PARA RASUL 28:4
Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”


LELAKONE PARA RASUL 28:11
Sawise telung sasi aku padha mangkat saka ing kono, nunggang kapal saka ing Aleksandria kang sasuwene mangka atis labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dhioskuri.


LELAKONE PARA RASUL 28:27
Sabab atine bangsa iki ndableg, lan kupinge wis dadi jampeng, tuwin mripate padha dieremake; supaya mripate aja nganti ndeleng lan kupinge aja nganti krungu tuwin atine aja nganti mangreti banjur mratobat temah Sunwarasake.


RUM 1:1
Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,


RUM 1:4
lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 1:6
Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus,


RUM 1:7
marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


RUM 1:9
Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:


RUM 1:20
Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.


RUM 1:21
Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.


RUM 1:24
Mulane padha diulungake dening Gusti Allah marang pepenginaning atine kang rusuh, satemah padha rusuh-rinusuhan ing badane.


RUM 1:27
Mangkono uga kang lanang padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging kalawan ati kang ngangsa-angsa duwe kekarepan marang pepadhane, satemah nindakake kanisthan karo padha lanang, mulane padha nampani piwales kang murwat tumrap pamblasare iku ana ing awake dhewe.


RUM 1:29
kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.


RUM 1:32
Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


RUM 2:1
Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.


RUM 2:3
Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?


RUM 2:5
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,


RUM 2:9
Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,


RUM 2:14
Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweni angger-anggering Toret.


RUM 2:15
Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.


RUM 2:29
Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.


RUM 3:9
Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,


RUM 3:25
Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.


RUM 3:26
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.


RUM 4:3
Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.”


RUM 4:17
iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” -- ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.


RUM 4:24
nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,


RUM 5:5
Dene pangarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokake ing ati kita dening Sang Roh Suci, kang wus pinaringake marang kita.


RUM 5:7
Ujer ora gampang wong kok banjur gelem mati nglabuhi wong bener -- ewadene bokmanawa kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. --


RUM 5:8
Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


RUM 5:12
Mulane padha kaya tekane dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekane pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabeh, jalaran wong kabeh mau wus padha gawe dosa.


RUM 5:14
Sanadyan mangkono wiwit Rama Adam tumekane Nabi Musa, si pati wus masesani uga marang kang padha gawe dosa, kang panerake ora madhani ing panerake Rama Adam, iya iku kang dadi gegambarane Panjenengane kang bakal rawuh.


RUM 5:15
Nanging sih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karo panerake Rama Adam. Sabab, manawa panerake wong siji njalari wong kabeh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung maneh sih-rahmate Gusti Allah sarta peparinge ganjaran kang ngluberi wong kabeh, kang marga saka wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.


RUM 5:17
Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.


RUM 5:21
supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


RUM 6:2
Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?


RUM 6:4
Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.


RUM 6:7
Sabab, sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ing dosa.


RUM 6:9
Amarga kita padha sumurup, yen Sang Kristus sawuse kawungokake saka ing antarane wong mati, ora seda maneh: si pati wis ora nguwasani Panjenengane maneh.


RUM 6:11
Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.


RUM 6:12
Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.


RUM 6:13
Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.


RUM 6:16
Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?


RUM 6:17
Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.


RUM 6:21
Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.


RUM 6:23
Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


RUM 7:2
Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.


RUM 7:3
Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.


RUM 7:4
Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.


RUM 7:5
Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah dening angger-anggering Toret, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha metokake woh kanggo si pati,


RUM 7:6
ananging saiki kita wus kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing sastrane angger-anggering Toret.


RUM 7:8
Nanging marga saka pepakon mau, dosa oleh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamelikan ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret, dosa iku mati.


RUM 7:10
balik aku mati. Sarta pepakon kang mesthine nuntun marang urip, nanging tumraping aku malah dadi jalaraning pati.


RUM 7:13
Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.


RUM 7:17
Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.


RUM 7:22
Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,


RUM 7:24
Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?


RUM 8:2
Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.


RUM 8:3
Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,


RUM 8:6
Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.


RUM 8:10
Nanging manawa Sang Kristus dedalem ana ing kowe, sanadyan raga iku mati marga saka dosa, nanging sukma iku urip awit saka kabeneran.


RUM 8:11
Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalem ana ing kowe.


RUM 8:13
Sabab yen uripmu nuruti daging, kowe mesthi padha mati; nanging yen kowe mateni hawaning raga marga dening Roh, kowe bakal padha urip.


RUM 8:23
Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.


RUM 8:27
Sarta Gusti Allah kang nitipriksa sajroning ati, mirsa karsane Sang Roh yaiku manawa anggone ndedonga kanggo para suci nyondhongi karsane Gusti Allah.


RUM 8:30
Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing sakawit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.


RUM 8:35
Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus? Apa panganiaya, apa rupeking ati, apa panguya-uya, apa kaluwen, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?


RUM 8:38
Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana,


RUM 9:1
Kandhaku iki temen-temen ana ing Sang Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku melu nekseni marga dening Sang Roh Suci,


RUM 9:2
manawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.


RUM 9:17
Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”


RUM 9:22
Lan kapriye saupama kagem ngatingalake bebendu lan nedahake panguwaose, Gusti Allah paring kasabaran kang gedhe marang para kang minangka wadhahing bebendu, kang wus kacadhangake marang karusakan,


RUM 9:23
mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?


RUM 9:24
Yaiku kita kang wus padha katimbalan, ora mung saka ing antarane wong Yahudi bae, nanging uga saka ing antarane bangsa-bangsa liya,


RUM 9:25
kaya kang wus dipangandikakake uga ana ing kitabe Nabi Hosea, wiraose: “Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut umatingSun, lan kang dudu kekasih, iku Sunsebut kekasih.”


RUM 9:26
Lan ing panggonan kang wong-wonge dipangandikani: “Sira iku dudu umatingSun,” ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani: “Para Putrane Gusti Allah kang sipat gesang.”


RUM 9:28
Sabab apa kang wus dipangandikakake, bakal tumuli katindakake dening Pangeran ana ing bumi, kalawan sampurna.”


RUM 10:1
Para sadulur, kang dadi pepenginaning atiku lan pandongaku marang Pangeran, wong-wong mau muga padha kapitulungana rahayu.


RUM 10:6
Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,


RUM 10:7
utawa: “Sapa ta kang bakal mudhun menyang telenganing pati?” yaiku: prelu nginggahake Sang Kristus saka ing antarane wong mati.


