A A A A A
Facebook Instagram Twitter
Javanese Bible 1981

IBRANI 4



1
Marga saka iku, kita dipadha waspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak.
2
Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.
3
Amarga kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing palereman, kaya kang kapangandikakake dening Panjenengane: “Temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing paleremaningSun”, sanadyan pakaryane wus rampung wiwit nalika dumadining jagad.
4
Amarga bab dina kapitu iku wus tau kapangandikakake ana ing sawijining nas: “Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel saka pakaryane kabeh.”
5
Sarta ing sajrone nas iku, kita maca: “Wong-wong iku ora bakal lumebu ing paleremaningSun.”
6
Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.
7
Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”
8
Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.
9
Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umate Gusti Allah.
10
Awit sing sapa wis lumebu ing papan paleremane Allah, wong iku dhewe wis leren saka sakehing pagaweane, padha kaya Gusti Allah anggone kendel saka pakaryane.
11
Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.
12
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.
13
Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.
14
Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.
15
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.
16
Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.











IBRANI 4:1
IBRANI 4:2
IBRANI 4:3
IBRANI 4:4
IBRANI 4:5
IBRANI 4:6
IBRANI 4:7
IBRANI 4:8
IBRANI 4:9
IBRANI 4:10
IBRANI 4:11
IBRANI 4:12
IBRANI 4:13
IBRANI 4:14
IBRANI 4:15
IBRANI 4:16






IBRANI 1 / IBR 1
IBRANI 2 / IBR 2
IBRANI 3 / IBR 3
IBRANI 4 / IBR 4
IBRANI 5 / IBR 5
IBRANI 6 / IBR 6
IBRANI 7 / IBR 7
IBRANI 8 / IBR 8
IBRANI 9 / IBR 9
IBRANI 10 / IBR 10
IBRANI 11 / IBR 11
IBRANI 12 / IBR 12
IBRANI 13 / IBR 13