1 |
Saka Paulus, wong ukuman marga saka Gusti Kristus Yesus, lan saka sadulur kita Timoteus, marang Filemon kang kinasih, rewangku nyambut-gawe, |
2 |
lan marang sadulurku wadon Apfia, sarta marang Arkhipus, kanca tunggal gawe, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu. |
3 |
Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh. |
4 |
Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku, |
5 |
sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus. |
6 |
Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus. |
7 |
Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku! |
8 |
Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilane Gusti Kristus, aku duwe wewenang mrentahi kowe, bab apa kang wajib koklakoni, |
9 |
ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus, |
10 |
duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus, |
11 |
kang ing maune ora migunani marang kowe, nanging saiki maedahi banget, iya marang kowe iya marang aku. |
12 |
Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku. |
13 |
Satemene maune arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladeni aku sajrone kinunjara marga saka Injil, |
14 |
nanging sadurunge ana palilahmu aku ora wani tumindak, supaya prakara kang becik iku aja nganti anggonmu nindakake kanthi kapeksa, nanging bisaa kanthi lega lila. |
15 |
Sabab bokmanawa sarana patrap mangkono iku pisahe karo kowe ing sawatara mangsa iku njalari kowe bisa mengku dheweke ing salawase, |
16 |
ora kaya batur maneh, nanging luwih saka mangkono, yaiku kayadene sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono iku pangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe, dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti. |
17 |
Yen aku kokanggep kanca tunggal pracaya, dheweke iya tampanana kaya anggonmu nampani aku. |
18 |
Dene yen kirane dheweke wus gawe pitunamu, utawa dheweke utang marang kowe, jibahna kabeh marang aku, |
19 |
aku Paulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe, iya aku kang bakal nglironi, prelune aja nganti aku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,” awit kowe padha duwe utang marang aku, yaiku awakmu dhewe. |
20 |
He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus. |
21 |
Anggonku nulis layang marang kowe iki kanthi pangandel yen kowe bakal miturut. Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku. |
22 |
Kajaba saka iku aku iya cawisana papan pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwe pangarep-arep yen aku bakal kaparingake marang kowe kabeh maneh. |
23 |
Salam marang kowe saka Epafras, kancaku kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus, |
24 |
lan saka Markus, Aristarkhus, Dhemas lan Lukas padha kancaku ing gawe. |
25 |
Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus nunggila ing sukmamu.
|
Javanese Bible 1981 |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 |
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
FILEMON 1:1 |
FILEMON 1:2 |
FILEMON 1:3 |
FILEMON 1:4 |
FILEMON 1:5 |
FILEMON 1:6 |
FILEMON 1:7 |
FILEMON 1:8 |
FILEMON 1:9 |
FILEMON 1:10 |
FILEMON 1:11 |
FILEMON 1:12 |
FILEMON 1:13 |
FILEMON 1:14 |
FILEMON 1:15 |
FILEMON 1:16 |
FILEMON 1:17 |
FILEMON 1:18 |
FILEMON 1:19 |
FILEMON 1:20 |
FILEMON 1:21 |
FILEMON 1:22 |
FILEMON 1:23 |
FILEMON 1:24 |
FILEMON 1:25 |
|
|
|
|
|
|
FILEMON 1 / FIL 1 |