RUM 10:8
Nanging kapriye wewarahe? Mangkene: “Pangandika iku cedhak karo kowe, ana ing tutukmu lan ana ing atimu.” Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.


RUM 10:9
Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.


RUM 10:10
Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.


RUM 10:18
Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu: “Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi, Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”


RUM 10:20
Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika: “Ingsun wus ditemu dening wong kang padha ora ngupaya Ingsun. Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokake Ingsun.”


RUM 11:7
Kang iku kapriye? Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging kang nampani iku para wong kang pinilih. Dene liyane padha mangkotake atine,


RUM 11:8
kaya kang katulisan, wiraose: “Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokake, nganti tumeka ign dina iki.”


RUM 11:10
Saha mripatipun sami kadamela peteng, satemah sami boten ningali,


RUM 11:14
yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.


RUM 11:15
Sabab yen panampike iku ateges pirukun tumrap ing jagad, wong-wong iku anggone nampani apa ora ateges kauripan saka ing antarane wong mati?


RUM 11:24
Sabab manawa kowe wis padha kakethok saka ing wit jaitun alas lan cengkah karo dhasarmu kowe padha katancebake ing wit jaitun sajati, mendahane maneh pangpang kang tunggal dhasar, mesthi bakal katancebake ing wit jaitun asline dhewe.


RUM 11:25
Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


RUM 12:1
Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.


RUM 12:8
yen ganjaran mau kanggo mituturi, iya padha mituturana. Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.


RUM 12:16
Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!


RUM 13:5
Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.


RUM 13:11
Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.


RUM 13:12
Iki wus lingsir wengi, wus meh raina. Mulane payo kita padha ngrucat sakehing pratingkahing pepeteng, lan padha asikep gegamaning pepadhang!


RUM 14:5
Sabab ana wong kang duwe panganggep, yen ana dina kang luwih wigati katimbang dina-dina liyane, nanging ana maneh kang ngarani yen kabeh dina iku padha bae. Saben wong iku nemtokna ana ing atine dhewe.


RUM 14:7
Awit kita iki siji bae ora ana kang uripe kanggo awake dhewe, sarta sijia bae ora ana kang patine kanggo awake dhewe.


RUM 14:8
Marga manawa kita urip, urip kita cumadhang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti. Dadi urip utawa mati, kita iki kagungane Gusti.


RUM 14:9
Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.


RUM 14:15
Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.


RUM 14:22
Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhewe ana ing ngarsane Gusti Allah. Rahayu wong kang ora ngluputake awake dhewe tumrap apa kang dianggep becik katindakake.


RUM 15:2
Siji-sijine panunggalan kita, nglegakna atine sapadha-padha, murih becike supaya kabangun.


RUM 15:18
Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wus katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe,


RUM 16:10
Salam marang Apeles, kang wus katitik tumemen ana ing Sang Kristus. Salam marang wong kang padha klebu golongane Aristobulus.


RUM 16:18
Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


1 KORINTA 1:1
Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,


1 KORINTA 1:2
marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.


1 KORINTA 1:24
nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.


1 KORINTA 1:25
Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihan kang saka Gusti Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.


1 KORINTA 1:26
Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.


1 KORINTA 2:9
Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”


1 KORINTA 2:11
Awit sapa ta ing antarane manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atine, kajaba mung rohe manungsa iku dhewe kang ana ing batine? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang tinemu ana ing Gusti Allah kajaba Rohe Gusti Allah.


1 KORINTA 2:15
Balik wong kasukman iku nitipriksa samubarang kabeh, nanging awake dhewe ora katiti dening liyan.


1 KORINTA 3:7
Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.


1 KORINTA 3:22
dadia Paulus, dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kalakon, iku kabeh darbekmu.


1 KORINTA 4:5
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


1 KORINTA 4:9
Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.


1 KORINTA 5:2
Ewadene kowe kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowe padha prihatin, sarta nyingkirake wong kang duwe pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu.


1 KORINTA 7:17
Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.


1 KORINTA 7:18
Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.


1 KORINTA 7:20
Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.


1 KORINTA 7:21
Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.


1 KORINTA 7:22
Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.


1 KORINTA 7:24
Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.


1 KORINTA 7:37
Dene manawa ana wong kang atine yakin, ora kapeksa lan bisa ngereh kekarepane, sarta wus kenceng sedyane ora arep omah-omah karo prawane, iku tumindak becik.


1 KORINTA 8:7
Dene kang duwe kawruh mangkono iku ora kabeh wong. Ana wong, kang awit saka anggone isih kacencang ing brahala-brahala, pamangane daging iku kaya pancen sesajening brahala. Lan pangrasaning atine kang ringkih banjur dadi jember.


1 KORINTA 8:10
Awit manawa nganti ana wong kang weruh kowe kang duwe kawruh, lagi mangan ana ing omah brahala, apa wong kang pangrasaning atine ringkih ora bakal kawanekake mangan daging sesajening brahala?


1 KORINTA 8:12
Manawa kanthi patrap mangkono, kowe gawe dosa marang para sadulurmu sarta natoni pangrasaning atine kang ringkih, iku sajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.


1 KORINTA 9:15
Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo......! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!


1 KORINTA 9:27
Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.


1 KORINTA 10:6
Kabeh iki mau wis kalakon minangka tuladha lan pepeling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kapengin marang piala, kaya kang wus katindakake dening wong-wong mau,


1 KORINTA 10:8
Kita aja padha laku jina, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, temahan ana wong telu likur ewu kang padha mati sadina.


1 KORINTA 10:9
Karomaneh kita aja padha nyoba marang Gusti, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, satemah padha tiwas dening ula.


1 KORINTA 10:10
Sarta aja padha grundelan kaya sawenehing panunggalane, satemah padha ditumpes dening malaekating pati.


1 KORINTA 10:12
Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!


1 KORINTA 10:25
Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.


1 KORINTA 10:27
Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.


1 KORINTA 10:28
Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.


1 KORINTA 10:29
Kang dakkarepake pangrasaning ati iku dudu pangrasaning atimu dhewe, nanging atine wong liya iku. Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta, dene kamardikanku kok ditemtokake dening pangrasaning atine wong liya?


1 KORINTA 10:33
Dikaya aku iki iya ngarah nglegakake atine wong kabeh ing bab apa bae, ora kanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggo kabutuhane wong akeh, supaya padha nemua karahayon.


1 KORINTA 11:9
Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.


1 KORINTA 11:19
Awit ing antaramu pancen kudu ana pasulayan, supaya ing mengko katitika sapa saka ing antaramu kang padha tumemen.


1 KORINTA 11:30
Mulane akeh ing antaramu kang padha ringkih lan laranen, sarta ora sathithik kang padha nemahi pati.


1 KORINTA 12:6
Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang ana ing wong kabeh.


1 KORINTA 12:11
Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.


1 KORINTA 12:23
Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.


1 KORINTA 14:5
Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.


1 KORINTA 14:19
Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.


1 KORINTA 14:25
sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”


1 KORINTA 14:26
Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.


1 KORINTA 14:28
Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.


1 KORINTA 15:3
Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,


1 KORINTA 15:5
apadene Panjenengane wus ngatingal marang Kefas nuli marang para sakabate rolas.


1 KORINTA 15:6
Sawise iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akeh nganti saprene isih padha urip, salong iya wus padha mati.


1 KORINTA 15:7
Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabeh.


1 KORINTA 15:8
Dene kang keri dhewe, ngatingal marang aku, padha kayadene marang anak kang lair durung mangsane.


1 KORINTA 15:10
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.


1 KORINTA 15:12
Anadene yen dakwartakake, manawa Sang Kristus kawungokake saka ing antarane wong mati, yagene ing antaramu kok ana kang ngarani manawa ora ana tangine wong mati?


1 KORINTA 15:13
Yen ta ora ana tangine wong mati, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.


1 KORINTA 15:15
Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.


1 KORINTA 15:16
Sabab manawa nyata wong mati ora katangekake, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.


1 KORINTA 15:18
Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.


1 KORINTA 15:20
Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.


1 KORINTA 15:21
Sabab, sarehne tekane pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tangine wong mati iya marga saka wong siji.


1 KORINTA 15:22
Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.


1 KORINTA 15:26
Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakake iku pati.


1 KORINTA 15:29
Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?


1 KORINTA 15:31
Para sadulur, sadina-dina aku mati. Demi panggunggungku ing ngatase kowe ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita, kandhaku iki bener.


1 KORINTA 15:32
Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”


1 KORINTA 15:35
Nanging bokmanawa ana wong kang takon: “Wong mati iku kapriye anggone katangekake? Lan tekane maneh nganggo badan kang kaya apa?”


1 KORINTA 15:36
Heh wong bodho! Apa kang koksebar dhewe iku ora bakal thukul sarta urip, manawa ora mati dhisik.


1 KORINTA 15:42
Mangkono uga mungguh bakal tangine wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangekake iku sinandhangan kalanggengan.


1 KORINTA 15:51
Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,


1 KORINTA 15:52
ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.


1 KORINTA 15:53
Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati.


1 KORINTA 15:54
Lan sawise kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kangora kena ing pati, ing kono bakal kayektenan pangandikaning Pangeran kang tinulis, wiraose: “Pati wus kalebur ing kaunggulan.”


1 KORINTA 15:55
Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendi entupmu?


1 KORINTA 15:56
Mungguh entupe pati iya iku dosa, lan pikuwate dosa iku angger-anggering Toret.


1 KORINTA 16:1
Bab nglumpukake dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wis dakwenehake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati.


1 KORINTA 16:9
Marga ana ing kono, aku kawenganan lawang amba lan santosa, kanggo nindakake ayahan kang agung lan wigati, sanadyan akeh wong kang padha nglawan.


1 KORINTA 16:18
sabab para sadulur iku padha gawe ayeming atiku lan atimu. Mulane padha ngajenana wong kang kaya mangkono iku.


2 KORINTA 1:9
Malah aku kabeh rmangsa kaya wus kapatrapan paukuman pati. Nanging bab iku anggone kalakon supaya aku aja padha nganti ngandelake marang awakku dhewe, nanging ngemungna marang Gusti Allah kang nangekake para wong mati.


2 KORINTA 1:10
Panjenengane wus nguwalake lan bakal nguwalake aku kabeh saka ing pati kang nggegirisi banget iku: iya marang Panjenengane iku anggonku nggantungake pangarep-arep, yen Panjenengane bakal ngluwari aku kabeh maneh,


2 KORINTA 1:12
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.


2 KORINTA 1:22
lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.


2 KORINTA 2:1
Ing sajroning atiku aku wus netepake, manawa kita ora bakal nekani kowe maneh kalawan susah.


2 KORINTA 2:4
Sabab anggonku nulis marang kowe iku ana ing satengahing kasusahan lan sumpeking ati kang banget lan kanthi ngruntuhake luh akeh, ora supaya kowe dadi sedhih, nanging supaya kowe padha sumurup sapira gedhene katresnanku marang kowe kabeh.


2 KORINTA 2:5
Dene manawa ana wong kang gawe sedhih, iku dudu atiku kang digawe sedhih, nanging kowe kabeh, utawa saora-orane -- supaya anggonku kandha ora dakbangetake -- wong sawatara ing antaramu.


2 KORINTA 2:13
Nanging atiku ora rumangsa jenjem, sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang ing tanah Makedhonia.


2 KORINTA 2:16
Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?


2 KORINTA 3:2
kowe iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca dening wong kabeh.


2 KORINTA 3:3
Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.


2 KORINTA 3:7
Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,


2 KORINTA 3:15
Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atine.


2 KORINTA 4:1
Kang iku sarehne aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmane Gusti Allah, mulane atiku ora nganti kemba.


2 KORINTA 4:6
Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!” iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


2 KORINTA 4:8
Mungguhing samubarang aku ki padha katindhes, nanging ora kejepit; aku padha kentekan akal, nanging ora kelangan pangarep-arep;


2 KORINTA 4:11
Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungake marang pati marga saka Gusti Yesus, supaya gesange Gusti Yesus kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki.


2 KORINTA 4:12
Iya mangkono iku anggone si pati nandukake dayane ana ing badanku lan urip nandukake dayane ana ing kowe.


2 KORINTA 4:16
Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.


2 KORINTA 5:4
Sabab salawase isih manggon ing tarub iki, kita nggresah lan kabotan, awit kita kapengin nganggo sadhangan kang anyar iku, ora nganggo cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntala dening urip.


2 KORINTA 5:6
Awit saka iku atiku tansah padha tatag, sanadyan aku padha ngreti, manawa salawase aku padha manggon ing sajroning badan iki, isih adoh karo Gusti, --


2 KORINTA 5:8
nanging atiku padha tatag, lan aku kabeh malah seneng ngalih saka ing badan iki lan manggon ing jero ndherek Gusti.


2 KORINTA 5:12
Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.


2 KORINTA 5:14
Sabab iya sih katresnane Sang Kristus kang mbereg marang aku kabeh, awit aku wus padha sumurup, manawa wong siji wus mati kanggo wong kabeh, dadine kabeh wus padha mati.


2 KORINTA 6:6
ing kasucening ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Sang Roh Suci lang ing sih katresnan kang salugu;


2 KORINTA 6:9
kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang meh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati,


2 KORINTA 6:11
Aku wus kandha kanthi blak-blakan marang kowe, atiku menga amba tumrap kowe, he wong Korinta!


2 KORINTA 6:12
Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.


2 KORINTA 6:13
Mulane saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak!


2 KORINTA 7:2
Aku padha wenehana papan ana ing atimu; aku ora tau kaluputan karo wong, ora gawe pitunaning wong lan uga ora ngasil-asil marang wong.


2 KORINTA 7:3
Anggonku kandha mangkono iku ora marga saka arep matrapi paukuman marang kowe, awit mau wus dakkandhakake, manawa kowe wus oleh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati.


2 KORINTA 7:6
Nanging Gusti Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atine iku wus nglipur aku kabeh marga saka tekane Titus.


2 KORINTA 7:8
Dadi sanadyan aku wus gawe sedhihmu marga saka layangku, nanging aku ora kaduwung. Pancen aku tau kaduwung, marga aku sumurup manawa layang iku nyedhihake atimu, sanadyan mung sawatara mangsa,


2 KORINTA 7:10
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.


2 KORINTA 7:12
Mulane, anggonku wus nulis layang marang kowe, iku ora marga saka ana wong kang luput, utawa marga saka ana wong kang nandhang susah, amarga kapanduk ing kaluputaning liyan mau, nanging supaya tetelaa tumrap kowe gumatimu marang aku ana ing ngarsane Gusti Allah.


2 KORINTA 7:13
Iya marga saka iku aku padha kalipur. Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah maneh amarga saka kabungahane Titus, sabab kowe kabeh wus padha ngayemake atine.


2 KORINTA 8:4
Sarta metu saka prentuling atine dhewe padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya dakolehake melu ing ayahan ngladeni marang para suci.


2 KORINTA 8:11
Mulane saiki, rampungna kang koktindakake iku! Wondene anggonmu ngrampungake iku cundhukna karo eklasing atimu sarta tindakna kalawan ngelingi sapira kang kokduweni.


2 KORINTA 8:14
Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.


2 KORINTA 8:16
Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


2 KORINTA 8:19
Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.


2 KORINTA 9:2
Sabab aku wus sumurup mungguh legawaning atimu, mulane kowe padha dakalembana ana ing ngarepe wong Makedhonia. Tembungku: “Akhaya wus cecawis wiwit taun kang kapungkur.” Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akeh.


2 KORINTA 9:5
Mulane dakpikir prelu, yen sadulur-sadulur iku dakpurih mangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisik paweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen, temahan mengko wus cumawis minangka tandha-buktine kamurahaning atimu lan dudu paweweh peksan.


2 KORINTA 9:7
Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.


2 KORINTA 9:11
kowe bakal disugihake ing sarupaning kamurahaning ati kang nuwuhake pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka aku.


2 KORINTA 9:13
Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.


2 KORINTA 10:7
Sawangen kang temenan apa kang katon! Yen ana wong kang yakin temenan, manawa dadi kagungane Sang Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atine, yen aku uga padha dadi kagungane Sang Kristus kaya dheweke.


2 KORINTA 10:14
Sabab anggonku martakake Injile Sang Kristus wus tekan ing panggonanmu, dadine aku ora ngliwati watese wilayahing pagaweanku kaya-kaya durung tekan ing panggonanmu.


2 KORINTA 10:16
Iya, uripku iki pancen supaya padha bisa martakake Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungake wohing pagawean kang wus katindakake dening liyan ana ing wilayahe kono dhewe.


2 KORINTA 11:3
Nanging aku sumelang bokmanawa angen-angenmu kasasarke saka kasetyanmu kang sejati marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa kablithuk dening ula sarana kajuligane.


2 KORINTA 11:14
Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.


2 KORINTA 11:27
Aku kerep rekasa lan nyambut gawe abot; aku kerep melek; luwe lan ngelak, aku kerep pasa, katisen lan kawudan


2 KORINTA 11:29
Yen ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa melu apes? Yen ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk dening sedhih?


2 KORINTA 12:6
Awit saupamane aku arep ngegungake awak, aku ora bakal tanpa budi maneh, awit aku ngandelake kabeneran. Nanging atiku dakpekak, supaya aja ana wong kang ngukur awakku luwih saka apa kang dideleng ana ing aku utawa kang dirungu saka aku.


2 KORINTA 12:9
Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.


2 KORINTA 12:21
Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.


2 KORINTA 13:7
Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowe aja nindakake piala, ora supaya aku padha katitika kanggo, nanging supaya kowe padha nglakonana apa kang becik, sanadyan aku dhewe katona padha kaya dadi tampikan.


GALATI 1:1
Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,


GALATI 1:2
lan saka sakehe sadulur kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Galati:


GALATI 2:18
Awit manawi kula mbangun malih punapa ingkang sampun kula risak, punika kula ngatingalaken manawi kula punika nerak angger-anggering Toret.


GALATI 2:21
Kula boten nampik sih-rahmatipun Gusti Allah. Awit saupami wonten kaleresan amargi saking angger-anggering Toret, sedanipun Sang Kristus punika tanpa gina.


GALATI 3:1
He wong Galati kang tanpa budi, sapa ta kang mblithuk kowe? Gusti Yesus Kristus kang kasalib iku rak wus kagambar kanthi cetha wela-wela ana ing ngarepmu ta?


GALATI 4:6
Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


GALATI 4:8
Biyen, nalika kowe durung wanuh marang Gusti Allah, kowe ngawula marang allah-allah kang sejatine dudu Gusti Allah.


GALATI 4:11
Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.


GALATI 4:17
Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi narik kowe, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepe bakal ngetokake kowe, supaya kowe ngeloni marang wong-wong mau kalawan tumemen.


GALATI 5:13
Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.


EFESUS 1:4
Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.


EFESUS 1:18
Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,


EFESUS 1:20
kang katindakake ana ing Sang Kristus kalawan anggone ngwungokake saka antarane wong mati lan nglenggahake ing swarga ana ing sisih tengene,


EFESUS 2:1
Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.


EFESUS 2:5
wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu --


EFESUS 2:7
supaya ing jaman kang bakal kalakon Panjenengane ngatingalake marang kita anggone sugih sih-rahmat kang luber-luber cundhuk karo kasaenane marang kita ana ing Sang Kristus Yesus.


EFESUS 2:10
Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.


EFESUS 2:19
Marga saka iku, kowe dudu wong manca lan wong neneka maneh, nanging wus manjing dadi sagolongan karo para suci lan manjing dadi brayating Allah,


EFESUS 3:11
laras karo karsane kang langgeng, kang wus katindakake ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.


EFESUS 3:13
Mulane panjalukku marang kowe kabeh, aja nganti padha cilik atimu nyawang marang kasangsaranku marga saka kowe, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.


EFESUS 3:16
Aku ndedonga, supaya Panjenengane saka gunging kamulyane nguwatake lan nyantosakake kowe dening Rohe ing batinmu,


EFESUS 3:17
temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana in katresnan.


EFESUS 4:1
Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.


EFESUS 4:4
tunggal badan, lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,


EFESUS 4:14
temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,


EFESUS 4:18
lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.


EFESUS 5:3
Nanging mungguh laku jina lan sarupane pratingkah rusuh utawa kamurkan iku aja nganti sanadyan munga kasebut bae ana ing antaramu, kaya kang pantes tumraping para suci.


EFESUS 5:11
Aja melu-melu marang pratingkahe pepeteng kang ora metokake woh apa-apa. Nanging kosokbaline iku welehna.


EFESUS 5:12
Awit mung ngucapake bae mungguh apa kang katindakake dening wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wus jeneng saru.


EFESUS 5:14
Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”


EFESUS 5:19
lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.


EFESUS 6:2
Sira ngajenana bapa-biyungira -- iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki --


EFESUS 6:4
Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.


EFESUS 6:5
He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,


EFESUS 6:6
aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,


EFESUS 6:22
Iya iku karepku anggonku kongkonan Tikhikus nemoni kowe kabeh, supaya kowe padha ngreti mungguh kaananku supaya nglipur atimu.


FILIPI 1:7
Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.


FILIPI 1:20
Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.


FILIPI 1:21
Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan.


FILIPI 1:28
kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabeh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi ngalamating karusakan, nanging tumrap kowe kabeh dadi ngalamating karahayon, lan iku tekane saka Gusti Allah.


FILIPI 2:6
kang sanadyan ngagem sipating Allah, ewadene anggone sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep bab kang kudu dikekahi,


FILIPI 2:7
nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.


FILIPI 2:19
Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.


FILIPI 2:26
Awit banget kangene marang kowe kabeh lan uga prihatin marga kowe krungu anggone lara.


FILIPI 2:27
Pancen iya lara temenan nganti meh mati, nanging Gusti Allah paring kawelasan, lan ora mung dheweke bae, nanging uga aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa.


FILIPI 2:28
Yaiku sababe aku sangsaya enggal-enggal kongkonan dheweke, supaya samangsa kowe ndeleng dheweke, padha bisa bungah maneh lan sudaa prihatinku.


FILIPI 3:2
Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.


FILIPI 3:11
supaya wekasane aku oleh patangen saka ing antarane wong mati.


FILIPI 3:16
Mung bae apa kang wus kita gayuh iku kita terusna metu ing dalan kang wus kita liwati.


FILIPI 4:7
Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.


KOLOSE 1:15
Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,


KOLOSE 1:16
marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;


KOLOSE 1:18
Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.


KOLOSE 1:21
Mangkono uga kowe kabeh kang maune urip adoh karo Gusti Allah, sajroning ati lan pikiranmu lumawan marang Panjenengane, kacihna saka panggawemu kang ala,


KOLOSE 2:2
supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,


KOLOSE 2:7
dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya kang wus diwulangake marang kowe, lan muga atimu kebak panuwun.


KOLOSE 2:11
Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,


KOLOSE 2:12
marga ana ing Panjenengane kowe padha ndherek kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndherek katangekake dening pracayamu marang panguwasa pakaryane Gusti Allah, kang wus ngwungokake Panjenengane saka antarane wong mati.


KOLOSE 2:13
Mangkono uga kowe, sanadyan ing maune kowe padha mati dening panerakmu lan ora tetak sacara lair, wus diuripake dening Gusti Allah bareng lan Panjenengane, yaiku sawuse Panjenengane ngapura sakehing panerak kita,


KOLOSE 2:20
Yen kowe wus ndherek mati ana ing sedane Gusti Kristus, lan luwar saka para rohing jagad, yagene kowe kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kang ing semu kayadene kowe isih padha urip ana ing donya,


KOLOSE 3:3
Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.


KOLOSE 3:4
Yen Gusti Kristus kang dadi urip kita iku ing tembe ngatingal, kowe iya bakal padha ndherek ngaton kalawan Panjenengane ana ing kamulyan.


KOLOSE 3:9
Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe,


KOLOSE 3:15
Muga tentrem-rahayune Gusti Kristus ngereh ana ing sajroning atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Sarta saosa sokur.


KOLOSE 3:16
Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


KOLOSE 3:21
He, para bapa, aja nglarakake atine anakmu, supaya aja nganti semplah.


KOLOSE 3:22
He, para batur, mituhua marang bandaramu kadonyan ing sadhengah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawe senenge, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti,


KOLOSE 3:23
lan sadhengah apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.


KOLOSE 4:8
Dheweke dakkongkon nemoni kowe supaya kowe nyumurupi kaananku kabeh lan supaya nglipur atimu.


KOLOSE 4:11
Lan salam saka Yesus kang apeparab Yustus. Saka antarane para wong tetakan, iya mung wong telu iku rewangku nyambut-gawe kagem Kratone Gusti Allah; iku padha ndadekake lipuring atiku.


1 TESALONIKA 1:9
Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,


1 TESALONIKA 1:10
apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.


1 TESALONIKA 2:4
Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih, yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iya marga saka iku mulane anggonku padha rembugan iku ora amrih senenging manungsa, nanging supaya ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.


1 TESALONIKA 2:11
Kowe padha sumurup, kapriye anggonku padha mituturi marang kowe nyantosake atimu dhewe-dhewe kayadene bapa marang anak-anake,


1 TESALONIKA 2:17
Nanging aku kabeh, para sadulur, kang wus sawatara mangsa pisah karo kowe mungguh ing katone, nanging mungguh ing ati ora, padha kangen banget karo kowe temenan lan wis mbudi-daya bisane niliki kowe.


1 TESALONIKA 3:2
Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabe ing bab pracayamu,


1 TESALONIKA 3:5
Iya iku sababe, mulane marga saka ora bisa betah maneh, aku nuli padha kongkonan dheweke, supaya aku padha sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, manawa kowe wis padha cinoba dening si panggdoha sarta manawa pambudi-dayaku kabeh banjur dadi tanpa guna.


1 TESALONIKA 3:13
Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.


1 TESALONIKA 4:13
Anadene karepku, para sadulur, kowe aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal, supaya kowe aja padha prihatin kaya wong-wong liya kang ora duwe pangarep-arep.


1 TESALONIKA 5:3
Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani -- mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.


1 TESALONIKA 5:14
Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.


2 TESALONIKA 1:7
sarta amrih leganing atimu kan padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,


2 TESALONIKA 1:12
satemah asmane Gusti Yesus, Gusti kita, kaluhurake ana ing kowe kabeh lan kowe kabeh ana ing Panjenengane, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yesus Kristus.


2 TESALONIKA 2:2
supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.


2 TESALONIKA 2:17
muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu ing sajroning panggawe sarta pitembungan kang becik.


2 TESALONIKA 3:3
Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.


2 TESALONIKA 3:5
Muga Gusti lestari madhepake atimu marang katresnaning Allah lan marang kamantepaning Sang Kristus.


1 TIMOTEUS 1:5
Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas.


1 TIMOTEUS 1:17
Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ing salawase! Amin.


1 TIMOTEUS 1:18
Kawajiban iku dakpasrahake marang kowe, anakku Timoteus, cundhuk karo apa kang wus kawangsitake tumrap kowe, supaya marga saka kasantosakake dening wangsit iku, kowe banjur nglakoni perang kang utama kalawan ngantepi ing pracaya lan swaraning batin kang becik.


1 TIMOTEUS 1:19
Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batine kang becik iku, satemah pracayane ilang.


1 TIMOTEUS 2:13
Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.


1 TIMOTEUS 3:7
Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.


1 TIMOTEUS 3:9
nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.


1 TIMOTEUS 3:15
Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.


1 TIMOTEUS 3:16
Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


1 TIMOTEUS 4:2
marga saka kena pambujuking wong doracara, kang swaraning batine nganggo cape wong-wong mau,


1 TIMOTEUS 4:3
kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.


1 TIMOTEUS 5:2
para wong wadon kang wis tuwa kayadene ibu, para wong wadon kang isih enom kayadene adhimu, kalawan ati kang resik.


1 TIMOTEUS 5:6
Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.


1 TIMOTEUS 5:8
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.


1 TIMOTEUS 6:12
Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.


1 TIMOTEUS 6:14
Pakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsane Gusti kita Yesus Kristus ngatingal


1 TIMOTEUS 6:16
Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.


2 TIMOTEUS 1:3
Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi.


2 TIMOTEUS 1:10
Sarta kang saiki kawujudake ana ing rawuhe Sang Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus kang wus nyirnakake pati sarta nggiyarake urip kang ora bisa rusak.


2 TIMOTEUS 1:16
Muga Gusti karsaa paring sih-rahmate marang brayat Onesiforus, kang wus bola-bali gawe segering atiku. Dheweke ora isin niliki aku menyang ing pakunjaran.


2 TIMOTEUS 2:6
Wong tani kang nyambut-gawe kanthi mempeng iku kudune sing ngrasakake nikmating wohe pagaweane kang dhisik dhewe.


2 TIMOTEUS 2:8
Elinga bab iki: Gusti Yesus Kristus, kang wus wungu saka ing antarane wong mati, kang wus miyos dadi tedhake Sang Prabu Dawud, yaiku kang dakundhangake ana ing Injilku.


2 TIMOTEUS 2:20
Ing sajroning omah gedhe iku kang tinemu ora mung prabot emas lan salaka, nanging uga barang-barang kang kagawe saka kayu lan lempung; kang saka emas lan salaka kanggo kapreluan kang wigati, dene liyane kanggo kapreluan kang kurang wigati.


2 TIMOTEUS 2:21
Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.


2 TIMOTEUS 2:22
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.


2 TIMOTEUS 3:3
ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,


2 TIMOTEUS 3:4
seneng cidra, ora mulur budine, kumenthus, milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah.


2 TIMOTEUS 4:1
Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.


2 TIMOTEUS 4:10
awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.


2 TIMOTEUS 4:11
Mung Lukas sing isih tetunggalan karo aku. Markus pethuken lan ajaken mrene, awit anggone leladi wigati tumrap aku.


TITUS 1:15
Tumraping wong kang resik, samubarang kabeh iku resik, nanging tumraping wong kang jember lan kang ora pracaya, ora ana barang siji bae kang resik, awit pikirane lan rumangsaning atine jember.


TITUS 2:13
kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,


TITUS 3:13
Zenas ahli Toret kae lan Apolos padha tulungana lakune kang gumati, supaya aja nganti kekurangan sawiji apa.


FILEMON 1:7
Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku!


FILEMON 1:12
Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.


FILEMON 1:20
He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus.


IBRANI 1:6
Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika: “Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”


IBRANI 2:14
Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;


IBRANI 2:15
sarta kanthi patrap mangkono Panjenengane ngluwari wong-wong, kang sajege urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wedine marang pati.


IBRANI 3:8
aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan,


IBRANI 3:10
lawase patang puluh taun. Yaiku sababe Ingsun duka marang golongan iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atine, sarta padha ora nyumurupi marginingSun,


IBRANI 3:12
He, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang.


IBRANI 3:13
Nanging padha eling-ingelingna ing sadina-dina sajrone isih bisa kaaranan “dina iki”, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atine, marga saka pamblithuking dosa.


IBRANI 3:15
Ananging manawa wus tau kapangandikakake: “Ing dina iki, manawa sira krungu swarane, aja padha mangkotake atinira, kaya nalika ana ing sajroning panggrundel.”


IBRANI 3:17
Sarta sapa kang dibendoni dening Panjenengane patang puluh taun lawase? Apa dudu wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisime pating glimpang ana ing pasamunan?


IBRANI 4:7
Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”


IBRANI 4:12
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.


IBRANI 5:4
Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


IBRANI 5:7
Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


IBRANI 5:10
sarta Panjenengane katimbalan dadi Imam Agung dening Gusti Allah, manut tatane Sang Melkisedhek.


IBRANI 6:2
yaiku piwulang bab warna-warnaning baptis, panumpanging tangan, tangine para wong mati sarta paukuman langgeng.


IBRANI 6:4
Sabab mungguh wong-wong kang wus tau kapadhangan atine


IBRANI 7:8
Sarta ana ing kene kang tampa prasapuluhan iku wong kang padha kena ing pati, dene ana ing kana Panjenengane, kang kaseksenan manawa gesang.


IBRANI 7:23
Karodene kang dadi imam iku cacahe akeh, awit ora bisa lestari anggone jumeneng, jalaran kepalang ing pati.


IBRANI 7:27
kang ora kaya para imam agung liyane, kang saben-saben kudu nyaosake kurban tumrap dosane dhewe lan sawise iku lagi tumrap dosane umate, sabab prakara iku wus katindakake dening Panjenengane sapisan kanggo salawase nalika Panjenengane ngaturake sarirane piyambak minangka kurban.


IBRANI 8:2
sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.


IBRANI 8:10
“Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.


IBRANI 9:9
Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,


IBRANI 9:14
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?


IBRANI 9:15
Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise prajanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.


IBRANI 9:16
Jalaran manawa ana layang wasiyat, ing kono kudu dipratelakake matine kan gawe wasiyat iku.


IBRANI 9:24
Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


IBRANI 9:27
Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,


IBRANI 9:28
mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.


IBRANI 10:6
Kurban obaran saha kurban pambirating dosa boten ndadosaken kepareng Paduka.


IBRANI 10:8
Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” -- sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret --.


IBRANI 10:16
sabab sawuse Panjenengane ngandika: “Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine,


IBRANI 10:22
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kiat wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


IBRANI 10:23
Dikukuh anggon kita padha ngandhemi sahadating pangarep-arep, jalaran Panjenengane, kang mrasetyakake iku tuhu setya.


IBRANI 10:28
Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.


IBRANI 11:3
Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.


IBRANI 11:4
Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.


IBRANI 11:5
Marga saka pracaya Henokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung dening Gusti Allah. Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenan manawa ndadekake keparenging Allah.


IBRANI 11:8
Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.


IBRANI 11:12
Iya iku jalarane, dene saka wong siji, tur prasasat wong kang wus mati, sumebar tedhak turune, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahe.


IBRANI 11:19
Jalaran panjenengane manggalih, manawa Gusti Allah kuwaos nangekake wong, sanadyan saka ing antarane wong mati. Sarta prasasat saka ing kono anggone nampeni wangsul putrane.


IBRANI 11:22
Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.


IBRANI 11:25
jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa


ฮีบรู ๑๑:๒๙
Marga saka pracaya wong-wong iku padha ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ing dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika padha nyoba mangkono uga.


ฮีบรู ๑๑:๓๕
Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.


ฮีบรู ๑๒:๑๕
Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.


ฮีบรู ๑๒:๒๗
Tetembungan “sapisan engkas” iku nuduhake owah-owahane samubarang kang bisa digonjingake, kaya apa kang katitahake, supaya tetepa samubarang kang ora bisa gonjing.


ฮีบรู ๑๓:๙
Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.


ฮีบรู ๑๓:๑๑
Jalaran mungguh kewan-kewan kang getihe kagawa lumebu marang ing pasucen dening Imam Agung minangka pambirating dosa, iku padha kaobong ana ing sajabane pamandhahan.


ฮีบรู ๑๓:๑๘
Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha mesthekake, manawa aku padha duwe rumangsaning ati kang becik, amarga aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama.


ฮีบรู ๑๓:๒๐
Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


ฮีบรู ๑๓:๒๒
Sarta kowe padha dakpituturi, para sadulur, tembung-tembung pepeling iki padha tampanana kalawan eklasing ati, sanadyan layangku marang kowe iki cekak.


1 PETRUS 1:1
Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Cilik lan Bitinia,


1 PETRUS 1:3
Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


1 PETRUS 1:6
Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.


1 PETRUS 1:8
Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


1 PETRUS 1:11
Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sata bab sakehing kamulyan ing sawise iku.


1 PETRUS 1:15
Nanging kowe padha dadia suci ing satindaking uripmu kabeh kayadene Panjenengane kang suci, kang wis nimbali kowe,


1 PETRUS 1:21
Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.


1 PETRUS 1:22
Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.


1 PETRUS 2:6
Sabab ana tulisan sajrone Kitab Suci mangkene: “Sajatine, Ingsun wus masang watu pepilihan ana ing Sion, sawijining watu pojokan kang aji, dene sapa wong kang kumandel marang iku bakal ora kawirangan.”


๑ เปโตร ๒:๒๑
Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.


๑ เปโตร ๒:๒๔
Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


๑ เปโตร ๓:๔
nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.


๑ เปโตร ๓:๗
Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.


๑ เปโตร ๓:๙
Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:


๑ เปโตร ๓:๑๒
Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid, sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.”


๑ เปโตร ๓:๑๕
Nanging padha nucekna Gusti Yesus Kristus ing sajroning atimu kayadene Pangeran! Sarta tansah padha dhangana aweh panjawab marang angger wong kang njaluk katrangan marang kowe bab pangarep-arep kang dumunung ana ing kowe, nanging diklawan alus lan andhap-asor,


๑ เปโตร ๓:๑๖
sarta kalawan rumangsaning ati kang resik, supaya wong kang padha mitenah marang kowe, marga uripmu mursid ana ing Gusti Kristus, iku padha kewirangan dene padha tumindak mangkono.


๑ เปโตร ๓:๑๗
jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.


๑ เปโตร ๓:๒๑
Samono uga kowe saiki iya padha kapitulngan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,


๑ เปโตร ๔:๕
Nanging wong-wong iku kudu padha ngunjukake panjawab marang Panjenengane kang wis mirantos bakal ngadili wong urip lan wong mati.


๑ เปโตร ๔:๖
Awit iya iku prelune dalah wong mati iya wis padha kaundhangan Injil, supaya padha diadili ing kadagingane kaya manungsa kabeh, nanging mungguh ing roh bisa urip manut karsaning Allah.


๑ เปโตร ๔:๑๐
Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru-gedhonge sih-rahmating Allah kang becik.


๑ เปโตร ๔:๑๑
Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.


๑ เปโตร ๕:๒
Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.


1 YOKANAN 2:8
Ewasamono pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kowe iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengane lan ana ing kowe, amarga pepeteng iku nedhenge sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar.


1 YOKANAN 2:28
Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.


1 YOKANAN 3:2
He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.


1 YOKANAN 3:9
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.


1 YOKANAN 3:14
Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.


1 YOKANAN 3:17
Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?


1 YOKANAN 3:19
Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.


1 YOKANAN 3:20
Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.


1 YOKANAN 3:21
He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,


1 YOKANAN 4:10
Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


1 YOKANAN 5:10
Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.


1 YOKANAN 5:16
Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.


1 YOKANAN 5:17
Sakabehing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakake pati.


1 YOKANAN 5:20
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


2 YOKANAN 1:4
Banget bungahing atiku dene aku nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmu padha urip ana ing sajroning kayekten, cocog karo pepakon kang wus kita tampani saka Sang Rama.


YUDAS 1:1
Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


YUDAS 1:12
Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kan tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.


YUDAS 1:15
karsa nindakake pangadilan tumrap wong kabeh, sarta matrapi paukuman marang sakehing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakehing tembung kang nistha, kan diucapake dening para wong dosa kang mblasar iku marang Pangeran.”


WAHYU 1:5
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --


WAHYU 1:11
pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


WAHYU 1:17
Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika, “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,


WAHYU 1:18
lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.


WAHYU 2:10
Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


WAHYU 2:11
Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”


WAHYU 2:18
“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:


WAHYU 2:22
Wruhanira, wong iku bakal Sungluntungake ing paturon, Sundadekake lara lan para kang laku jina karo wong mau bakal Suntempuh ing sangsara gedhe, manawa padha ora mratobat mareni pratingkahe iku.


WAHYU 2:23
Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


WAHYU 2:24
Nanging sira, iya iku wong-wong liyane kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau ing wadi-wadining Iblis, kayadene anggone ngarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyane marang sira.


WAHYU 3:1
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


WAHYU 3:2
Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.


WAHYU 3:4
Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.


WAHYU 3:7
“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


WAHYU 3:9
Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


WAHYU 3:14
“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


WAHYU 3:18
mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.


WAHYU 6:8
Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kang nunggang jenenge si Pati, lan dietutake dening teleng palimengan. Lan iku padha kaparingan panguwasa mateni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kewan-kewan galak ing bumi.


WAHYU 6:10
Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”


WAHYU 8:7
Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.


WAHYU 8:9
lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.


WAHYU 8:11
Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.


WAHYU 9:1
Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati.


WAHYU 9:6
Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.


WAHYU 9:11
Anadene kang dadi ratune iya iku malaekat panggedhening teleng palimenganing pati, jenenge ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.


WAHYU 11:10
Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.


WAHYU 11:11
Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.


WAHYU 11:13
Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.


WAHYU 11:18
Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”


WAHYU 12:11
Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.


WAHYU 13:14
Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.


WAHYU 14:4
Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


WAHYU 14:13
Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”


WAHYU 15:4
Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


WAHYU 16:3
Malaekat kang kapindho nyuntak bokore menyang ing sagara; banyune tumuli dadi getih, kaya getihe wong mati, temahan isining sagara kang mawa nyawa padha mati kabeh.


WAHYU 16:11
lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.


WAHYU 17:9
Kang prelu ing kene yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu, kang dilungguhi dening wong wadon mau.


WAHYU 17:10
Karodene uga ngibarati ratu pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijine durung teka, dene samangsa wus teka, iku tetep mung sawatara mangsa.


WAHYU 17:15
Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Kabeh banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi dening wanita tunasusila iku ngibarati para bangsa lan rakyat akeh tuwin golongan apadene basa.


WAHYU 17:17
Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.


WAHYU 17:18
Anadene wong wadon kang kokdeleng iku, ngibarati kutha gedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”


WAHYU 18:4
Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelake.


WAHYU 18:7
patrapana panyiksa lan kaprihatinan, kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten. Sabab osiking atine mangkene: Aku lungguh ing dhampar kaya ratu, aku dudu randha, lan aku ora bakal tau prihatin.


WAHYU 18:8
Mulane bakal katekanan sakehe wewelake bareng sadina, yaiku pageblug lan prihatin tuwin pailan; sarta bakal kaobong ing geni, awit Pangeran Allah, kang ngadili iku santosa.”


WAHYU 18:14
Lan iku kabeh bakal padha ngucap: “Wowohan-wowohan kang dadi pepenginane atimu iku wus ilang, lan samubarang kang mewah lan endah iku wus sirna, lan ora bakal katemu maneh.”


WAHYU 19:2
awitdene leres lan patitis pangadilanipun, amargi Panjenenganipun ingkang sampun ngadili wanita tunasusila ageng, ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina; sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahipun para abdinipun dhateng wanita punika.”


WAHYU 19:8
Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!” (Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).


WAHYU 20:4
Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh ing ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


WAHYU 20:5
Nanging wong-wong mati liyane iku ora padha urip maneh sadurunge pundhat sewu taun mau. Iya iku patangen kan kapisan.


WAHYU 20:6
Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangen kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasesa maneh dening pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imame Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndherek jumeneng ratu kalawan Panjenengane nganti sewu taun lawase.


WAHYU 20:12
Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.


WAHYU 20:13
Anadene sagara masrahake wong-wong mati kang ana ing jerone, lan iku diadili miturut sapanggawene dhewe-dhewe.


WAHYU 20:14
Sarta pati lan karajaning pati padha kacegurake ing sagara geni. Yaiku pati kang kapindho: sagara geni.


WAHYU 21:4
Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh; kasusahan lan pasambat apadene karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”


WAHYU 21:5
Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: “Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekake anyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.”


WAHYU 21:8
Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


WAHYU 22:6
Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”


WAHYU 22:15
Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


WAHYU 22:16
Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


Javanese Bible 1981
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981